PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 21 November 2024

WIWIN  JTV ORA TRIMA TUDINGAN MEMIHAK PASLON TERTENTU.

WIWIN JTV ORA TRIMA TUDINGAN MEMIHAK PASLON TERTENTU.


Pacitan. 21.11.024.
Heboh pemberitaan Jhon Vera ngamuk ana Gedung DPRD saat Debat Publik /Ngobrol bareng Pilkada Pacitan tahun 2024 , ternyata gawe heboh ana media sosial. 

Isu isu tambahan sing di sampaikan oknum 2 luar, ternyata gawe Direktur JTV Wiwin Winarni gerah lan seolah tersudut. 

Padahal menurut Wiwin , apa sing dilaksanaake kabeh wis lewat Prosedur , ijin Kepolisian enek , koordinasi Bawaslu enek ,  pemberitahuan KPU enek , undangan Paslon lengkap agenda acara enek , kok isa isane Pak Jhon Vera ngamuk nuding sing ora ora, tegas wiwin. 

Sementara Ketua Bawaslu Syamsul Arifin menyayangkan kedadean obrolan bareng mambengingi sing dianggep  wis dadi isu liar, sing jelas mbak wiwin ( JTV) wis koordinasi karo aku sebagai ketua Bawaslu , aku uga menyaksikan langsung acara sing dipandu JTV, sing jelas ora enek pelanggaran, tegas Syamsul. 

Sedang Ketua KPU Pacitan  Aswika , ngaku bingung akeh sing kon menehi Hak Jawab , padahal KPU ora terlibat sama sekali kecuali undangan biasa , cuma gandeng komisioner KPU  ndlalah gadok karo acara liyane, acara JTV ana gedung Dewan  absen kabeh. 

Sedang Ketua KPU Pacitan  Aswika , sing uga mantan Wartawan media terkenal , njaluk marang semua pihak menciptakan kondusifitas jelang Pilkada , antar wartawan ora perlu saling tuntut , ayo kita kembali bersama kompak mewujudkan Demokrasi sing sehat, pinta aswika mantab. 

Pihak Paslon 01 Ronny Wahyono - Wahyu  , njaluk polemik kesalah pahaman Ngobrol Bareng dicunteli , Ronny  bahkan meminta maaf salah sijining tim  ( Jon Vera ) ngamuk ana acara Ngobrol Bareng Paslon terkait  Pilkada Pacitan. 

Perlu dimangerteni Sejatine hura hura Ngobrol Bareng Pilkada mambengi antara elemen masyarakat tujuane apik , sayang persiapan acara diduga rada  terburu buru , akibate akeh miskomunikasi undangan lan peserta Debat. 

Bahkan sejatine , Direktur JTV wiwin Winarni saka awal wis diwenehi weruh yen bakal enek aksi ketidak puasan paslon 01, sing wektu kui dirasakan Mustakim , tapi mungkin merga kesibukan  Wiwin , peringatan  Wartawan Media Pacitan Pos ora pati digatekne , akhire kedadean tenan , Jhon Vera nerobos Pintu Gedung Protes Keras bab Acara sing dikira ilegal. 

Sayang seribu sayang , dalam sekejap ana Media sosial khususe ana groub WA  komentar dadi liar ditambah tambahi sing adoh saka Fakta kedadean, bahkan Direktur JTV Wiwin Winarni nganti njaluk klarifikasi lan Hak Jawab menyang Direktur Pacitan Post Sutikno.... #**"

( Tulisan ini sebagai bentuk klarifikasi dan hak Jawab yang dirangkai bentuk berita yang  diminta oleh Direktur JTV Dan Media Pacitan Post tidak ada maksud sedikitpun mencederai JTV dan Crew Yang bertugas malam itu, namun demikian dengan sgl kerendah hati  Crew dan management Pacitan Post memohon maaf jika ada yang kurang past di narasi pemberitaan) 





















Selasa, 19 November 2024

MESIN PARTAI ,,KOKR`EK,, SETIAP PILKADA. PENGURUS MALES YEN RAENEK DUITE..?

MESIN PARTAI ,,KOKR`EK,, SETIAP PILKADA. PENGURUS MALES YEN RAENEK DUITE..?



Pacitan Pos. 20.11.024.
Sifat kurang ajar ' pengurus partai , biasane muncul seben kegiatan Pilkada , males melu mubeng  Paslon kampanye , ora duwe ini siatif ngumpulke warga  sekaligus males ajak ajak milih calone / Jagone'. 

Alesane' muk siji , iri karo perlakuan Calon menyang Timses  Pribadi  dibanding  karo timses Partai. 
Seolah timses Pribadi digrojok anggaran saka Paslon , sementara timses  Partai  ,, kering kerontang ,, duit ora ciblok. 

Hasil investigasi media marang sebagian pengurus Partai Politik ana Pacitan , rata rata pengurus Partai rumangsa ditinggal karo paslon usai paslon entuk Rekom. 

Lha ngopo lho melu mubeng kampanye barang , wong calon sing didukung wae selama iki muk ngurusi  timses pribadine' dewe , ketimbang ngurusi Timses Partai , tegas Hari...ambi bresenguut.

Sing konyol  meneh , enek Partai pengusung salah sijining Paslon ( Populer) saben paslon kampanye ,, ndal ndil ,, sing teka muk wong wong kui wae , sementara tokoh tokoh Top  lan kader tingkat bawah justru melu gerbong paslon liya , alesane muk siji ( marwah partaiku salah nggon) jare Jhon lantang. 

Sementara carut marut dukungan Partai menyang paslon , sejatine iso didandani , sepanjang antara paslon lan pengurus enek komunikasi sing kontrukstif , ora saling ninggal sing akibate Perjuangan paslon ora maksimal. 

Seumpomo toh sebagian pengurus lan dewan melu gembruduk rombongan kampanye paslon,  ora luwih mung sekedar ewuh pekewoh karo paslon , ananging sejatine wong wong kui ora duwe ( desain ) sing ciamik golek biting , mati urip sing nibo tangi Paslon lan timses pribadine. 

Pancen ora maido , Paslon sing duwe amunisi / duit , paslon sing ngerti kapan metune duit lan paslon sing ngerti sopo sing perlu diwenehi duit , dadi iso dipahami ( general manager ) sebuah Pilkada tetep ana pundak Paslon , sekalipun kadang pengurus Partai ora mesti memahami kondisi sang manager. 

Akibat  komunikasi / pemahaman antara Paslon sing kurang harmonis karo jajaran Pengurus Partai , ora salah yen hasile sok geseh karo angen angen.

Urung mesti sesuk hasil Pilkada Pacitan tahun 2024 , Paslon nomor urut 01 bakal entuk muk sekitar 16 persen , kosok baline paslon 02 urung mesti entuk sekitar 84 persen , kabeh gumantung Ketokohan paslon dewe , kabeh gumantung prestasi paslon selama iki lan atitude sang  Calon  sang general manager .
( Ditulis oleh Sutikno mantan ketua  DPC Partai Hanura  Pacitan 2 periode , mantan Wakil Ketua Bidang Pemenangan  DPD PAN Pacitan 2 periode dan Anggota Bapilu DPD Hanura Jawa Timur ) 















Senin, 18 November 2024

30 Pasien  HIV Ojo di PLEROK'i   mesakne'Jare ' dr FARIDA  , kudune ditobatke'

30 Pasien HIV Ojo di PLEROK'i mesakne'Jare ' dr FARIDA , kudune ditobatke'

Dinas Kesehatan Pacitan ngenekne Rapat Koordinasi karo awak Media bahas penyakit musim udan. 

Pacitan Ppos. 18.11.024.
Dinas Kesehatan Pacitan  , wingi awan ( 18/11) ngenekne Rapat Koordinasi karo kabeh wartawan sing tergabung ( FPPA) Pacitan  terkait berbagai macam penyakit, utamane penyekit sing njedul saat musim udan /rendeng.

Rapat dibuka langsung Kepala Dinas Kesehatan Pacitan dr Daru Mustoko Aji , didapingi PLT drg Nur Farida  lan Kabid Kesmas Nunuk Irawati MM. 
Sementara pihak Media sing melu Rapat , selain Ketua   FPPA uga ana sekitar 35 awak Media sing tergabung ana FPPA Pacitan. 

Inti rapat , Dinkes Pacitan  njaluk tulung marang Kabeh awak  Media , melu cawe cawe anane' berbagai macam penyakit sing teka saat musim udan / rendeng , koyo to Demam Berdarah lan Penyakit Uyuh Tikus / Leptospirosis

Menurut dr Daru , insan Media merupakan bagian perangkat penting Dinas Kesehatan Pacitan , utamane bab woro woro perkembangan penyakit sing rutin teka saat pergantian musim. 

Secara tradisional Pancen Virus Demam Berdarah lan penyakit  uyuh tikus / Lep
tospirosis , berkembang  biak  saat musim udan  , mula kanggo mengedukasi masyarakat , media dilibatne , tegas Daru. 

Sing  cukup menarik lan menggelitik  , paparan drg Nur Farida saat bahas penyakit kelamin ( HIV), ternyata sepanjang tahun 2024 jumlah penderita HIV ana Kabupaten Pacitan klebu cukup signitifkan ,  jumlahe ana sekitar 30 penderita. 

Ananging  ! , PLT Sekdin  Dinkes  sing isih ketok ayu iku , njaluk marang masyarakat Pacitan ojo sok  moyok'i  yen pas cedak   penderita HIV ', ojo plerak plerok sing iso nyinggung perasaane penderita.

Malah yen perlu diwenehi semangat urip lan diwenehi bimbingan mental keagamaan , malah ambi guyon  Farida omong ! ayo kapan kapan Anggota FPPA kabeh ngenekne tes Kebugaran , ..ha.. ha.. diguyu kabeh wartawan sing teka. 

Sekedar tambahan informasi , akeh keluhan masyarakat Pacitan terkait penyakit Demam Berdarah , sing lumayan akeh ana Pacitan  , sebagian warga menuding  Dinas Kesehatan terlambat antisipasi , utamane bab Foging . 

Penjelasan Nunuk! 
Nunuk jelasake , kegiatan Foging ora serta merta isa dilaksanak 'ne',  sebab regulasine! yen isih isa ditangani cara liya , Foging  merupakan alternatif terakhir. 

Sebab kata Nunuk ! kejaba Foging ora  isa mateni jentik , bahan kimia hasil semprotan Foging , justru  berbahaya kanggo lingkungan. 

Yen enek apese ' isih Jare Nunuk , Godong godong sing bekas difoging isa mateni kewan , lan isa nimbulke penyakit berbahaya kanggo menungsa , seumpama godong godong sing bar difoging ale ngumbah/ cuci ora resik , tulung media melu menehi pemahaman marang warga , jare Nunuk  santai... ( tik) 



















Sabtu, 16 November 2024

KEMATIN 2 JT, PKK 1 JT, KARANG TARUNA 1 JT , HIBAH DESA 100 JT.. KINGKO ALE BAYAR PIYE RON..!

KEMATIN 2 JT, PKK 1 JT, KARANG TARUNA 1 JT , HIBAH DESA 100 JT.. KINGKO ALE BAYAR PIYE RON..!

Janji Ronny yen menang , wong mati 2 jt Pkk. KarangTaruna 1 jt. Hibah Desa 100 jt . 

Pacitan Ppos. 17.11.024.
Warga masyarakat Pacitan cukup was was ngenteni Coblosan 27 Nopember 2024, pasale enek salah sijining Calon Bupati Wani janjekne program maut lan kontroversial , 
Yo kui paslon nomor urut 01 Ronny Wahyono-Wahyu Saptono Hadi. 

Janji Ronny.! yen kepilih dadi Bupati Pacitan periode tahun  2024-2029 bakal menehi biaya kematian 2 juta , bantuan PKK , Karang Taruna 1 juta lan  Ronny uga  bakal nganggarke bantuan dana hibah 100 juta per desa. 

Pendukung Ronny Wahyono bener bener berharap , Ronny menangi Pilkada Pacitan tahun 2024 , sopo meneh sing wani janjekne program sing menurut pendukung Ronny menguntungkan kanggone wong cilik. 

Menurut tokoh militer  Brigjen Pur Aziz Ahmadi , janji Ronny istimewa , yo ngono dadi Bupati iku kudu wani , wani ngentaske kemiskinan rakyate sing nyata nyata butuhke bantuan , tak dongakne menang Ron ,.

Bahkan Aziz secara  khusus  pesen karo paslon ( sebelah) utawa sapa wae sing meragukan program Nyata  Ronny , ojo siudzon disik ! anane Ronny wani gawe program tentu wis dietung secara matang , tegas Aziz Ahmadi mantab. 

Ananging program Ronny dinilai sebagian masyarakat Pacitan , Program berbahaya lan penuh kontroversial . 
Miturut  Tumardi , Ronni ibarat wong Jawa Kewanen , ora ndelok keuangan Pacitan sing terbatas. 

Saiki tak tekok , duit saka endi Ronny arep menehi bantuan wong mati 2 jt , PKK- Karang Taruna 1 Jt lan dana hibah 100 per Desa., jajal Ronny kon Maparke anggaran sing bakal diwenehne warga , pinta Tumardi Klelur  sing 100 persen Pendukung Aji. 

Pcw bereaksi..! 
Janji Ronny terkait segala macam  program langsung masyarat , ora luput dadi perhatian Pemerhati Anti Korupsi Pacitan. 
PCW pesen marang calon sapa wae , janji janji kampanye kudu dilaksanaake , ojo nganti masyarakat dadi korban kampanye bohong. 

Klebu kampanye paslon 01 sing janjikan bantuan langsung arupa bantuan kematian 2 jt. PKK, Karang Taruna  1 jt lan Dana Hibah 100 jt per Desa. 

Umpama suk program Paslon 01 bener bener dilaksanaake, PCW bakal ngawasi  pemakaian sumber dana , ojo nganti anggaran sing dienggo nyalahi aturan , tegas Marjuki wanti wanti.. ( tik) 


















RONNY TAMPIL MENYERANG TAPI KESUSU,. GAGARIN  TAMPIL  KOYO WONG BAR NESU.

RONNY TAMPIL MENYERANG TAPI KESUSU,. GAGARIN TAMPIL KOYO WONG BAR NESU.


Pacitan . 16.11.024.
Debat ke 3 antara  Paslon nomor urut 01 (Ronny -Wahyu ) Vs  Paslon paslon urut 02 ( Aji - Gagarin ) sing dienekne KPU Pacitan mambengi ( 26/11) enek kemajuan positif, utamane terkait tampilan debat. 

Menurut Mardjuki saka Pacitan Courruption Watch ( PCW) tampilan paslon nomor urut 01 enek kemajuan cukup bagus layaknya orang berdebat  , Ronny Wahyono mulai tampil menyerang sejak awal  , cuma sayang intonasi Ronny keburu buru / kesusu. 

Sementara Tampilan  Indrata Nur  Bayu Aji (Incumben ) cenderung landai landai saja alias pada karo debat awal (  kalem ) , ora nunjuke sifat emosi , bahkan Aji cenderung Devensif. 

Sayang ! tampilan cawabub  Gagarin kurang oke , terkesan emosional ,padahal materi debat muk sekedar materi biasa , koyo to masalah Internet  masuk desa sing dadi programme 01, Cawabub Incumben iku terkesan  sedikit mbledak mbledak alias tampil koyo wong bar nesu. 

Sedang Cawabub Wahyu , tampil wis kaya biasane, sing dijagong muk soal Rumah Sakit , Wahyu lali yen Program membiayai /nyekolahne dokter Spesialis  kui hal biasa sing  kabeh Bupati  nglaksanaake,  sekalipun kabeh urung maksimal. 

Sekedar tambahan informasi ! 
Secara umum materi Debat biasa biasa saja , ora enek pembahasan  program  pencegahan korupsi , ora enek simulasi pengentasan kemiskinan nyata  , ora enek program / simulasi nekakne Investor teka Pacitan , ora enek program penataan program pertanian , ora enek program penataan hutan , padahal tanah Pacitan 85 % tanah pegunungan /Hutan.

Sementara Ketua KPU Pacitan Aswika , rumangsa puas acara Debat ke 3 sing dilaksanakan manbengi sukses, ora enek insiden antar Pendukung , ora enek plereng plerengan antar Calon lan ora enek gangguan teknis sing nyebabke acara terganggu. 
 
Amarga coblosan muk kurang 11 dina, Mantan Wartawan Radar Madiun iku berharap kabeh warga berduyun duyun nyang TPS , ora lali Aswika uga ngajak kabeh  wartawan,  melu cawe cawe  ngawal  pesta Demokrasi sing bakal digelar sedela maneh, baik Pilkada / Pilgub , tegas Aswika. 

Ketua Bawaslu Pacitan Syamsul Arifin  sing pekerjaane ngawasi Pilkada , omong marang media , pelaksanaan Debat ke 3 mambengi sukses , ora enek pelanggaran substansi debat lan ora enek pelanggaran pendukung antar Calon, 

Pelanggaran serius  ana lapangan , muk kostum Cawabub Wahyu sing tetep nganggo doreng doreng / pakaian Dinas TNI aktif , samsul omong Bawaslu akeh pengaduan masyarakat , termasuk 3 Matra TNI , AD. AL lan AU. 

Kabar manuk , Bawaslu Pacitan sempat ditekani Rombongan intel saka 3 matra TNI , sing intine Baleho   Cawabub Wahyu dikonkon nyopot utawa ngedukne... ( tik) 














Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done