PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 25 November 2024

SESUK SORAK REK.! PADA DEMOKRAT'e' PADA DULUR'e' TANDING  BEBAS Bai RONNY opo AJI

SESUK SORAK REK.! PADA DEMOKRAT'e' PADA DULUR'e' TANDING BEBAS Bai RONNY opo AJI


Pacitanpos. 26.11.024.
Iki dina wong Pacitan , entuk Hiburan Gratis tapi  menegangkan ..!.
Pada pada  dulure' , pada pada  Demokrate' Gelut Politik ana Kancah Pilkada Pacitan tahun 2024.

Kolonel (P)  Wahyu Saptono Hadi isih dulur cedak  ' SBY -  Indrata Nur Bayu Aji yo dulure' cedak SBY.
Bedane' muk siji  - Mas Aji saka desa Ploso - Pak Wahyu saka trah Arjosari. 

Mungkin merga kabeh pada pada dulur , diduga pak SBY rumangsa ora enak ati , akhire' kanggo jaga perasaan antara Wahyu & Aji  pak SBY memutuskan ora kundur Pacitan,minimal nganti dina iki , padahal beliau duwe  KTP Pacitan. 

Ternyata ..! 
Ora mung SBY sing diduga ora enak ati , IBAS  Lan AHY pun ketok banget yen duwe rasa ewuh pekewuh , IBAS sing biasane unak unuk sering ning Pacitan , iki dina masiha bali pacitan ora ketok teka sesering ndisik.. 

Ronny Wahyono ! 
Sing ketok mloho lan nyalahi atutan internal Partai Demokrat , masiha Ronny Nyabub saka Partai liya ( PPP. PSI . NASDEM lan PKS ) ternyata nganti detik iki Putra Lanang alm Bupati Suyono iki urung diwenehi sangsi pemecatan saka Partai Demokrat, Ronny aman aman wae. 

Pacitan di tangan Rakyat. 
Kondisi Pilkada Pacitan tahun 2024 sing kaya mengkene iki, gelem ora gelem Rakyat kudu berpikir jernih , sebab faktor  dulur ( SBY ) wis ora  kenek kanggo ( patokan) merga kabeh dulur. 

Saiki kesempatakan rakyat berpikir cerdas , Rakyat kudu biji tenanan Antara Aji lan Ronny , antara  Gagarin lan Wahyu , sopo sing layak mimpin Kabupaten Pacitan limang tahun kedepan. 

 
Kegiatan KPU Dalam mengedukasi Warga jelang Pilkada Pacitan tahun 2024.

Yo ndlalah..! 
Antara Aji , Ronny , Gagarin lan Wahyu duwe kelebihan masing masing , Indrata NBA , Ronny lan Gagarin pada pada pernah dadi Pimpinan DPRD Pacitan, umpama ditakoni bab undang undang mesti nglotok.. 

Rakyat ora sah gontok gontokan , milih sing tenang , sing tliti lan sing waspada , Ingat masa depan pacitan   ana tangan sedulur kabeh , ingat ! pilihan salah Isa gawe  Nasib Pacitan ambyar berantakan. 

Kedadean voice mail sing diduga saka Kades Dersono sing Viral mambengi ojo ditiru , kebiasaan andum duit menyang perangkat desa lan ora gogrok marang wargane, dikawatirkan justru dadi bumerang , isa wae pemilih malik grimbyang muk gara gara Perangkate sering diwenehi duit saka Paslon. 
Lan umpama enek apes'e awak, isa isa kegaruk Bawaslu  lan dipenjara. 

Wis monggo moment Pilkada Pacitan tahun 2024 , milih pasangan Calon nomer urut 1 ( Ronny- Wahyu) utawa milih nomor urut 02 ( Aji- Gagarin ) kabeh pada wae , pada pada dulure SBY lan pada pada separtaine' yo kui Partai Demokrat .... hidup Mas Aji.. Hidup pak Ronny...andum slamet...***. 
Artikel Politik ini ditulis pimpinan Redaksi Pacitan Post Sutikno :  sebagai gambaran umum mengenai kondisi Pilkada Pacitan tahun 2024 , sama rasa dan sama nikmatnya , sekarang tinggal lidah masing masing yang bisa merasakan enak dan tidaknya sebuah menu yang disodorkan KPU Pacitan.. Pak Ronny 01 dan Mas Aji 02...

























VIRAL ! KADES DERSONO DIDUGA AREP MENEHI DUIT PARA KASUN.

VIRAL ! KADES DERSONO DIDUGA AREP MENEHI DUIT PARA KASUN.


Pacitan Post. 25.11.024.
Ngadepi dina krusial ( Viral..! )diduga, Kepala Desa Dersono Pringkuku diduga arep bagi bagi duit menyang para kasun srana dalih  Kades muk sekedar ngutangi. 

Sayange' rencana bagi bagi duit pak Kades Dersono ( BATAL ) amarga perbuatan bagi bagi duit ( direkam ) lewat HP lawan bicara sing kebetulan pendukung 01 Ronny-Wahyu. 

Isi rekaman sangat  jelas, Kades Dersono mrintahke para kasun tanggal 26 /11 jupuk duit menyang omahe kades, kecuali pendukung 01 sing raentuk njupuk, merga dianggep lawan. 

Diduga merga Viral..!  perbuatan sing diduga dilakukan  Kades Dersono Pringkuku ,  langsung dilaporke pihak 01 menyang ketua Bawaslu Pacitan Syamsul Arifin  lan  syamsul langsung nerjunke Panwascam Kecamatan  Pringkuku. 

Miturut Gustika  Direktur Pacitan Courruption Watch ( PCW) njaluk perbuatan Kades Dersono Kecamatan Pringkuku ditindak lanjuti lan dihukum sesuai peraturan yang berlaku. 

Sebab ! Ora tertutup kemungkinan Kabeh Kades sak Pacitan uga nampa duit saka Pihak tertentu , srana dalih menehi utangan , padahal sesungguhnya Penyuapan /pembelian suara. 

Sing mesak ake', pakulinan Kades & perangkat nompo duit ( malam coblosan ) justru ngrugekne Paslon sing didukung , sebab dikawatirke rakyat  bakal berduyun duyun  pindah pilihan merga rumangsa diapusi ,  duite ditampa perangkat / Kades , tapi ora gogrok menyang warga setempat. 

Rekaman Kades Dersono  sing cukup Viral dina iki  seolah Anti Klimak..sebab maeng esuk ( 25/11) lagi dienekne Rapat Koordinasi KPU. BAWASLU , MEDIA. PLN Polisi &  TNI. Sing intine rapat , Mencegah kecurangan kecurangan  sing bakal terjadi. 

Perlu dimengerti , dugaan dugaan pelanggaran sing berbau penyuapan jelang Pilkada , ora aneh ana jaman saiki , kabeh tergantung Rakyate. 
Koyo sing diomongke Ketua KPU Pacitan Aswika , Pilkada Pacitan perkembangane siap 90 persen, monggo tanggal 27 Nopember 2024 sami .tindak ... TPS













Jumat, 22 November 2024

SURVEI NGEMIR MIR SBY PULANG KAMPUNG...? COBLOSAN NING PACITAN

SURVEI NGEMIR MIR SBY PULANG KAMPUNG...? COBLOSAN NING PACITAN


Pacitan Post. 23.11.024.
Isuk isuk enek kabar manuk , Presiden RI ke 6 Susila Bambang Yudhoyono mulih kampung Pacitan , bebarengan Masa Kampanye Pilkada rampung. 

Ora enek sing weruh , maksud SBY mulih kampung ,  opo merga kangen biasa , opo memang arep melu nyoblos ning Pacitan ,  amarga SBY pancen ber KTP Pacitan. 

Sebagian Warga mayarakat Pacitan , pancen rasan rasan lan berspikulasi , kok tumben pak SBY ora kundur Pacitan saat masa kampanye, opo ewuh pekewuh yo pak SBY ..?  merga Cawabub  01 Wahyu  dulur cedak, Cabub 02 Aji yo dulur cedak. 

Miturut Infornasi sing berkembang , SBY ewuh pekewuh merga kabeh dulur , ananging l Brigjen ( Pur)  Azis Ahmadi menduga , penyebab ora mulihe pak SBY kundur Pacitan saat kampanye, merga kesibukan beliau sing ora isa ditinggal. 

Perkiraan Jendral Aziz ternya meh isa diarani salah , seumpama dina dina iki pak SBY kundur Pacitan tenan , mungkin sing nyedaki bener pak SBY ewuh pekewuh merga Antara Wahyu lan Aji pada pada keluarga sing ora enek balung erine', 

Presiden  RI ke 6 Susilo Bambang Yudhoyono. 

Miturut tokoh PWP Jakarta Agus Haryanto, seumpama kabar Pak SBY kundur Pacitan saat coblosan ,  kui isa dipastikan pak SBY taat aturan berdemokrasi  , merga pak SBY  ber KTP Pacitan karo idep idep endang endang Musium, pungkas Agus. 

Survei Pilkada Pacitan ngemir mir. 
Jenenge wong akeh , isu SBY Pulang kampung jelang Coblosan Pilkada Pacitan , dadi isu panas ditengah warga Pacitan sing uga was was , nunggu sopo sing menang..! 

Tim Penasehat Hukum  Paslon 01 Muzaini , bisik bisik menyang  Media , Survei paslon 01 lan paslon 02 kari sak mit gus ! , insya Allah kurang limang dina pak Ronny Menang masiha tipis ,  bisik Muzani ambi nempelke kuping menyang wartawan media iki. 

Jenenge wae muk akon akon , sah sah wae arep Ronny diprediksi  utawa diaku bakal menang, tapi paslon 02 sing dikomandani Arip Setyo Budi ternyata ora gigrik. 

Purianto sing kulino kumpul siskamplingan ana desa Tanjungsari bahkan nawak nawakne Expander duweke , yen paslon 01 entuk 35 persen Expander BOLEH DIBAWA PULANG..! lan Ronny tak anggep menang.. biyuuuh.. ( gustik) 









Kamis, 21 November 2024

PACITAN KOTA IS RONNY.. NAWANGAN  BANDAR IS AJI.. LIYANE PERANG..!

PACITAN KOTA IS RONNY.. NAWANGAN BANDAR IS AJI.. LIYANE PERANG..!


Pacitan Ppos. 22.11.024.
Rasa Pilkada Pacitan tahun 2024  beda banget karo Pilkada Pacitan tahun tahun  sakdurunge. 
 YEN ..! ..tahun tahun sakdurunge  Calon Non Demokrat  isa ditebak bakal KALAH , tapi Pilkada tahun 2024 rada SULIT DITEBAK. 

Sekalipun  jago Incumben diprediksi ijik bakal  MENANG , ananging dipastikan ora gampang ,  pertarungan diprediksi  bakal seru , bahkan ora tertutup kemungkinan Paslon 02  YEN ENEK APES e' ISO GLINDING...! 

Jare ' Sugiharto , pendukung Fanatik Ronny iku menehi signal  mengejutkan ! Ora baline SBY menyang Pacitan ana moment Pilkada Pacitan tahun 2024,  sebagai tanda paslon 02 bakal bernasib sial alias kalah. 

Ananging ramalan Sugiharto diguyu karo pendukung Paslon 02  PENCRIT , Ditemoni Media ana sela sela obrolan Politik ana Gedung Dewan , Pencrit yakin  Besty sejati INDRATA NUR BAYU  AJI  iku bakal menang  mudah diatas 80 Persen. 

Pengusaha Soound System METRO sing  ,, grudak gruduk ,, karo Bupati Aji  iku  malah guyon , Yen  paslon 01 entuk 40 % , Pilkada Pacitan 2024  tak anggep menang Ronny , jare'Pencrit ambi gligak gligik.. guyon..! 

Pencrit ( klambi batik biru)  serius ngrungokne debat / obrolan Politik ana gedung DPRD Pacitan  sing sempat Ricuh , merga Jhon Vera ngamuk lan  labrak peserta Debat..! 

Sekedar tambahan informasi  (H-5 Coblosan) daerah pemetaan pendukung Paslon 01 lan Paslon 02 mulai ketok mapan . Misale' Kecamatan Kota ,  diprediksi Ronny bakal Menang diatas 55 persen. 

Sedang Kecamatan Pringkuku lan Kebonagung diperkirakan Ronny uga bakal unggul tipis dibanding Aji sing diperkirakan muk Entuk sekitar 47 persen, Ronny entuk 53 %.

Sementara Kecamatan Bandar. Nawangan. Tegalombo. Ngadirojo. Donorojo diperkirakan  Incumben bakal menang=mutlak  diatas 60 persen. 

Sing angel diprediksi lan dipastikan rame , pemilih ana Kecamatan Tulakan, Arjosari lan Kecamatan Punung , Antara Ronny lan Aji bakal tarung bebas , istilah permainan iso diarani GEJAG./ imbang  alias angel diprediksi. 

Perlu dimangerteni , Media Pacitan Post ibarat mubeng jagad Pacitan , tekak tekok nganti wong 210 nakoni siji siji , hasile Incumben isih menang masiha iso diarani  mepet, jare sigit pendukung Aji asal Arjosari omong , masiha pak Aji  menang mepet, sing penting isih menang lan isih dadi Bupati , jare Sigit sumringah .. 

Aswika Ketua KPU lan S.Arifin Ketua Bawaslu Pacitan diskusi bab  potensi dugaan kecurangan  Pemilukada Pacitan tahun 3024.

Terkait Pelanggaran. 
Bawaslu Pacitan jelang  H-7 coblosan   memetakan ratusan TPS sing dianggep rawan pelanggaran al. 
1.
TPS sing pemilihe enek/ akeh  penyandang  cacat fisik / lara permanen. 
2.
TPS sing duwe Riwayat  petugase lan pemilihe  sering entuk intimidasi . 
3.
TPS sing sering ganguan Internet lan Jaringan Listrik. 
4.
TPS TPS (  khusus ) misale TPS Penjara , Rumah Sakit lan TPS  TPS Pegawai /karyawan sing ter centralistik. 
5.
TPS TPS sing akeh pemilihe pindahan saka daerah liya. 

Menurut Ketua Bawaslu Pacitan Syamsul Arifin, kanggo antisipasi indikator TPS rawan pelanggaran , Bawaslu sering ngenekne penyuluhan , sering ngenekne Patroli Pengawasan lan ngenekne Posko Pengaduan. 

Ketua KPU Pacitan Aswika Lan Ketua Bawaslu Pacitan Syamsul Arifin ngajak  marang rakyat Pacitan rame rame menyang TPS , ananging uga ngajal rakyat Pacitan ngawal tegaknya Demokrasi yo kui NJAGA SABEN TPS atas Ancaman Kecurangan... (Gustik) 
























Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done