Bakul HP ketiban rejeki nomplok absen ASN sing molah malih.
Pacitan Post ,04-05-026.
Mbuh merga saking bingunge' Pemerintah jaman saiki / Opo enek alesan liyo , nganti persoalan absensi Pegawai Negeri ( ASN) wae bola bali ganti cara.
Saka model pinjer , model barkot , terakhir ganti meneh , yo kui model Presensi Lokasi berbasis GPS.
Mbuh iki idene' sopo kabeh ora weruh , sing jelas model Absensi Presesi Lokasi /berbasis GPS ( ternyata ) gawe ASN pedesaan kalang kabut ora karu karuan .
Pasale' ...! gara gara Absen Model presensi Lokasi berbasis GPS , para ASN kudu tuku HP anyar Androit Versi 10 sing rata rata regane' 2 juta rupiah .
Sing repot meneh , akeh ASN pedesaan sing gaptek teknologi digital , masiha tuku Hp anyar sing rega larang , kegunaan HP praktis muk kanggo Absensi model Presesi Lokasi berbasis GPS.
Bakul HP aji mumpung ..!
Sing ajur mumur , kebijakan Pemerintah sing molah malih terkait model Absensi , saka Pinjer ganti Barkot lan terakhir ganti Mode GPS berbasis HP Androit Versi 10 , ternyata digawe kesempatan Bakul HP kanggo ngundakne' rega.
Koyo sing diomongke' Ratna , karepe muk arep sekedar ndelok ndelok rega HP. ana toko HP terbesar ning Kota Pacitan ( MH) , Ratna diomongi marang penjaga toko HP ( MH) yen tuku saiki regane ijik 1,9 juta , ananging mulai minggu ngarep pun mundak , jare Ratna menirukan karyawan Toko HP ( MH) sing papane cedak karo kantor Kelurahan Baleharjo Pacitan.
Nganti dina iki , Pihak Pemerintah Indonesia alesan spesifik bola bali ganti model Absensi ASN , urung enek alesan sing jelas saka Pemerintah Indonesia .
Cuma saka kabar manuk ! Pemerintah rumangsa jengkel karo Perilaku ASN sing sering mensiasati model Absen opo wae' , Nganggo Pinjer isa disiasati , nganggo Barkot isa disiasati lan kemungkinan nganggo HP versi 10 pun uga isa disiasati , misale HP ( khusus) absensi ditinggal ning kantor ....( gustik)