PACITANPOST
News Update
Loading...

Featured

[recentbylabel]

Featured

[Featured][recentbylabel]

Kamis, 27 Agustus 2026

Ojo Kliru lho..! BPJS Kesehatan karo BPJS Ketenaga Kerjaan ..bedane' aduuoh ..banget.

Ojo Kliru lho..! BPJS Kesehatan karo BPJS Ketenaga Kerjaan ..bedane' aduuoh ..banget.


Pacitan Post.27.08.026.
Kadang masyarakat ora iso mbedakne' , antara BPJS Kesehatan lan BPJS Ketenaga Kerjaan, biasane' Masyarakat janji krungu tembung BPJS penilaine' langsung minor / negatif.

Padahal bedane' adoh banget , didelok saka Program lan pelayanan  kui wae' wis beda , Yen BPJS Kesehatan ( khusus) melayani bidang  kesehatan , utamane' wong wong sing ora mampu.

Sedang BPJS Ketenaga Kerjaan  sing ndisik jenenge' (Jamsostek ) duwe program akeh banget , tunjangan / tabungan hari tua , Asuransi Kecelakaan Kerja , baik formal  atau informal lan liyo liyane'.

Sultan Kepala BPJS Ketenaga Kerjaan Cabang Pacitan.

Terkait pelayanan  BPJS Ketenaga Kerjaan yen enek opo opo ( misale ) Kecelakaan Kerja tergolong Cepet lan ora bertele' tele , entuk'e santunanpun uga tergolong gede.

Sebagai contoh , yen enek pekerja kecelakaan tunggal , yen asuransi Jasa Raharja ora entuk klaim , tapi ana BPJS Ketenaga Kerjaan klaim dibayar langsung lan ora nganggo keterangan Kepolisian , cukup nganggo KTP .

Pengalaman Wartawan TV RI Jawa Timur Heru Wicaksono , saat kecelakaan lalu lintas Heru langsung dirawat ana Rumah Sakit  kamar type klas 1 , tim BPJS Ketenaga Kerjaan langsung turun tangan , bahkan Kepala BPJS Pacitan lan Madiun melu bezuk ana Rumah Sakit , puji Heru ana ngarepe sejumlah wartawan dalam Acara Media Gathering   ana  Parai Resto Teleng Ria Pacitan  ( 27/08) .

Menurut Kepala Cabang BPJS Ketenaga Kerjaan Cabang Pacitan Sultan , jumlah anggota ( peserta ) ana Kota Pacitan sejumlah 65.000 peserta asuransi  lan BPJS Ketenaga Kerjaan Pacitan wis bayar  klaim 37 Milyar , khusus  saka wulan  Januari - Agustus 2026 , klebu kecelakaan laut 2 orang  nelayan Teleng Ria sing masing masing entuk santunan 70 juta.

Merga Program BPJS Ketenaga Kerjaan  iku sangat menguntungkan masyarakat  lan prosese' ora njlimet saat klaim , BPJS Ketenaga Kerjaan Pacitan ngajak  kerja sama sosialisasi program program BPJS Ketenaga Kerjaan menyang masyrakat Pacitan sing geografine 85 persen  daerah pegunungan ,sementara jumlah karyawan  BPJS Pacitan muk 5 pegawai.

Satu satunya jalan /  Solusi  jare Sultan , Yo kui Kerjasama karo awak media  , dimulai saka acara Media Gathering  sing di enekne ' ana daerah wisata Teleng Ria Pacitan ...***
Redaktur.  : Gustik
Reporter.   : Ratna











Senin, 24 Agustus 2026

JUDOL  Pencetak MPK : Maling .Pegatan & KDRT .

JUDOL Pencetak MPK : Maling .Pegatan & KDRT .


Pacitan Post .Agustus 2026.
Wong sing sekarat ekonomi akibat Judol  ana Pacitan, mungkin yen kon baris dawane' , iso iso  saka Alun Alun Pacitan nganti teka Teluk Pacitan .

Bahkan saking okehe' wong kedanan Judol , Wong Pegatan  ana pengadilan agama pacitan melonjak tajam , salah sijine' akibat wong lanang kedanan Judol , ekonomi morat marit ,wong wedok ora tahan.

Semana uga peristiwa KDRT , rumah tangga awale' ayem tentrem , bojo pegawai negeri , ujug ujug  enek wong wedok njerit njerit , mlayu metu omah srana  sirah godras getih , bareng ditakoni tonggo teparo , jebul penyebab'e bojone ngrayu njaluk ngedol kalung , muk arep dienggo judol..

Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro konfrensi Pers terkait penangkapan maling emas yang salah satu penyebabnya kang maling suka judol.

Rong dina kepungkur , Kapolres Pacitan Ayub Diponegoro ngenekne Jumpa Pers ana ngarepe puluhan Wartawan ,  Jajaran Polres Pacitan berhasil membekuk  Maling asal Kebonagung sing bar nyolong emas ana daerah Kalikuning Kecamatan Tulakan Pacitan.

Jare Kapolres , Maling sing jenenge' (SRW) wis ping papat ( 4) nyolang nyolong ana tanggane' tapi ora pernah konangan lan ora pernah ketangkep.

Ananging   akhir wulan Juli wingi , Sang Maling ketiban Apese' , saat nyolong ono omahe bu Meisirah Warga Desa Kali Kuning Tulakan., masiha sempat gawa emas 85 gram lan puluhan juta rupiah duit Cash, sang maling akhire ketangkep.

Lewat kerja keras Polres Pacitan , Sang maling asal Kebonagung Pacitan iso  dicekel , berkat CCTV toko emas  ana Wonogiri Jawa Tengah , rupanya sang maling bar ngedol emase' hasil curian  ana sebuah  toko  emas ( Batu- Wonogiri) Jawa Tengah.

Bareng ditlesih tlesih Polisi ,, ternyata ,, ( SRW)  terpaksa maling merga kedanan Judi On Line / Judol  sing wis matahun tahun suwene' ..****

Redaktur.    : Gustik
Reporter.    : Ratna.





Senin, 17 Agustus 2026

Polemik Bupati Mlebu Luweng : Kepiye' Kepiye' yen enek apa apa sapa sing tanggung jawab..?

Polemik Bupati Mlebu Luweng : Kepiye' Kepiye' yen enek apa apa sapa sing tanggung jawab..?

Kontroversi Bupati Aji mlebu luweng.

Pacitan Post.
Pancen Bupati Pacitan , Indrata Nur Bayu Aji seneng tukang gawe' ontran ontran alias kontroversi , terutama bab bab sing hubungane' karo urusan seni , budaya lan Alam.

Paling gres , saat Indonesia ngenekne' upacara Bendera ana lapangan lapangan , Alun alun , Pendopo utawa Istana , ananging ponakan SBY iku malah  milih upacara bendera ana njero luweng.

Mending  yen luwenge' muk cethik , wong Jerone' Luweng Ombo iku 150 meter , dawane' Luweng  7 kilo meter ( sing lewat Bumi Pacitan).

Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji.

Tak urung aksi Bupati Aji melu jegur Luweng ,  dadi rasanan sebagian Warga masyarakat Pacitan ,  ora elok Bupati  Aji  sing mestine' dadi Inpektur Upacara / detik detik Proklamasi ana Pendopo Agung Pacitajln  , tapi malah njegur luweng , masiha kemasane' ngibarke'  Bendera Merah Putih dalam rangka HUT RI Ke 81 , kecam tokoh Jakarta sing uga suwe' ana Pemerintahan.

Ananging kosok baline' sebagian Warga Pacitan memaklumi aksi Bupati melu njegur Luweng Ombo bareng karo tim ekspedisi , minimal Bupati dadi ngerti tenan yen Luweng Ombo nyata nyata isa dikembangke  dadi obyek Pariwisata ,masiha lagi sebatas Wisata Petualangan.

Yo mungkin sing perlu diperhatikan , dikapak kapakne' Bupati Aji  iku Pejabat Publik  nomor satu ana Pacitan lan kebetulan  ijik kerabat dekat  Presiden RI  ke 6 , tentu unsur keselamatan nomor satu.

Sing dadi pertanyaan , sopo sing tanggung jawab yen keselamatan Bupati enek opo opo , merga mlebu Luweng sing jerone' atusan meter iku penuh resiko , kesehatan awal  Bupati kudu clir disik  , peralatan ekpedisi memadahi opo ora ! , kabeh kudu dipikir lan dihitung , tegas dokter sing ora gelem disebut jenenge:

Ferry Ardiansyah saka Bhineka Bangsa sing uga duwe tim sukarelawan Bencana ,l nyaranake' , Liyo dino kabeh perlu dipikir , ngajak pejabat Negara iku kudu ngerti batasan batasan , Pihak Polri sing duwe tanggung jawab langsung keselamatan Pejabat Publik , kudu berhitung cermat ojo nganti keblaen tembe mburine' ....tegas Ferry.

Sekedar tambahan informasi , ana media sosial kadang Netizen  ceplas ceplos  membahas perilaku pejabat publik yang dirasa kurang pas , klebu aksi Heroik Bupati Aji mlebu ana luweng ombo Donorojo , padahal aksi Bupati Aji kabeh wis memaklumi ,merga Bupati Aji ora lepas saka Roh Seni lan Roh Petualang , kudune kabeh maklum.....( gustik)








Selasa, 11 Agustus 2026

Crew Kapal Induk Amerikan podo pat`en - pat`enan dewe 2 ,  wis 7 sing mati..Iran sorak sorak..

Crew Kapal Induk Amerikan podo pat`en - pat`enan dewe 2 , wis 7 sing mati..Iran sorak sorak..

Peristiwa berdarah di kapal Induk Abraham Lincoln 7 prajurit dilaporkan tewas dan puluhan luka luka.

Internasional 12.08.026.
Bosen ana tengah laut lan perang karo Iran ora bar bar ( belum selesai)  Crew Kapal Induk USS Abraham Lincoln podo ngamuk dewe' dewe' , tukaran karo atasane'.

Prajurit AL Amerika rumangsa  jenuh , kerja ana tengah laut nganti bertahun tahun , ditambah jatah ransum dikurangi , kamar mandi jorok ora terurus lan persoalan perang siing ora tentu arah.

Merga saking kabeh wis sumpek , antar prajurit saling serang  nganggo   alat dapur arupo pisau lan alat alat liyane' ,  nganti berita iki ditulis sing mati bentrok antar prajurit wis 7 tentara lan puluhan luka luka.

Media International ngabarake' , kronologi bentrokan prajurit AL ana Kapal Induk Abraham Lincoln  dipicu streas berat amarga terkatung katung ana tengah laut Samudra Hindia , saperlu blokade kapal kapal Iran sing melintas.

Kanggo meredam situasi kalut prajurit , seorang komandan Centcom munggah menyang kapal Induk Abraham Lincoln , sayang sekali kehadiran sang komandan ora digunris prajurit sing wis putus asa , malah komandan disoraki lan dibalangi nganggo bekas botol minuman.

Menurur informasi Tasmin , kabeh prajurit sing matek lan sing cidera dievakuasi menyang pulau athena Yunani..

Kabar bentrokan berdarah ana kapal induk Abraham Lincoln segera tersebar luas , ra urung IRGC  gawe ledekan elek elek , Urung perang adep adepan , Prajurit USA wis podo mati disik , lelek abdel Kalim..( inter )




Selasa, 04 Agustus 2026

Mantenan Putri Bos Sukses Spektakuler , Enek Wigung , Gus Iqdam, Darboy , Tejo .

Mantenan Putri Bos Sukses Spektakuler , Enek Wigung , Gus Iqdam, Darboy , Tejo .

Salah satu sudut Dekorasi di pernikahan Hafid & Atiti

Pacitan Post , 05-08-026.
Biasane' wong Pacitan, krungu acara mantenan nganti ngentekne' biaya Milyaran rupiah ,  muk saka pemberitaan pernikahan anak Pejabat , konglomerat lan Artis.

Ananging esuk iki (05/08) pengusaha Rokok Sukses Pacitan Widarto , nikahke'  putrine' sing jenenge' Bendoro Ayu Atiti karo M.Hafidh putra Bos Toserba asal Desa Tanjungsari Pacitan.

Kiai Kondang asal Blitar Gus Iqdam jadi saksi pernikahan Hafidh dan Atiti.

Prosesi Akad Nikah dilaksanaake ana omah pribadi Widiarto Lingkungan Barehan Ploso Pacitan , sementara resepsi dilaksanakne' ana Gedung Baru Pabrik Rokok Sukses Siwilan Kayen Pacitan.

Kabeh Menu lan Dekorasi njupuk saka Tulung Agung , sementara MC  njupuk MC kondang lan termahal se Indobesia  (dr Wigung Sutrisno) , Wigung sendiri Asli Pacitan.

Sementara Artis sing ditekakne' kanggo acara engko awan lan bengi  , ana Band Anak Muda Populer  Darboy lan Tejo penyanyi Campur Sari asal Wonosari Jogjakarta .

Dekor Pelaminan yang terlihat Megah konon habiskan biaya cukup tinggi

Acara Ijab Kobul dilaksanaake' ana rumah pribadi Widarto Barehan ,berjalan penuh  kidmat , Hafid melafalkan Ijab Qabul cukup lancar dalam satu tarikan nafas , alias tanpa diulang .

Sedang acara Resepsi digelar mulai saka awan nganti teka bengi , sepintas yen dirasakne' tenan , dekorasi  mantenan Hafid & Atiti seolah awake' dewe koyo mlebu  taman bidadari surga , pilar duwur duwur menjuntai , langit langit seolah koyo dihiasi bintang bintang , sementara lantai bertabur bunga warna warni.

Dekorasi bunga warna warni penuhi pintu masuk gedung Rokok Sukses Siwilan .

Ketika ditakoni wartawan terkait biaya ,  masiha abot ale' arep jawab , Widarto omong  rae etis lah...jare wiwit  , tapi sebagian property kenek kanggo usaha liya , koyo to pembelian seluruh Sound System sing diperkirakne entek 1 M , jare wiwit.

Muk siji enek sing ganjil , peran MC Wigung seolah  paling dominan ngatur segala laku ana prosesi acara , mulai saka gladi bersih  Resepsi lan nganti acara ijab kobul ,kabeh sing nangani Wigung ,ternyata  usut punya usut pemilik  WO urung teka , enek sing kondo WO ( G) kurang memahami adat istiadat orang Pacitan , mula pilih Wigung medun dewe, jare Indra adik  kandung wigung sing selalu setia ngancani wira wiri kakangane'....( Gustik)










Sabtu, 25 Juli 2026

Sing wis kadung gawe' omah ning sawah ora popo , sesuk  kudu ngojoli 3:X lipat..

Sing wis kadung gawe' omah ning sawah ora popo , sesuk kudu ngojoli 3:X lipat..

Pacitan Post 25.07.025.
Pemerintah Pusat menetapkan , Lahan Baku Sawah ( LBS ) sing  kudu dilindungi ana Kabupaten Pacitan ana sekitar 14.300.an  Ha , artine' sesuai undang undang ,  sawah sawah produktif  iki maeng mutlak ora entuk digawe' ( dideki) omah , Pabrik utawa bangunan bangunan liyo ,  masiha sawah milik pribadi.

Ananging .!  miturut Kepala Dinas Pertanian & Ketahanan Pangan Kabupaten Pacitan Ir Sugeng Santoso , masyarakat sing tahun iki wis kadung ngedegne' bangunan (termasuk) gedung KDMP ora bakal dikenekne sangsi , tapi mulai per  Agustus tahun 2026  kabeh ijin diperketat ,   termasuk pembebanan / penyediaan  lahan pengganti bagi  ( peminta ijin ) 3 kali lipat luasan lahan / sawah produktif.
Banyak bangunan disekitar sawah , karena rata rata warga tidak tahu bahwa mendirikan bangunan di sawah produktif itu tidak boleh,sekalipun tanah itu milik pribadi.

Sugeng Santoso memaklumi , akeh masyarakat Pacitan  selama iki , urung podo ngerti  yen  sejatine   gawe bangunan ono  Lahan Baku Sawah (LBS)   iku nyalahi aturan , opo meneh undang undang / peraturan sing melarang gawe omah / bangunan terlambat ale' ,, menetapkan .

Perlu dimangerteni , ana kabupaten Pacitan Lahan  Baku Sawah ( LBS)   Sumebar ana 12 Kecamatan , tentu luasan tanah tanah iku mau beda beda , Kecamatan Sidimoro merupakan Kecamatan paling ciut dewe , 395,32 Ha.& Kecamatan Nawangan merupakan Kecamatan paling luas dewe 2.224.02 Ha , ngalahke Kecamatan Kota Pacitan sing muk sekitar 1.297.77 Ha.
Baca tabel dibawah ini.

Kecamatan Arjosari.        LBS    795, 73 Ha.
Kecamatan Bandar.          LBS 1.937.89 Ha.
Kecamatan Donorojo.      LBS     983.11 Ha.
Kecamatan Kebonagung LBS. 1.303.37 Ha.
Kecamatan Nawangan.   LBS  2.224.02 Ha
Kecamatan Pacitan.         LBS.1.297.77 Ha.
Kecamatan Ngadirojo.     LBS    658.63. Ha.
Kecamatan Pringkuku.    LBS.    842.54 Ha.
Kecamatan Punung.        LBS   1.217.06 Ha.
Kecamatan Sudimoro.     LBS.     395.32 Ha.
Kecamatan Tegalombo.  LBS.  1.217.06 Ha.
Kecamatan. Tulakan.   ... LBS   1.445, 52 Ha.
T o t al.                               LBS 14.299.23. Ha.

Sekedar Informasi , persoalan lahan sawah ana Pacitan  ( LBS) sing diberitakne  semakin terdesak dan sempit akibat pembangunan pabrik , gudang , bangunan perumahan dan rumah pribadi semakin meraja lela.

Akibat persoalan  iku ,  Mulai tahun iki kabeh wong kang  gawe omah lan bangunan liyo ,masiha lahan milik pribadi ,  ijin ijin pendirian bangunan bakal diperketat , ditambah bakal entuk sanksi , sing nganti seprene urung jelas sanksi bentuk'e kepiye'.....( Gustik)






































































Rabu, 22 Juli 2026

Budi Sartex tepis isu : Ora merga pegel karo Gagarin , tapi Panggilan Jiwa lan oro duwe krenteg nyalon Bupati...

Budi Sartex tepis isu : Ora merga pegel karo Gagarin , tapi Panggilan Jiwa lan oro duwe krenteg nyalon Bupati...


Ir.Effendi Budi Wirawan  labuh ke Gerindra.

Pacitan Post 22.07.026.
Ora enek angin ora enek udan , ujug ujug enek berita , tokoh  besar Pacitan Ir Effendi Budi Wirawan alias Budi Sartex  , gabung Partai Gerindra sing nota bene Partaine' penguasa Negeri Prabowo Subianto.

Diduga ..! merga Budi Sartex mantan kader lan Ketua Partai Golkar 3 periode , isu liar cepet menyebar sak Pacitan , kabeh tokoh  terutama tokoh politik Pacitan , otak atik tujuan Bos Besar Sarang teknik iku gabung menyang Partai Gerindra.

Enek sing omong Budi Satex gabung karo Gerindra merga dendam karo Mantan Ketua Partai Golkar Gagarin ,  enek sing omong Budi Sartex incar jabatan Bupati Pacitan lan  akeh sing omong  , yen Budi Sartex gabung Gerindrs merga terpaksa ditekan  wong duwur merga Keluarga Budi Sartex duwe Dapur MBG.

Bambang Margono  satu satunya anggota DPRD Pacitan dari Gerindra.

Ananging ternyata kabeh rumor  dibantah keras Budi Sartex  :
Terkait Pegel Karo Gagarin.
Budi Sartex  mengaku , babar blas ora duwe dendam utawa pegel karo  Wabub Gagarin ,  aku  mundur /  ora dadi ketua  Partai Golkar iku merga jabatanku sebagai ketua DPD Partai Golkar wis ping 3 , sesuai aturan kudu enek pilihan ketua selain dirinya  lan pak Gagarin terpilih sebagai ketua DPD Partai Gokar menggantikan dirinya.

Terkait pingin dadi Bupati.
Isu Budi Sartek digadang gadang  pingin dadi Bupati Pacitan , sejatine ora mung saiki , kawit jaman lekak isu isu iku selalu menghiasi berita lan rumor 
Budi Sartex omong ,  yen gelem macung Bupati / Wabub wae  wis kawit  jaman disik nalika isih dadi Ketua Partai Golkar , ananging  wektu kui selalu ditolaknya , jare Budi .

Terkait MBG.
Kepindahan Budi Sartex  amarga duwe dapur MBG lan kudu nurut Pemerintah Pusat ,rumor iku uga ditepis Budi Sartex , tak luruske ' sing duwe  SPPG / dapur MBG iku anakku wedok sing saiki wis berkeluarga , bahkan yen ditakoni bab MBG aku kui blas ora mudeng , jare Budi Satex  santai.

Incar Jabatan Ketua Gerindra Pacitan.
Mengenai rumor bakal incar kursi Ketua Gerindra Pacitan , Rumor kui pun ditepis Budi Sartex , aku wis tuwuk dadi  Ketua Partai , aku  gabung Gerindra muk panggilan hati nurani sebagai anak bangsa , syukur syukur aku iso nularke ' pengalaman politikku marang konco konco Gerindra , ben Gerindra soyo ngremboko ,  tegas Budi

Budi Sartex saat dihubungi  media , pas dolan dolan ana Daerah Nawangan memaklumi rumor rumor sing berkembang saat ini , hak masyarakat menilai apapun , termasuk bergabungnya ke Partai Gerindra , imbuh ayah kandung  Almira  (bos  muda ) salah satu SPPG ana Pacitan.

Sementara iku , Bambang Margono  kader Gerindra sing uga jabat sebagai Anggota DPRD Pacitan ,  berharap bergabungnya tokoh besar Pacitan  Budi Sartex iso menehi kontribusi besar perkembangan Partai Gerindra ana Pacitan , syukur syukur  Gerindra meningkat tajam suaranya usai pak Budi Gabung , jare Bambang yakin.....( Gustik)








Minggu, 19 Juli 2026

Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done