Ojo Kliru lho..! BPJS Kesehatan karo BPJS Ketenaga Kerjaan ..bedane' aduuoh ..banget. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 27 Agustus 2026

Ojo Kliru lho..! BPJS Kesehatan karo BPJS Ketenaga Kerjaan ..bedane' aduuoh ..banget.


Pacitan Post.27.08.026.
Kadang masyarakat ora iso mbedakne' , antara BPJS Kesehatan lan BPJS Ketenaga Kerjaan, biasane' Masyarakat janji krungu tembung BPJS penilaine' langsung minor / negatif.

Padahal bedane' adoh banget , didelok saka Program lan pelayanan  kui wae' wis beda , Yen BPJS Kesehatan ( khusus) melayani bidang  kesehatan , utamane' wong wong sing ora mampu.

Sedang BPJS Ketenaga Kerjaan  sing ndisik jenenge' (Jamsostek ) duwe program akeh banget , tunjangan / tabungan hari tua , Asuransi Kecelakaan Kerja , baik formal  atau informal lan liyo liyane'.

Sultan Kepala BPJS Ketenaga Kerjaan Cabang Pacitan.

Terkait pelayanan  BPJS Ketenaga Kerjaan yen enek opo opo ( misale ) Kecelakaan Kerja tergolong Cepet lan ora bertele' tele , entuk'e santunanpun uga tergolong gede.

Sebagai contoh , yen enek pekerja kecelakaan tunggal , yen asuransi Jasa Raharja ora entuk klaim , tapi ana BPJS Ketenaga Kerjaan klaim dibayar langsung lan ora nganggo keterangan Kepolisian , cukup nganggo KTP .

Pengalaman Wartawan TV RI Jawa Timur Heru Wicaksono , saat kecelakaan lalu lintas Heru langsung dirawat ana Rumah Sakit  kamar type klas 1 , tim BPJS Ketenaga Kerjaan langsung turun tangan , bahkan Kepala BPJS Pacitan lan Madiun melu bezuk ana Rumah Sakit , puji Heru ana ngarepe sejumlah wartawan dalam Acara Media Gathering   ana  Parai Resto Teleng Ria Pacitan  ( 27/08) .

Menurut Kepala Cabang BPJS Ketenaga Kerjaan Cabang Pacitan Sultan , jumlah anggota ( peserta ) ana Kota Pacitan sejumlah 65.000 peserta asuransi  lan BPJS Ketenaga Kerjaan Pacitan wis bayar  klaim 37 Milyar , khusus  saka wulan  Januari - Agustus 2026 , klebu kecelakaan laut 2 orang  nelayan Teleng Ria sing masing masing entuk santunan 70 juta.

Merga Program BPJS Ketenaga Kerjaan  iku sangat menguntungkan masyarakat  lan prosese' ora njlimet saat klaim , BPJS Ketenaga Kerjaan Pacitan ngajak  kerja sama sosialisasi program program BPJS Ketenaga Kerjaan karo pihak ketiga ,supoyo  masyrakat Pacitan sing geografine 85 persen  daerah pegunungan ,sementara jumlah karyawan  BPJS Pacitan muk 5 pegawai.

Mulo kui satu satunya jalan ( Solusi ) jare Sultan , Yo kui Kerjasama karo awak media  , dimulai saka acara Media Gathering  sing di enekne ' ana daerah wisata Teleng Ria Pacitan ...***
Redaktur.  : Gustik
Reporter.   : Ratna











Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done