Pacitan Post m18-09-026.
Sejatine mantan kades Menadi Shindu , ale' mimpin Desa ora elek elek banget , sayang sifat Shindu sing dinilai otoriter lan anti kritik , gawe' gelane' warga desa Menadi.
Mungkin Shindu wis krasa , yen sikap lan cara memimpin selama dadi kades ora pati disenengi warga , mula ana pentas Pilkades Nopember tahun 2026 , infone' keluarga besar Shindu kabeh menging nyalonke' .
Mungkin kabeh kui maeng muk Strategi keluarga Sindu , terbukti ana momen perpanjangan waktu Pendaftaran Pilkades Desa Menadi Bu Shindu ujug ujug daftar peserta Pilkades.
Diduga Bu Shindu ujug ujug nyalon , mungkin lawan sing diadepi dianggep (ceng ceng po alias lemah ) mulo bu Shindu maju , jare Edi ( Ns) Warga Desa Menadi .
Miturut warga Desa Menadi , Sejatine' bu Shindu iku apik , kinerjane yo apik , wonge yo supel lan nyeneng ake'' , tapi kekawatiran wong Menadi ,engko bu Sindu gek mung dadi kamuflase' , sing berperan tetep pak Shindu..
Sementara Calon sijine' , Winarno saka menadi lor , dinilai ijik bleken , yen di banding kepinterane' karo bu Shindu kadohan , ijik apik lan pinter bu Shundu.
Ibarat Buah Simala Karma , milih bu Shindu wedi yen muk dadi bonekane' pak Sindu , milih Winarno dinilai urung pengalaman , akhire' wong Menadi terbelah antara milih bu Shindu Karo Winarno.
Persoalan dadi apik lan rame' , merga kekuatan dadi seimbang , okeh sing milih bu Shindu , tapi uga akeh sing jago Winarno sing duwe' komunitas wong Pasiran lan warga Menadi Lor, sopo sing menang yo kui wis dadi kehendak' e Gusti kang akaryo Jagat...rame' ..rame'.
Redaktur : Gustik
Reporter : Ratna.