Pacitan Post 13.09.026.
Umur menungsa sing weruh sing kuasa , yen pancen wis pestine' , la mbok penyebab'e' sepele' to Pasti mati , koyo to kedadean maeng awan , ana obyek wisata Pantai Klayar Donorojo Pacitan.
Kronologine'
Wisatawan saka Kota Sidoharjo Jawa Timur Sri Wahyuni ( 44 ) plesiran menyang Pantai Klayar Donorojo Pacitan , ora enek sing weruh ' ujug ujug wong wedok sing umure' klebu rada tuwek nyewa motor (ATV ( jenis motor roda 3 ) sing secara nalar aman dikendarai.
Kabeh tentu ora gatekne , lan ora ngira sama sekali , motor werna abang melaju saka arah etan , saka kadohan mlayune motor koyo muk regunuk regunuk alon .
Diduga ! korban menghindari pesisir pantai sing watune pating mecungul , mbuh merga grogi utawa piye , motor roda 3 sing ditumpak'i Sri Wahyuni mblandang / Oling tidak terlendali.
Polsek Donorojo olah TKP ana Pantai Klayar Pacitan.
Apes saat motor mblandang , kendaraan sing ditumpak 'i korban goling ning watu watu sing pating mecungul ana pinggir kulon area Pantai Klayar , diduga sirahe' korban ngantem watu sing nyebabne' gagar otak lan ,
Urung sempat dirawat ana Rumah Sakit utawa Puskesmas terdekat ( Sri Wahyuni ) wis keburu gagal napas.
.
Krungu laporan saka masyarakat , Polsek Donorojo langsung olah TKP , sing duwe motor , saksi lan motor ATV langsung ( digawa menyang Polsek Donorojo.
Ipda Agustaf mbenerake' yen dina Minggu ( 13) sekitar jam songo esuk , enek kecelakaan tunggal ana area Pantai Klayar Pacitan , koban meninggal dunia .....( Gustik)
.