Maling helm terekam cctv Kantor Dinas Pendidikan Pacitan
Pacitan Post , 15-09-026.
Forum Pewarta Pacitan , didesak anggotane' njaluk klarifikasi marang Pihak Dinas Pendidikan Pacitan , terkait oknum ASN Dindik ngedarke foto oknum Wartawan nyolong helm menyang media sosial.
Menurut salah satu wartawan senior ( Sj ) , anggota FPPA kudu bijak nanggepi persoalan pencemaran nama baik Wartawan , ora perlu demo tapi njaluk klarifikasi wae , ujar ( SJ)
Merespon permintaan anggota , Pengurus FPPA bakal menindak lanjuti permintaan anggota , ketemu kepala Dinas ( silaturahim) kanggo meredam situasi , minimal Kadinas menehi klarifikasi lan permintaan maaf.
Sekitar 10 anggota Forum Pewarta Pacitan bakal sambangi Dinas Pendidikan , dina lan wektune ijik nunggu kesepakatan antara pihak Dindik lan FPPA , Ananging jumlah 10 anggota sebagian wartawan ora setuju , tapi njaluk kabeh wae ( 65 anggota) , kita tuntut keadilan atas pencemaran nama baik Wartawan , tegas Nur Cahyo Wartawan Radar Madiun sewot.
Perlu dimangerteni , kisruh dimulai saka tuduhan Wartawan maling helm bermula saka status WA oknum dindik disertai pemasangan foto foto ana grouo group WA lan plaform liyane koyo to Tik Tok lan sakpirute'.
Celakane' , foto foto CCTV sing diedarke ana platform Media sosial , diduga pelakune wong luar kota , tentu Wartawan Pacitan kebakaran jenggot , atas tuduhan sembrono oknum dinas Pendidikan Pacitan.
Nganti berita iki ditulis , jadwal ketemu Kadinas Pendidikan Pacitan urung enek kabar , Affandi ijik bakal ngadep pak Pandu Kemal...(Gustik)