Polemik Bupati Mlebu Luweng : Kepiye' Kepiye' yen enek apa apa sapa sing tanggung jawab..? - PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 17 Agustus 2026

Polemik Bupati Mlebu Luweng : Kepiye' Kepiye' yen enek apa apa sapa sing tanggung jawab..?

Kontroversi Bupati Aji mlebu luweng.

Pacitan Post.
Pancen Bupati Pacitan , Indrata Nur Bayu Aji seneng tukang gawe' ontran ontran alias kontroversi , terutama bab bab sing hubungane' karo urusan seni , budaya lan Alam.

Paling gres , saat Indonesia ngenekne' upacara Bendera ana lapangan lapangan , Alun alun , Pendopo utawa Istana , ananging ponakan SBY iku malah  milih upacara bendera ana njero luweng.

Mending  yen luwenge' muk cethik , wong Jerone' Luweng Ombo iku 150 meter , dawane' Luweng  7 kilo meter ( sing lewat Bumi Pacitan).

Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji.

Tak urung aksi Bupati Aji melu jegur Luweng ,  dadi rasanan sebagian Warga masyarakat Pacitan ,  ora elok Bupati  Aji  sing mestine' dadi Inpektur Upacara / detik detik Proklamasi ana Pendopo Agung Pacitajln  , tapi malah njegur luweng , masiha kemasane' ngibarke'  Bendera Merah Putih dalam rangka HUT RI Ke 81 , kecam tokoh Jakarta sing uga suwe' ana Pemerintahan.

Ananging kosok baline' sebagian Warga Pacitan memaklumi aksi Bupati melu njegur Luweng Ombo bareng karo tim ekspedisi , minimal Bupati dadi ngerti tenan yen Luweng Ombo nyata nyata isa dikembangke  dadi obyek Pariwisata ,masiha lagi sebatas Wisata Petualangan.

Yo mungkin sing perlu diperhatikan , dikapak kapakne' Bupati Aji  iku Pejabat Publik  nomor satu ana Pacitan lan kebetulan  ijik kerabat dekat  Presiden RI  ke 6 , tentu unsur keselamatan nomor satu.

Sing dadi pertanyaan , sopo sing tanggung jawab yen keselamatan Bupati enek opo opo , merga mlebu Luweng sing jerone' atusan meter iku penuh resiko , kesehatan awal  Bupati kudu clir disik  , peralatan ekpedisi memadahi opo ora ! , kabeh kudu dipikir lan dihitung , tegas dokter sing ora gelem disebut jenenge:

Ferry Ardiansyah saka Bhineka Bangsa sing uga duwe tim sukarelawan Bencana ,l nyaranake' , Liyo dino kabeh perlu dipikir , ngajak pejabat Negara iku kudu ngerti batasan batasan , Pihak Polri sing duwe tanggung jawab langsung keselamatan Pejabat Publik , kudu berhitung cermat ojo nganti keblaen tembe mburine' ....tegas Ferry.

Sekedar tambahan informasi , ana media sosial kadang Netizen  ceplas ceplos  membahas perilaku pejabat publik yang dirasa kurang pas , klebu aksi Heroik Bupati Aji mlebu ana luweng ombo Donorojo , padahal aksi Bupati Aji kabeh wis memaklumi ,merga Bupati Aji ora lepas saka Roh Seni lan Roh Petualang , kudune kabeh maklum.....( gustik)








Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done