Pacitan Post 25.07.025.
Pemerintah Pusat menetapkan , Lahan Baku Sawah ( LBS ) sing kudu dilindungi ana Kabupaten Pacitan ana sekitar 14.300.an Ha , artine' sesuai undang undang , sawah sawah produktif iki maeng mutlak ora entuk digawe' ( dideki) omah , Pabrik utawa bangunan bangunan liyo , masiha sawah milik pribadi.
Ananging .! miturut Kepala Dinas Pertanian & Ketahanan Pangan Kabupaten Pacitan Ir Sugeng Santoso , masyarakat sing tahun iki wis kadung ngedegne' bangunan (termasuk) gedung KDMP ora bakal dikenekne sangsi , tapi mulai per Agustus tahun 2026 kabeh ijin diperketat , termasuk pembebanan / penyediaan lahan pengganti bagi ( peminta ijin ) 3 kali lipat luasan lahan / sawah produktif.
Banyak bangunan disekitar sawah , karena rata rata warga tidak tahu bahwa mendirikan bangunan di sawah produktif itu tidak boleh,sekalipun tanah itu milik pribadi.
Sugeng Santoso memaklumi , akeh masyarakat Pacitan selama iki , urung podo ngerti yen sejatine gawe bangunan ono Lahan Baku Sawah (LBS) iku nyalahi aturan , opo meneh undang undang / peraturan sing melarang gawe omah / bangunan terlambat ale' ,, menetapkan .
Perlu dimangerteni , ana kabupaten Pacitan Lahan Baku Sawah ( LBS) Sumebar ana 12 Kecamatan , tentu luasan tanah tanah iku mau beda beda , Kecamatan Sidimoro merupakan Kecamatan paling ciut dewe , 395,32 Ha.& Kecamatan Nawangan merupakan Kecamatan paling luas dewe 2.224.02 Ha , ngalahke Kecamatan Kota Pacitan sing muk sekitar 1.297.77 Ha.
Baca tabel dibawah ini.
Kecamatan Arjosari. LBS 795, 73 Ha.
Kecamatan Bandar. LBS 1.937.89 Ha.
Kecamatan Donorojo. LBS 983.11 Ha.
Kecamatan Kebonagung LBS. 1.303.37 Ha.
Kecamatan Nawangan. LBS 2.224.02 Ha
Kecamatan Pacitan. LBS.1.297.77 Ha.
Kecamatan Ngadirojo. LBS 658.63. Ha.
Kecamatan Pringkuku. LBS. 842.54 Ha.
Kecamatan Punung. LBS 1.217.06 Ha.
Kecamatan Sudimoro. LBS. 395.32 Ha.
Kecamatan Tegalombo. LBS. 1.217.06 Ha.
Kecamatan. Tulakan. ... LBS 1.445, 52 Ha.
T o t al. LBS 14.299.23. Ha.
Sekedar Informasi , persoalan lahan sawah ana Pacitan ( LBS) sing diberitakne semakin terdesak dan sempit akibat pembangunan pabrik , gudang , bangunan perumahan dan rumah pribadi semakin meraja lela.
Akibat persoalan iku , Mulai tahun iki kabeh wong kang gawe omah lan bangunan liyo ,masiha lahan milik pribadi , ijin ijin pendirian bangunan bakal diperketat , ditambah bakal entuk sanksi , sing nganti seprene urung jelas sanksi bentuk'e kepiye'.....( Gustik)