Ir.Effendi Budi Wirawan labuh ke Gerindra.
Pacitan Post 22.07.026.
Ora enek angin ora enek udan , ujug ujug enek berita , tokoh besar Pacitan Ir Effendi Budi Wirawan alias Budi Sartex , gabung Partai Gerindra sing nota bene Partaine' penguasa Negeri Prabowo Subianto.
Diduga ..! merga Budi Sartex mantan kader lan Ketua Partai Golkar 3 periode , isu liar cepet menyebar sak Pacitan , kabeh tokoh terutama tokoh politik Pacitan , otak atik tujuan Bos Besar Sarang teknik iku gabung menyang Partai Gerindra.
Enek sing omong Budi Satex gabung karo Gerindra merga dendam karo Mantan Ketua Partai Golkar Gagarin , enek sing omong Budi Sartex incar jabatan Bupati Pacitan lan akeh sing omong , yen Budi Sartex gabung Gerindrs merga terpaksa ditekan wong duwur merga Keluarga Budi Sartex duwe Dapur MBG.
Ananging ternyata kabeh rumor dibantah keras Budi Sartex :
Terkait Pegel Karo Gagarin.
Budi Sartex mengaku , babar blas ora duwe dendam utawa pegel karo Wabub Gagarin , aku mundur / ora dadi ketua Partai Golkar iku merga jabatanku sebagai ketua DPD Partai Golkar wis ping 3 , sesuai aturan kudu enek pilihan ketua selain dirinya lan pak Gagarin terpilih sebagai ketua DPD Partai Gokar menggantikan dirinya.
Terkait pingin dadi Bupati.
Isu Budi Sartek digadang gadang pingin dadi Bupati Pacitan , sejatine ora mung saiki , kawit jaman lekak isu isu iku selalu menghiasi berita lan rumor
Budi Sartex omong , yen gelem macung Bupati / Wabub wae wis kawit jaman disik nalika isih dadi Ketua Partai Golkar , ananging wektu kui selalu ditolaknya , jare Budi .
Terkait MBG.
Kepindahan Budi Sartex amarga duwe dapur MBG lan kudu nurut Pemerintah Pusat ,rumor iku uga ditepis Budi Sartex , tak luruske ' sing duwe SPPG / dapur MBG iku anakku wedok sing saiki wis berkeluarga , bahkan yen ditakoni bab MBG aku kui blas ora mudeng , jare Budi Satex santai.
Incar Jabatan Ketua Gerindra Pacitan.
Mengenai rumor bakal incar kursi Ketua Gerindra Pacitan , Rumor kui pun ditepis Budi Sartex , aku wis tuwuk dadi Ketua Partai , aku gabung Gerindra muk panggilan hati nurani sebagai anak bangsa , syukur syukur aku iso nularke ' pengalaman politikku marang konco konco Gerindra , ben Gerindra soyo ngremboko , tegas Budi
Budi Sartex saat dihubungi media , pas dolan dolan ana Daerah Nawangan memaklumi rumor rumor sing berkembang saat ini , hak masyarakat menilai apapun , termasuk bergabungnya ke Partai Gerindra , imbuh ayah kandung Almira (bos muda ) salah satu SPPG ana Pacitan.
Sementara iku , Bambang Margono kader Gerindra sing uga jabat sebagai Anggota DPRD Pacitan , berharap bergabungnya tokoh besar Pacitan Budi Sartex iso menehi kontribusi besar perkembangan Partai Gerindra ana Pacitan , syukur syukur Gerindra meningkat tajam suaranya usai pak Budi Gabung , jare Bambang yakin.....( Gustik)