PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 21 Desember 2022

INSIDEN  ACARA  PLUT ..OJO DIBALENI..MASIHO SEPELE...!

INSIDEN ACARA PLUT ..OJO DIBALENI..MASIHO SEPELE...!

Bupati,wakil Bupati Pacitan gunting pita acara UMKM Plut..

Pacitan , 20.12.022.
Iki nggo pelajaran kanggo kabeh , nek enek wong kesripahan /  meninggal utawa cobaan liyane  tangga teparo kudu peka.

Ojo nganti koyo maeng esuk , omah etan Plut  lagi enek kesripahan , tapi sound systim / pengeras suara acara UMKMsing dirawuhi Bupati lan Wakil Bupati  disetel seru.

Otomatis keluarga lelayu lan petakziah  rumangsa keganggu , nganti salah sijining keluarga  lelayu marani petugas Gedung Plut kon mateni  sound systeme'

Sekalipun ora terjadi keributan gede' , ananging insiden cilik iku  isin isini ,  toleransi / teposeliro iku perlu , jane maeng wis tak parani tak kon mateni disik nganti jenazah di budalke, eh malah ndadi ,jare  ( Mar) salah sijining petakziah  sing melu marani petugas Sound.

Perlu dimangerteni , ana Gedung Plut Dinas Koperasi lan Perdagangan , maeng isuk ngenekne acara terkait Pemberdayaan UMKM sing ditekani Bupati,Wakil Bupati lan Pejabat liyane.

Acara ana Gedung PLUT bekas Pasar Kobong Baleharjo iku  dititik beratne penyaluran program  KUR  saka Bank Jatim menyang peserta UMKM Pacitan , khususe usaha kuliner.

Sayang acara sing uga nampilke Bazzar UMKM iku  ternoda petugas Plut sing ora toleransi anane omah sebelah PLUT sing lagi kesripahan,tapi sound System dionekne setengah seru.

Diduga Bupati Indrata Nur Bayu Aji lan Wakil Bupati Gagarin sing uga  melu takziah ora ngerti yen sak durunge enek insiden ..cilik..( gustik)







Minggu, 18 Desember 2022

VIRAL : RONTEK PAMER SUSU PAMER PUPU DIKECAM..

VIRAL : RONTEK PAMER SUSU PAMER PUPU DIKECAM..

Tampilan Seni Rontek Salah sijining Kecamatan sing dikecam sebagian penonton.

Pacitan, 17.12.022.
Viral ...!
Atraksi tahunan  Seni Rontek Kabupaten Pacitan 2022 sing dienekne dino sabtu lan minggu tanggal (17-18/12) entuk kecaman luar biasa saka Nitizen sak Indonesia.

Pasale..! Ana salah sijining peserta Kecamatan  nampilke' fragmen ( tarian)  sing miturut penonton ora etis lan norak ,,igul igul pamer susu pamer pupu.

Tragise..'
Tarian Rontek berbau pornografi iku mau dividio penonton lan diuncale ana dunia maya tik tok.

Tentu wae tampilan sronok lan norak iku mau dadi picaturan nitizen sing kadang terkenal julid kadang  sadis .

Akibate ..!  kota Pacitan dibully ora karu karuan ana dunia maya ,, muk gegara ,, ana tarian Sronok Igul igul pamer susu pamer pupu ana karnaval tahunan seni Rontek Pacitan tahun 2022.

Miturut Kadis Kominfo Pacitan Bambang Mahendrawan , tampilan tari sing seolah telanjang ora usah didawak dawakne , merga iku mung budaya , tulung dijupuk sisi positif'e wae , tegas Mahendra.

Prokontra..!
Senada Kadis Kominfo , kontroversi anane tarian salah sijining peserta sing seolah dinilai telanjang , miturut anggota Dewan Pacitan perlu disikapi arif , sak sajane iku ora telanjang ,penari dibalut lan dilapisi stoking , yo muk ning vidio seolah telanjang , jare Dewan Wedok asal Donorojo sing ora gelem disebut jenenge.

Sayang merga wis kadung viral ana Tik Tok,  visualisasi tarian igul igul pamer susu pamer pupu ana gelaran Karnaval Seni Rontek Pacitan tahun 2022 sementara iki ijik dikecam nitizen .

Eenek sing ra percoyo nek iku  budaya sebuah desa ana Pacitan terkait ritual mahluk halus .
Jare Joko salah sijining anggota PWP Jakarta   ,,menungsa urip  iku ,, ora enek sing ngerti nek setan dolan iku pada udo... ...( Gustik,)











Jumat, 16 Desember 2022

BOHONG KPU & POLISI ORA BUTUH MEDIA..

BOHONG KPU & POLISI ORA BUTUH MEDIA..


Pacitan, 16.12.022.
Saiki lagi krasa , nek Media  dibutuhke banget KPU , Bawaslu lan Kepolisian utamane kanggo ngawal Pemilu tahun 2024.

Merga saking pentinge Media ,  KPUD lan Bawaslu Kabupaten  Pacitan bola bali ngenekne pertemuan  ( Media Gathering ) karo awak media sing ana Pacitan.

Miturut Anggota Komisioner KPUD Pacitan, Iwit Widi Santosa tanpa Media  KPUD , Bawaslu  Pacitan rada kesulitan menehi sosialisasi bab apa wae terkait Pemilu , opo maneh  jaman saiki kabeh serba Medsos sing berbasis Internet .

Komisioner KPUD - Kepolisian Pacitan 
Dalam acara Media Gathering.

Media Gathering dienekne ana Hotel Srikandi ( 16/12) ditekani pihak Polres Pacitan lan awak Media sing ana Pacitan.

Kasat Intel Polres Pacitan Sugeng Sugiyono sing teka makili Kapolres Pacitan sing alangan teka omong , Bohong gede '  yen KPU , Bawaslu lan Kepolisian Pemilu 2024 ora mbutuhke Media , tanpa Media Pemilu dinilai ora bakal sukses , sebab .! Media sumber dari segala sumber informasi sing dibutuhke masyarakat , utamane bab penyelengaraan Pemilu  lan sekaligus   informasi anane pelanggaran pemilu.

Bahkan Sugeng  omong , pertemuan antara KPUD lan Media nek isa diselenggarakne minimal sesasi pisan , merga peran media penting banget mungguhing wong ewuh geden Pesta Demokrasi .

Media uga diwenehi weruh , Tahapan Pemilu 2024 mlebu tahapan undian no urut Parpol peserta pemilu , no urut Partai tetep Pancet koyo Pemilu tahun 2019 kecuali Partai sing ora mlebu senayan., Masiho klebu partai lawas ananging tahun 2019 ora duwe wakil ning Senayan diundi maneh.

Terkait pitakone salah sijining wartawan sebab sebab Partai Umat ora lolos Pemilu , KPUD Pacitan ora ngerti alesane merga proses ana KPU Pusat ....( Gustik)



Kamis, 15 Desember 2022

LA MBOK SITOK ...Ka DINAS KEPILIH..DEWAN.

LA MBOK SITOK ...Ka DINAS KEPILIH..DEWAN.


Pacitan Ppos.14.12.022.
Gaung Pemilu Legeslatif tahun 2024 wis mulai , utamane para calon anggota Dewan periode tahun 2024-2029.

Mulai saka pengusaha , mantan kades,Tokoh masyarakat ,dokter nganti teka mantan Kepala Dinas kabeh wis mulai umeg mempersiapkan diri arep nyalon anggota dewan.

Klebu ana Kabupaten Pacitan , iki dina wis mulai rame ngumpulke masyarakat , lan pasang benner ana dalan dalan gede uga panggon panggon sing dianggep strategis.

Nek didelok figur sing arep nyalonke tahun 2024 , miturut pengamatan media   figur anyar sing pemilu tahun 2019 urung nate nyalon Dewan.

Enek dokter , mantan Kades , mantan Kepala Bidang , Blantik Wedus uga mantan Kepala Dinas ana Pemerintah Kabupaten Pacitan.

Miturut catetan wartawan ana Gedung DPRD Pacitan ,tokoh masyarakat sing kepilih dadi anggota Dewan anyar rata rata Tokoh Pemuda , Blantik wedus/Sapi,  lan mantan Kepala Desa .

Sementara mantan Pejabat Pemkab Pacitan mulai saka Camat , Kepala Bidang bahkan Kepala Dinas.... la mbok sithok nek enek sing kepilih.

Rata rata kabeh kegeden rumangsan, seolah nek wis dadi pejabat Pemerintah kui duwe basis massa , padahal fakta lapangan ,,duwit ,, sing bicara.

Ora sah ditutup tutupi , kabeh masyarakat wis ngerti , Nyalonke anggota DPRD Pacitan nek ora duwe duit 1 M tangeh lamun nek kepilih , kui pun kudu ngati ati ale ngecakne duit.
Kliru milih tim sukses iso diuntal boyo , kliru milih basis massa  iso diuntal ula.

Mulo nek arep nyalonke Dewan, Kepala Desa, Kepala Daerah  kabeh kudu ati ati, sebab demokrasi ning Indonesia paca Orde Baru  situasine wis rusak , kabeh serba dol tinukon, sopo sing duwe duit iku sing dadi....(ditulis Redaksi ):  Tulisan ini sebagai  bahan refrensi para calon anggota Dewan , Kepala Daerah sing arep maju ana palagan Pemilu lan Pilkada tahun 2024 ..









Minggu, 11 Desember 2022

KETH`EK 2 pada MINGGAT ' MENTARI HILL DIBUKA.....

KETH`EK 2 pada MINGGAT ' MENTARI HILL DIBUKA.....


Pacitan 12.12.022.
Resmi ..!
Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji mbuka Komplek wisata nan Cantik Jelita MENTARI HILL TAMPERAN PACITAN.

Dikancani Kapolres Pacitan  AKBP Wildan Albert ,  Dandim Pacitan  Letkol inf Roliyanto , Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono , Pejabat Kehutanan Jawa Timur , Dirut MH Dyah Mentari Putri , Komisaris MH Sugiharto , tepat jam siji awan  Komplek Wisata Mentari Hill pitane digunting Bupati ...thel..pita ..pedot.. tandane Mentari Hill wis oleh dikunjungi wisatawan.

Bupati Pacitan - Dirut MH  njajal  Foto ana pigura gede seolah ning njero alas pinggir segara.

Perlu dimangerteni..'
Komplek Mentari Hill Tamperan kejaba nyuguhke pemandangan Teluk Pacitan saka njero alas , uga enek tugu sejarah sing kabeh uwong ndisik ora ngerti, jare yo kui Tugu perjanjian perbatasan kekuasaan Majapahit lan Mataram .
Info saka protokol Acara Ndaru, Tugu dibangun sekitar tahun 1444 rikala Kerajaan Majapahit dijabat Prabu Brawijaya V.

Bupati , Ketua DPRD lan Dirut MH Foto bareng ana Tugu batas Pembagian Kekuasaan Kraton Majapahit - Kraton Mataram.

Bareng Wisatawan wis oleh mlebu ana komplek Wisata MH  srana bayar karcis sepuluh ewu , wisatawan pada gumun engatase ndisik alas gung liwang liwung , arep liwat wae pada wedi  lakok saiki dadi pemandangan sing endah banget lan luar biasa , jare Tiwit Alumni SMA tahun 79 sing sore kui gawa konco 15 uwong.

Tiwit uga gumun , kethek pirang pirang atus sing tukang gembrandul lan tukang kluyar kluyur ana ndalan Pacitan-Solo gek pada nyang ngendi ale minggat , sithok wae kok ra ketok ,...?  jane nek enek malah apik..yo cah.

Perwakilan gabungan SMPN I Pacitan th 75 lan SMA 271 Pacitan tahun 79 survy Lokasi Reuni bln Pebruari  2023 ,   foto ana salah sijining panggon  sing diincer taman Mentari Hill Tamperan pacitan.

Miturut Sambutan Dirut Mentari Hill Dyah Mentari Putri komplek sing dibangun lagi dadi sekitar 2 Ha saka 32 Ha Perencanaan Pembangunan , merga warga masyarakat Pacitan ora kanten ,akhirnya dibuka secara bertahap..

Dyah uga omong yen Usaha Wisata Mentari Hill Pacitan dibangun berkat kerja sama karo Dinas  Kehutanan Jawa Timur sebagai pemilik lahan..

Acara Soft Opening uga ditekani Mantan anggota DPR RI 3 Periode Nur suhud , Tim Otomotif Fortuner Club lan Keluarga Besar PT Tunas Subur sing awan ketok seneng lan sumringah merga salah siji kelargane ( Sugiharto ) dadi inisiator Mentari Hill sebagai Komisaris Subur Raya Persada..( gustik)






Jumat, 09 Desember 2022

GUNG ..WIGUNG..BOJOMU AYU..SUARAMU KUNG.. KOYO KUTUT RAJA.

GUNG ..WIGUNG..BOJOMU AYU..SUARAMU KUNG.. KOYO KUTUT RAJA.

dr.Wigung Wratsangka dan Istri Dani Wigung.

Pacitan Ppos, 10.12.022.
Ndisik pada gumun...
Direwangi wang tuwek niba tangi golek upa , bapake nuli macak dadi wayang uwong , ibune nuli macak sinden , saben wong ewuh kabeh dilakoni  yo muk arep golek duwit kanggo anak'e sing jenenge' Wigung Wratsangka ben iso Kuliah ning UGM sesuai cita citane'.

Wektu kui Pak Sutris lan bu Wawuk  bungah ora karu karuan merga akhire Wigung ketampa tenan ana UGM tur jurusane ora gemen gemen, jurusan bergengsi Fakultas kedokteran.

Dasar anak'e wong seni , masiha kuliah Wigung nyambi blajar ndalang lan kegiatan liyane sing sifate' ora adoh saka kesenian jawa .

Pada karo bapak ibune , wigung dwe modal suara apik  alias kung  ,  kaya swara  manuk kutut  klangenan Raja.

Bareng lulus UGM Fakultas Kedokteran , wong tuwane  ( pak Sutrisno lan Bu Wawuk ) ngangis ngguguk sewengi utuh merga  cita citane wong tuwek rumangsa bangga anake lulus dadi dokter , sing wektu kuwi  ana Pacitan klebu isih arang.

Bojone Wigung Dani ana Pernikahan Keasang Erina.

Kocapo..to..!
U urung pati suwe ale' dadi dokter , ujug ujug dr Wigung   ora praktek dadi dokter , ilmune  kedokteran blas ora dicakne'.

Wektu kui ana kabar manuk, yen Wigung bola bali entuk orderan Ndalang lan kejibah dadi MC manten , mula ilmu kedokterane ditinggal , Wigung pilih dadi MC.

Dasar Wong Pacitan ,! ibarat dom ceblok wae gampang krungu, berita wigung ora gelem praktek dokter , dadi rasanan wong Pacitan,  utamane kolega wong tuwane lan tangga tanggane Wigung ana Kelurahan Ploso Pacitan.

Piye to karepe Wigung kui..sekolah duwur bergengsi , ora malah dicakne ilmu doktere, kok malah mung  pilih tanggapan , apa yo wareg di enggo mangan..!

Sing sijine omong!
Halah wis ben to , dikapak kapakne  nangka ki nek ceblok ora adoh saka uwite , bapak ibune' pelaku seni , mesti nurun nyang anak'e , dadi yo wis ginaris uripe Wigung , jare warga liyane wektu kui.

Ibarat tumbu oleh tutup, dr Wigung Wratsangka oleh Bojo Ayu , gede duwur , mantan Artis Sinetron FTV , sing jenenge Dani .

Rejeki,pangkat,drajat lan pati pancen kuasane Gusti Allah,  dr Wigung sarimbit /  kanti gendera  ,,Pengantin Production,, sing bergerak khusus acara acara Pernikahan lan upacara adat jawa saya suwe saya maju lan ngrembaka.

Persasat kabeh Pejabat  mulai Presiden , Menteri  , Artis lan Pengusaha nganggo jasane Pengantin Production sing dikomandani Dani Wigung sing duwe paras Ayu lan gede duwur.

Terakhir dr Wigung lan Dani dino iki nyengkuyung acara pak Jokowi ngrabekne putra undil Keasang Pangarep - Erina Gundono sing akat nikahe ana Pendopo Agung Royal Ambarlukmo Jogjakarta Hadiningrat.

Saiki wong Pacitan kabeh  melu bangga anane popularitas Wigung sebagai pelaku seni asal Pacitan , titisan bakat pelaku seni wong Pacitan,  khususe seni Pewayangan , ora rugi lehmu ngeyel milih MC ketimbang dokter  mas Wigung..sukses..selalu..

.( Ditulis Gustik sebagai edukasi generasi muda Pacitan utamanya yang menekuni dunia seni , agar tidak zetengah setengah jika itu dirasa dunianya....)











Selasa, 06 Desember 2022

BUPATI NGETUT BURI BU EFI BUKA PAMERAN UMKM ANA GOR KUCUR.

BUPATI NGETUT BURI BU EFI BUKA PAMERAN UMKM ANA GOR KUCUR.

Efi Indrata Nur Bayu Aji mbuka Pekan Karya Inovasi ana Gor kucur Pacitan.

Pacitan 06.12.022.
Ora kabeh kegiatan Bupati Pacitan dinilai Negatif , ijik akeh kegiatan Bupati Pacitan Indrata  Nur Bayu Aji sing dinilai Positif marang warga Pacitan.

Buktine maeng esuk ( 06/12) Bupati Sarimbit  mbuka acara Pekan Karya inovasi UMKM  ana Gor Kucur Pacitan sing diketuani Ketua PKK Pacitan Ny.Efi Indrata NBA sing ora liyo bojone pak Bupati dewe.

Pekan Karya Inovasi sing rencanane digelar nganti tanggal 9 Desember 2022 iku miturut Kepala Dinas kominfo Pacitan Bambang Mahendrawan  dieloni saben Desa lan Kelurahan Pacitan.

Acara sing digelar ana pelataran Gor Kucur Pacitan jare mantan Sekdin Dinas Peternakan Pacitan iku tujuane menehi semangat marang ibu ibu PKK lan peserta UMKM Pacitan ben luwih giat mroduksi karya  opo wae sing iso didol .

Bupati menehi sambutan  ana Pekan Karya Inovasi sing diketuani Bojone Ny.Efi Indrata NBA.

Rata rata, peserta Pekan Karya Inovasi sing dino iki melu pameran  rumangsa seneng merga kegiatan bazar bazar , pameran lan Fashion liyane ijik arang digelar merga Pandemi Covid 19 sing urung bener bener sirna ,buktine ana RSD Darsono Pacitan ijik enek pasien Covid 19.

Jare bojone para Kades , yo ngene lho pak Bupati kegiatan iku sing dinilai  Positif , ibu ibu PKK seneng , warga masyarakat seneng , pengusaha cilik seneng lan tambah semangat ....ayo Bangkit Pacitan...Ayo..( gustik)






Minggu, 04 Desember 2022

GEGARA PROMOSI  DUKUN SANGKAL PUTUNG  TANGAN MALAH  Cu..kl`ek..!

GEGARA PROMOSI DUKUN SANGKAL PUTUNG TANGAN MALAH Cu..kl`ek..!



Pacitan Ppos.05.12.022.
Gara gara promosi sing idap idapi , akeh dukun sangkal putung sing bermasalah , akhire  berujung si dukun  .di k`e l`e r..ning kantor polisi.

Kedadean dukun sangkal putung di k` e l` e r polisi wis bola bali ,  rata rata merga praktek si dukun ngluwihi bates pengetahuan.

Hani Saputra ( 31) terpaksa diamputasi merga sikile malah bosok gara gara dipijet dukun sangkal putung , miturut dokter  RSD sing ora gelem disebut jenenge , Korban Hani terpaksa diamputasi ( ditugel )  sikile diduga berobat ning dukun sangkal putung sing sak benere dudu bidange nyambung balung sikil sing retak utawa mrenget.

Kasus Hani Saputra ' sing akhire dipedot sikile , Pihak Dinkes lan Rumah Sakit njaluk marang masyarakat sebagai pelajaran , ojo thik thik nyang dukun , sebab kabeh penyakit iku bidange petugas medis , opo meneh soal  sikil pedot ,, kudu,, ditangani rumah sakit utawa klinik klinik sing wis iso nangani bab balung mrenget , tangan cuklek lan liyo liyane..

Petugas Rumah Sakit lan Dinkes menehi penyuluhan warga  (korban ) dukun sangkal putung.

Terkait praktek Dukun Sangkal Putung Pihak Dinkes   menehi gambaran lengkap ,  Kudune dukun sangkal putung iku praktek'e ora luwih saka  praktek Teraphy , tapi piye ..! .kadang kadang kebablasan , cen angel tuturane jare petugas Dinkes Pasuruhan sing njegideg ora gelem ditakoni jenenge.

Kasus korban dipijet dukun sangkal putung zing  penyakite  malah mbabrah  sakjane kedadean meh sak Indonesia , klebu warga Pacitan sing uga kranjingan ngobatke wong tibo menyang dukun sangkal putung , tapi hasile malah ora mari mari.

Enek wong tibo sakjane  ora pati fatal ( muk kecengok) , saking percaya karo dukun , kekuarga sepakat  digawa nyang sangkal putung daerah  Palur Solo, sayang korban ora mari mari , malah wis 5 sasi ngathang athang ning kasur....parah ..parah wong nek wis Kami dukunen...( Gustik)

 









Kamis, 01 Desember 2022

PEMILU 2024 : BAWASLU BAKAL KEJEBAK LINGKARAN IBLIS.....?

PEMILU 2024 : BAWASLU BAKAL KEJEBAK LINGKARAN IBLIS.....?

Pacitan 02.12.022.
Ora maido  Badan Pengawasan Pemilu Pacitan    bingung ale arep format / model pengawasan Pemilu sing paling effektif kanggo mencegah pelanggaran.

Miturut Agus  Hariyanto anggota  Bawaslu Pacitan , kejaba antara Pil Pres  lan Pilihan legeslatif bareng , uga kondisi geografi Pacitan mayoritas pegunungan , ditambah dana sing lumayan cekak.

Aku kerjo ki sakjane ora pernah sambat , ananging Pemilu tahun 2024 iki bareng antara Pileg lan Pilpres , jare agus ' misale kingko enek wong menehi  sembako sing digawa Caleg , ternyata  bareng disidik jebul titipane Calon Presiden kan repot , mulo nek ra ekstrA ngati ati, bawaslu iso kejebak  rong kepentingan.

Ketua Bawaslu Pacitan  Berty Stevanus dalam sebuah acara sosialisasi antara lintas media di area pantai Teleng Ria.

Apa sing dikawatirke Bawaslu Pacitan dibenerke Ketua Umum Pacitan Couroption Watch ( PCW) Pacitan ( GTS).

LSM sing bidange nropong wong maling duite negara ,, iku njaluk ,,  marang BAWASLU lan  masyarakat Pacitan berperan aktif ngawasi gelaran Pileg Lan pilpres tahun 2024 , ojo nganti  justru Bawaslu, KPU lan liyo liyane malah terseret mlebu lingkaran iblis sing ujunge muk duit....duit..duiiit.

Ketua umum  PCW sing uga Owner  media Pacitan Post Group  omong..' yen wis mulai ngendus  ENEK oknum   Partai , dewan ,  oknum LSM , oknum Organisasi Masyarakat  Bahkan oknum tokoh Agama sing  wis mulai oyeng  golek posisi .

Para  oknum wis mulai mikir  piye carane ben  iso mlebu lingkaran Pileg lan  Pilpres tahun 2024 , sing diburu  jelas ..! yo muk duit setan sing dipangan  iso sensara 5 tahun , tambah  ketua PCW tanpa teding aling aling.

Sementara Ketua Bawaslu Pacitan Berty Stefanus  omong yen Pilpres tahun 2024 cukup gawe puyeng sirah , merga Pemilu tahun 2024 klebu Pemilu Raya , kabeh serba bareng , utamane antara Pileg lan Pilpres.

Tapi Mantan Sekretaris KPU Pacitan iku uga ngaku Siap melaksanakan Tugas seberat apapun.
Bawaslu siap ngindik wong sing arep aweh aweh nda, engko nek terbukti nyogok suara ,tak lebokne penjara..jare Berty serius.

Yo muk mukin Berty lali , umpomo sing nyogok ling kekuasaan opo yo wani...?
Ditakoni ngono Berty panggah omong ORA GAGAS  pokoke Gaaas..jare Berty..!

Yo muk ngene gus ! Tenagaku ki sitik , danaku cekak , kiro kiro Pemkab lan Dewan iso nambahi ora gus..! Tulung yo kandakno  gus....( Gustik)













Rabu, 30 November 2022

SUNAN KALIJAGA OBONG ALAS...!

SUNAN KALIJAGA OBONG ALAS...!

Sunan Kalijaga anak Bupati Tuban Jawa Timur .

Tulisan ini sambungan dari kisah tim balap jaran Pacitan keblasuk mistis ana Petilasan Ki Sunan Kalijaga.

Pacitan 30.11.022.
Komplek Petilasan Sunan Kalijaga ana Dusun Banyu Urip  Kelurahan Jatimulyo Kecamatan Dlingo Kabupaten Bantul DIY Jogjakarta saben dinane dirumat lan dijaga juru kunci wedok Ny.Suraksa Warih.

Ny ML Suraksa warih juru kunci turunan saka bapak biyunge sing njaga petilasan Sunan Kalijaga mataun tahun ana dusun Banyu Urip  -Jatimulyo - Dlingo - Bantul.

Sayang ana aturan khusus sing digariske Sinuwun Sultan Hamengkubuwana kaping X  penguasa Kraton Ngayogja Karto Hadiningrat  marang kabeh Suraksa, klebu Ny .Ml Suraksa Warih  ORA entuk Wawancara tanpa ijin Dalem Kraton.

Sendang Panguripan klebu Situs sing dijaga kelestariane saka Pemerintah.

Ananging  saka pandangan mata Media sing dino kui  telung jam ana komplek petilasan Sunan Kalijaga, tamu tamu luar kota  mlebu metu ana njero patilasan Sunan Kalijaga .

Bangunan Petilasan sing  arupo cakruk cilik , sing sampinge mancur sumber banyu diperkirakne umure atusan tahun seiring sejarah perjuangan Sunan kalijaga sekitar tahun sewu limang atusan , sumbere ranate asat masiho usum ketigo.
 

Miturut warga sekitar Dlingo ,  sendang panguripan Jati Mulya saben dinane akeh ditekani tamu sing pingin ngalab berkah, biasanipun sing kathah saking luar kota , jare ibu Tari  tangga desa Jati Mulya .

Praktek ngalap berkah dipandu juru kunci sandang panguripan  Ny.Ml Suraksa Warih.
Srana sak genem kembang boreh , dupo lan banyu sendang asli.

Tamu digawa mlebu ,dijak dongo bareng bareng , dituntun Juru Kunci  Ny.Suraksa Warih sekitar 1 jam , jopo mantra lan dongane kabeh ora  enek sing krungu kecuali sing ngalap berkah dewe.

Metu saka ruang doa  , tamu diarahke kudu adus lan ngombe  banyu sendang. Sing menarik, tamu luar kota yen mulih ora entuk  mondag mandeg lan kudu bablas langsung teka omah.

 !  Patilasan Sunan Kalijaga miturut buku cerita babat tanah jawa dan penyebaran agama Islam.......( Bersambung ke edisi berikutnya...)























Senin, 28 November 2022

TIM BALAP JARAN PACITAN KEBLASUK MISTIS ANA PETILASAN SUNAN KALIJAGA DLINGO BANTUL

TIM BALAP JARAN PACITAN KEBLASUK MISTIS ANA PETILASAN SUNAN KALIJAGA DLINGO BANTUL



Pacitan Ppos.17.11.2022.
Kisah  nyata & mistis  dialami  Rombongan Balap Jaran asal Pacitan ana daerah sekitar  alas Jati Mulyo Bantul Jogjakarta Minggu  ( 27.11.022 ) sekitar pukul 15.00 wib.

Rombongan  balap Jaran Pacitan sing keblasuk mistis ( Sugiharto / pemilik kuda, Jarot Mustofa / Foto Grafer & Gustik Wartawan Senior Pacitan Post Group)

Makam sunan Kalijaga di Kadilangu Demak Jawa Tengah.
Awal critane ,  rombongan nekani kompetisi balap jaran ana Stadion Sultan Agung Bantul Jogjakarta.

Urung bar ale balap Jaran pemilik kuda Sugiharto ujug ujug njaluk bali menyang Pacitan lewat dalan sidatan Imogiri Pathuk Gunung Kudul.

Tim Balap Jaran Pacitan ngopi ana puncak Becici sak durunge keblasuk mistis.

Perjalanan lagi teka makam raja raja imogiri ,  Sugiharto ( pemilik kuda balap ) ujug ujug mak clemung pingin ziarah menyang Makam Raja Raja  Mataram imogiri Bantul Jogjakarta.

Ananging penjaluk'e Pemilik Jaran Sugiharto  mampir nin Imogiri ora dituruti konco konco merga perjalanan mulih pacitan ijik adoh.

Tekan obyek Wisata Mangunan  lan Puncak Becici  Bantul  enek deretan mobil Tour merek  Jimny diparkir  akeh banget ana sekitar obyek wisata Puncak Becici.

 Ujug ujug  sugiharto  mak kluwer mlebu parkiran Jip Jimny sing lagi ngunggah ngudunke Pengunjung , usut punya usut Sigiharto kepincut Mobil modifikasi .

Rombongan mandeg ana parkiran Jip Puncak Becici.

Ternyata : Sugiharto pingin tuku mobil Tour Jip Jimny Modifikasi , ,arep dienggo,,  fasilitas obyek wisata   Anyar Mentari Hill Tamperan Pacitan , jare Suge`k...iki aku langsung tuku limang unit tak nggo jurusan Mentari Hill- Pancer Door, Mentari Hill Sentono gentong . mentari Hill Alon Alon Pacitan.

Bubar tawar menawar rombongan budal mulih Pacitan via Desa Beji ,Sambi pitu Pathuk Gunung Kidul.

Kocapo..!
Mbuh merga mistis opo sebab liyo, ujug ujug mobil mlebu menyang Wit ringin gede jejer telu sing dibungkus kain putih, mungkin merga kabeh kami tenggengen wong telu ora iso omong blas meneng njekitet..

Setengah sadar Rombongan koyo dituntun mudun mlaku nyang wit ringin , wong telu soyo ndredeg merga ambune dupo sekitar lokasi luar biasa menyengat , ngalahne ambune  dupo sing dibakar dukun dukun ana Pendopo Pemkab Pacitan nalika acara Ruwat Jagad.

Merga kulino liputan mistis ,  Gustik  njaluk di Foto menyang cameramen Jarot Mustofa.

Iki yo ujug ujug maneh, Jarot karo Sugiharto ujug ujug mlaku ora sak baene menyang omah cilik sing saja njaba krungu wong gremeng gremeng , setengah koyo wong. Ndongo..!

Cameramen Jarot Mustofa njaluk difoto ana petilasan Sunan kalijaga ana Dlingo Bantul.

Ternyata bener..' gremeng Gremeng sing asale saka  njero petilasan  ,, Juru Kunci mimpin dongo lan mantra ,, peziarah saka luar kota..
Hebate juru Kunci petilasan Sunan Kalijaga Wedok  ingkang paring asma Ny ML Suraksa Warih ( bersambung ke edisi berikutnya  dan  cerita ini diambil dari kisah  perjelanan  mistis rombongan balap Kuda dari Pacitan).....









PACITAN Dilokne' Penduduk''e Jarang KETOK  ..Asem Kecut...

PACITAN Dilokne' Penduduk''e Jarang KETOK ..Asem Kecut...

Ilustrasi Rumah Jarang Penduduk di Pacitan.

Pacitan ppos.27.11.022.
Gara gara Kabupaten Pacitan tercatat kota paling sepi lan mlarat sak jawa Timur , Media ( JNW ) sak udele dewe ale mberitakne bab kota  Pacitan .

Saking sepine kota Pacitan , wartawan JNW  meng ilustrasikan seolah penduduk'e  kota Pacitan jarang ketok .
Sing megelne eneh , nek arep ndelok wong Pacitan kudu nunggu moment.

Narasi sing dibangun Berita Jatim ,  seolah ngajak pembaca ,, urip ning Pacitan ,, seolah koyo urip ning pedalaman Papua utawa alas Amazon.

Tendesi  wartawan ( JNW) sing beritakne kondisi urip wong Pacitan ternyata muk didasarke  catetan Pemkab Propinsi Jawa Timur  terkait jumlah / kepadatan  penduduk Pacitan .

Pendopo Pemkab Pacitan kala merayakan HUT RI.
Luas kota Pacitan pancen klebu ombo dewe sak jawa timur sak ngisore Jember,Banyuwangi lan Lumajang, luase sekitar 1.389.92 km2.

Cuma sayange geografi kota Pacitan  85 % daerah pegunungan , dadi yen  gawe omah wong pacitan terpencil pencil disesuaikan kontur lemah.

Opo meneh jumlah penduduk kota Pacitan sesuai Catatan Sipil Jawa Timur muk sekitar 589.000 ora sebanding karo luas wilayah sing klebu ombo.

Ananging sak jane yen diarani kota Pacitan paling sitik penduduk,e' sak jane   yo ora ,  merga ijik enek Kabupaten Mojo kerto sing penduduk'e muk  sekitar 135.000 , cuma  luas  wilayah Mojokerto  ciut , ditambah 99,9  % tanah datar lan perkotaan ,kejaba cedak Ibu kota Jawa Timur.

Pantai Indah Kasab Watukarung Pacitan

Nek didelok saka kontur Wilayah kota pacitan , umpama enek wong kesasar ning daerah pinggiran utawa pegunungan , pancen koyo koyo  ning alas gung liwang liwung , bengak bengok ora enek wong krungu.

Sementara kondisi urip ning kota Pacitan soal keramaian tetep rame' , ora gek digebyah uyah MUNCULE wong Pacitan seolah sak wayah wayah , koyo urip mistis ning pedalaman. 

Wartawan JNW mungkin lali , masiho wong pegunungan Pacitan  arang ketok,  tapi nek ngarit utawa ripik  kabeh wis gawa HP yo..!

Cuma yen kecatet Pacitan  klebu penduduk paling mlarat  sak Jawa Timur , pancen ora enek sing iso nyelak'i..tapi eling.Cak ' .wong pacitan 95 % pada wis duwe omah dibanding urip ning perkotaan sing rata rata ijik nyicil utawa kontrak..( gustik)












Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done