PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 29 Januari 2023

Mentoro...OMAH SIJI DISIKAT LESUS...

Mentoro...OMAH SIJI DISIKAT LESUS...


Pacitan Ppos 30.01.023.
Angin lesus sing lumayan gede, nerjang daerah Pacitan ( minggu 30/01) sekitar jam 17.00 wib)
Daerah sing terdampak rada parah,  dusun duduhan Desa Mentoro Pacitan, utamane RT 02 Rw 02.

Rata rata , payon omahe warga enek sing diorak arik angin, salah siji omah sing parah kegawa angin yo kui omahe Udik sing atap omahe ilang kabeh.

Muturut andi sing kebetulan ngarit ning sawah Kedawung Mentoro ,, meruhi ,, lesus ireng ketok genteong saka arah kulon  nerjang kabeh omah tengah sawah.
Lesus teko aku ndelik ning galengan mas ambi turu, ngerti ngerti mak kropyak seng seng  garasi omahe pak udik kebur kabeh, jare andi.

Rumah Warga Dusun Duduhan yang atapnya terbang di terjang lesus.

Nganti berita iki ditulis, urung enek laporan korban jiwa saja warga  dusun utawa desa liyane , rata rata muk gendeng mlorot utawa gigol.

Gagarin Wakil Bupati Pacitan , njaluk marang kabeh warga Pacitan ati ati anane angin gede / lesus sing pirang pirang dino iki nerjang kota Pacitan .
Tokoh sing paling disegani ana Pacitan iku , pesen ojo sok ngeyup ning sor uwit gede , sebab rawan sempal lan ambruk...( Gustik)









Jumat, 27 Januari 2023

GAMBLES ..!  GAMBLES..! WALI KOTA kok DIRAMPOK  WALI KOTA masiha mantan..Wong BLITAR isin Pol...

GAMBLES ..! GAMBLES..! WALI KOTA kok DIRAMPOK WALI KOTA masiha mantan..Wong BLITAR isin Pol...

Mantan Walikota Blitar Samanhudi dikeler merga  dadi otak perampokan wali kota Blitar Santoso.

Pacitan Ppos.27.01.023.
Sakjane wong Blitar wis  ngerti kabeh profil  Samanhudi sak durunge dadi Walikota Blitar.

Jarene.....!
Wonge sangar , keras , lan terkesan ugal ugalan.
Mbuh merga donyo wis tuwek opo kepiye, masiha Samanhudi duwe sifat minus, faktane Kader PDI Perjuangan iku pernah dadi Ketua DPRD Blitar 1999-2004.

Tahun 2005 - 2010 M. Samanhudi Anwar kepilih dadi Walikota Blitar dilanjut tahun 2016 uga kepilih dadi Walikota Blitar sing ke Ke pindo.

Sayang lagi setahun dadi Wali Kota Blitar periode 2 , Samanhudi ditangkep KPK merga diduga  korupsi / suap proyek pembangunan sekolah.

Kocapo ..!
Lagi telung sasi metu saka Penjara , mantan Walikota Blitar iku ditangkep maneh merga aksi nyleneh lan ora ketemu nalar , yo kui Ngrampok Wali Kota Blitar Santoso sing ndisik  pernah dadi wakil Walikotane.

Ngerti Samanhudi dadi otak perampokan wali kota  Blitar Santoso , warga Blitar kaget setengah mati , rata rata kabeh wong Blitar isin pernah duwe Walikota Perampok.

Iki dino Samanhudi ditahan  Polda Jawa Timur,  diduga dadi otak perampokan Walikota Blitar Santoso sing rugi sekitar 800 juta.

Samanhudi ditangkep, merga perampok sing jumlahe 4 dibekuk sak durunge sesasi kepungkur , wong papat ngaku kabeh , yen sing ngongkon Muhammad Samanhudi Anwar.

Nganti berita iki ditulis , urung pada ngerti motif sak benere , Mantan Walikota Blitar ngrampok Walikota Blitar, kok aneh jare witono warga Kalang bret Blitar.

Samanhudi dibergol tangane, digiring menyang Suroboyo lan ditahan.
Mungkin sak donyo lagi iki , enek ,, MANTAN WALIKOTA  NGRAMPOK  WALIKOTA...Aneh! ...aneh...Bumi wis tuwek...( Gustik)

Wong nek judeg ati, kudu golek bebek goreng Sinjai Tirto Wening Mentoro Pacitan.



Kamis, 26 Januari 2023

NUMPAK RX KING.. ole'ng...GEK mati Keplindes....!

NUMPAK RX KING.. ole'ng...GEK mati Keplindes....!


Pacitan Ppos , 27.01.023.
Sakjane kabeh wong tuwek , ale'  ndremimil.. ngandani anak anak'e ora kurang kurang , le nek numpak odhok ( sepedah montor) ojo banter banter , kutha Pacitan saiki wis mulai rame kaya kutha gede.
Nek budal sekolah ojo mepet mepet, nek mulih sekolah ojo balapan .

Dasar bocah saiki , dikandani wang tuwek  ngiwi iwi , dituturi gurune mledingi silit. Akhire bola bali kecelakaan , enek sing njungkel karepe dewe lan enek sing tabrak'an karo kendaraan liya.

Jumlah pelajar ning Pacitan sing kecelakaan ning ndalan wis memprihatinkan , bola bali pres ..bola bali pres , nek ra mati , babak bunyak  utawa cacat seumur hidup.

Koyo korban Muhammad Dicky (16) , bar sekolah jawane arep mulih menyang Tulakan , mbuh piye critane ujug ujug sepeda montor RX KING oleng nengen, ndlalah saka etan enek mobil box lewat..langsung Pres..ndusur.. mati.

Korban Diky ditemokne ana sor bemper mobil box.

Miturut Kasat Lantas   Polres Pacitan AKP Siswoyo , korban Dicky ditulung warga posisine ning sor bemper sisih tengen mobil box nopol AB 8605 GD.

Kanggo pengusutan , Sopir mobil Box Untung Supriyono (30) , warga desa Purworejo Pacitan dijaluk'i keterangan polisi , mobil box lan sepeda motor korban AE 6011 XE diangkut menyang polres Pacitan .

Perlu dimangerteni , Muhammad Dicki Setia Ananda , ternyata  siswa SMK Kebonagung Pacitan klas 10.
Lokasi Kedadean Kecelakaan jalan Pacitan -Lorok KM 14  , dusun Gawang Desa Ketro Kebonagung Pacitan....( Gustik)



DEMOKRAT  resmi dukung  ANIES , SBY age' age' MULIH PACITAN men`eh

DEMOKRAT resmi dukung ANIES , SBY age' age' MULIH PACITAN men`eh

Anies Baswedan Resmi di calonkan Demokrat.

Nasional Ppos.26.01.023.
Akhire Partai Demokrat resmi njagokne Profesor Anies Baswedan sebagai Calon Presiden Republik Indonesia periode tahun 2024-2029.

Keputusan Partai besutan SBY disiarke' langsung ketua Umum Partai Demokrat Agus Harimurti Yudhoyono ( rabu 25 Januari 2023).

Putra mbarep SBY iku langsung njaluk marang mitra koalisi ( Nasdem-PKS) gawe kantor Sekretariat Bersama) kanggo persiapan penyusunan program lan strategi Politik).

Ketua Umum Partai Demokrat  dukung Anies Presiden 2024.

Dukungan Partai Demokrat usung Anies, ternyata ora main main, faktane SBY sing lagi mulih saka Pacitan seminggu kepungkur, iki ujug ujug bali meneh menyang Pacitan.

Ora gemen gemen, SBY persasat meh  gawa kabeh mantan mentrine ana kabinet Indonesia Bersatu ( KIB) , ana Andi Malarangeng, M.Nuh , Joko Suyanto , Jero Wacik , Syarif Hasan lan liyo liyane.

Informasi tekane SBY menyang Pacitan maneh, dibenerke  DPC Partai Demokrat Pacitan Arib Setyo Budi,  kabeh Rombongan SBY numpak  bis jumlahe loro ditambah mini  bis lan mobil cilik liyane.

Jare Arib , Koyo biasane, SBY bakal nginep ana Wisma Drupadi komplek Musium SBY- Ani  ana Jls  Kelurahan Sidoharjo Pacitan.

Sak suwene ana Pacitan , sesuai berita sing wis beredar,  SBY bakal koordinasi penuh internal Partai Demokrat , utamane terkait Dukungan PD menyang Anis Baswedan sebagai Calon Presiden RI periode tahun 2024-2029.

Seumpama  dukungan PD menyang Anies Baswedan mulus ( sesama Mitra Koalisi Nasdem lan PKS  ) diperkirakne Warga Pacitan solid dukung Anies , minimal 80 persen Rakyat Pacitan dukung Anies.

Prakiraan mayoritas Warga Pacitan solid dukung Anies, disampekne anggota DPRD Pacitan sing uga Kader Nasdem Hariawan, ST.

Anggota Komisi IV DPRD Pacitan iku yakin, Warga Pacitan ..pyuuk..bakal dukung Anies Baswedan.
Opo meneh..!  koordinasi Politik'e  dipusatne ana Musium SBY, yakin warga Pacitan bakal manut opo sing didawuhne pak SBY...semrinthil....semrinthil..wong Pacitan.....( Gustik)
Ojo lali dahar bebek gustik sing ning Jakarta ora enek , dijamin nikmat lan puas.

Selasa, 24 Januari 2023

KPUD REKRUT ASN DADi PPS ORA SAH..?

KPUD REKRUT ASN DADi PPS ORA SAH..?


Pacitan 24.01.023.
Maeng esuk ( 24/01) ana Gedung Gasibu Pacitan kabeh Panitia Pemilihan Suara (PPS) sak Kabupaten Pacitan resmi dilantik, lan ditekani  Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji uga pejabat liyane.

Saking ramene , suasana pelantikan  kaya pasar malem Agustusan , kabeh sumringah ,ati padang merga arep entuk bayar gede.

Jenenge wae ati seneng, meh kabeh peserta oyeng ale arep selpi dewe dewe- sing kadang  ketok norak lan ngluwihi bates, tapi kabeh perlu dimaklumi,  merga pasca pandemi kegiatan gede yo lagi iki.

Masiho ora akeh , pelantikan PPS Pacitan  sing jumlahe ewon , ketok melu katut PNS lan honorer  dilantik PPS , masiho ketok muk pirang eler .

Ketua KPUD Pacitan Sulistyorini , ngakoni yen anggota PPS sing dilantik enek sejumlah PNS lan tenaga Honorer , tapi muk sitik mas , muk  piro ngono lho, sesuk tak etunge maneh, aku ora apal Jawab bu Sulis..

Perekrutan PNS lan Tenaga Honorer dadi PPS , nganti seprene sakjane jik  beda paham / kontroversial.
Pihak KPU nganggep ora masalah ASN ,PKH lan tenaga Honorer direkrut PPK/PPS sebab jabatan  bersifat ad Hoc (sementara ) lan ora kudu mundur,

Sing repot, peryataan Hasyim As'ari Ketua KPU RI dimentahne  ketua DKPP KPU Heddy Lugito. 
HEDI omong  yen perekrutan PNS lan tenaga honorer  nyalahi aturan lan ora sah.

ASN , tenaga  honorer lan  PKH  wis dibayar duit saka APBN ora entuk double, sekalipun muk bersifat  ad Hoc pemilu 2024,  tegas Lugito dilansir antar Media.

Perlu dimangerteni , tenaga PPS-PPK klebu lumayan gede , Ketua PPK sekitar 2.500.000 , anggota sekitar 1.300.000.
Mulo ojo kaget nek perekrutane kadang kontroversi .
Kabar manuk , soal tes bocor ..wis dadi rahasia umum ..sopo sing cedak ..kui sing untung...! ( Gustik)




Jumat, 20 Januari 2023

GARA GARA SENAM NING NJERO MEJID PACITAN DIKECAM SAK INDONESIA...

GARA GARA SENAM NING NJERO MEJID PACITAN DIKECAM SAK INDONESIA...


Pacitan , 20.01.023.
Wis wis ..gara gara muk sepele, ibu ibu senam ning masjid Apung Pancer Door, Pacitan dadi berita Nasional , awan bengi TV Nasional, Media Nasional kabeh  mberitakne aksi elek ibu ibu.

Masiho ibu ibu wis njaluk ngapuro menyang masyarakat lingkungan ,  utamane KH.Fuad Dhimyati, berita berita ibu ibu igul igul ning masjid apung nganti seprene  ora mandeg mandeg.

Iku urung japri personnal saka luar kota, sing rata rata ngecam tingkah laku ibu ibu sing endel senam ning njero masjid , masiho pihak Kepolisian wis memfasilitasi lan mendamaikan, ternyata berita berita ibu ibu senam isih terus dadi topik Nasional.

Bambang Mahendrawan Kadis Kominfo Pacitan.

Miturut Kadis Kominfo Pacitan B.Mahendrawan makili Bupati Pacitan , ajak masyarakat waspada sak durunge aktivitas , ojo nyleneh nyleneh , sekirane arep dadi masalah ojo dilakoni.

Kedadean ibu ibu senam ning njero masjid apung wingi, kudu didadekne koco brenggolo , barang sepele merga ora ati
 ati, ndadekne gendra secara Nasional sing nganti seprene urung mandeg, seolah perilaku wong pacitan ora duwe sopan.

Saking menyesalnya ibu ibu pesenam yg dikecam seluruh indonesia tadi siang mengadakan shalat berjamaah dan yasinan di masjid apung pancer door pacitan.

Mahendrawan nambah ake, ibu ibu sing rata rata kabeh lansia, karepe arep kegiatan urip sehat srana olah raga rutin , jalan sehat, senam lan liyo liyane, kudu juga diapresiasi , soal kesalahan  ibu ibu wong urip akeh salahe..ayo podo di ngapura , mandeg ale menghujat.., tegas Mahendra.

Ronny Wahyono Ketua DPRD Pacitan , melu prihatin bab berita ibu ibu senam nng njero Masjid.
Putra alm H.Suyono iku uga yakin, ibu ibu sing wis sepuh kabeh ora duwe tendensi opo opo, kecuali kilaf.
Ronny setuju, peristiwa iku dienggo pembelajaran kabeh..( tim)





Selasa, 17 Januari 2023

GEGER IBU IBU ENDEL SENAM NING MEJID APUNG..BLAS RA GABLEK ISIN.

GEGER IBU IBU ENDEL SENAM NING MEJID APUNG..BLAS RA GABLEK ISIN.



Pacitan Ppos.17.01.023.
Ora enek angin ora enek udan, ujug ujug jagad maya dihebohne  aksi ibu ibu senam ning masjid Apung Pancer Door Pacitan.

Masjid sing diprakarsai Kh Fuad Dimyati , pimpinan Pondok Pesantren Termas iku , di j'eg j'eg..ibu ibu sing ketok'e kabeh Katrok) alias ora duwe isin.

Tentu wae aksi ngawur ibu ibu sing  Senam ,, igul - igul - endel ,, iku dihujat wong sak Indonesia, merga foto foto senam'e langsung dahsyat  nyebar teko endi endi.

Persasat kabeh wong Pacitan gumun,  ingatase Mesjid , kok iso nggo senam , selagine senam ning halaman masjid wae dikecam.

Miturut Polisi Pacitan, personnel Senam iki dina lagi arep di golek'i , sopo wae , saka endi lan tujuane opo, kok nekad senam ning njero mesjid.

Tapi sing pasti, Enek Organisasi kemasyakatan Pacitan sing arep gawa ana ranah Hukum. Group senam ibu ibu endel iku dianggep pelecehan agama. 

Imam Subeki , saka Aliansi Bhineka Bangsa , selaku umat muslim rumangsa risih lan isin merga monumen suci sing arupo mesjid di jeg-jeg wong senam, iku wong wedok do rawaras , tangkap..
jare subekti .

group pesenam wedok , ra ngerti papan igul igul ana njero mesjid Apung Pacitan, langsung dihujat wong sak ndonyo.

 Sing an'eh !.
Wektu arep senam kok iso entuk ijin saka takmir Masjid Apung , opo mungkin petugase do mulih trus nyolong nyolong, lha iki sing dadi pertanyaan, netizen..

Merga lagi anyar ,laporan masyarakat menyang polisi , informasine  urung iso nindak lanjuti , tapi imam Subekti saka Bineka Bangsa tetep arep ngawal, ulah ibu ibu sing berperilaku endel ,senam igul igul ning njero masjid..( tim)





Senin, 16 Januari 2023

WONG WONG  KAGET  DUA LIPA MUSLIMAH..ternyata ..!

WONG WONG KAGET DUA LIPA MUSLIMAH..ternyata ..!

Penyanyi Top Dua Lipa asal Inggris ternyata seorang Muslimah.

Internasional 15.01.023.
Penyanyi seksi Asal Inggris ,  sing iki dina paling top  ning ndonyo ,  ternyata seorang Muslimah.

Pantes wae  kabeh dulure Islam , wong Biduan  Seksi ,,Dua Lipa ,, asli keturunan Albania sing mayoritas penduduk'e Islam .

Penyanyi Dua Lipa , ora muk jawara nyanyi,tapi uga jawara nulis lagu lan musik kreator handal.

Penyanyi Top Dunia Dua Lipa tampil seksi
Ternyata Muslimah.

Penyanyi kelahiran 22 Agustus 1995 iki kejibah dadi penyanyi  pendatang baru terbaik lan entuk gramy album tahun 2022.

Dua lipa diwartakne Pacaran / urip bareng karo Anwar Hadid ( adike Gigi Hadid ) podo podo muslim.
Tapi sayang ! Penyanyi sing kerep tampil fulgar iku diberitakne putus.

Penampilan seksi Dua Lipa , miturut Imam Sofingi budayawan asal Jakarta, patut disayangne , akeh mudarat'e timbang manfaate , wong islam ora bangga mas, tapi prihatin, kumbul kebo sak geleme..kok bangga, jare sofingi lewat telpon.

Terlepas gaya kontroversi ,, Dua Lipa,,  minggu wingi Pemerintah Albania menehi penghargaan arupo KTP albania , 
Alesane , Albania populer merga Dua Lipa...( Gustik)





ISU RONNY NJALUK KANTOR PD PUCANG SEWU SALAH....SING BENER DEMOKRAT TUKU MANEH...!

ISU RONNY NJALUK KANTOR PD PUCANG SEWU SALAH....SING BENER DEMOKRAT TUKU MANEH...!


Pacitan Ppos 15.01.023.
Peresmian Kantor DPC Pacitan sing anyar , ternyata dadi isu liar ora karu karuan ning masyarakat , utamane wong sing tukang spikulasi.

Enek crito , Partai Demokrat Pacitan tuku kantor anyar , merga kantor lawas ana  ( desa Pucang Sewu)  dijaluk keluarga almarhum Bupati Pacitan H.Sujono.

Tentu wae kabar manuk iku, ora ngepenakne atine Ronny Wahyono , putra alm Bupati Pacitan H.Sujono iku bantah yen kantor lawas dijaluk keluargane.

Ketua DPC Demokrat Indrata NBA &Ketua DPP PD AHY ngresmekne kantor anyar DPC PD Pacitan ,lokasi ngarep Makam Kucur Sidoharjo.

 Ronny Wahyono tegas , Kantor lawas Pucang Sewu tetep digawe Kantor DPC Demokrat Pacitan  ( khusus kanggo Rapat/ Pertemuan).
Sedang kantor anyar , dikhususke kanggo kegiatan administrasi lan koordinasi para kader, tambah Ronny dihubungi via telpon.

Sementara Arif Setyo Budi uga omong , DPC Partai Demokrat Pacitan ora pindah , tapi nambah aset , tulung sing tukang gawe isu mandeg , ojo digoreng mrono mrene, jare  Tokoh sing saiki dadi Ketua Fraksi Demokrat Pacitan.

Perlu dimangerteni, wingi awan (15/01) Ketua umum Partai Demokrat AHY didampingi EBY , Wakil Gubernur Jatim Emil Dardak, Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji ngresmekne kantor PD sing anyar ( bekas Hotel / Cotage Bumi Harum Kucur Pacitan.

Putro mbarep SBY iku omong ,Kantor anyar PD Pacitan  yo kui siji sijine Kantor DPC sak Indonesia sing jumlahe enek loro, muga muga tambahan kantor anyar iki ndadekne kader tambah semangat , Demokrat tambah gede, tegas AHY disambut riuh tepuk tangan kader kader Demokrat sing teka.

Informasi sing ditompo media, Kantor Demokrat Pacitan , ale tuku menyang Wiwit Bumi Harum 1,7 M.., yo muk sayang enek sing alok , kantor Partai kok bekas ...( Gustik)










Rabu, 11 Januari 2023

Viral : BOJONE MESSI DITLORONG ANAK'E NGANTI NGGEBLAK...!

Viral : BOJONE MESSI DITLORONG ANAK'E NGANTI NGGEBLAK...!


Internasional Ppos 11.01.023.
Ana jagat maya  Viral : Anak'e Leonel Messi sing mbarep Tiago,   nlorong ibune saka mburi nganti  nggeblak.

Didelok saka vidio,   awal critane  bojone Messi Antonella Roccuzzo  guderan karo anake Messi nomer loro ( Mateo ) , bojone Messi  mlebu  lapangan ,, nggocek,, bal karo nyangking  omben ( minuman).

Masio wedok !  bojone Messi ketok pinter ale gocek bal , maklum bojone Pemain top dunia , raketang sitik mesti iso.

Bojone Messi, Antonella Roccuzzo guderan karo Mateo ( anak nomor 2).

Sayang pas enak enak'e  Antonella ggocek bal karo Mateo , ujug ujug saka mburi Tiago Messi ( anak mbarep Messi)  nlorong sikile' mamak'e  saka mburi .

Tentu wae , Antonela sing ora ngiro Tiago arep nyrobot bal saka mburi ,, kaget ,, langsung nggeblak ana  lapangan.

Bojone Leonil Messi  Antonela nggeblak ditlorong saka mburi Tiago Messi  (anak mbarep) Mesi.

Vidio Viral durasi 30   detik ora njelasne, bojone Messi boyok'e lara opo ora , tapi nek ndelok tibane nggeblak , minimal bokonge' Antonela kelaran.

Vidio uga ora njelasne, kapan peristiwa bojone messi ,, Geblak,, ditlorong anak'e saka mburi.

Sing pasti , saben saben keluarga Messi aktivitas , kabeh dadi sorotan dunia , maklum Leonel Messi dianggep Pahlawan Bal Balan ana Argentina.

Jenenge Bocah rung duwe duga / urung ngerti gampeng , masiho bar nlorong mamak'e  , yo wis ora ngawak'i..ealah jejenge bocah....( Ulasan saka Vidio Viral saka Argentina ,  khusus aktivitas keluarga Leonil Messi )







Selasa, 10 Januari 2023

KOFIFAH NEK SIDO DIGANDENG ANIS...JATIM ..PYUUK..! IKI NING PACITAN WONGE..!

KOFIFAH NEK SIDO DIGANDENG ANIS...JATIM ..PYUUK..! IKI NING PACITAN WONGE..!

Gubernur Jawa Timur Kofifah Ngresmekne kreteg Kembang Pacitan.

Pacitan, 10.01.023.
Pemilihan Presiden RI  ijik setahun , tapi kabeh medsos wis rame nggunggung Calon jagone dewe dewe .
Masiho kadang gunggungane  gguyokne  , tapi ora popo sing penting rame.

Jenenge imajinasi pemilih , kadang koyo koyo serius , kadang mbah dawut , tapi uga kadang tenan.

Nganti dina iki calon sing wis moncer , Anies Baswedan , Ganjar Pranowo , Prabo Subianto , Puan Maharani lan Erick Tohir.

Calon Wapres sing wis digadang gadang , Kofifah Indar Pawaransa , Sandiaga Uno  lan Agus Harimurti Yudhoyono.

Miturut Pengamat Politik Jamal Aziz , kans Kofifah luwih gede ketimbang Calon Wapres liyane, bu Kofifah arep dipasangke sopo wae.. oke , warga jatim diperkirakne pyuk nyang kofifah , opo meneh nek karo Anies , jare Jamal guya guyu..

Kofifah & Indrata Nur Bayu Aji  ana jembatan kembang.

Perlu dimangerteni , dina iki Gubernur Jawa Timur Kofifah Indar Parawansa kungker ana Pacitan , ngresmekne  kreteg ana desa Kembang Kec/Kab  Pacitan lan kreteg Gandu desa Wonodadi Kulon Kecamatan Ngadirojo Kabupaten Pacitan.

Kreteg Desa Kembang dibiayai saka  BTT ( Biaya Tidak Terduga) jumlah sekitar 6 M luwih sitik , kreteg Gandu Wonodadi dibiayai  BTT kurang luwih  3 M luwih sitik.

Gubernur  Jatim Wedok sing duwe kans dadi Wapres periode 2024-2029 iki omong , prioritas pembangunan Jatim dititik beratne dalan lan jembatan penghubung, ben rada perekonomian pedesaan ora terganggu , opo neh PPKM wis dibuka akses  dalan penghubung kudu lancar.

Gubernur teka Pacitan numpak Helikopter saka Lapangan Gudang Garam Kediri langsung  ndarat ana Lapangan Terbang Kucur Pacitan.

Gubernur sing ijik betah dadi randa iki, disambut langsung Bupati lan Wakil Bupati Pacitan indrata NBA- Gagarin didampingi Kadis PU Pacitan Suparlan.

Sambutan Gubernur Jatim , blas ora nyinggung bab Pilpres ,   kungker ana pacitan pyur urusan dinas , dipancing wartawan bola bali Kofifah njegideg ora gelem semaur....( Gustik)











Senin, 09 Januari 2023

GELAP MAHASISWA asal PUNUNG GANDUL NING SOLO...Sruing Sruing Apel Gadok...

GELAP MAHASISWA asal PUNUNG GANDUL NING SOLO...Sruing Sruing Apel Gadok...


Pacitan 01023.
Wong nek  cupet atine , ora dumeh wong tuwek , bocah enom pun yen wis kadung judeg atine sering nglakoni hal hal sing rapatut .
Nek ra gandul , ngombe racun , jegur sumur utawa njegur segara.

Koyo sing dilakoni ( FFA)  Mahasiswa asal dusun Weru RT 09/06 Desa Gondosari Kecamatan Punung Kabupaten Pacitan.

FFA ditemokne Warga  wingi awan ( 08/01) gandul ning ngemper omah kos kosan kancane mburi Kampus ana Kodya Solo Jawa Tengah.

Korban FFA gandul ana ngemper daerah Solo Jawa Tengah.

Nganti berita iki ditulis, urung enek kejelasan motif Korban gandul ana daerar solo, padahal FFA tercatat Mahasiswa UMY Jogjakarta jurusan Agribisnis semester ganjil.

Kabar manuk , FFA ( 22)  dino kui lungo menyang Solo endang pacare , mbuh merga cek cok karo pacare opo piye , ngerti ngerti esuk'e ditemokne warga gandul ana teras omah kos kosan .

sruing sruing malem minggu apel gadok, sejene  FFA  apel  si Pacar uga diapele bocah liyo , niku namung sruing sruing lo mas , ampun dipercados jare ( Jk) Mahasiswa sing cedak kos kosan.

Warga sing keweden merga ora kenal korban , age age dilaporne aparat desa lan diteruske laporan menyang Polisi setempat..., polisi omong..! weh mas kedadeane koyo ora dek wingi ..? , wis rong minggu kepungkur yak' e..( Gustik)

OJO PUTUS ASA GOLEK  MANGAN ORA ENAK , PESENO BEBEK  ,,Sien-Jae ,, Khas Pacitan Tirto Wening .


Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done