PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 11 Juli 2022

PANAS..! BITING ALM  SRI SUBIANTI JADI REBUTAN...KETAT BANGET..!

PANAS..! BITING ALM SRI SUBIANTI JADI REBUTAN...KETAT BANGET..!


Pacitan 11.07.022.
Pemilu jik rong tahun, tapi calon anggota legeslatif wis pada nglabeng luru biting , utamane biting biting sing ditinggal tokoh sing meninggal  dunia utawa sing saiki munggah drajat.

Misale kouta alm Sri Subianti mantan Anggota DPRD Jatim  sing meninggal setahun kepungkur ,  kouta Indrata Nur Bayu Aji DPRD Pacitan sing saiki  lenggah dadi Adipati Pacitan , kouta Gagarin Sumrambah sing munggah drajat dadi wakil Bupati Pacitan lan liyo liyane.

Perlu dimangerteni, rebutan biting iki dina sing ketok rame lan paling mencolok Dapil VII DPRD Propinsi Jatim , Utamane kouta biting  peninggalan Alm Sri Subianti.

Pasar biting  dadi rame  ! merga muncul tokoh tokoh hebat , misale kakak kandung Bupati Pacitan Indra Sujono , Ketua Koni Pacitan Dyah Mentari Putri , Afgani lan liyo liyane .

Porsi DRD Pacitan sing paling rame Perebutan biting Dapil I Pacitan kota- prongkuku sing ditinggalke Indrata Nur Bayu Aji ( Bupati Pacitan). 
Kabar manuk , muncul tokoh Kepala Desa Arjowinangun Wiwid Bagong.

Tokoh sing cedak banget Bupati Pacitan indrata Nur Bayu Aji diperkirakne paling mudah golek biting merga tokoh muda asal Arjowinangun iki duwe sifat blater, kabeh wong dikumpuli.

Ora ketinggalan,  Ndandung tokoh senior Golkar uga bakal mudun meneh  , klebu bos Optik Surya Hadi Suwarno sing uga bakal tanding ana dapil I Pacitan- Pringkuku.

Sementara dapil 5 Sudimoro -  Ngadirojo uga diprediksi bakal rame, tape ramene Dapil V  merga kouta sing ditinggal Gagarin nganti dina iki  tokoh anyar urung krungu muncul.

Praktis Dapil Ngadirojo Sudimoro kouta Gagarin bakal dikeruk tokoh tokoh senior Ngadirojo , antara Heriawan  ( Nasdem)  Heru Setiyanto ( PDIP) Prisca Panjaitan ( Golkar) Adi Subroto ( PKB) Heru Puspa , Tumardi ( Demokrat).

Ananging bursa sing lagi panas iki dina Kouta DPRD Provinsi Dapil VII Pacitan Ponorogo,Trenggalek,Ngawi lan Magetan.utamane kouta biting sing ditinggal alm Sri Subianti.

Dapil VII Jatim praktis bakal diperebutkan tokoh tokoh anyar sing lagi Ngetop , Indra Sujono ( kakak kandung Bupati Pacitan ,/ ponakan SBY)  Prasetyo ( Putra mantan Bupati Pacitan , Dyah Mentari Putri ( ketua Koni Pacitan) Afgani Kepala Dinas Disparpora kota Surabaya.

Kabeh tokoh tokoh sing ngincer kursi DPRD , baik Propinsi ,Pusat utawa Kabupaten Pacitan  wis mulai rebut pengaruh  lan rebut tokoh sing arep digawe tim sukses .

Pendek kata , sopo sing lirna lan sopo sing gesit tergantung  obahe tokoh dewe dewe , Dipastikan  terlambat sitik bakal ketinggalan sepur...

Ulasan Politik jelang Pemilu Tahun 2024 mengenai pasar rebutan pengaruh..ditulis Redaksi Pacitan Post.



Sabtu, 09 Juli 2022

LAGI WERUH ..! KORBAN SAIKI KABEH BALUNG -  SAK LULANG LULANGE.

LAGI WERUH ..! KORBAN SAIKI KABEH BALUNG - SAK LULANG LULANGE.

Petugas pemotong hewan korban memotong kepala sapi korban jamaah Masjid Al Hidayah Kedawung Mentoro Pacitan.

Pacitan Ppos, 10.07.022.
Pirang pirang tahun kepungkur pemotongan lan pembagian daging korban biasane lulang didol , sirah diwenehke sopo sing seneng , tracak uga diwenehne sopo sing gelem.

Ananging jaman saiki  pembagian daging korban kudu kabeh sing tememplok ana kewan, klebu lulang , sirah , jeroan lan tracak sikil dipece`l lan dibagi kabeh.

jamaah masjid Al Hidayah mentoro  klebu majelis sing mbagi daging korban utuh , sirah  ,sak lulang lulange 

Dipandu Ustad Samsudin, Warga Kedawung  nyacah daging sapi lan wedus  utuh opo sing nemplok ana raganing kewan korban.

Miturut  Ustad Samsudin, mbagi kewan korban sing luwih afdhol  yo kui daging dicacah kabeh secara utuh , merga tuku kewan korban sirah lan lulange ora terpisah saka raganing kewan, mulo kudu dibagi kabeh , minimal ben ora ragu ragu , jare Samsudin sebaga wakili keluarga Pewakaf Masjid Al Hidayah.

Terkait perbedaan lulang iso didol,  Samsudin ngomong  yen Perbedaan iku biasa. Ora usah dicatur lan ora usah diganggu, tapi mulai tahun iki Madjid Al Hidayah Dawung Mentoro hewan korban  tetep ,, dibagi habis...

Perlu dimangerteni , iki dino warga muslim dunia ngenekne  shalat idhul adha dilanjut pemotongan hewan  koban dgn cara masing masing  berdasarkan apa kata ulama atau ustad masing masing kelompok....( Gustik)









Jumat, 08 Juli 2022

ANTARA PUNTEN & KERJA BAKTI.

ANTARA PUNTEN & KERJA BAKTI.


Ibu ibu pengajian masjid Al Hidayah Mentoro kerja Bhakti idhul adha sambil menikmati panganan  tradisional punten.

Pacitan Post, 09.07.022.
Jenis Panganan,, Punten ,, merupakan salah sijining panganan sing membudaya secara nasional .

Biasane panganan  sego putih sing ggawene dicampur karo parutan kambil lan diplenet plenet nganti jendel setengah atos disuguhke massal nalika kerja bakti.
Bahkan Punten dalam perkembanganya, di enggo sarapan esuk lawuh krupuk , ora ketinggalan sambel.

Ora enek wong sing iso nebak asli sejarah awale panganan punten , tapi merga wong jawa ndisik konsepe saben saben panganan digawe enak masiho bahan cupet , mungkin sejarah awal  panganan punten yo ngono .

Isa uga gandeng wong ndisik urip sak enek'e , serba pas pasan , arep tuku lawuh ora iro , arep tuku bakal jangan mungkin ndadak nyang pasar adoh lan alesan alesan liyane sing wong saiki pada ora weruh.

panganan punten diserbu ibu ibu peserta kerja bakti , enaak tenan !

Panganan tradisional punten sing rasane gurih , nikmat dipangan karo sambel ,  dipangan karo bakwan , dipangan karo jangan tempe pedes  lan panganan panganan  opo wae Punten tetep enak.

Jaman saiki Punten disenengi warga klas teri nganti klas kakap , wong mlarat yo seneng wong sugih  persasat pada seneng.

antusias ibu ibu majelis pangajian Masjid Al Hidayah Mentoro kerja bakti reresik mejid.

Sing hebat , Panganan Punten mundak pangkat, sing maune mung nggo menu wong wong kerja bakti , saiki wis disuguhne ning ngarepe pejabat ditengah upacara bergengsi , sayang warung warung utawa restoran restoran jarang sing  salah sijine menu Punten...( Gustik)




 

DIDUGA ISIN  METENG..CEWEK CANTIK  NGOMBE  RACUN TIKUS .

DIDUGA ISIN METENG..CEWEK CANTIK NGOMBE RACUN TIKUS .

 Korban SF terbujur kaku bunuh diri minum racun tikus.

Pacitan Ppos .08.07.022.
Pelajaran kanggo kabeh wong tuwa sing duwe anak wedok , terutama hal pergaulan , sebab salah  salah nek pengawasane ora ketat isa nderbalani , nek ora meteng yo kenek narkoba utawa tindakan kriminal liyane.

Kaya kedadean bengi iki,  ( SF 22)  cewek cantik di Desa Sirnoboyo ditemokne keluarga  diduga Tewas mengenaskan minum racun tikus ana kamar pribadine.


Menurut Kasun Mendole Imron, Korban jam 5 sore ngongkon ibune tuku racun tikus ,sing alesane ning kamare akeh tikus , tanpa curiga penjaluke  SF dituruti.

Bareng nampani racun tikus saka ibune, S
Korban mlebu kamar pribadine kabeh lawang lan cendela ditutup rapet.

Keluarga curiga nganti jam pitu bengi ora metu kamar, didodok dodok ora nyauri , akhire menyang keluargane disenteri karo HP lewat angin angin pintu.

Pacar korban ndingkluk lan ndleles merga getun pacarnya bunuh diri.

Kocapo bareng disenteri SF wis nggletak ning sampinge botol racun dugaan sementara  bar diombe SF ,   tentu wae sak omah panik lan  geger ora karu karuan,  kabeh tangga teparo berusaha melu ngetokne SF srana pintu dicongkel karo linggis.

Wegah disalahne , kasun imron ngundang mantri , tapi pak mantri uga wegah kesalahan , akhire jenazah Mahasiswi Solo iku digawa nyang UGD RSD Pacitan.

Tekan UGD, sesuai Prosedur merga sing mati cewek  perawat  mengu.. USG ..lan  ,, hasile,,  jare kasun . ! korban Meteng sesasi umpang seminggu.

Miturut Warga sekitar , putri mbarep pak ( MKS) maeng urung nikah resmi , merga  korban ijik kuliah ana sala semester akhir.

Kasun Mendole Imran ditengah rumah duka Korban.

Sedang Pacare sing manggon ana Barehan Sidoharjo , ketok ndleles ana teras omahe pacare , nganti berita iki ditulis , kasus bunuh diri ngombe racun tikus isih ditangani kepolisian , sik mas jik direka Kepolisian bab dugaan matine korban, jare Thomas saka polsek kota Pacitan..( gustik)


Rabu, 06 Juli 2022

RIBET SWAB , REUNI ALUMNI SMA 271 DIPERKIRAKAN SEPI....

RIBET SWAB , REUNI ALUMNI SMA 271 DIPERKIRAKAN SEPI....

Foto.dok.Reuni SMP-75 -SMA-79 Pacitan

Pacitan 05.07.022.
Gara gara Wajib Tes Swab  Antigen !  rencana Reuni ( temu kangen) SMA 271 Pacitan tanggal 10 juli 2022 ana Musium & Galery SBY-ANI diperkirakan sepi peserta.

Rata rata peserta cegeh diogrok ogrok irunge' tatkala Swab , kejaba saka iku peserta  rata rata uga wedi merga muk pileg utawa Watuk  hasile Positif.

Padahal nek wis dibilang Positif , kesan negatif menyang masyarakat dadi elek dikira Positif Covid 19 padahal urung mesti terpapar  Covid 19 , iso wae muk pileg biasa lan virus virus liyane.

Cuma sing repot  , memang  nek positif tenanan  merga l Swab Antigen ,, aturan ,,  sing berlaku sesuai tata cara Prokes kudu Isolasi  mandiri.

Ketua Harian Alumni SMA 271 Pacitan Bambang Widiarsa ngaku  ora iso berbuat banyak merga aturan saka Pihak Musium yo wis ngono kui , monggo ingkang bade rawuh ...monggo...ning kedah Swab rumiyin ,  ujar  mantan Kades Tanjungsari iku guyon.

Foto.dok Halal Bihalal Alumni SMP 75 /SMA 79 Pacitan.

Perlu dimangerteni , Rencana Reuni Akbar Alumni SMA 271 Pacitan kejaba arep ditekani mantan Pejabat Pejabat Jakarta uga bakal dirawuhi Presiden Republik Indonesia ke 6 SBY lan Keluarga.

Mungkin merga dirawuhi SBY isa uga aturan mlebu menyang komplek Musium SBY-ANI  diperketat , jare Ninik dikapak kapakne pak SBY iku mantan Presiden , aturan Paspampres kudu diturut marang sopo wae tanpa kecuali , jare Ninik rada gelo , kadung adoh adoh saka Suroboyo rek rek..!

Ora mung Ninik , konco konco alumni liyane uga pada ndresulo , rata rata kabeh pada wedi Swab , imbase akeh sing maune rencana arep melu , ujug ujug  mbatalake merga cegeh Swab...( Gustik)

Nek kluwen ojo sok ditahan , gek ndang mlayu wae andok bebek goreng gustik..
( Adv)








 ORA JELAS NASIB'e , PESERTA P3K AWAN AWAN GRUDUG  DEWAN.

ORA JELAS NASIB'e , PESERTA P3K AWAN AWAN GRUDUG DEWAN.

Perwakilan pegawai PPPK Grudug Dewan

Pacitan , 06.07.022.
Ora enek angin ora enek udan , ujug ujug DPRD Pacitan digrudug  sekitar wong 40 peserta PPPK sing lolos ujian Passing Grade  tahap 1 lan tahap 2 tahun 2021.

Tujuan Peserta PPPK Pacitan intine , njaluk gek ndang ditempatne ana sekolah sekolah sing wis enek Formasine , mbuh kui tingkat  SD utawa SMP.

Menurut Kepala Dinas Pendidikan Nasional Pacitan Ir.Budiyanto MM , Kabupaten Pacitan ngusulke formasi tahun 2020 sekitar 1041 , tapi hasil seleksi sesuai Passing Grade tahap 1 lan 2 sing diangkat pegawai PPPK  tahun 2022 muk sekitar 909 uwong , dadi kekurangan sekitar wong 132 , padahal sing lolos Seleksi jumlahe sekitar wong 352 , jare Budi maeng awan 

Mantan Kepala Dinas PU Pacitan pirang pirang periode iku uga omong yen minggu ngarep ( selasa)  diundang menyang pemerintah pusat ( BKPSDM )  bareng Kabupaten liyo , sing intine' rapat koordinasi kelanjutan rekrutmen pegawai PPPK.

Rudi Handoko Ketua Komisi 2 DPRD Pacitan.

Sementara Rudi Handoko Ketua Komisi 2 DPRD Pacitan membantah nek dewan didemo guru guru PPPK , sing bener Peserta PPPK nyalurke aspirasi sing wis terjadwal , ora gek ujug ujug teka , jare Tokoh Dewan Asal Tulakan sembari mbantah Dewan di Grudug guru guru Honorer.

Miturut Rudi , peserta P3K sing lolos seleksi Passing Grade  tahun 2021nganti seprene Nasib'e ora jelas , padahal jumlahe akeh ana sekitar wong 352.

Sedang  tuntutan peserta , njaluk DPRD Pacitan melu cawe cawe bab Nasib'e pegawai P3K sing nganti seprene ora jelas.

Rudi Handoko selaku Ketua Komisi 2 DPRD Pacitan  sing membidangi Pendidikan,  isane yo muk klarifikasi karo Diknas lan BKPSDM , alhamdulilah kabeh kepala Dinas maeng pada teka , isane yo muk klarifikasi sebab Dewan dudu lembaga Eksekutif..

Perlu dimangerteni , awan awan maeng sempat mincul isu gedung Dewan didemo Peserta P3K sing ora jelas Nasibe, mungkin saking okehe uwong do mlebu gedung Dewan , dikiro Demo  ampere jare Satpam DPRD ..Oh ngono..?.( Gustik)











Selasa, 05 Juli 2022

BADRUL AMALI: ora enek Bom Peledak ana Trowongan Tambang.

BADRUL AMALI: ora enek Bom Peledak ana Trowongan Tambang.

Badrul Amali SH.MH.C.L.A. C.M.LC.Me

Pacitan Post.05.07.022.
Gara gara ana sing mati ketiban watu ana terowongan tambang GLI desa Kkuwih Kecamatan Tulakan Pacitan , muncul isu pating sliwer sing ora bener.

Enek sing omong almarhum katno , mati kebrukan /tertimbun watu saat peledakan, enek sing omong Korban mati merga kebledokkan Bom lan isu isu liar liyane.

Merga isu sing wis ora karu karuan iku , Badrul Amali selaku Law Office PT GLI menehi penjelasan rinci lan membantah isu liar sing berkembang ana masyarakat.

Menurut Badrul : PT GLI wis setahun medun ora enek kegiatan penambangan ana desa Kluwih , merga bahan peledak'e entek , stock wis ora duwe.

Ananging ben  para pekerja PT GLI ora nganggur metekur, Perusahaan secara bergiliran nugaske sebagian karyawan ,, ngrawat,, terowongan tambang  sing dowone meh sekilo iku.

Dlalah kersane gusti Allah , dina   senen ( 04/07)  Katno,Sugeng , Setiawan lan imron kerjo rutin mlebu trowongan sing perlune ngrawat kondisi trowongan tambang pada titik 550 meter.

Badrul Amali SH.MH  dan Patner kerjanya Imam Bajuri SH.

Ananging Nahas, kira kiro bar bedug / sekitar jam 13.15 wib Katno ( 40 ) sing wektu kui  istirahat ,  enak enak lungguh pinggir trowongan ujug ujug enek watu gede duwur sirah ambrol.

Watu gede sekitar sak tomblok iku maeng nibani tengkuk mburi , alhasil Katno ninggal seketika ana njero terowongan , pada titik 550 meter.

Badrul uga mbantah yen korban 4 , sing bener korban meninggal siji , sing luka ringan 1 sing jenenge Sugeng.

Sugeng kepencelatan watu sikile, kondisi sugeng muk abuh sikile , ora nganti tugel koyo sing diberitakne masyarakat , sementara Setiawan lan Imron slamet ora kenek opo opo.

Sementara atas kedadean iki, Badrul memastikan korban entuk santunan saka Perusahaan lan tunjangan Jamsostek, kabeh sing urus GLI pokok'e.

Pengacara Kondang Pacitan iku uga memastikan , tim PPK  Jawa Timur bakal mudun menyang desa Kluwih  memeriksa kondisi tambang lan peralatan kerja , sebagai bentuk investigasi lapangan.

Sementara Ketua DPRD Roni Wahyono melu prihatin enek karyawan tambang sing kecelakaan  maneh nganti meninggal dunia  .

Rony Wahyono  menghimbau, antara Perusahaan lan Karyawan saling bersinergi menciptakan keselamatan kerja bersama , kabeh aturan lan regulasi pertambangan kudu dipatuhi , ben slamet kabeh.

Pada karo Ketua DPRD, Komisi 4 DPRD sing diwakili Hariawan ST uga rumangsa prihatin anane Kecekaan Kerja sing mateni pekerja.

 Jare Hariawan, Komisi 4 bakal mudun ana lokasi Tambang sebagai bentuk ispeksi.

Engko umpama ditemokne hal hal sing ora sesuai aturan , kabeh pimpinan Mabagement PT GLI dijalukki keterangan ana kantor Dewan  , tapi emoh aku yen sing teka perwakilan , kudu bose dewe , pungkas Hariawan.,tegas..

Sebagai Lawyer PT GLI , siap sewaktu waktu dijalukki keterangan pihak endi wae, klebu DPRD Pacitan ....,( Gustik)

Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done