PACITANPOST
News Update
Loading...

Sabtu, 16 Juli 2022

Jumat, 15 Juli 2022

DALAN P.SUDIRMAN TANJUNG MALAH PATING BRENJUL .SOPO PEMBORONGE..

DALAN P.SUDIRMAN TANJUNG MALAH PATING BRENJUL .SOPO PEMBORONGE..


Pacitan Ppos 15.07.022.
Negara Ngetokne duit gede iku maksud'e dalan ben apik , iki malah kosok baline..

Dalan Panglima Sudirman Tanjungsari sak durunge diaspal ulang , mulus lan menak disawang lan dilewati.

Tapi saiki bareng rong sasi kepungkur diaspal ulang, kondisine malah brenjal brenjul ,dienggo liwat ora pati penak.

Disamping  garis marka ora enek , kondisi dalan uga ketok nde'k..wur ..alias ora pati rata, yen ora ngati ati numpak sepeda motor krasa mak gliyut...

Media pernah tekok marang Balai Jalan Nasional sing kantore ana Mentoro , ora enek sing wani jawab , klebu Jujuk sing kulina ngadepi wartawan tumben iki pet babar blas ora gelem omong.

Sementara ketua Komisi IV DPRD Pacitan Pujo Setyo Hadi omong yen Dalan Nasional dudu tupoksi kerja DPRD Pacitan, merga iku dalan Nasional,.

Ambek guyon , Pujo sing saiki wis ketok bergas waras merga bar opname ( omong)  yen soal proyek pusat ojo nemen nemen ale ngritik , samarku engko proyek saka pusat di endeg , jare pujo ambek gligak gligik...

LSM Pacitan Couruption Wacth sing mbiyene digawangi Alm  Drs.H.Ashar Subandy MSC sing saiki digawangi Novanda nyayangake pernyataan ketua Komisi IV  terkait dalan Raya Tanjungsari Pacitan/ P.Sudirman.

Kabeh  uga rampe terkait pemerintahan desa lan Kota duite kabeh saka Pusat , termasuk gajine dewan iku yo saka Pusat , masiho proyek pusat yo kudu peduli , opo klakon warga sing selalu dirugikan..?

Nganti berita iki ditulis , kepala Balai Pemeliharaan Dalan lan Jembatan Nasional seksi Pacitan ( Leo) urung isa diwawancarai merga HP ne ijik tulalit...( Gustik)
GUSTIK : Fenomena Bunuh diri ..Trend Sesat...!

GUSTIK : Fenomena Bunuh diri ..Trend Sesat...!

Foto dok.Gustik

Kotbah Jum'at pahing.
Assalamu alaikum wr wb.
Kaum Muslimin yang di rahmati Allah..
Dalam Seminggu terakhir di kota kelahiran kita Pacitan telah terjadi perkara sosial yang cukup mengagetkan semua pihak.

Bayangkan! dalam seminggu terjadi peristiwa bunuh diri yang waktunya cukup berdekatan dan hampir semua kasus tersebut melibatkan masyarakat kecil.

Satu peristiwa minum racun tikus  di Desa Sirnoboyo dimana korbannya Mahasiswi.
Tiga hari kemudian terjadi lagi kasus bunuh diri di Desa Nanggungan, dengan dugaan korban tidak mampu membeli obat pada anaknya yang sakit sakitan.
Dan 10 jam kemudian disusul  satu warga Desa Katipugal juga gantung diri diduga stres karena sudah sekian tahun menderita sakit gula yang tidak sembuh.

Disini perlu saya sampaikan!
Sebagian rujukan hukum Islam terkait orang mati bunuh diri atau mati karena keputusasaan.

Merujuk sebagian isi/teks  Al  Qur'an Surat An Nissa ayat 29  dan 30 Allah berfirman.
 
Janganlah kamu membunuh dirimu sendiri/diri diri kalian,karena Allah menyayangimu...

Dan barang siapa yang melakukannya bunuh diri dengan cara melanggar hukum dan dhalim,maka akan kami masukkan dia kedalam Neraka dan itu mudah bagi Allah.

Melihat arti sebagian ayat tersebut diatas , maka bisa dipastikan bagi orang orang yang melaksanakannya akan menanggung dosa besar dan termasuk orang orang yang  dhalim ( menganiaya diri sendiri).

Pembaca yang dirahmati Allah.
Disamping rujukan ayat ayat dalam Al Qur'an diatas, maka kami sampaikan rujukan lain , yaitu dari Sabda Rosulullah yang kira kira artinya sbb.

Barang siapa yang bunuh diri dengan besi,maka besi  yang ada pada genggamanya itu akan selalu menghujam dineraka secara terus menerus.

Barang siapa yang bunuh diri meminum racun,maka minuman racun itu akan selalu diminum dalam neraka.

Barang siapa yang mati bunuh diri dengan terjun dari atas gunung , maka ia pula akan selalu terjun di dalam neraka.
( Dikutip dari  sebuah Hadist Riwayat Bhuhari Muslim)

Gustik  khotbah di masjid Al Hidayah Mentoro Pacitan.

Pembaca yang budiman..!
Tugas kita sebagai seorang muslim,menyadarkan kepada sanak saudara, lingkungan dan muslim yang lain , bahwa mekakukan bunuh diri itu adalah dosa besar dan tidak husnul khatimah.

Peristiwa  beruntun bunuh diri di Pacitan yang seolah kini menjadi jalan keluar  judegnya hati manusia harus segera diakhiri yang salah satunya melalui pendekatan agama.
Konsep mati bunuh diri adalah Husnul khatimah harus diakhiri .

Muhyidin Syaraf An Nawawi dalam kitab Syarah Muslimnya mengatakan :

Orang mati Bunuh diri kekal didalam neraka apabila menganggap mati bunuh diri itu HALAL padahal mereka tahu bahwa bunuh diri itu HARAM....
Wassalamu alaikum wr wb.

Bersambung Edisi Jumat wage 
Ditulis dan disampaikan kotbah Jumat Pahing di Masjid Al Hidayah Mentoro Pacitan oleh Gustik









Kamis, 14 Juli 2022

SING GANDUL URUNG DIKUBUR ENEK MENEH MATI JUDEG.

SING GANDUL URUNG DIKUBUR ENEK MENEH MATI JUDEG.



Pacitan Ppos 14.07.022.
Yongalah wong wong ! Ibarat sing gandul mambengi  urung dikubur , iki kepolisian entuk kabar maneh wong bunuh diri merga judeg lara diabetes rong tahun.

Miturut informasi korban Mispani ( 67)  iki jam lagi dievakuasi Polsek Kebonagung Desa Katipugal RT01/10 dusun kluwih.

Tonggo teparo korban ngomong, yen pak Mispani  saben dina ngeluk lara diabetes, tapi kabeh tonggo teparone ora grahito yen pak mispan nekad bunuh diri.

korban mispani gantung diri di pohon mangga.

Perlu dimangerteni kasus wong bunuh diri seminggu iki rekor ,  3 korban mati bunuh diri , enek sing minum racun tikus , enek sing gandul.

Merga kedadean sing luar biasa iki , Pemerintah Kabupaten Pacitan gelem ora gelem kudu mudun , opo sebabe kok akeh wong bunuh diri.

Miturut LSM Bhineka Bangsa Onkitus, osa uga merga urip ning Pacitan opo opo soyo larang , tuku obat saya larang, tuku pangan saya larang dsb.
Lsm Bhineka Bangsa uga nyoroti para Ustad ,ulama sing dianggep gagal bina umat ...,( Gustik)


Rabu, 13 Juli 2022

CUPET MIKIR   ANAK LARA..PILIH MATI GANDUL.

CUPET MIKIR ANAK LARA..PILIH MATI GANDUL.



       
     Hadi Ismanto korban gantung diri

Pacitan, 14.07.022.
Dikapak kapakne dadi wong mlarat kui ora penak ! Omongan terakhir Hadi Ismanto sakdurunge gandul.

Miturut keluarga , Hadi Ismanto (37) nekat bunuh diri/ gandul merga ora kuat tuku obat  kanggo anake sing bola bali lara.

Korban Warga Dusun Bulu RT 01/03 Desa Nanggungan  kui ditemokne warga mati gandul ana kusen Pintu omah mburi dina Rabu  tanggal 13 /07.022 sekitar jam sepuluh wengi.

Kanggo memastikan Korban kecelakaan gantung diri, warga sekitar lapor polisi Polsek Kota Pacitan , sing bengi kui langsung menuju TKP.

Thomas anggota Polisi Polsek Kota mbenerake kedadean wong gandul ana dusun Bulu  Desa Nanggungan , iki jik di reka Polres mas, jare Thomas.

Sing miris , sak durunge gandul Korban sempat pamit karo tangga teparo , yen ngaku ora kuat urip merga mikir biaya pengobatan anak sing wis suwe lara.

Tangga teparo  sekitar Masjid Satrean Bulu Nanggungab  ora ngiro babar blas nek korban arep gandul tenanan , Ya Allah kok tenanan bocah kimeng jare  saksi warga desa Nanggungan  sing ora gelem ditulis.

Perlu dimangerteni , urung enek seminggu kota Pacitan dihebohne wong mati bunuh diri  merga ngombe racun tikus. ( SF )  nekad bunuh diri merga pikiran kalut diduga ale pacaran wis klanjam ( hamil)  sesasi umpang seminggu..( gustik)

Bebek Goreng Sinjai Gustik Mentoro enak pol...monggo lho...enak tenan..








Selasa, 12 Juli 2022

KONTRAKTOR PACITAN  MATI SURI...URIP WEGAH MATI YO WEGAH..

KONTRAKTOR PACITAN MATI SURI...URIP WEGAH MATI YO WEGAH..


Pacitan, 13.07.022.
Dibanding 15 tahun kepungkur , dunia pemborongan adoh banget perbedaane ,  ndisik dinamis saiki nrimaning pandum.

Jaman ndisik wong gawe CV antusias banget ,  jaman saiki  CV akeh sing mati  merga garapan ora pati enek tur ora entuk entuk.

Miturut  salah sijining kontraktor sing ora gelem ditulis ngomong , nek  garapan tetep akeh ,, tapi ,, rata rata wis dicaplok oknum oknum tamak lan gogot , jare kontraktor sing saiki banting setir dadi petani Lombok.

Rudi Hartoyo sebagai Komisi 4 DPRD Pacitan ngaku prihatin kondisi Jasa Kontruksi jaman saiki , ibarate urip wegah matipun wegah.

Anggota DPRD sing uga mantan Kontrakror iki menilai , rusak'e tatanan pembagian Paket Pekerjaan utamane sing wujud Penunjukan Langsung ( PL)  jare rudi sekitar tahun 2014.

       Komisi IV DPRD Pacitan sidak Proyek

Wektu kui lagi usum Pemilu , akeh  anake pejabat lan tokoh  Pacitan pada nyaleg , gandeng mung program PL sing isa digunggung ,, akhire  ,, gelem ora gelem kabeh  Dinas sing duwe kegiatan kontruksi diplokoto ngedum garapan. 
Sing intine !  tokoh tokoh sing arep nyalon diperhatikan lebih.

Ternyata  terkait dol tinuku PL sing paling siap Anggota Dewan , sedangkan kontraktor cilik cilik  isane muk nyepapem ora kebagian blas , kalau toh kontraktor cilik  entuk ( PL ) wis rega blantik  , regane larang antara 15-20 %.

Sediono sing wektu kui urung dadi dewan , sempat mencak mencak merga ora entuk garapan , latik arep nyambut gawe garapan sak upil wae kudu tuku 15 % gek arep oleh opo..? to cah cah , jare diono ngedumel.

Sementara Yudo Tri Kuncoro sebagai sekretaris Dinas PU Kabupaten Pacitan mungkir , ora ngakoni tur ora nate weruh nek Dinas PU ngedoli PL rega larang menyang  Dewan kanggo keperluan Politik.
Jare Yudo !  mungkin pak Rudi Hartoyo lan pak Diono salah pengertian kemawon, kulo yakin klintu , tandas Yudo.

Sedang wacana anggota Kontrakor Cilik arep demo ning kantor PU lan kantor Dewan akhir bulan juli , Sebagai Pengurus Gabpensi Pacitan Imam Jazuli ngaku urung krungu , sing jelas secara kelembagaan Gabpensi Pacitan ora duwe niatan arep demo, pungkas Juli.

Perlu dimangerteni ! Pirang pirang dino iki ana ,, Kabar Manuk ,, yen kontraktor cilik arep nglabrak Dinas Dinas Pacitan sing dinilai bagi proyek jenis PL ora adil lan sewiyah wiyah ,  jarene' proyek PL Kabeh wis diborong Dewan sran nggo nyaur utang....( Gustik )










Senin, 11 Juli 2022

DIRAMAL MENANG GAMPANG , INDRA MERENDAH , KABEH DUWE PELUANG..

DIRAMAL MENANG GAMPANG , INDRA MERENDAH , KABEH DUWE PELUANG..

                Indra Widya Agustina ST

Pacitan Ppos.11.07.022.
Jenenge apik , Indra Widya Agustina ST  putro mbarep  Sudjono , mantan Guru SMA 271 / kakak kandung Bupati Pacitan indrata Nur Bayu Aji  iki dina ora lepas saka picaturan tokoh tokoh Pacitan.

Kabar manuk ! Ponakan kesayangan SBY iki Pemilu 2024 digadang gadang bakal nyalonke anggota DPRD Provinsi Jawa Timur via Partai Demokrat Dapil VII  Eks Karesidenan Madiun.

Kejaba sifat lan perilaku Indra sing terkenal kalem  lan andap asor marang wong liyo . Komisaris Utama PT Graha Multi Consult & Enginering iki sarat prestasi organisasi.

Pancen ora isa dipungkiri, kajaba  atitude Indra sing kalem iki maeng faktor status ( Ponakan SBY ) diprediksi ,, pencalegan,, Indra bakal mulus bak mlayu ning dalan tol.

Prediksi  para Tokoh Pacitan  Indra Sudjono  bakal sukses ngeruk biting ana Pemilu tahun 2024 , ternyata ora gawe Indra Jumawa , bahkan Indra  tetep merendahkan diri kabeh duwe peluang sing pada mas.

Jare' Indra , Cita Cita iku perlu perjuangan , perlu pendekatan , perlu komunikasi lan perlu ngerti aspirasi sing arep diperjuangke , mulo aku nek enek wektu longgar , munggah gunung medun gunung tak lakoni mas! 

Indra Sujono silaturahim karo warga Tulakan maeng awan.

Indra memang uga ora mungkiri yen faktor keluarga SBY sangat berpengaruh , sebab sosok Presiden ke 6 Republik Indonesia iku memang  sangat dicintai rakyat Pacitan , ananging ora berarti aku berpangku tangan, ungkap Indra.

Sebab pak  SBY  ' uga selalu pesen marang kader kader Demokrat  , Berjuanglah dengan hati,  tidak mengenal lelah dan selalu yakin apa yang diperjuangkan .

Wanti wanti pak SBY , iku sing melatar belakangi  alumni SMA I Pacitan tahun 1990 , selalu melangkah ati ati , terukur , andap asor lan ora jumawa.

Terakhir !  terkait niat pencalegan Pemilu tahun 2024  Indra Widya Agustina ST njaluk Pandongo karo masyarakat Pacitan , muga muga perjuangan sukes lan lancar....( Gustik)

Bebek Sinjai Gustik tiada tara nikmatnya.Hanya ada di Resto Tirto Wening Mentoro pacitan .






Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done