PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 05 September 2022

JANJI DEMO MUK RONG LER , PADAHAL EWON ....BLAS RAPEKA...

JANJI DEMO MUK RONG LER , PADAHAL EWON ....BLAS RAPEKA...

Masiha muk sithik ..salut, timbang liyane ora peka blass.....!

Pacitan Ppos , 05.09.022.
Mahasiswa Pacitan, saben saben demo sepi peminat,  padahal asline jumlah mahasiswa Pacitan klebu akeh.
Mahasiawa STIKIP wae enek sekitar 1000 mahasiswa , urung STINU , ISMU , AKN dll sing diperkirakne luwih saka wong 2000.

Ananging sing disayangke , meh kabeh Mahasiswa ana Pacitan ora peka  ( up date ) bab babagan  kondisi kemasyarakatan .

Sak bubare Mahasiswa ditinggal Roni Aspar lan Imam Bajuri , greget mahasiswa Pacitan , iso diarani mlempem saka sikap mengkritisi Pemerintah sing dadi ciri khase Mahasiswa Indonesia.

Koyo demo menentang kenaikan BBM maeng esuk ning Pendopo Pemkab Pacitan , jumlahe ora luwih saka wong 30, padahal jumlah mahasiswa Pacitan ewon.

Mulo kabeh sing ndelok demo maeng awan, rumangsa salut karo mahasiswa Pacitan khususe PMII sing melu prihatin menentang kebijakan pemerintah sing semena mena ngunggahke rega BBM.

Masiha  Ibarate muk telung ler sing melu demo, tapi PMII cukup mewakili   masyarakat  Pacitan sing iki dina resah gelisah  merga reregan mundak kabeh , efek saka kenaikan harga BBM sing diumumke Presiden.

Mahasiswa PMII demo ditompo Bupati Pacitan Indrata NBA .

Ketua KNPI Pacitan Bagus Surya Pratikna ngomong ! ,  ora maido nek mahasiswa Pacitan akeh sing ora gelem melu demo, merga rat rata sing dadi mahasiswa ning pacitan statuse okeh sing nyambi kerja.

Kejaba saka kui , Wong seneng Demo iku biasane seneng organisasi , nek raseneng organisasi biasane cuek  , jare tokoh asal Nawangan sing uga anggota DPRD Pacitan.

Sebagai Ketua KNPI Pacitan , karib Bupati Pacitan Indrata NBA  tetep mengapresiasi Demo PMII terkait Kenaikan BBM maeng esuk , demo ora mesti wong akeh, sing penting pesan pesan sing disampekne tersalurkan, jare Bagus.

Bagus Surya Pratikna,ketua KNPI Pacitan.

Terkait Bupati ora gelem tanda tangan surat pernyataan sing disodorke Pendemo, Tokoh Pacitan Couruption Watch Novaria omong, Bupati posisine Delematis...umpama menolak nganggo surat resmi sing disodorke pendemo...opo ora blaen......? dimata pemerintah pusat ...iso iso....!  ( Gustik)





Minggu, 04 September 2022

AREP SUROAN AGUNG MALAH TABRAKAN.!

AREP SUROAN AGUNG MALAH TABRAKAN.!

Koban tabrakan  Arak Arakan Suroan Agung .

Pacitan Ppos, 05.09.022.
Sepuluh dina iki , peristiwa Tabrakan lalu lintas ana  wilayah hukum Pacitan wis  gawa korban wong 5
Sing telu mati , sing loro luka parah.

Wingi minggu ( 04/09 ) ana sekitar Watu Bale  Jetak Tulakan  yo kedadean  laka maneh , bocah arak arakan group beladiri / pencak Silat  saka Sudimoro tabrakan karo mobil Avanza nopol ( AE 1904 XB ) sing disopiri Sajuri ( 61)  melaju saka arah kulon / Pacitan.

Miturut saksi mata warga sekitar, arak arakan group  Asal Sudimoro mlaku ngebak'i dalan , dlalah pas lewat Perbatasan Antara Kecamatan Ngadirojo lan Tulakan ( JLS,) ,Mobil Avanza sing melaju saka kulon ditabrak karo Motor jenis Kawasaki sing ditumpak' wahyu Setiawan( 20)  .korban asal Trenggalek  iku infone  luka parah..

Polisi Polres Pacitan, mbenerake yen kasus trabakan ana sekitar watu bale nglibatke Oknum group bela diri pencak silat sing arep melu upacara suroan Agung sing dipusatke ana lapangan Desa Sumberharjo Pacitan.

Sementara upacara tasyakuran agung sing nglibatne anggota lan ditekani sekitar 700 anggota group beladiri sukses lan lancar ,ora enek keributan sing berarti , jare cak Man salah sijining pengurus /panitia.

bebek gustik , nikmat dan gurih










Jumat, 02 September 2022

WIS DIKLAWE KLAWE KON ALON ..MALAH BANTER.. NABRAK CAH SD TORO...,

WIS DIKLAWE KLAWE KON ALON ..MALAH BANTER.. NABRAK CAH SD TORO...,


Pacitan, 03.09.022.
Angel angel kandanane , perilaku wong numpak sepedah montor pancen angel , penging banter banter  numpak sepeda motor malah pada nylili.

Padahal wis pada ngerti kabeh , ana wilayah Pacitan sering kecelakaan lalu lintas   ,  malah seminggu kepungkur wis wong loro (2)  mati  thek sek .

Isuk iki maeng ( 03/09) sekitar jam 06.30 bocah SD Mentoro ditabrak wong numpak sepeda motor.

Miturut Saksi  ( N) Satpam penyeberangan SD Mentoro wis klawe klawe ana garis sebra penyeberangan, ananging pengendara motor ( G) asal desa Purworejo malah banter, akhire nabrak Murid SD ( Sana )  sing pas arep nyebrang.

Korban Sana  (10 ) putra Boyadi dusun Kedawung Desa  Mentoro langsung digawa nang Rumah Sakit menyang Warga Sekitat , infone korban  sirahe benjut ,ngetokne getih akeh , nganti berita iki ditulis urung ngerti tetep dirawat ning Pacitan utawa dirujuk ning luar kota.

Sementara Polres Pacitan , iki jam isih nangani kecelakaan bocah SD sing arep nyebrang , kemungkinan Okum (G ) dadi tersangka akeh , merga dianggep ugal ugalan.

Saking akehe kecelakaan Lalu Lintas ana wilayah hukum Pacitan , Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono menghimbau , kabeh pengguna Lalu Lintas Pacitan pada ngati ati , utamane menghormati wong mlaku sikil , utawa wong numpak Sepeda onthel....( Gustik)




Kamis, 01 September 2022

PEGAWAI TEWAS TABRAK BOKONG BUS NGETEM

PEGAWAI TEWAS TABRAK BOKONG BUS NGETEM


Pacitan Ppos.01.09.022.
Wis wong piro wae wong mati  kecelakaan lalu lintas ana Pacitan .Iki dina yo enek meneh sing kecelakaan  mati .

Korbane jenenge Anggi Pratama  ( 28) saka dusun Jati  RT 01/01 Desa Purworejo Kecamatan / Kabupaten Pacitan.

Miturut keterangan  Polres Pacitan AKP Siswoyo menyang Media omong , benerake dina iki ( kamis 01/09)  enek laka lantas ana kelurahan Ploso Pacitan.

Diduga korban sekitar jam 04.00 wib numpak piet montor saka arah terminal Bus , mbuh piye critane ! ujug ujug sepedah montor korban ..mak bruuuk..nabrak bokong Bis Aneka Jaya sing wektu kui lagi ngetem ana sak kidule terminal bis  / persis etan omahe Bupati Pacitan Indrata NBA.

Korban sing kerja ana perusahaan Swasta iku luka parah lan  digawa nang Rumah Sakit warga sekitar.  , Ananging  ora suwe enek info  korban Anggi Dato Pratama meninggal.

Polisi Polres Pacitan reka kecelakaan ana lor prapatan Alijah.

Miturut warga Ploso Pacitan sing cedak TKP,  pancen wis biasa Bis bis sing arep budal nyang Solo ngetem/ mandeg ana samping etan kediaman SBY lawas Kelurahan Ploso , akibate nek ra ngati ati iso kecelakaan koyo isuk kimeng.

Sepeda motor merk Honda Vario 125 Nopol AE 3834 YZ rusak parah , sementara sopir bis Aneka Jaya  Subandi ( 55) asal dusun Pager Arjowinangun digawa nang kantor Polisi Polres Pacitan, diproses sesuai hukum sing enek.
Klebu Bus Aneka Jaya Nopol AE 7246 UX dikandangke sementara ana Polres Pacitan...

Selasa, 30 Agustus 2022

MULIH SEKOLAH ! FAREL  DIJEMPUT JET PRIBADI.....

MULIH SEKOLAH ! FAREL DIJEMPUT JET PRIBADI.....


Pacitan Ppos 29.08.022.
Nasib menungsa sing atur sing Kuasa, ora ngira babar blas mantan pengamen Cilik Farel Prayoga iki dina seolah koyo urip ning awang awang.

Lagi wae mulih  sekolah , ibarat urung nyelehke bokong , Farel wis ditunggu Pilot lan Panitia ana Bandara Banyuwangi.
Farel dijemput Jet Pribadi merga bengi iki wis kadung kontrak konser ana Kalimantan Selatan.

Ferel Prayoga habis konser pulang naik jet pribadi langsung sekolah

Farel Prayoga murid klas VI SD Kepundungan Banyuwangi sing lagi rong dina sekolah terpaksa nurut pihak label merga wis kadung kontrak, informasine sekali manggung tarif Farel wis 150 juta.

Dasar jik bocah cilik , urung mudeng nek wis dadi Artis terkenal , arep budal numpak pesawat madak dolanan ning jero Bandara.

Bocah sing gegerke jagad merga tampil ning Istana Negara, ketok numpak koper muter muter ning ruang tunggu Bandara Blimbingsari Banyuwangi.

Farel ketok ora ngawaki masiho dadi perhatian wong sak Bandara. Nganggo kaos  santai abu abu ,Farel dada dada ana pintu Jet Pribadi  bak Artis terkenal,  bar kui bung...Farel langsung mabur.....( Gustik)

Bebek Gustik pancen enak tenan.....




Minggu, 28 Agustus 2022

BLANJA ONLINE: TUKU SEPATU ISINE RESAK...ati ati akeh sing keblelon.

BLANJA ONLINE: TUKU SEPATU ISINE RESAK...ati ati akeh sing keblelon.


Pacitan Ppos, 28.08.022.
Jaman saiki nek arep blanja ati ati tenan,utamane blanja lewat jalur online, masalahe wis akeh sing keblelon.

Kaya sing dialami Guru SMPN 2 Pacitan ( Ng) tuku sepatu  lewat jalur online , bareng dibuka isine dudu sepatu tapi resak , potongan kardus.

Bukti tuku sepatu bu guru SMPN 2  (  Ng ) Pacitan sing isine muk kertas.

Guru BK sing wis 12 tahun ngajar ana salah sijining  SMP Favorit ning Pacitan iku girap girap ora karu karuan , merga kardus dibuka isine muk resak, iki pengalaman gaes , kapok aku tuku tuku online , ujar ibu NG mbresengut.

Toko online sing duwe dagangan sepatu.

Pengalaman keblelon blanja Online ora mung dialami guru SMP 2 , tapi uga dialami anggota DPRD Pacitan  , ( SD) tuku tas Cangklong  sing regane Rp 800.000 , tapi bareng kardus dibuka ternyata sepatu sing dikirim regane muk sekitar Rp.50.000.

Miturut Anggota komisi IV DPRD Pacitan, aku kesilap Foto sing ditawarke lewat HP, ternyata barange Palsu , jare tokoh sing uga mantan Pemborong lan wartawan iku.

Terkait akeh wong sing keblelon tuku online , Tokoh tokoh Pengusaha Pacitan sing tergabung ana KADIN menehi saran , bali menyang tuku ning toko maneh wae, nek sekirane ragu ragu , minimal nek tuku ning toko kan langsung iso ndelok barange , tur  kadang kadang iso  ditawar, jare Hariawan saka Kadin Pacitan.

Perlu dimangerteni, penipuan lewat blanja online , kadang ora saka tokone, tapi isa uga saka jasa pengirimane sing nakal ,barang ditukar utawa dimaling...(gustik)

Mangan Bebek Gustik, jelas Halal tur Enak..ora tipu tipu...

Sabtu, 27 Agustus 2022

POLRES PACITAN AKHIRE  KETIBAN DONG...? SOAL NARKOBA. !

POLRES PACITAN AKHIRE KETIBAN DONG...? SOAL NARKOBA. !

Jenis Sabu yang dijual polisi pindahan , rugikan nama baik Polres Pacitan.

Pacitan Ppos, 27.08.022.
Polres Pacitan sing selama iki identik adem ayem, pirang pirang dina iki dadi  berita  elek secara Nasional.

Gara garane , ora liya muk ulahe oknum ( AW) polisi pindahan saka luar kota sing kecekel dadi pengedar Narkoba .

Ora tanggung tanggung , barang bukti jenis sabu sing didol tersangka ( AW) jumlahe 571 Gram.

Apese maneh ..! Sak bubare tersangka AW  kecekel Polda Jatim , kabeh anggota Polres Pacitan diwajibke tes urine saka Polda Jatim .

Dasar wis nasibe ! 4 anggota Polres Pacitan sing rata rata isih enom Positif konsumsi Narkoba , KZ .ES.DF & RF.

Dugaan sementara bocah papat sing tes urine positif Narkoba ditakoni ,, barang haram'' iki maeng ale tuku menyang tersangka AW  sing saiki ditahan ana Polda Jatim Surabaya.

Bebek Gustik  nikmat lan Marem tur Halal.

Miturut Kapolres Pacitan AKBP Wildan Albert , anggota papat sing hasil tes urine Positif arep diwenehi sanksi arupa hukuman Fisik sebagai pembinaan lan sanksi disiplin liyane.

Ananging !  urung mari ale kaget  bab anggotane sing dadi pengedar Narkoba , ujug ujug Polres Pacitan  ,, kisinan maneh,,  merga klebon wong luar kota ( HP.SMW. ISM )  sing kecekel ngedarke barang haram , infone  ( BB)   jenis  ganja lan pil  koplo Seberat 17,5 gram diamankan Polisi.

Merga perkara Narkoba ana Pacitan saling berdekatan ditambah efek Kasus Ferdy Sambo , Pemberitaan Media seolah bombastis lan dadi geger ora karu karuan..

Terlepas Polres Pacitan  muk ,, Ketiban  dong ,, opo ora  / merga pelakune wong luar kota ,, FAKTA ,, menunjukkan yen Kabupaten Pacitan saiki iso diarani Rawan Narkoba ....! Iyo po ora...?( Gustik)






Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done