PACITANPOST
News Update
Loading...

Selasa, 11 Oktober 2022

WEDI JEROAN CAH KELI , DOYO DOYO DIGAWA NING PUSKESMAS JATI MALANG

WEDI JEROAN CAH KELI , DOYO DOYO DIGAWA NING PUSKESMAS JATI MALANG


Pacitan Ppos,11.10.022.
Nganti dina iki Jazad Dika , siswa SMPN I arjosari  sing kenthir / keli ning kali Termas urung ditemokne.

Kabeh pemuda ,BPBD, Polisi lan ormas Arjosari persasat  kabeh melu nyemplung ning kali  Grindulu  golek'i nasib'i Dika.

Gandeng tim tim sing melu nyemplung ning kali ora pengalaman medis , barang barang sing ketok mencurigakan ning banyu di waspadai, klebu penemuan barang sing koyo  kebuk ( Jeroan )

Miturut  Laporan Polsek Kota, barang mencurigakan iku di temokne' sekitar desa Purworejo  Kecamatan Kota Pacitan.

Miturut Nur Sigit , Merga  wong wong ora mudeng medis , barang sing koyo kebuk ( jeroan)  maeng sekitar jam siji awan  dievakuasi menyang Puskesmas Jati Malang Arjosari ,  saperlu di identifikasi  tim Medis,  jeroan menungsa ..? ..opo jeroan kewan...?

Penemuan Kebuk / jeroan ana desa Purworejo .

Dasar menungsa jaman saiki meh kabeh duwe HP, opo  opo pingine gek ndang up date, al hasil identifikasi  kebuk urung enek hasile , berita ning medsos wis kadung rame.

Diramal sak durunge Jumat wis ketemu.

Peristiwa klelepe bocah keli , sing saiki urung ketemu, diramal dina jumat ,bahkan mungkin sak durunge , korban  murid SMP I Arjosari Pacitan  bakal ketemu..( gustik)






BAWASLU SERET SING TUKU BITING , KLEBU SING DUWE BITING...Jare'

BAWASLU SERET SING TUKU BITING , KLEBU SING DUWE BITING...Jare'

Wartawan  TV ONE.TV RI.Times.RSP & Pacitan Post ikut Sosialisasi KPUD tentang Tahapan Pemilu tahun 2024.

Pacitan Ppos, 11.10.022.
KPUD Pacitan maeng esuk ( 11/10) ngenekne sosialisasi Tahapan lan Jadwal Penyelenggaraan  Pemilu ana Hotel Srikandi jl Ahmat Yani Pacitan.

Sosialisasi sing ditekani Camat sak Pacitan, Bupati / Perwakilan , Bawaslu ,Kepolisian ,Kodim 0801 lan sebagian  Wartawan , dibuka secara Resmi Ketua KPUD Pacitan Sulis Styorini.

Sulis Styorini omong , yen sedelo maneh / tepate mulai tanggal 15 oktober 2022 KPU arep ngenekne Tahapan Verifikasi Partai Peserta Pemilu tahun 2024.

Ananging sing menarik , acara sosialisasi KPU  maeng awan , Bawaslu Pacitan sing diwakili Ketuane langsung Berty Stepanus tampil menggebu nggebu bak KPK bar ngenekne  OTT /  nangkep koruptor.

Jare Berty ! , Pemilu tahun 2024 Bawaslu Pacitan bakal ngawasi segala bentuk pelanggaran Pemilu,  utamane Pelaku sing tuku biting ( politik Uang ) ,Netralitas PNS dsb.

Pokok'e sopo sing tuku biting konangan , Bawaslu Pacitan ora bakal ampun , Pasti tak lebokne Prodeo , ora mung sing tuku , sing dodol bitingpun bakal tak proses .

Mantan Sekretaris KPUD Pacitan iku uga omong  ,, PNS kudu Netral ,, sopo sing konangan ora netral , ngeblok Partai tertentu , nggolekne' suara caleg , ngedum duit lan sakpiturute ,,  Tegas ,, bakal diproses hukum sing berlaku berdasarkan Undang Undang Pemilu lan Undang Undang liyane terkait PNS.

Saking menggebu nggebune  pak Berty arep  ,, Gasak ,, pelanggar Pemilu ,  wartawan iseng  tekok  ,, Formula opo sing paling effektif kanggo mencegah Money Politik / wong tuku biting .?

Jawabane Bawaslu  ,, mak kluthik ,, Peran serta Masyarakat kudu diberdayakan . Ealah.....tak kiro Bawaslu  duwe Program JITU  sing iso ngendekne  / mareni wong tuku biting ,, jebul ,,....

Perlu dimangerteni , soal pelanggaran Pemilu utamane bab Tuku Biting utawa politik uang , sejak  awal Reformasi nganti seprene  wis ora iso dibendung alias sang soyo ndadi.

Arep dadi anggota DPRD Pacitan , jangankan duwe duit 600 juta , lha mbok sak milyar to nek salah ale ngecakne yo ambyar...

Rata rata anggota Dewan sing dadi saiki , kabeh ngentekne duit paling elek 800 juta - 1,2 Milyart, wis pokok e ngentekne rejat , jare Bagus SP  sing isune bakal Pindah Partai  , saka Hanura menyang Demokrat.

Kader Hanura iku terang terangan omong  , pindah partai saka Hanura menyang Demokrat  ,, tendensiku ,,  golek suara ben ora abot abot , merga Wong Pacitan rata rata isih menghormati Pak SBY....( Gustik)




Sabtu, 08 Oktober 2022

RUDI MATI GIGOL KET KRETEG , SIJI JOSARI URUNG KETEMU.

RUDI MATI GIGOL KET KRETEG , SIJI JOSARI URUNG KETEMU.


Pacitan Ppos, 09.10.022.
Gara gara udan deres, Rudi Jatmiko ( 50) ninggal  tibo menyang kali  , diduga akibat kepleset  kreteg kali cilik Kebonagung.

Dugaan kepleset , berdasarkan visum dokter sing ora nemui tanda tanda kekerasan ana jasad korban.

Miturut catatan / laporan kepolisian Polsek Kebonagung , dino Sabtu (08/20) sekitar jam enem isuk  Supar lan Tumari arep menyang sawah pasang wuwu , ananging Supar kaget kok ono kain ketok njembul ana sawah.

Rumangsa curiga Supar nyeluk Tumari ndelok kain njembul  ana tengah sawah.
Kocapo bareng didelok ternyata mayit tengkurep.

Wedi salah , wong loro age age bengak bengok nyeluk warga Desa Purwoasri lan diteruske lapor menyang Polsek Kebonagung.

Dugaan masyarakat , Korban sengaja nyebrang kali , mungkin  pas mlaku kepleset langsung mlebu dasar kali sing jero , berita ning medsos korban gigol saka kreteg , kemungkinan kecil jare Warga sing ora gelem disebut.

Jasad  Rudi Jatmiko Warga Dusun Sampang Desa Purwoasri keli nganti teka persawahan penduduk.

Pihak Polsek Kebobagung pacitan mbenerake ana kedadean warga nemu mayit wong keli ana tengah persawahan, korban bar divisum langsung diserahne keluargane.

Cah Keli Arjosari sing siji urung ketemu.
Sementara korban kentir ning kali Termas Arjosari nganti seprene sing siji urung ketemu.

Menurut Nur Sigit Effendi , sing lagi ketemu lagi Hidayatul ( 13) sedang Dika nganti seprene urunh ketemu.

Sekalipun iki dina urung ketemu, warga desa Arjosari lan Jati Malang isih golek'i korban sing jik sekolah SMP , muga muga gek ketemu pak ,jare mantan anggota Dewan saka Hanura iku.

Terlepas kabeh wong mati  dina Sabtu wingi merga kepleset utawa keseret banyu kali , kabeh ora lepas akibat banjir bandang sing nerjang sebagian wilayah Pacitan.
Intine ' Banjir bandang Pacitan Sabtu wingi nelan korban  wong telu mati...( Gustik)





 KORBAN GAME ..THUYUL ..WONG SEMAPUT .. MBLADER... EALAH..

KORBAN GAME ..THUYUL ..WONG SEMAPUT .. MBLADER... EALAH..

Pacitan Ppos.09.10.022.
Meneng meneng wong Pacitan sing keblelon Game thuyul  / semacamnya jumlahe ewon , terutama bocah enom enom utawa oknum  sing pingin cepet sugih  ndadak.

Awal wong  Pacitan kranjingan bisnis Game Ajaib / thuyul  , saka pemuda Gayam Kebonagung sing sugih mendadak srana muk ndadep HP.

Bocah Kebonagung sing sempet tuku / lelang sepatu pejabat Publik Pacitan rega 600 ewu dibayar 25 juta  iku ternyata  gawe magnit pemuda lan wong tuwek sak Pacitan.

Gara gara pingin sugih srana kerja menak, bocah enom enom ,, ggrejeg  ,, nyang wong tuwek kon nukokne '  HP,  lengkap aplikasi  / perangkat Game Ajaib .

Saking semangate ale' tuku Hp  nganti ora umum,  cah siji  enek sing tuku nganti sepuluh HP , paling elek lim@ng hp , wektu kui alesan nyang wong tuwek  soyo okeh tuku Hp soyo okeh entuk'e duit.

Jenenge wong tuwek ' , ditangisi anak kepekso  age age golek utangan Bank utawa ngedol pomahan ,yo muk nggo tuku HP plus perangkat game sing regane antara 5 - 15 juta.

Sing lucu ! kasus keblelon tuku game tuyul ,  ternyata bareng   ditlusur tlusur ,  korbane ' ora mung cah enom , wong tuwek tuwek sing pingin cepet sugih jumlahe mblader ora mung atusan tapi ewon.

Rata rata wong tuwek tuwek sing bangkrut keblelon game thuyul isin crito ambi konco utawa tonggo , pokok' e ngerti ngerti bangkrut ngono wae.

Lucune ! Bocah enom enom sing sejege urip ora nate urusan  bank utawa koperasi , iki dina isih diuber uber petugas Bank lan Koperasi nagih utang.

Prawito sing kanclop merga anak'e bisnis game thuyul , ngaku duwe utang 70 juta nyang bakul sapi , akhire sapi telu dijupuk bakul , kojor mas mas mbok wedok nganti struk gara gara game thuyul.

Jenenge Petugas Penagih , ora ketemu anake ditemoni wong tuwane , bahkan nek raketemu loro lorone , mbakyune digolek!  Wah kulo niki isin , mosok kulo pas teng pasar ditekani petugas koperasi bab utang adik...jare Endang ambi klecam klecem.

Dasar cah enom  enom , ditagih petugas Bank  nek 'ora  mlayu yo minggat /
Utawa  mumpet ning omahe koncone.

Sing kojor ! Wong tuwane bocah , ora ngerti kentang kimpule ' , saben dino ditagih petugas Bank , jal arep mlayu teng pundi pak....kojor le' le' , thuyul  barang kok mbok tuku.. to le le...( Gustik)




Jumat, 07 Oktober 2022

GODRAS GETIH MERGA LAMBE KEBEL`ER TUSUK SATE...

GODRAS GETIH MERGA LAMBE KEBEL`ER TUSUK SATE...

Foto ilustrasi penjual sate...

Pacitan Ppos , 08 .10.022.
Udan udan diundang wong slametan kirim doa, karepe ket omah bar kerja ora mangan , sebab entuk bocoran konco menu hidangan slametan  sate Kambing.

Tapi sayang  , Slamet ( nama samaran) cangkeme sisih tengen godras getih kebeler tusuk sate' .

Ora jelas opo pancen saking kluwene Slamet  gek buru buru mangan, opo memang tusuk satene sing pancen landep.

Menurut critane Slamet , pas mangan kaget duduh satene rupane abang , slamet Warga Mentoro iku lagi sadar merga cangkeme sisih ngisor perih ora karu karuan.

Slamet isane muk pringas pringis , arep crito koncone isin , arep pamit disik sungkan , untung jare slamet tusuk sate sing dipangan tusuk sing terakhir , dadi sebelahku ora pati ngerti , nek ngerti ndah isinku , jare slamet guya guyu ambi pringas pringis.

Kasus Slamet kebeler tusuk sate, kenek kanggo pengalaman wong duwe gawe , nek gawe tusuk sate kudu dipastikan ora landep tur aman ora mbeleri lambe'.

Kanggo sing mangan yo ati ati ,  masiho kluwen ojo buru buru dipangan , raurung nek kebeler yo isin.

Mungkin nek mung isin ora popo, nek cangkeme suw`ek sesisih kan repot, raurung digawa nang rumah sakit...,( Gustik) Berita ini kisah nyata dengan nara sumber yang disamarkan untuk menjaga privacy..


LOROK BANJIR BANDANG....! TOKO AKEH SING KLELEP...

LOROK BANJIR BANDANG....! TOKO AKEH SING KLELEP...


Pacitan Ppos.08.10.022.
Udan nggejibrah sewengi deg , ndadekne sebagian wilayah Pacitan banjir , ananging banjir paling parah nerjang wilayah lorok lan sekitare.

Banjir bandang Lorok , miturut warga sekitar disebabke kali Kaisar lan kali cilik cilik mbludak.

Akibate merga mbludak, banyu sak ho hah iki maeng mili menyang dalan dalan lan pekarangan penduduk, bahkan toko toko ponggir dalan gede  / jl Lorok- Trenggalek akeh sing kedayohan banyu.

Bahkan menurut Wahidin Anggota DPRD Pacitan sing iki dina ana lapangan omong yen sekitar atusan omah kedayohan banyu banjir.

Kader Partai Demokrat uga omong 4 desa paling parah kebanjiran , Hadi Luwih.Hadi Warno, Woyoro lan dusun dusun etan kali kabeh  klelep klebon banyu sekitar 70 Cm , alhamdulilah korban jiwa ora enek, jare Wahidin via Telpon.

Toko Hand Phone milik Susilo termasuk klebon banyu banjir..

Ditaksir kerugian warga Kecamatan Ngadirojo akibat banjir sekitar 500 juta rupiah , sekalipun ora enek korban jiwa tapi barang baranng rusak hilang akeh banget , utamane barang dagangan warung sing klekep.

Tokoh Masyarakat Lorok Hariawan ST , omong  Banjir bandang sing nerjang Wilayah Ngadirojo kanggo pelajaran semua pihak , utamane Pemerintah Kabupaten Pacitan lan Balai Besar Bengawan Solo , kali soyo cethek lan soyo ciut piye ale ora gampang banjir , tegas hariawan.

Warteg pun ora lepas ,saka terjangan banjir luapan  kali Kaisar Lorok.

Hariawan sing uga anggota DPRD Pacitan komisi 4 njaluk kali Kaisar Lorok direklamasi, minimal kedangkalan dasar sungai dikeruk ,  banyu ben ora kerep mbludak.

Sementara itu Plt. Bupati Pacitan Gagarin Sumrambah sing kebetulan  asli lorok, iki dina melu mudun lan sidak menyang daerah daerah sing kebanjiran, klebu nyambangi tanah kelahirane Desa Wiyoro Kecamatan Ngadirojo.

Plt.Gagarin ikut turun ke Area Banjir lorok

Intine jare  Bupati Gagarin, Pemkab Pacitan akan segera mendata kabeh kerugian akibat Banjir Bandang , insya Allah infrastruktur ora pati okeh rusak yo mung  dagangan warga sing akeh rusak.

Ditakoni langkah awal kegiatan Pemkab mengatasi Banjir Lorok , Gagarin menehi penjelasan  , kabeh alat lat berat wis ditekakne ana titik titik sing kenek longsor, lan nerjunke tim BPBD ning lokasi sebagai upaya antusipasi.








Kamis, 06 Oktober 2022

WARGA KECELE FAREL PRAYOGA DIKIRA MUSLIM , KARENA PINTER SOLAWATAN..JEBUL....

WARGA KECELE FAREL PRAYOGA DIKIRA MUSLIM , KARENA PINTER SOLAWATAN..JEBUL....

Farel Prayoga penyanyi cilik paling mujur.

Banyuwangi Ppos,06.10.022.
Seumpama Gus Miftah ora takon Farel iso ngaji opo ora , mungkin nganti seprene wong sak Indonesia ngertine penyanyi cilik Farel Prayoga muslim, tapi ternyata non Muslim.

Kepastian Farel Kristen , gara gara Gus Miftah takok ,, le iso ngaji opo ora ,, gandeng Farel ora njawab njawab , panitia omong yen Farel Non Muslim .

Gus Fiftah sing diundang ana Pengajian Akbar desa Blangkon Srono Banyuwangi bareng Farel sempet kaget , tapi gus Miftah buru buru omong ora popo agama opo wae sebab Indonesia menjamin lan nglindungi kebebasan beragama.

Jangankan Gus Miftah , la mbok wong sak Indonesia yo kaget nek Farel non Muslim , kejaba berita sak durunge ditulis muslim, Farel jago lagu lagu bertema islam khususe Salawat Nabi , sekalipun misale diundang muk sekedar konser utow manggung  sing dibayar.

Sedang Farel dewe , ditakoni gus Miftah terkait agama, Farel Jawab secara diplomatis Privasi, Privasi...jawab Farel..

Sing lucu mungkin merga raweruh , Farel diundang Pondok Pesantren Pesantren , bahkan Pondok Pesantren terkenal Jakarta yo ngundang Farel kon menghibur para santri .

Sekedar informasi , Kabeh mbakyu lan kakangane Farel dipastikan Non Muslim , Devy Kristiani  lan  Stevanus Budi .
Bahkan mbakyune Farel sing jenenge Devi Kristani sering nganggo klambi gambar Salib.

Masiho saiki Agama Farel Prayoga Asli Non Muslim, diharap penggemar Farel ora mempermasalahke , sebab kabeh agama dilindungi undang undang lan Indonesia Majemuk..

Malah Farel kenek nggo conto, bayangno sekalipun Farel Non Muslim ternyata mampu nyanyi lagu lagu islami ngalahne bocah islam liyane..( gustik)

Bebek Gustik nikmat luar Biasa...monggo dahar, dicamin Eco.




 

Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done