PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 04 Desember 2022

GEGARA PROMOSI  DUKUN SANGKAL PUTUNG  TANGAN MALAH  Cu..kl`ek..!

GEGARA PROMOSI DUKUN SANGKAL PUTUNG TANGAN MALAH Cu..kl`ek..!



Pacitan Ppos.05.12.022.
Gara gara promosi sing idap idapi , akeh dukun sangkal putung sing bermasalah , akhire  berujung si dukun  .di k`e l`e r..ning kantor polisi.

Kedadean dukun sangkal putung di k` e l` e r polisi wis bola bali ,  rata rata merga praktek si dukun ngluwihi bates pengetahuan.

Hani Saputra ( 31) terpaksa diamputasi merga sikile malah bosok gara gara dipijet dukun sangkal putung , miturut dokter  RSD sing ora gelem disebut jenenge , Korban Hani terpaksa diamputasi ( ditugel )  sikile diduga berobat ning dukun sangkal putung sing sak benere dudu bidange nyambung balung sikil sing retak utawa mrenget.

Kasus Hani Saputra ' sing akhire dipedot sikile , Pihak Dinkes lan Rumah Sakit njaluk marang masyarakat sebagai pelajaran , ojo thik thik nyang dukun , sebab kabeh penyakit iku bidange petugas medis , opo meneh soal  sikil pedot ,, kudu,, ditangani rumah sakit utawa klinik klinik sing wis iso nangani bab balung mrenget , tangan cuklek lan liyo liyane..

Petugas Rumah Sakit lan Dinkes menehi penyuluhan warga  (korban ) dukun sangkal putung.

Terkait praktek Dukun Sangkal Putung Pihak Dinkes   menehi gambaran lengkap ,  Kudune dukun sangkal putung iku praktek'e ora luwih saka  praktek Teraphy , tapi piye ..! .kadang kadang kebablasan , cen angel tuturane jare petugas Dinkes Pasuruhan sing njegideg ora gelem ditakoni jenenge.

Kasus korban dipijet dukun sangkal putung zing  penyakite  malah mbabrah  sakjane kedadean meh sak Indonesia , klebu warga Pacitan sing uga kranjingan ngobatke wong tibo menyang dukun sangkal putung , tapi hasile malah ora mari mari.

Enek wong tibo sakjane  ora pati fatal ( muk kecengok) , saking percaya karo dukun , kekuarga sepakat  digawa nyang sangkal putung daerah  Palur Solo, sayang korban ora mari mari , malah wis 5 sasi ngathang athang ning kasur....parah ..parah wong nek wis Kami dukunen...( Gustik)

 









Kamis, 01 Desember 2022

PEMILU 2024 : BAWASLU BAKAL KEJEBAK LINGKARAN IBLIS.....?

PEMILU 2024 : BAWASLU BAKAL KEJEBAK LINGKARAN IBLIS.....?

Pacitan 02.12.022.
Ora maido  Badan Pengawasan Pemilu Pacitan    bingung ale arep format / model pengawasan Pemilu sing paling effektif kanggo mencegah pelanggaran.

Miturut Agus  Hariyanto anggota  Bawaslu Pacitan , kejaba antara Pil Pres  lan Pilihan legeslatif bareng , uga kondisi geografi Pacitan mayoritas pegunungan , ditambah dana sing lumayan cekak.

Aku kerjo ki sakjane ora pernah sambat , ananging Pemilu tahun 2024 iki bareng antara Pileg lan Pilpres , jare agus ' misale kingko enek wong menehi  sembako sing digawa Caleg , ternyata  bareng disidik jebul titipane Calon Presiden kan repot , mulo nek ra ekstrA ngati ati, bawaslu iso kejebak  rong kepentingan.

Ketua Bawaslu Pacitan  Berty Stevanus dalam sebuah acara sosialisasi antara lintas media di area pantai Teleng Ria.

Apa sing dikawatirke Bawaslu Pacitan dibenerke Ketua Umum Pacitan Couroption Watch ( PCW) Pacitan ( GTS).

LSM sing bidange nropong wong maling duite negara ,, iku njaluk ,,  marang BAWASLU lan  masyarakat Pacitan berperan aktif ngawasi gelaran Pileg Lan pilpres tahun 2024 , ojo nganti  justru Bawaslu, KPU lan liyo liyane malah terseret mlebu lingkaran iblis sing ujunge muk duit....duit..duiiit.

Ketua umum  PCW sing uga Owner  media Pacitan Post Group  omong..' yen wis mulai ngendus  ENEK oknum   Partai , dewan ,  oknum LSM , oknum Organisasi Masyarakat  Bahkan oknum tokoh Agama sing  wis mulai oyeng  golek posisi .

Para  oknum wis mulai mikir  piye carane ben  iso mlebu lingkaran Pileg lan  Pilpres tahun 2024 , sing diburu  jelas ..! yo muk duit setan sing dipangan  iso sensara 5 tahun , tambah  ketua PCW tanpa teding aling aling.

Sementara Ketua Bawaslu Pacitan Berty Stefanus  omong yen Pilpres tahun 2024 cukup gawe puyeng sirah , merga Pemilu tahun 2024 klebu Pemilu Raya , kabeh serba bareng , utamane antara Pileg lan Pilpres.

Tapi Mantan Sekretaris KPU Pacitan iku uga ngaku Siap melaksanakan Tugas seberat apapun.
Bawaslu siap ngindik wong sing arep aweh aweh nda, engko nek terbukti nyogok suara ,tak lebokne penjara..jare Berty serius.

Yo muk mukin Berty lali , umpomo sing nyogok ling kekuasaan opo yo wani...?
Ditakoni ngono Berty panggah omong ORA GAGAS  pokoke Gaaas..jare Berty..!

Yo muk ngene gus ! Tenagaku ki sitik , danaku cekak , kiro kiro Pemkab lan Dewan iso nambahi ora gus..! Tulung yo kandakno  gus....( Gustik)













Rabu, 30 November 2022

SUNAN KALIJAGA OBONG ALAS...!

SUNAN KALIJAGA OBONG ALAS...!

Sunan Kalijaga anak Bupati Tuban Jawa Timur .

Tulisan ini sambungan dari kisah tim balap jaran Pacitan keblasuk mistis ana Petilasan Ki Sunan Kalijaga.

Pacitan 30.11.022.
Komplek Petilasan Sunan Kalijaga ana Dusun Banyu Urip  Kelurahan Jatimulyo Kecamatan Dlingo Kabupaten Bantul DIY Jogjakarta saben dinane dirumat lan dijaga juru kunci wedok Ny.Suraksa Warih.

Ny ML Suraksa warih juru kunci turunan saka bapak biyunge sing njaga petilasan Sunan Kalijaga mataun tahun ana dusun Banyu Urip  -Jatimulyo - Dlingo - Bantul.

Sayang ana aturan khusus sing digariske Sinuwun Sultan Hamengkubuwana kaping X  penguasa Kraton Ngayogja Karto Hadiningrat  marang kabeh Suraksa, klebu Ny .Ml Suraksa Warih  ORA entuk Wawancara tanpa ijin Dalem Kraton.

Sendang Panguripan klebu Situs sing dijaga kelestariane saka Pemerintah.

Ananging  saka pandangan mata Media sing dino kui  telung jam ana komplek petilasan Sunan Kalijaga, tamu tamu luar kota  mlebu metu ana njero patilasan Sunan Kalijaga .

Bangunan Petilasan sing  arupo cakruk cilik , sing sampinge mancur sumber banyu diperkirakne umure atusan tahun seiring sejarah perjuangan Sunan kalijaga sekitar tahun sewu limang atusan , sumbere ranate asat masiho usum ketigo.
 

Miturut warga sekitar Dlingo ,  sendang panguripan Jati Mulya saben dinane akeh ditekani tamu sing pingin ngalab berkah, biasanipun sing kathah saking luar kota , jare ibu Tari  tangga desa Jati Mulya .

Praktek ngalap berkah dipandu juru kunci sandang panguripan  Ny.Ml Suraksa Warih.
Srana sak genem kembang boreh , dupo lan banyu sendang asli.

Tamu digawa mlebu ,dijak dongo bareng bareng , dituntun Juru Kunci  Ny.Suraksa Warih sekitar 1 jam , jopo mantra lan dongane kabeh ora  enek sing krungu kecuali sing ngalap berkah dewe.

Metu saka ruang doa  , tamu diarahke kudu adus lan ngombe  banyu sendang. Sing menarik, tamu luar kota yen mulih ora entuk  mondag mandeg lan kudu bablas langsung teka omah.

 !  Patilasan Sunan Kalijaga miturut buku cerita babat tanah jawa dan penyebaran agama Islam.......( Bersambung ke edisi berikutnya...)























Senin, 28 November 2022

TIM BALAP JARAN PACITAN KEBLASUK MISTIS ANA PETILASAN SUNAN KALIJAGA DLINGO BANTUL

TIM BALAP JARAN PACITAN KEBLASUK MISTIS ANA PETILASAN SUNAN KALIJAGA DLINGO BANTUL



Pacitan Ppos.17.11.2022.
Kisah  nyata & mistis  dialami  Rombongan Balap Jaran asal Pacitan ana daerah sekitar  alas Jati Mulyo Bantul Jogjakarta Minggu  ( 27.11.022 ) sekitar pukul 15.00 wib.

Rombongan  balap Jaran Pacitan sing keblasuk mistis ( Sugiharto / pemilik kuda, Jarot Mustofa / Foto Grafer & Gustik Wartawan Senior Pacitan Post Group)

Makam sunan Kalijaga di Kadilangu Demak Jawa Tengah.
Awal critane ,  rombongan nekani kompetisi balap jaran ana Stadion Sultan Agung Bantul Jogjakarta.

Urung bar ale balap Jaran pemilik kuda Sugiharto ujug ujug njaluk bali menyang Pacitan lewat dalan sidatan Imogiri Pathuk Gunung Kudul.

Tim Balap Jaran Pacitan ngopi ana puncak Becici sak durunge keblasuk mistis.

Perjalanan lagi teka makam raja raja imogiri ,  Sugiharto ( pemilik kuda balap ) ujug ujug mak clemung pingin ziarah menyang Makam Raja Raja  Mataram imogiri Bantul Jogjakarta.

Ananging penjaluk'e Pemilik Jaran Sugiharto  mampir nin Imogiri ora dituruti konco konco merga perjalanan mulih pacitan ijik adoh.

Tekan obyek Wisata Mangunan  lan Puncak Becici  Bantul  enek deretan mobil Tour merek  Jimny diparkir  akeh banget ana sekitar obyek wisata Puncak Becici.

 Ujug ujug  sugiharto  mak kluwer mlebu parkiran Jip Jimny sing lagi ngunggah ngudunke Pengunjung , usut punya usut Sigiharto kepincut Mobil modifikasi .

Rombongan mandeg ana parkiran Jip Puncak Becici.

Ternyata : Sugiharto pingin tuku mobil Tour Jip Jimny Modifikasi , ,arep dienggo,,  fasilitas obyek wisata   Anyar Mentari Hill Tamperan Pacitan , jare Suge`k...iki aku langsung tuku limang unit tak nggo jurusan Mentari Hill- Pancer Door, Mentari Hill Sentono gentong . mentari Hill Alon Alon Pacitan.

Bubar tawar menawar rombongan budal mulih Pacitan via Desa Beji ,Sambi pitu Pathuk Gunung Kidul.

Kocapo..!
Mbuh merga mistis opo sebab liyo, ujug ujug mobil mlebu menyang Wit ringin gede jejer telu sing dibungkus kain putih, mungkin merga kabeh kami tenggengen wong telu ora iso omong blas meneng njekitet..

Setengah sadar Rombongan koyo dituntun mudun mlaku nyang wit ringin , wong telu soyo ndredeg merga ambune dupo sekitar lokasi luar biasa menyengat , ngalahne ambune  dupo sing dibakar dukun dukun ana Pendopo Pemkab Pacitan nalika acara Ruwat Jagad.

Merga kulino liputan mistis ,  Gustik  njaluk di Foto menyang cameramen Jarot Mustofa.

Iki yo ujug ujug maneh, Jarot karo Sugiharto ujug ujug mlaku ora sak baene menyang omah cilik sing saja njaba krungu wong gremeng gremeng , setengah koyo wong. Ndongo..!

Cameramen Jarot Mustofa njaluk difoto ana petilasan Sunan kalijaga ana Dlingo Bantul.

Ternyata bener..' gremeng Gremeng sing asale saka  njero petilasan  ,, Juru Kunci mimpin dongo lan mantra ,, peziarah saka luar kota..
Hebate juru Kunci petilasan Sunan Kalijaga Wedok  ingkang paring asma Ny ML Suraksa Warih ( bersambung ke edisi berikutnya  dan  cerita ini diambil dari kisah  perjelanan  mistis rombongan balap Kuda dari Pacitan).....









PACITAN Dilokne' Penduduk''e Jarang KETOK  ..Asem Kecut...

PACITAN Dilokne' Penduduk''e Jarang KETOK ..Asem Kecut...

Ilustrasi Rumah Jarang Penduduk di Pacitan.

Pacitan ppos.27.11.022.
Gara gara Kabupaten Pacitan tercatat kota paling sepi lan mlarat sak jawa Timur , Media ( JNW ) sak udele dewe ale mberitakne bab kota  Pacitan .

Saking sepine kota Pacitan , wartawan JNW  meng ilustrasikan seolah penduduk'e  kota Pacitan jarang ketok .
Sing megelne eneh , nek arep ndelok wong Pacitan kudu nunggu moment.

Narasi sing dibangun Berita Jatim ,  seolah ngajak pembaca ,, urip ning Pacitan ,, seolah koyo urip ning pedalaman Papua utawa alas Amazon.

Tendesi  wartawan ( JNW) sing beritakne kondisi urip wong Pacitan ternyata muk didasarke  catetan Pemkab Propinsi Jawa Timur  terkait jumlah / kepadatan  penduduk Pacitan .

Pendopo Pemkab Pacitan kala merayakan HUT RI.
Luas kota Pacitan pancen klebu ombo dewe sak jawa timur sak ngisore Jember,Banyuwangi lan Lumajang, luase sekitar 1.389.92 km2.

Cuma sayange geografi kota Pacitan  85 % daerah pegunungan , dadi yen  gawe omah wong pacitan terpencil pencil disesuaikan kontur lemah.

Opo meneh jumlah penduduk kota Pacitan sesuai Catatan Sipil Jawa Timur muk sekitar 589.000 ora sebanding karo luas wilayah sing klebu ombo.

Ananging sak jane yen diarani kota Pacitan paling sitik penduduk,e' sak jane   yo ora ,  merga ijik enek Kabupaten Mojo kerto sing penduduk'e muk  sekitar 135.000 , cuma  luas  wilayah Mojokerto  ciut , ditambah 99,9  % tanah datar lan perkotaan ,kejaba cedak Ibu kota Jawa Timur.

Pantai Indah Kasab Watukarung Pacitan

Nek didelok saka kontur Wilayah kota pacitan , umpama enek wong kesasar ning daerah pinggiran utawa pegunungan , pancen koyo koyo  ning alas gung liwang liwung , bengak bengok ora enek wong krungu.

Sementara kondisi urip ning kota Pacitan soal keramaian tetep rame' , ora gek digebyah uyah MUNCULE wong Pacitan seolah sak wayah wayah , koyo urip mistis ning pedalaman. 

Wartawan JNW mungkin lali , masiho wong pegunungan Pacitan  arang ketok,  tapi nek ngarit utawa ripik  kabeh wis gawa HP yo..!

Cuma yen kecatet Pacitan  klebu penduduk paling mlarat  sak Jawa Timur , pancen ora enek sing iso nyelak'i..tapi eling.Cak ' .wong pacitan 95 % pada wis duwe omah dibanding urip ning perkotaan sing rata rata ijik nyicil utawa kontrak..( gustik)












Jumat, 25 November 2022

BUPATI DIKRITIK JOGET NING  NGISOR BIDUAN  PUPU MULUS..KEDHUL...KEDHUL..IGUL..IGUL..BRI Kena Getah di Satru Nasabah..?

BUPATI DIKRITIK JOGET NING NGISOR BIDUAN PUPU MULUS..KEDHUL...KEDHUL..IGUL..IGUL..BRI Kena Getah di Satru Nasabah..?


Pacitan Ppos.25.11.025.
Mbuh merga rumangsa wong seni po piye , Bupati Pacitan indrata Nur Bayu Aji wingi bengi  ( 23/11) joget Heboh dipanggul konco koncone ning alun alun Pacitan.

Mungkin nek mung dipundak ambi joget sih ora popo, sing dadi sorotan warga merga bupati joget seolah ning ngisor penyanyi dangdut sing pupune ..aduhai mulus...kedhul kedhul .. igul igul ..ora sopan.

Bupati dikritik Warga atas aksi joget dangdut yang seolah dibawah paha mulus biduan dangdut di acara undian BRI.

Miturut  Muhammad Zazuli salah sijining Warga Pacitan asal Ngadirojo sing ditakoni media ana lapangan omong , Aku miris mas ndelok Bupatiku joget dangdut ning ngisor Biduan , opo neh  pupu lan sempake ketok mloho .

Sekalipun Bupati jogete ning isor panggung , tapi miturutku ora pantes , Wibawa Pejabat iku perlu dirawat, minimal ben disenengi rakyat , ora gek gabyah ngono kui , imbuh Zazuli warga sing bengi kui melu undian BRI.

Biduan Dangdut sing disewa BRI gawe Bupati Melu joget , sayang ale joget ning sor Panggung seolah ning ngisor pupu muluse Biduan.

Aksi Bupati sing mestine Wajar , yen ale joget ning duwur panggung , tapi merga ning ngisor panggung seolah mloho ndelok biduan ketok sempake , masiho dilapisi stoking tipis tetep  dikritik entek ngamek kurang golek  karo masyarakat Pacitan , utamane lewat media sosial,Vidio Bupati  egal egol  pating sliwer ana jagat maya.

Sing dadi pitakonan  Warga masyarakat , Bupati opo diojok ojoki konco  kancane opo  memang karepe dewe, kok dadi pejabat sak penak'e dewe , bar ket Mekah lagi...jare  wong wedok wedok  sing  ndipipil eneng pinggir lapangan

Miturut  masduki Pentolan LSM Bhineka Bangsa , sikap Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji sing  akhir akhir iki  ,, kontroversial,,  perlu dielekne .

Sebab miturut Tokoh Muda LSM Bhineka Bangsa , nek sikap Bupati ora enek sing wani ngelekne , sak teruse ora genah lan cenderung gabyah..

Sementara Sekretaris Daerah Pacitan Heru Wiwoho ,  Kepala kominfo Pacitan Bambang Mahendrawan dihubungi Media ngaku pilih ora komen, no coment gus...!
Sepurane', jare Mahendra age age endo.

Aksi Bupati Pacitan Joget heboh ning ngisore Biduan pupu mulus acara BRI Cabang Pacitan akhire gawa dampak sinis marang Bank Terbesar Pacitan.

Opo matane Wong BRI iku ora mikir nek Negara lagi enek musibah, Cianjur berduka ,Covid 19 trend ne meningkat, kok yo gelar acara koyo ngono .

E ..minimal ..!..mbok yo melu prihatin sedulur sedulur cianjur dina iki lagi nandang  kelayon merga lindu gede  sing mangan korban wong 300 mati...jare Wahyono  guyon ...engko nek di Satru Nasabah Ora gelem nabung ning BRI kapokmu kapan..( gustik).


Kamis, 24 November 2022

QATAR : BAL BALAN MODEL ,, Re'k  Re'k  Nong ,, Sing okeh KALAH..!

QATAR : BAL BALAN MODEL ,, Re'k Re'k Nong ,, Sing okeh KALAH..!


Pacitan Ppos.24.11.022.
Piala Dunia Qatar 2022 , koyo koyo ora menak ditonton , kejaba ora enek calon pemain bintang anyar  uga pola main bal balane nyepeti mripat.

Diarani nyepeti mripat , merga pelatih isih enek sing nerapne strategi 4:5:1 / 4:4:2 sing identik strategi bertahan , sekalipun lawan maine klebu  tim lemah.

Conto paling gres , Pertandingan antara Argentina Vs Arab Saudi minggu kepungkur ,  Argentina kalah tragis 1:2 lawan Arab Saudi sing nota bene tim lemah.

Tim sing dikapteni pemain terbaik dunia Leonil Mesi iku bola bali muk koyo dolanan bal , dioper nyang samping - nyang mburi , nyang samping - nyang mburi  , akibate pertandingan ora ketok rame malah nyepeti mripat.

Model bal digiring maju mundur ,  iku nek ilo ilone wong ndisik  jenenge model ,, Rik Rik Nong (  gangsir ning njero lemah)  sing isane muk maju mundur.

Bintang Dunia Leonil Mesi  blas ora berdaya ketika Tim'e keok 1:2 saka tim  lemah  Arab Saudi ,  diduga  Argentina salah strategi , yo kui  Leonil Mesi nganggo  strategi ,,  Re'k..Re'k...Nong  strategi bertahan ( Devensif)

Sakjane nganggo strategi 4:4:2  utawa 4 : 5 : 1 wis biasa, sepanjang lawan tandinge  luwih  kuat lan mengarah  strategi menyerang /0fensif. 

Cekak'e omong.
Strategi Devensif  ( bertahan ) lekat otak atik bola maju mundur ,  kejaba boseni lan ora penak ditonton , apes apese kalah merga bal kesrobot mungsuh.

Penggemar Piala Dunia tegang melihat jagonya main.

Piala Dunia Qatar 2022. Tim sing nerapne strategi  Rik Rik Nong /bertahan  miturut catatan Media  Argentina kalah ,  padahal lawane Tim Lemah Arab Saudi , Uruguai yo ngono muk gejag  lawan Korea Selatan sing miturut pengamatan uga klebu tim lemah.

Tim Garuda indonesia , jarang  berprestsi / menang ,  mungkin salah sijine  disebabne Pemain Indonesia sering njupuk stategi Rik Rik Nong /  utak atik bal nyang samping nyang mburi  nyangnyang samping - nyang mburi lan ujung ujunge bal kesrobot mungsuh.....KALAH ( Ditulis Redaksi Pacitan Post  sebagai bagian kritik Media terhadap Sepak Bola )









Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done