PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 16 Januari 2023

ISU RONNY NJALUK KANTOR PD PUCANG SEWU SALAH....SING BENER DEMOKRAT TUKU MANEH...!

ISU RONNY NJALUK KANTOR PD PUCANG SEWU SALAH....SING BENER DEMOKRAT TUKU MANEH...!


Pacitan Ppos 15.01.023.
Peresmian Kantor DPC Pacitan sing anyar , ternyata dadi isu liar ora karu karuan ning masyarakat , utamane wong sing tukang spikulasi.

Enek crito , Partai Demokrat Pacitan tuku kantor anyar , merga kantor lawas ana  ( desa Pucang Sewu)  dijaluk keluarga almarhum Bupati Pacitan H.Sujono.

Tentu wae kabar manuk iku, ora ngepenakne atine Ronny Wahyono , putra alm Bupati Pacitan H.Sujono iku bantah yen kantor lawas dijaluk keluargane.

Ketua DPC Demokrat Indrata NBA &Ketua DPP PD AHY ngresmekne kantor anyar DPC PD Pacitan ,lokasi ngarep Makam Kucur Sidoharjo.

 Ronny Wahyono tegas , Kantor lawas Pucang Sewu tetep digawe Kantor DPC Demokrat Pacitan  ( khusus kanggo Rapat/ Pertemuan).
Sedang kantor anyar , dikhususke kanggo kegiatan administrasi lan koordinasi para kader, tambah Ronny dihubungi via telpon.

Sementara Arif Setyo Budi uga omong , DPC Partai Demokrat Pacitan ora pindah , tapi nambah aset , tulung sing tukang gawe isu mandeg , ojo digoreng mrono mrene, jare  Tokoh sing saiki dadi Ketua Fraksi Demokrat Pacitan.

Perlu dimangerteni, wingi awan (15/01) Ketua umum Partai Demokrat AHY didampingi EBY , Wakil Gubernur Jatim Emil Dardak, Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji ngresmekne kantor PD sing anyar ( bekas Hotel / Cotage Bumi Harum Kucur Pacitan.

Putro mbarep SBY iku omong ,Kantor anyar PD Pacitan  yo kui siji sijine Kantor DPC sak Indonesia sing jumlahe enek loro, muga muga tambahan kantor anyar iki ndadekne kader tambah semangat , Demokrat tambah gede, tegas AHY disambut riuh tepuk tangan kader kader Demokrat sing teka.

Informasi sing ditompo media, Kantor Demokrat Pacitan , ale tuku menyang Wiwit Bumi Harum 1,7 M.., yo muk sayang enek sing alok , kantor Partai kok bekas ...( Gustik)










Rabu, 11 Januari 2023

Viral : BOJONE MESSI DITLORONG ANAK'E NGANTI NGGEBLAK...!

Viral : BOJONE MESSI DITLORONG ANAK'E NGANTI NGGEBLAK...!


Internasional Ppos 11.01.023.
Ana jagat maya  Viral : Anak'e Leonel Messi sing mbarep Tiago,   nlorong ibune saka mburi nganti  nggeblak.

Didelok saka vidio,   awal critane  bojone Messi Antonella Roccuzzo  guderan karo anake Messi nomer loro ( Mateo ) , bojone Messi  mlebu  lapangan ,, nggocek,, bal karo nyangking  omben ( minuman).

Masio wedok !  bojone Messi ketok pinter ale gocek bal , maklum bojone Pemain top dunia , raketang sitik mesti iso.

Bojone Messi, Antonella Roccuzzo guderan karo Mateo ( anak nomor 2).

Sayang pas enak enak'e  Antonella ggocek bal karo Mateo , ujug ujug saka mburi Tiago Messi ( anak mbarep Messi)  nlorong sikile' mamak'e  saka mburi .

Tentu wae , Antonela sing ora ngiro Tiago arep nyrobot bal saka mburi ,, kaget ,, langsung nggeblak ana  lapangan.

Bojone Leonil Messi  Antonela nggeblak ditlorong saka mburi Tiago Messi  (anak mbarep) Mesi.

Vidio Viral durasi 30   detik ora njelasne, bojone Messi boyok'e lara opo ora , tapi nek ndelok tibane nggeblak , minimal bokonge' Antonela kelaran.

Vidio uga ora njelasne, kapan peristiwa bojone messi ,, Geblak,, ditlorong anak'e saka mburi.

Sing pasti , saben saben keluarga Messi aktivitas , kabeh dadi sorotan dunia , maklum Leonel Messi dianggep Pahlawan Bal Balan ana Argentina.

Jenenge Bocah rung duwe duga / urung ngerti gampeng , masiho bar nlorong mamak'e  , yo wis ora ngawak'i..ealah jejenge bocah....( Ulasan saka Vidio Viral saka Argentina ,  khusus aktivitas keluarga Leonil Messi )







Selasa, 10 Januari 2023

KOFIFAH NEK SIDO DIGANDENG ANIS...JATIM ..PYUUK..! IKI NING PACITAN WONGE..!

KOFIFAH NEK SIDO DIGANDENG ANIS...JATIM ..PYUUK..! IKI NING PACITAN WONGE..!

Gubernur Jawa Timur Kofifah Ngresmekne kreteg Kembang Pacitan.

Pacitan, 10.01.023.
Pemilihan Presiden RI  ijik setahun , tapi kabeh medsos wis rame nggunggung Calon jagone dewe dewe .
Masiho kadang gunggungane  gguyokne  , tapi ora popo sing penting rame.

Jenenge imajinasi pemilih , kadang koyo koyo serius , kadang mbah dawut , tapi uga kadang tenan.

Nganti dina iki calon sing wis moncer , Anies Baswedan , Ganjar Pranowo , Prabo Subianto , Puan Maharani lan Erick Tohir.

Calon Wapres sing wis digadang gadang , Kofifah Indar Pawaransa , Sandiaga Uno  lan Agus Harimurti Yudhoyono.

Miturut Pengamat Politik Jamal Aziz , kans Kofifah luwih gede ketimbang Calon Wapres liyane, bu Kofifah arep dipasangke sopo wae.. oke , warga jatim diperkirakne pyuk nyang kofifah , opo meneh nek karo Anies , jare Jamal guya guyu..

Kofifah & Indrata Nur Bayu Aji  ana jembatan kembang.

Perlu dimangerteni , dina iki Gubernur Jawa Timur Kofifah Indar Parawansa kungker ana Pacitan , ngresmekne  kreteg ana desa Kembang Kec/Kab  Pacitan lan kreteg Gandu desa Wonodadi Kulon Kecamatan Ngadirojo Kabupaten Pacitan.

Kreteg Desa Kembang dibiayai saka  BTT ( Biaya Tidak Terduga) jumlah sekitar 6 M luwih sitik , kreteg Gandu Wonodadi dibiayai  BTT kurang luwih  3 M luwih sitik.

Gubernur  Jatim Wedok sing duwe kans dadi Wapres periode 2024-2029 iki omong , prioritas pembangunan Jatim dititik beratne dalan lan jembatan penghubung, ben rada perekonomian pedesaan ora terganggu , opo neh PPKM wis dibuka akses  dalan penghubung kudu lancar.

Gubernur teka Pacitan numpak Helikopter saka Lapangan Gudang Garam Kediri langsung  ndarat ana Lapangan Terbang Kucur Pacitan.

Gubernur sing ijik betah dadi randa iki, disambut langsung Bupati lan Wakil Bupati Pacitan indrata NBA- Gagarin didampingi Kadis PU Pacitan Suparlan.

Sambutan Gubernur Jatim , blas ora nyinggung bab Pilpres ,   kungker ana pacitan pyur urusan dinas , dipancing wartawan bola bali Kofifah njegideg ora gelem semaur....( Gustik)











Senin, 09 Januari 2023

GELAP MAHASISWA asal PUNUNG GANDUL NING SOLO...Sruing Sruing Apel Gadok...

GELAP MAHASISWA asal PUNUNG GANDUL NING SOLO...Sruing Sruing Apel Gadok...


Pacitan 01023.
Wong nek  cupet atine , ora dumeh wong tuwek , bocah enom pun yen wis kadung judeg atine sering nglakoni hal hal sing rapatut .
Nek ra gandul , ngombe racun , jegur sumur utawa njegur segara.

Koyo sing dilakoni ( FFA)  Mahasiswa asal dusun Weru RT 09/06 Desa Gondosari Kecamatan Punung Kabupaten Pacitan.

FFA ditemokne Warga  wingi awan ( 08/01) gandul ning ngemper omah kos kosan kancane mburi Kampus ana Kodya Solo Jawa Tengah.

Korban FFA gandul ana ngemper daerah Solo Jawa Tengah.

Nganti berita iki ditulis, urung enek kejelasan motif Korban gandul ana daerar solo, padahal FFA tercatat Mahasiswa UMY Jogjakarta jurusan Agribisnis semester ganjil.

Kabar manuk , FFA ( 22)  dino kui lungo menyang Solo endang pacare , mbuh merga cek cok karo pacare opo piye , ngerti ngerti esuk'e ditemokne warga gandul ana teras omah kos kosan .

sruing sruing malem minggu apel gadok, sejene  FFA  apel  si Pacar uga diapele bocah liyo , niku namung sruing sruing lo mas , ampun dipercados jare ( Jk) Mahasiswa sing cedak kos kosan.

Warga sing keweden merga ora kenal korban , age age dilaporne aparat desa lan diteruske laporan menyang Polisi setempat..., polisi omong..! weh mas kedadeane koyo ora dek wingi ..? , wis rong minggu kepungkur yak' e..( Gustik)

OJO PUTUS ASA GOLEK  MANGAN ORA ENAK , PESENO BEBEK  ,,Sien-Jae ,, Khas Pacitan Tirto Wening .


Jumat, 06 Januari 2023

Mr..X..MATI KESETRUM NING CHINAN JOINANGUN..

Mr..X..MATI KESETRUM NING CHINAN JOINANGUN..


Pacitan Post.07.01.023.
Rong dino iki kedadean wong mati ning jero banyu wis enek wong loro , siji mati ning Sawah Praman Pucang sewu , mambengi  ( 06/01) enek wong mati ning njero kalen daerah Chinan Arjowinangun.

Miturut Thomas Anggota Polisi Polsek Kota Pacitan entuk laporan korban mati ning njero kalen  daerah chinan Arjowinangun / kalen mburi Bintang ,  lan  ora enek identitase .
Mr X..ditemokne warga  posisine murep setengah ndangak , mayite ketok koyo gguyu.

Merga Wedi , warga sekitar Bintang Wijaya langsung lapor polisi lan jenazah di gawa ning RSD Darsono pacitan di Visum , diduga korban kesetrum listrik.

Merga ora enek saksi mulo bukane kesetrum , ora enek saksi sing iso ditakoni , kemungkinan  saksi wedi crito.
Sing jelas warga memokne korban sekitar jam sepuluh bengi , dino jumat tanggal 06 Januari 2023....

Merga wedi enek opo opone, Kades Arjowinangun Wiwit Bagong mrintahne anak buahe , gowo mayit MR menyang RSD.
Sesuai prosedur , proses pemakaman merga X ditangani dinsos Pacitan .( TIM)




Wis RONG SASI WONG DESA KETEPUNG ORA NYEKEL KTP...ALESANE BLANGKO GUSIS...

Wis RONG SASI WONG DESA KETEPUNG ORA NYEKEL KTP...ALESANE BLANGKO GUSIS...


Pacitan Ppos 06.01.023.
Sak apik apik'e systim elektronik , nek bahan baku liyane ora siap kabeh dadi percuma , ujung ujunge rakyat sing dirugekne.

Masiho Presiden Jokowi duwe kebijakan nggawe KTP kudu sedino dadi , ananging nek perangkate ora siap , kabeh dadi percumah.

Koyo kedadean Desa Ketepung Kecamatan Kebonagung  Kabupaten Pacitan , meh kabeh warga desa ketepung wis rong sasi luwih ora nyekel/ duwe KTP , Utamane sing urus lewat jalur KTP Massal.

 Kepala Desa Ketepung Hadi Wiyono , diklarifikasi Media terkait urung dadine KTP sebagian penduduk desa Ketepung , tokoh sing uga bos club Volly Putra Rambah iku mbenerake yen KTP  sebagian wargane wis rong sasi urung dadi.

Alesane jare mbah lurah , Blanko E.KTP langka alias kentek'an ning Dukcapil Kabupaten Pacitan , ngendikane tiyang dukcapil blankkone telas...mas! Kedah nenggo rumiyen.

Terkait urung dadine E .KTP warga , bener bener ngrepotne warga desa, merga arep pajek motor ora iso , arep nyilih bank ora iso , bahkan arep ngurus ijin usahapun ora iso , jare warga desa Ketepung sing ora gelem disebut jenenge.

Arief Setyo Budi Ketua Fraksi DPRD Pacitan.

Sementara Ketua Fraksi Demokrat Arief Setyo Budi ,ketok gerah enek Warga Desa nganti rong sasi luwih ora nyekel KTP, muk merga alesan bangko KTP entek,  trus piye kui nek arep lelungan..payah jare Arief.

Arip Setyo Budi  sebagai Wakil Rakyat, mendorong kabeh OPD ana lingkup pemkab Pacitan , wabil khusus OPD sing mbidangi Pelayanan Rakyat memperhatikan kabeh keluhan masyarakat , klebu proses pembuatan E KTP .

Muga muga warga desa Ketepung gek pada nyekel KTP, mosok wis rong sasi urung dadi dadi , tegas Tokoh asal tulakan iki.
( gustik)







Rabu, 04 Januari 2023

NYANGKLEK BEDIL IWAK , UJUG UJUG MATI NING SAWAH.

NYANGKLEK BEDIL IWAK , UJUG UJUG MATI NING SAWAH.


Pacitan 05.01.023.
Nasib menungsa ora enek sing weruh , utamane bab pati , kabeh nyawa sing nyekel sing kuasa Allah Swt.

Koyo kedaean wingi sore ( 04/01) enek wong mancing ana pinggir sawah, ujug ujug ditemokne warga mati tengkurep ning sawah sing banyune muk sak polok sikil.

Korban sing diidentifikasi Widi wahyu Pamungkas ( 27) alamat Rt.01/03 Dusun Pucang Mulyo Kelurahan Pucangsewu Kec/Kab Pacitan ditemokne warga sekitar jam setengah limo sore.

Miturut saksi Bayu Triatno , korban teka ning TKP sekitar jam telu sore , korban kledang kledang teka nyangklek bedil iwak.

Ora let suwe , ujug ujug korban ora ketok lungguh , tapi ora let suwe saksi curiga kok onok wong kemurep ana sawah, bareng diendangi ternyata Widi / korban.

Gandeng Bayu wedi , bengok bengok nyeluki saksi liyane Winarno sing kebeneran tonggone korban.

Bareng diamati korban wis ora obah , saksi nyeluk keluarga korban laporan Polisi Polsek Kota Pacitan 

Kapolsek Kota Pacitan AKP Sugeng Rusli mbenerake yen enek laporan wong mati ning pinggir sawah Praman Pucang Sewu.

Korban dievakuasi anggota sekitar 
Jam setengah limo sore , dilanjut menyang RSD Darsono Pacitan .

Korban Widi Wahyu Pamungkas , diduga duwe riwayat Penyakit Epilepsi, mungkin korban mumet / kumat , sayang kumate korban pas posisi ning pinggir sawah, masiho jerone sawah muk sak polok sikil, ananging posisi korban murep, dadi ora iso ambegan, tegas Polisi sing akrab diceluk Ambon ( gustik)








Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done