PACITANPOST
News Update
Loading...

Jumat, 24 Februari 2023

UAD KRASAN  KKN ANA PACITAN..JARE WONG PACITAN RAMAH RAMAH...

UAD KRASAN KKN ANA PACITAN..JARE WONG PACITAN RAMAH RAMAH...


Pacitan Ppos 24.02.023.
Universitas Ahmad Dahlan Jogjakarta , paling sering KKN ana Kabupaten Pacitan, diwiwiti sekitar tahun 2007 nganti seprene mahasiswa  UAD Jogjakarta  seneng KKN ana Pacitan.

Jumlah Mahasiswa sing KKN ana Pacitan tahun 2023  sekitar 188 Mahasiswa saka 8 Fakultas , menyebar ana 6 desa ana Wilayah Kabupaten Pacitan.

Mahasiswa Unit 101.Unit 1. D.1. Mengadakan silaturahim dengan Pengurus Ranting Muhammadiah Desa Mentoro di Rumah Makan Tirto Wening Mentoro pacitan.

Salah sijining kegiatan KKN Mahasiswa UAD  sing terpantau Media KKN ana Dusun Kedawung Mentoro jumlahe sekitar 35 Mahasiswa , liyane sumebar ana dusun Duduhan lan Krajan Mentoro.

Miturut Rita Ihmawa Husna, kegiatan rutin mahasiswa  saben dina : berbaur karo kegiatan masyarakat lingkungan , misale  melu Pengajian ibu ibu , ngenekne' Mentoro Festival anak Sholeh , Silaturahim karo Pengurus Ranting Muhammadiah Mentoro lan kegiatan liyo liyane.

KKN UAD suskes ngenekne Mentoro  Festival Anak Sholeh ana Masjid Al Hidayah Dusun Kedawung Desa Mentoro.

Ananging sing paling berkesan , ngenekne Mentoro Festival Anak Sholeh ,kejaba  pesertane akeh , pelaksanaane berjalan lancar uga entuk antusias wong tuane bocah bocah , Sayang Pacitan sering kali hujan, tegas Rita.

Perlu dimangerteni , KKN Mahasiswa UAD Jogjakarta ana Pacitan sumebar ana 6 Desa , Mentoro,Tambak Rejo ,  Purworejo, Banjarsari , Sukoharjo lan Kayen.
Kegiatan KKN ana Pacitan dibimbing Dosen Lapangan Ana Hidayati .S.Farm. M,Sc, APt.

Mahasiswa KKN UAD ana dusun Kedawung Dijamu ,, makan malam,,  Pengurus Ranting Muhammadiah Desa Mentoro ana Resto Tirto Wening Mentoro.

Pimpinan Pengurus Ranting Muhammadiah Mentoro Sutarjo, pesen marang Kabeh Mahasiswa UAD , selalu mawas diri, sabar lan waskita urip ana tengah tengah masyarakat Majemuk.

Ketua Ranting Sing lagi bar pensiun ASN iku , garis bawahi urip ojo ninggalke shalat , wani omong bener lan  kerja sing mbarokahi...( Gustik)






Rabu, 22 Februari 2023

 Tertutup : PArtai Cilik  Panen TOKOH MESTERIUS..

Tertutup : PArtai Cilik Panen TOKOH MESTERIUS..


Pacitan Ppos.23.02.023.
Pemilu kurang setahun , tapi urung jelas sistim sing dienggo ,, Proporsional  terbuka po tertutup ,, 
Miturut Ketua KPUD Pacitan Sulistyarini, ketentuan  Proses Proporsional Terbuka opo tertutup,, Pemilu tahun 2024,,  isih nunggu keputusan MK , nganti seprene urung enek kabar , jare Lilis.

Diperkirakne ,  seumpomo MK mutus Tertutup, Partai cilik cilik bakal entuk waletan tokoh  tokoh mesterius sing saiki wis ancang ancang maju dewan.

Alesan sing paling logis , tokoh sing duwe duit lan potensi entuk suara okeh, ora mungkin gelem nyalon ning partai gede tapi entuk nomer sepatu ( 3 .4 .5..dst ).

Tapi nek nyalon Partai Cilik, Merga sepi peminat , mesti tokoh Mesterius maeng entuk nomor dadi (  1), khans dadi Dewan luwih gede,  tergantung si Tokoh  duwe duit opo ora..?.

Alesan sing nomor loro, pemilih sing akeh akeh milih calon sing duwe duit , merga wis pirang pirang tahun konstituan utawa pemilih,wis  kadung diajari dol tinuku , alias tuku biting.

Rudi Hartoyo , Anggota DPRD Pacitan sing terpilih saka Partai Hanura  sarujuk karo pemikiran iku, tapi anggota komisi 4 DPRD Pacitan omong prediksi iku muk kanggo Pilihan DPRD I lan II.
Sementara pertarungan di DPR RI wis beda, perlu kehati hatian, kecermatan lan liyo liyone 

Rudi Hartoyo Anggota Komisi 4 DPRD Pacitan.
Rudi asline' ora gagas, bah kui terbuka opo tertutup , Rudi selalu siap , ora ngaruh, Sing penting tokoh iku kudu cedak karo rakyat, memperjuangke kepentingan rakyat , mengko rakyat rak yo ngerti dewe , dene enek sing ra ngerti .yo wis ben..,jare Rudi santai.

Hariawan ST , anggota DPRD Pacitan saka Nasdem sarujuk karo Rudi Hartoyo, ora gagas terbuka opo tertutup, sing penting selalu berjuang demi Rakyat , rejeki kui sing atur sing kuasa, jare hariawan yakin.

Pemilu tahun 2024 , khusus ana Pacitan sing umyek lan bingung Tokoh Anyar sing saiki digadang gadang arep nyalon dewan saka Partai Demokrat.

Partai Demokrat , Partai golkar lan PDIPerjuangan ,umpama diterapke sistim Proporsional Tertutup pancen rada ribet, iso iso kabeh kader njaluk nomor dadi, ora mungkin tokoh ,, ujug ujug ,, terus entuk nomor dadi ..langka..!
Perlu dimangerteni , masiho pemilu ijik setahun,, kabar manuk ,,  tokoh tokoh koyo dr Warkim,  Deny , win Lurah Ketro , Wiwid Bagong kades Arjowinangun bakal nyalonke lewat Partai Demokrat.

Ananging nek umpomo Pemilu tahun 2024 nganggo Sistim Tertutup , dipastikan ora sido maju ,  utawa pindah partai cilik , jelas entuk nomer dadi , ora ribet ...

Tokoh tokoh sing saiki dadi anggota Dewan pun, nek umpomo dalam penataan nomor urut kursi entuk nomor buntut, dipastikan pindah partai cilik, rata rata wegah  dadi urug urug calon sak nduwure...

Tokoh Flamboyan, koyo Rudi Handoko , Titik , Heru Puspo , Tumardi , sunarko , Boimin,  Prisca Panjaitan , seumpomo ora entuk nomer dadi , Dipastikan bakal pindah partai .

Sedang Partai Partai Penadah Keberuntungan , sing bakal entuk waletan suara , Hanura.PKS , Nasdem , Gerindra.PAN lan PPP ....( Gustik)
..








Selasa, 21 Februari 2023

BUPATI DITUDING SENGGOL BUPATI KAWAK..SOAL SEJARAH PACITAN..?

BUPATI DITUDING SENGGOL BUPATI KAWAK..SOAL SEJARAH PACITAN..?

Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji dan Istri.

Edisi Hari Jadi Pacitan.20.02.023.

Duwe Bupati , latar belakang seni '  dikapak kapakne pancen  angel digunggung , koyo koyo mimpin masyarakat sak karepe dewe ,  ora nganggo pakem  utawa ora nganggo filter sing apik.

Merga ora nganggo pakem, akeh tindakan lan ukara ukara Bupati sing dadi kontroversi ana tengah masyarakat.

Cobo dipikir .!
Urung ilang perkara Ruwat Jagad sing terbukti  ora berhasil , iki dibaleni maneh bab sejarah Pacitan.

Sejarah Kota Pacitan sing matahun tahun ora enek wong onggreh onggreh, iki dina Bupati ngongkon Sekda  Heru ,, nelusuri maneh ,, asal usul Kota Pacitan sing sak benere ( lewat penelitian ahli ).

Ping pindo.
Bupati mutusne ,  klambi rancangan Djohan Perwiranto dadi pakaian adat resmi Kota Pacitan .
Keputusan Bupati dianggep aneh, mengingat sejarah lagi arep ditelusuri, tapi pakaian adat wis dirancang lan wis ditetapke.

Sing dadi pitakonan , Djohan dasar rancangane njupuk soko adat endi , ngeblat soko endi , wong obyek sejarah wae lagi digolek'i maneh.

Bupati  opo lali , yen klambi tradisional iku, ora lepas saka obyek sejarah.
Opo klakon dipadakne Obyek wisata ,, Pancer Door,,  
Pancer Door dadi rasanan  warga,  merga " istilah Door,,  njupuk saka pemilik  ,, teater Door " , jare giarto... gligak ..gligik.

Ping Telu :
Bupati uga netapne Batik motif Jagad. , Digawe brand resmi Batik Pacitan . Padahal matahun tahun brand Batik Pacitan motif  ,,Pace,,

Kabeh wong Pacitan setuju motif Pace' sebagai brand resmi batik Pacitan , kabeh wis dicetak, kabeh wis didol lan di promosekne teka manca negara.
Bab Rancangan Batik, diduga enek tokoh sing  arep bisnis pengadaan  klambi , sebagai effek Pilkada.

Terkait Sabda ,,Telung Perkara ,, Raden Tumenggung  Adi Pati Indrata Nur Bayu Aji ana Hari Jadi Pacitan ke 278  ternyata dadi ,, Rerasan geden,,  Warga sak Pacitan..

Bupati Aji lan pembisik'e , dinilai ora menghormati Bupati Kawak sing wis pirang pirang tahun ngawal sejarah Pacitan, diperingati nganti kaping 278, tur yo ramasalah.
Warga yo ngerti lan paham ,sejarah opo wae mesti ora nate pas.

Bupati lan pembisik'e ( mboh konco mbuh tokoh , mbuh pebisnis ) Dinilai ora ngregani tokoh hebat sing melu nyetusne Sejarah Kota Pacitan , koyo to Eyang Suekotjo (  ayah SBY) Haryono Suyono , Sulasikin Murpratomo, Maijo lan tokoh tokoh hebat liyane.

Masyarakat nilai , soal sejarah Pacitan tokoh ndisik koyo to R.Suekotjo lan Sulasikin Murpratomo luwih mumpuni ketimbang bocah saiki, saka segi umurpun kadohan.

R.Soekotjo tokoh besar Pacitan, salah satu narasumber handal sejarah  berdirinya  kota Pacitan.

Tokoh Koyo Eyang Sukotjo dkk paling runut crito bab sejarah Kota Pacitan , mulo saking runut lan masuk akal , sejarah babat Pacitan diperingati nganti seprene.
 
Tapi Sayang..!
Tibo putu sing mimpin Pacitan, Sejarah kota Pacitan  mlh arep diutek utek maneh.
Arep digali maneh , sing tentu wae bakal ngentek entek'i duit rakyat..
Brand Batik Motif Jagad pun , ora lepas saka dugaan  Bisnis ,, memaksa ,, warga Pacitan , PNS  Pacitan tuku Batik motif jagad.

Sebagian warga muk tekok' , opo program ngudari sejarah Pacitan maneh , muk sebagai  sarana dodol klambi lan bisnis liyane , kanggo kepentingan politik, kanggo kepentingan pilkada lan agenda bisnis liyo.liyane...( Tulisan ini khusus milik Redaksi , sebagai sarana kritik kepada Bupati atas kebjikan yg dianggap kontroversial)










LHKPI KIRIM SURAT TITO , NJALUK BUPATI NGANJUK DI LANTIK.

LHKPI KIRIM SURAT TITO , NJALUK BUPATI NGANJUK DI LANTIK.


Nganjuk Pacitan Post.
Telung tahun nyandang Plt.Bupati Nganjuk, Marhaen Djumadi pilih meneng pasrah nompo kodrating titah Jakarta.

Ananging Lembaga Kajian Hukum Perburuhan Indonesia ( LKHPI ) ora trima nasib Marhaen digantung Jakarta nganti 3 tahun suwene'.

Direktur LKHPI DR Wahyu Prijo Djatmiko.SH.M.Hum.MSc omong , Nasib Marhaen ora wajar , biasane' Plt muk sedilit, paling suwe Setahun Marhaen kudu wis diangkat dadi Bupati Nganjuk.

DR. Drs Marhaen Djumadi Plt Bupati Kabupaten Nganjuk.

Merga dianggep ora wajar , LHPKI bakal kirim layang menyang Menteri Dalam Negeri Tito Karnafian.
 Inti surat , njaluk Marhaen gek ndang  diangkat dadi Bupati, alesane Marhaen ora iso njupuk kewenangan sing strategis , jare Wahyu.

Ping pindo  , Wahyu curiga nuansa politik'e terlalu ketok, Marhaen di gantung Jakarta seolah  ben ojo muncul Tokoh liyo sing pingin dadi Wakil Bupati Nganjuk , sebab Partai asal Marhaen ora pingin tokoh liyo luwih moncer tinimbang Marhaen, target pemilu serentak tahun 2024.

Priyo nambah ake , kudune Jakarta yen duwe pemikiran koyo ngono kurang tepat, merga masyarakat Ngajuk sing diperlokne pembangunan lancar ora terhambat sebuah Kewenangan , tegas Wahyu.

Perlu dimangerteni, Marhaen Djumadi selama iki ora iso njupuk kewenangan strategis  merga status'e muk Plt Bupati, sementara Bupati Nganjuk Novi ijik dipenjara merga terlibat Korupsi.

Wahyu di takoni wartawan Ppos, piro peluange  kirim Surat menyang Mendagri.?
Wahyu optimis surate bakal berbalas, lan berbuah manis, aku yakin banget surat sing tak kirim nyang Kemendagri bakal direspon pak Tito., Tegas Wahyu optimis. ( Dan/tik)









Minggu, 19 Februari 2023

LANGKA :  WISATAWAN LUAR KOTA..GELAR ACARA DEWE..HUT PACITAN.

LANGKA : WISATAWAN LUAR KOTA..GELAR ACARA DEWE..HUT PACITAN.


Pacitan Ppos.20.02.023.
Mungkin sepanjang sejarah , urung enek wisatawan luar kota gawe acara dewe mangayu bagya Kota Pacitan ke 278.

Aksi wisatawan eks Pegawai Pertamina, saka Malang, Surabaya.Cimahi Bandung Barat, Jogja , Semarang lan Malang iku , patut diapresiasi.

Rombongan sing dipandu Nunuk Suprapti sebagai tuan rumah , pancen duwe niat arep wisata menyang Pacitan , sing keindahan alame' terkenal apik apik.

Rombongan muter menyang, Pantai Klayar.Watu Karung.Kasab.Sungai Maron, Goa Gong , Selo arum.Pancer Door.Ngiroboyo , Tugu Tumpak Rinjing.Goa Tabuhan , Musium Song Terus.

Sing unik, saking terkesane karo obyek wisata Pacitan Rombongan Wisatawan luar kota iku , ngenekne yel yel / selebrasi Hari Jadi Pacitan ke 278.

Ditekoni Wartawan , ngopo kok melu selebrasi /yel yel Hari Jadi Pacitan , wisatawan eks Pertamina iku omong,  alesane bersyukur karo gusti Allah enek kota cilik tapi panoramane indah kabeh.

masiho rata rata umure wis 65 tahun wisatawan eks Pertamina ijik wani munggah menara Raja Ampat Kasab Pacitan.

Miturut Ir.H.Suseno saka Semarang, kanggo tombo trisno  kota Pacitan , engko bengi konco konco arep ngrumpi, nyanyi nyanyi memeriahkan hari jadi kota pacitan ke 278 , Sate Pacitan Full mas, ..jare pak Seno ambi guya guyu.

Sementara  saat malam gembira , salah sijining Wisatawan saka Jogja melu urun rembuk soal obyek wisata Pacitan , usule '  ,,  kabeh obyek wisata pacitan apik, cuma dalan menuju obyek wisata isih ciut ciut, pemkab Pacitan kudu segera berbenah , utamane soal dalan lan sarana prasarana liyane, koyo parkir sing jik arupa tanah...

Saat malam terakhir, sing digelar ana salah sijining Resto , Wisatawan Eks Pertamina iku nyangi bareng ,, Rek Ayo Rek- tapi lirik rek ayo rek dirubah Rek Ayo Rek ayo Mlaku mlaku nyang Pacitan , sejeni selebrasi Hut Pacitan.

Gubahan lagu spontan rombongan wisatawan , diapresiasi Bambang Eko Suwarno sing melu nekani mlm gembira hari jadi Pacitan ke 278.
Mantan guru SMA 271 Pacitan, teka ajak konco koncone sejumlah kurang luwih 35 uwong, 

wisatawan Eks Pegawai Pertamina  menehi usul bab Akses Jalan menuju obyek wisata. .dalane ciut banget ..nda.

Yel yel ,selebrasi acara mlm gembira HUT Pacitan  saka pegawai eks pertamina, diapresiasi Kepala Dinas Pariwisata Pacitan Turmudi, matur nuwun sanget kalih konco konco luar kota melu mangayu bagya kota pacitan , atik lg pisan iki aku weruh wisatawan njobo kutha perhatian banget, jare turmudu bangga.

Bupati Pacitan diwakili Kadis Kominfo Mahendrawan , titip salam  saka  Bupati Pacitan Indrata NBA  marang wisatawan eks pegawai Pertamina ,  sing ngenekne acara Selebrasi lan acr mlm gembira hut Pacitan ke 278.

Usulan mengenai , sempit'e dalan menuju obyek lan kurangnya sarana lain, Pemkab Pacitan mohon maaf, usulan ditompo kenti bungah....( Gustik)








Sabtu, 18 Februari 2023

UNTUNG ANA SONG TERUS, NEK ORA.. GOA TABUHAN  MATI SURI.

UNTUNG ANA SONG TERUS, NEK ORA.. GOA TABUHAN MATI SURI.


Pacitan Ppos ,18.02.023.
Pesona Goa Tabuhan Donorojo Pacitan jaman ndisik ngidap idapi , merga urung ditemokne Goa Gong , sing keindahane ngluwihi saka Goa Tabuhan.

Alon alon  , Goa sing lekat karo sejarah perjuangan Pangeran Diponegoro iku , mati suri ora onok pengunjunge, kabeh Wisatawan fokus menyang Goa Gong, Pantai Klayar , Watukarung , Kali Maron lan obyek wisata  liyo liyane.

Wisatawan Eks Pegawai Pertamina bersyukur bisa ke Goa Tabuhan , Goa yang penuh sejarah peperangan P.Diponegoro.

Miturut  Lastri ,  pedagang oleh oleh sing mangkal ana Parkiran Goa Tabuhan omong,  yen pedagang cilik ana sekitar Goa Tabuhan ,wis sekitar 15 tahun mati suri , merga blas saben dino ora enek pengunjung.

Lastri sak konco lagi enek harapan,  bareng Musium Song Terus sing jarak'e muk 30 meter saka Goa Tabuhan dibangun pemerintah pusat , pengunjung Musium sing tergolong lumayan akeh , sok mampir ning Goa Tabuhan masiho muk sekedar tuku sovenir lan liyo liyane.

Pedagang Ronde bungah atine , ditukoni wisatawan eks Pegawai Pertamina sing kekeselan bar mlebu goa Tabuhan.

Krungu Goa Tabuhan Pacitan pirang pirang puluh tahun sepi , Nunuk Suprapti  wisatawan asal Cimahi Bandung kaget, wektu aku SMP obyek Goa Tabuhan iki rame banget , imbuh Nunuk Alumni SMPN I Pacitan tahun 1975.

Sakjane' cara pandang ndelok obyek wisata iku apik opo ora , gumantung sejarah obyek wisata iku dewe , Goa Tabuhan ora iso dipadakne Goa Gong, sebab Goa Tabuhan sejarahe Pertapan  utawa panggon kanggo ndelik..cikal bakal manusia Batu , iku muk kiro kiro lho jare wisatawan koncone Nunuk ambi guya guyu.

Ibu ibu istri Eks Pegawai Pertamina , gumun ndelo keindahan Goa Gong , sedilit sedilit potho...sedilit sedilit potho..

Momen Hari Jadi Pacitan 278 , sing diperingati saben tanggal 19 Pebruari ,  klebu acara sing iso narik wisatawan menyang Pacitan.

Contone Wisatawan Eks  Pegawai Pertamina , omong yen teka Pacitan ora muk sekedar ndelok obyek wisata, tapi uga  arep ngamati budaya lokal Kabupaten Pacitan , uga pingin  weruh kondisi Warga sekitar obyek wisata .

Jare Samuri  ( bojone Nunuk)  omong, aku melu seneng lan bersyukur , saiki kehidupan penduduk Klayar... meh kabeh duwe mobil pribadi, padahal  15 tahun kepungkur , kondisi ekonomi dibawah Standar....( Gustik)









Kamis, 16 Februari 2023

BOLA BALI ENTUK KONTRAKTOR JEMBUK..RUMAH SAKIT DADI KORBAN.

BOLA BALI ENTUK KONTRAKTOR JEMBUK..RUMAH SAKIT DADI KORBAN.


Pacitan Ppos.17.02.023.
Bola bali entuk kontraktor ,, jembuk ,, Rumah Sakit dr Darsono Pacitan dirugikan terus menerus.

Miturut Kepala Rumah Sakit Daerah Pacitan dr Iman Darmawan ,  Pihak Rumah Sakit muk nompo mateng hasil lelang saka  tim lelang Pemda Pacitan , apik elek kontraktore blas aku ora melu ikut campur, tegas dr Iman.

Dlalah saben saben entuk kontraktor mesti bermasalah , kejaba kontraktore luar kota, ternyata kontraktore muk ecek ecek , alias kontraktor ora duwe duit.
Akibate Gedung sing dibangun , ora bar bar bahkan nganti diputus kontrak.

Dr Iman njlentrehne , Gedung 5  kudune PI tanggal 21 Desember 2022 kemajuan fisik muk 35 %.
Gedung 6  kudune P1 tanggal 21 Desember 2022 kemajuan fisik muk 75 %
Merga ora yakin bar , akhire diputus kontrak.

Prihatin ndelok kondisi Proyek ana Pacitan sing dikerjakne Kontraktor Abal Abal, LSM PCW   ( Pacitan Couruption Watch ) njaluk Panitia Lelang / LPSE Pacitan selectif marang peserta lelang,khususe kontraktor luar kota, minimal pantia ngindik rekak jejak'e selama iki.

Panitia kudu sadar' wis ping piro LPSE ale gawe blundur ,  seleksi kontraktor nylili / nakal.
Sing aneh , Mesti Proyek sing nilaine gede, koyoto Proyek Rumah Sakit Daerah Pacitan.

Merga proyek Rumah Sakit mesti bermasalah , secara tidak langsung masyarakat sing dirugikan, merga ora gek iso nganggo fasilitas Rumah Sakit sing anyar.

Senada harapane karo Kepala Rumah Sakit Pacitan dr Iman Darmawan, PCW njaluk  Tim Lelang Selektif , khususe proyek proyek strategis sing dibiayai APBN.

PCW sing dikomandani Redaktur Koran iki, omong!  yen tahun 2023 isih enek proyek bermasalah meneh , kudu di proses Hukum kabeh , mulai saka Tim Lelang ,  Dinas terkait  lan Penyedia Jasa.

PCW uga Prihatn , Dinas Dinas sing biasa Ngelola proyek, kerja sak penak'e dewe , bandrol garapan cilik yo muk nggo konco koncone dewe/ kelompok .
Tapi nek bermasalah , kabeh lepas tangan..( gustik)

Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done