PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 27 Februari 2023

Ati Ati sing duwe ,,Thokor Bentet,, Ojo nyang sawah disik, usum penyakit uyuh tikus .. leptospirosis

Ati Ati sing duwe ,,Thokor Bentet,, Ojo nyang sawah disik, usum penyakit uyuh tikus .. leptospirosis

 Uyuh tikus keli banyu udan , gawa korban wong nyang sawah sing mati wis papat.. suspeck wis 112 sing dirawat wis 88.

Pacitan Ppos 28.02.023.
Ati ati sing duwe thokor( dlamak'an ) sikil pecah pecah , sebab rata rata sing kenek upas tikus wong sing thokore pecah pecah.

Nganti dina iki penyakit Leptospirosis sing nyerang warga pacitan  termasuk mbludak, ananging urung dikatagorikan KLB.

Miturut Sekretaris Dinas Kesehatan Pacitan dr Ndaru Mustaka Aji, Leptospirosis  disebabne bakteri Loptospira , perantarane saka urine( uyuh) kewan,  umume tikus.

Gejalane umume , awak panas ndadak,mata abang, lemes ,otot otot pada linu lan pusing.

Tahun 2022 , warga Pacitan sing kenek bakteri Leptospira sekitar wong 496 sing akeh saka desa Bubakan Tulakan 130 korban uyuh tikus.
Tahun 2023, jare ndaru iki lagi meraja lela , suspeck 112 dirawat 88 lan mati 3 .

Pemerintah Kabupaten Pacitan ,  melalui drg. Nur Farida Kabid P2P wis bertindak anane pagebluk penyakit Lestospirosis sing disebabne saka uyuh tikus lan kewan kewan liyane.

Pemkab Pacitan bareng karo BBTKL Surabaya , iki dina lagi nangani lan meneliti Warga Nawangan Pacitan , sing lagi kenek penyakit berbahaya saka uyuh  kewan.

Bupati Pacitan lewat Dinas Kesehatan pesen marang masyarakat kabeh , khususe Petani sing sering menyang sawah utawa lebuh  ati ati nek iso nganggo sepatu , sebab ora tertutup kemungkinan uyuh tikus , uyuh sapi lan kewan liyane membleg dadi siji ana sawah utawa lebuh...

Dr Ndaru nambah ake , sing krasa awake panas ora mari mari,lemes , ngelu sirahe , gek digawa nyang puskesmas , sing duwe luka utawa dlamak'an mrenget nek iso ati ati , nganggo sepatu boat misale .( Gustik)


AJA gumun MARANG uripe ' ARTIS.. sok kaya ,BADUT,, Sok Mesra , sesuk pegatan ..

AJA gumun MARANG uripe ' ARTIS.. sok kaya ,BADUT,, Sok Mesra , sesuk pegatan ..

Pasangan isin isini sok mesra tapi kopong.

Nasional Artis.27.02.023.
Nek nyawang uripe Artis aja Baper nemen nemen , merga sing akeh  Artis iku uripe ana lingkungan Kepalsuan.

Ketok sugih ning asline mlarat , ketok ayu ning asline tembelan ( oplas) ketok mesra ning asline  congkrah.

Contone :
Pasangan Venna Melinda-Verry Irawan , awal awal gayane mesra kaya wong gatelen kabeh , seolah urip kaya ning awang awang , kaya lintang lan rembulan.

Ternyata saiki kaya  wedus berik , sirahe Very Irawan sing plontos di sundangke irunge Venna Melinda nganti godras getih.
Alhasil Verry dijeblosne ning penjara, merga dianggep KDRT.

Ojo diturut...
Sing paling isin isini , Sikap Venna Melinda infone' bakal njaluk duit rokok , duit pulsa lan  duit receh receh liyane sing nate diwenehne Verry ...nek tenan! Sikap Ibune Varrel Brahmanta iku kaya wong ragableg mata duitan.

Padahal sak durunge , sikap Venna Melinda ora bukakke pintu ibune Verry wis entuk hujatan sing pedes saka Netizen , wong wis sepuh arep silaturahim ditolak , ndah dosane...jare sebagian komen  netizen ning medsos.

Berita parah artis ! Uga kasus Artis Indra Bekti digugat cerai bojone'.
Kabar sing iki uga aja ditiru maneh , terkait perkara Indra Bekti Pasca Lara , mungkin Jelita mgerti Presenter Indra Bekti bakal mlebu metu rumah sakit , mulo bojone ancang njaluk pegat.

Ternyata tenan, iki dina bojone Indra Bekti sing jenenge Jelita fix ngajokne pegatan.
Alesane klasik ,  kaya lumrahe wong pegatan, wis ora enek kecocokan.

Tentu wae sikap Bojone Indra Bekti , dinilai konyol , bojone urung pati mari,tega mentala digugat cerai .

Dasar Netizen gabuk , Jelita dihujat sing aneh aneh , jelita wis emoh merga manuk'e Indra wis nglentruk merga efek lara struk , enek sing omong indra Bekti dicerai bojone merga uripe wis mulai mlarat, lan liyo liyane.

Terlepas persoalan tokoh Artis duwur iku, Redaksi ngajak para pembaca pinter manggonke pikir nek moco berita lan ndelok acara Tv.

Ojo tukang sulap lan kepingin urip kaya Artis sing seolah olah menak , padahal sing akeh,  urip dalam kepalsuan nyata..

Koyo koyo Pacaran- padahal muk setingan, ben laris proyek'e . 
Koyo koyo Sugih , padahal kabeh kreditan.
Koyo koyo Harmonis,  ujug  ujug pisahan.
Koyo koyo ayu, padahal temblok'an....
( Ditulis  Redaksi sebagai edukasi dalam mencerna berita dan lakon dalam sebuah drama , banyak pemirsa TV yang larut dalam cerita, seolah sang artis segalanya, lupa mandi,lupa shalat , lupa anak dan lupa lupa yang lain)






omah deretan anggota Dewan Ambles lan Rubuh...perlu di Relokasi..?..

omah deretan anggota Dewan Ambles lan Rubuh...perlu di Relokasi..?..


Nawangan Ppos 27.02.023.
Pancen didelok saka kontur lemah , deretan pasar Nawangan mengulon ora layak didegne bangunan , merga persis ana punggung bukit lancip.

Saking lancipe' punggung bukit , mung ana sekitar lemah 40 meter kiwo tengen sing kenek didegne bangunan, kui pun dalam kondidi kritis nek kenek cuaca ektrim mesti bahaya

Tapi wong  tuwa ndisik ora gagas,  lemah kui bahaya opo ora..sing penting iso ngedekne omah lan bangunan liyane, toko.bengkel , warung lan Pasar.

 deretan omahe anggota Dewan Nawangan sisih mburi pada ambles lan ana sing rubuh.

Kocapo...!
Bareng kenek udan ngedur pirang pirang dino, meh kabeh lemah kui maeng ambles total bahkan akeh omah sing ambruk, persise yo kui deretan omahe anggota Dewan Sutikno , Bagus Sp , bu Pri.
Bahkan omahe bu Pri  sing mburi ale ambles wis pirang purang tahun.

Miturut Marsini ,  udan pirang pirang dino dadi penyebab lemah lan omah pada ambles lan Rubuh , nganti seprene urung enek bantuan utawa tinjauan saka Pemerintah , yo muk bantuan sembako saka Desa , jare Marsini sing uga dulure bu Pri anggota DPRD Pacitan.

Marsini uga omong yen omah ambles lan rubuh ora mung mburi omah,ananging ngarep omahpun uga ambles lan rubuh persise mburi / cedak toko Tofa, malah ngarep SD Nawangan 1 omahe wis dikosongke..ora wani dienggoni.

Marsini uga bingung, enek musibah koyo ngene kok Pemda karo Bupati ora gek mara , sing nilik'i lagi ponak aku Bagus karo Pandu , Bupati lan pejabat liyane urung moro, jare sini memelas tulung undangno Tv om.

Anane musibah tanah ambles ana nawangangan , entuk informasi Bupati urung sempat mrono, merga kesibukan sing padet, media  ngontak hp ne ijik tulalit...( Gustik)







Minggu, 26 Februari 2023

PENIPUAN  An. GAGARIN Ijik  MERAJA LELA ..ATI ATI..

PENIPUAN An. GAGARIN Ijik MERAJA LELA ..ATI ATI..

( Ft. Ilustrasi ) Pembangunan Masjid atau Mushala jadi sasaran Akun Palsu Gagarin...

Pacitan Ppos.26.02.023.
Wakil Bupati Pacitan Gagarin , nganti seprene dadi obyek penipuan oknum penjahat.

Seolah olah Gararin,  arep menehi bantuan Pembangunan Mushala atau Masjid , biasane  Takmir ditelpon (  mesterius) sing ngaku wonge Gagarin..

Ana njero telpon,  seolah olah Wakil Bupati Pacitan arep menehi bantuan, mulo  pantia dikongkon ngirim rekening.

Dasar Bandit , bareng panitia kirim rekening , Gagarin seolah olah wis transfer ( bukti kirim terlampir).

Lucune seolah olah ale Transfer pak Gagarin kluwihan , misale arep kirim 13 juta tapi terkirim 15 juta , ujung ujunge kluwihan transferan maeng kon mbalekne.

Ternyata bareng di Chek ana Bank
Usut punya usut , bukti kirim sing ngaku saka Pak Gagarin iku maeng ,, Palsu,, 

Wakil Bupati Pacitan Gagarin Sumrambah.

Gandeng korban wis akeh, sing mengatas namakan  Wakil Bupati  Pacitan (Gagarin ),  beliau pesen sopo wae penduduk Pacitan sing nompo telpon saka wong liyo terkait bantuan, ojo digembes ,  kui modus penipuan, jare GaGarin .

Paling Gres , aksi percobaan Penipuan atas nama Gagarin ana Desa Mentoro Pacitan , untung salah sijining Wartawan chek langsung marang Wakil Bupati Pacitan Gagarin...ternyata bener ..!Gagarin ora rumangsa arep bantu masjid...

Merga saking okehe warga Pacitan wong keblelon, Gagarin njaluk warga Masyarakat Pacitan, ngati ati ojo gampang percoyo , Gagarin setiap arep bantu Masjid utawa Mushala pasti ditekani pak Gagarin dewe, ora nganggo utusan opo meneh transfer....( Gustik)




Sabtu, 25 Februari 2023

AMANDA MANOPO DIBAPTIS ISYARAT PADONI PACAR ....?

AMANDA MANOPO DIBAPTIS ISYARAT PADONI PACAR ....?

Amanda Manopo Pamer di Baptis merga padoni Pacar..! Sering main tokoh wanita muslimah..?

Hiburan ppos 26.02.023.
Kabeh netizen  wis pada weruh agamane Amanda Manopo Kristen,  Artis Seksi lan mantan pemain ikatan Cinta iku terkenal Artis sing toleran terkait agama , bahkan Amanda diberitakne Artis sing sering nyumbang Masjid.

Artis pranakan Menado kui ana film  , rata rata sering entuk peran wanita Muslimah sing taat , identik nganggo jilbab lan iso moco doa doa islami, koyo sing diperanke ana Sitentron Ikatan Cinta.

Mbuh piye critane ,  sesuai ana berita info Nasional , ujug ujug Amanda Manopo  metu saka  Sinetron Ikatan Cinta  lan milih Nge Host, bareng karo artis artis Ayu Ting Ting , Rafi Ahmad , Ruben Onsu lan liyo liyane.
Sekalipun , ketok nek rada kaku penampilane.

Ora let suwe , Amanda Manopo pamer bar di Baptis  ritual agama kristen kanggo nyuceni dosa.
Wajah  Amanda Manopo saat pembabtisan  ketok seneng banget lan sumringah.

Jenenge wae Netizen, weruh artis kesayangane dibaptis timbul praduga sing ora ora , enek sing omong merga kawit lahir Amanda urung pernah dibabtis .

Ternyata dugaan sing paling nyedak'i bener, Amanda Manopo duwe Pacar Pendeta Jhonatan Lansing, pak pendeta status duda anak loro.

Merga Jhonatan Pendeta, Amanda tahu diri , pingin nunjukne yen imane ora goyah saka kekristenane,masiha sering meranke seorang muslimah.

Isu Jhonatan ora seneng Amanda Manopo sering meranke Tokoh Muslimah ,, sah sah wae,, merga amanda arep dadi bojo seorang pendeta.
Kabeh sing ngerti, muk Amanda Manopo.

Tapi sing jelas' saat ibune amanda manopo seda kenek covid rong tahun kepungkur, salah sijining wasiat ibune Amanda Manopo yen golek bojo kudu seiman  alias podo kristene.

Mulo Sing paling penting, Netizen kudu bijak , ojo baperan nemen nemen , akting seorang Artis iku Palsu / muk nuruti kehendak sutradara ..Ojo ndakik ndakik banget ale mikir  ...,nek ra pingin lara ati..( by transfer .. Gustik)











BUPATI MELU SENENG ..! KKN UAD PADA PINTER NABUH GAMELAN..

BUPATI MELU SENENG ..! KKN UAD PADA PINTER NABUH GAMELAN..


Pacitan Ppos.26.02.023.
Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji lan bojone  Ny.Evi , melok seneng ,  krungu mahasiswa Universitas Ahmad Dahlan ( UAD) Jogjakarta KKN ana Pacitan sing salah sijining kegiatan gelem  melu uri uri budaya lokal , antarane seni karawitan.

Ora mung nguri uri gamelan , ternyata KKN UAD sing ditempatne ana Dusun Karang Asri Desa Banjarsari  Pacitan, akeh sing pinter nabuh gamelan masiha ora mahir banget.

KKN Mahasiswa UAD Jogjakarta gekem Blajar Nabuh Gamelan entuk Apresiasi Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji.

Miturut Fatkul Arifin Kasun Karang Asri : Kejawi lare lare KKN remen nabuh gamelan ,kegiatan Mahasiswa KKN UAD saget kangge inspirasi  pemuda lingkungan dusun Karang Asri Desa Banjarsari , ingkang sak menika  pun awis awis  purun latihan, jare Fatkul nganggo bahasa kromo inggil.

Warga Desa Banjarsari umume,, seneng, Mahasiswa  KKN UAD  ngenekne kabeh kegiatan ana Desane, kejaba dadi tulada generasi muda lingkungan desa Banjarsari, uga bocah bocah KKN menehi ilmu ibu ibu PKK soal babagan agama lan seni budaya.

 Mahasiswa UAD Jogjakarta tekun blajar karawitan ana dusun Karang Asri Desa Banjarsari Kabupaten Pacitan 
Miturut Sholly Bimantara , hal sing paling berkesan KKN ana Desa Banjarsari Pacitan, kejaba warga lingkungan ramah ramah , pertanian ana Desa Banjarsari lumayan subur , kabeh wit witan iso urip.

Pernyataan Sholly dibenerke Ardan Kensanovanto Ketua Group KKN dusun Karang Asri , Mahasiswa KKN UAD sing jumlahe 9 ana dusun Karang Asri rumangsa seneng banget ,  minimal mulih saka KKN Pacitan , iso nabuh gamelan ,sing ana desa asal Mahasiswa urung karuan enek, sebab asal mahasiswa akeh sing saka luar jawa, jare Ardan menyang Media pacitan Post.

Bupati Pacitan dan istri adalah Alumni Perguruan Tinggi Seni, maka tidak heran jika terkait Seni Budaya beliau sangat antusias dan peduli.

Perlu dimangerteni , jumlah Mahasiswa UAD sing KKN ana Pacitan  tahun 2023 kira kira enek 188 sumebar ana  6 desa sak Kabupaten Pacitan .
Informasine awal maret tahun 2023 KKN wis bar.
Khusus ana Desa Banjarsari KKN UAD dipimpin Dosen Lapangan Dr.Ema Nurmaya.SE.M.M

Sebagai Kepala Daerah Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , enek'e muk.matur nuwun iso melu bantu kegiatan ana lingkungan daerah KKN ana Pacitan , salam kanggo adik adik Mahasiswa ..dan selamat berjuang , jare Bambang Mahendrawan Kadis Kominfo makili Bupati Pacitan..( gustik)





Jumat, 24 Februari 2023

Nek elek rupamu lan kurang dedegmu ojo wani wani naksir putune Bu Mega..

Nek elek rupamu lan kurang dedegmu ojo wani wani naksir putune Bu Mega..


Pacitan Ppos. 25.02.023.
Presiden ke 5 Republik Indonesia Megawati Sukarno Putri , akhir akhir iki komentar aneh  ora produktif, kontroversial lan gawe sebagian masyarakat Indonesia  gregeten.

Mbuh karepe guyon opo kepiye , sesasi kepungkur Megawati menehi kreteria calon mantu Putune' wedok wedok sing cacahe enek limo.

 Calon bojo putuku wedok , ora entuk wong elek lan pendek, tapi kudu bagus lan duwur , wong putuku kabeh ayu kok, jare Bu Mega ambi mesam mesem.

Masiha muk guyon, ternyata omongan bu Mega dadi picaturan masyarakat Indonesia, Megawati dianggep ora ngregani wong elek lan wong pendek , padahal apik orane menungsa ora mesti dinilai saka fisik'e.

Kabeh gaweane gusti Allah, kudune bu Mega ora entuk ngendika ngono, dimata Tuhan kita sama ,  jare Anwar Abas Wakil ketua Majelis Ulama Indonesia.

Anwar Abas sing uga Ketua PP Muhammadiah iku uga prihatin,  Ketum PDIPerjuangan Megawati sering omong sing ndadekne warga pegel.

Koyo muni misale ' , salah sijining penyebab stunting merga ibu ibu sering melu Pengajian , kesehatan  anak ora diurus,   merga kakean melu kegiatan Pengajian, jare Mega ambi bola bali omong ..maaf ..maaf...maaf...

Tentu wae omongan mega dianggep nyleneh lan aneh , untung ibu ibu group pengajian RT ora pati perduli omongane Mega , Stunting  utamane  akibat  gizi buruk,  kok sing disalahke ibu ibu pengajian , maklum bu Mega ora nate melu pengajian, jare ibu ibu ambi geleng geleng kepala.

Mega uga dianggep sombong, merga pamer ale munggah Haji ping pindo , umrah ping telu , koyo sing dilansir media online Nasional.
Merga Mega Ketum Partai Abang, muga muga pernyataan Mega ora ndadekne antipati  warga menyang partai PDIP sing dipinpin Megawati. .( gustik)



Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done