PACITANPOST
News Update
Loading...

Jumat, 28 April 2023

PENDAFTARAN DIBUKA CALEG IJIK BINGUNG ...:WEDI KENEK JEBAKAN BATMAN..?

PENDAFTARAN DIBUKA CALEG IJIK BINGUNG ...:WEDI KENEK JEBAKAN BATMAN..?


Pacitan Ppos , 28.04.023.
Komisi Pemilihan Umum Republik indonesia seminggu kepungkur wis ngetokne Peraturan Komisi Pemilihan Umum no 10 tahun 2023 .

Peraturan mengarah , tentang tahapan pencalonan Anggota Dewan Perwakilan Rakyat  RI   ,Dewan Perwakilan Rakyat Daerah  Provinsi lan Dewan Perwakilan Rakyat Daerah Kabupaten /Kota.

Bahkan dina iki Peraturan Komisi Pemilihan Umum No 10 tahun 2023 wis disosialisasikan menyang  kabeh Partai lan Media ana tingkat Kabupaten, klebu Kabupaten Pacitan sing dienekne ana Gedung KPUD Pacitan.

Miturut Anggota Komisioner KPUD Pacitan Agus Susanto , Pendaftaran Bakal Calon diwiwiti tanggal 1 Mei 2023 s/d 14 Mei 2023 , Verifikasi Administrasi Calon Anggota Dewan 14 Mei s/d 23 Juni 2023.

Sementara Tahapan Penyusunan Daftar Calon Sementara ( DCS ) tanggal 06 Agustus s/d 23 September 2023 lan Penetapan Daftar Calon Tetap anggota Dewan tanggal 25 September 2023 disusul pengumuman DCT tanggal 04 Nopember 2023.

Sementara Calon Pendaftar Anggota Dewan anane pengumuman tahapan pemilu wis diumumke , meh kabeh Calon anggota Dewan,  atine isih bingung , isih ragu ragu lan wedi kenek jebak' an BATMAN..

Koyo sing diomongke Rini , la piye mas lehku arep daftar , wong systim Pemilu wae urung genah,, Terbuka opo Tertutup,, kok KPU wis ngetokne pengumuman pendaftaran, iki jelas jebakan Batman , jare Rini mangkel.

Nek tak tekat kingko ojo ojo KPU mutuske Pemilu Tertutup , lha yo rasentol nek tertutup, jelas aku entuk nomer sepatu alias nomor ora mungkin dadi, masiha olehku biting okeh dewe, tambah Rini.

Sementara KPUD Pacitan , ditakoni systim Pemilu tahun 2024  sing arep digawe , babar blas ora iso njawab , aduh gus..iku kewenangane KPU Pusat, sepurone yo Gus Aku ora isa njawab....( Gustik)





Jumat, 21 April 2023

TAKBIR KELILING . JALUR SUNGAI TREND ANYAR PACITAN..

TAKBIR KELILING . JALUR SUNGAI TREND ANYAR PACITAN..


Pacitan Post 21,04,023.
Takbir keliling  / arak arak oncor mubeng kampung hal biasa , tapi nek takbir keliling numpak prahu lewat kali
 iku luar biasa .

Kaya sing dienekne Desa Arjowinangun mambengi (21/04) , takbir keliling mubeng lewat kali grindulu.

Diperkirakne'  , jumlah prahu sing melu takbir keliling  ana sekitar 50 prahu. Srana njupuk start ana taman sor kreteg, lanjut  mengidul nganti desa Kembang.

Suasana Takbir Keliling Lewat kali Grindulu Pacitan dadi trens anyar ana Pacitan.

Kegiatan unik Takbir Kekiling sing diprakarsai Kades Arjowinangun , kabar manuk  , acara  disponsori Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , anggota Dewan Eddy Baskoro yudhoyono,

Sayang ..' kegiatan takbir Keliling lan arak arak oncor,  sing dipusatne ana taman sor kreteg Arjowinangun , sempat gawe macet lalu lintas  ana jembatan.

Lalu lintas sempat macet total, merga kabeh kendaraan roda dua diparkir ana bahu jalan Jembatan . Ternyata usut punya usut,  sing duwe motor mandeg ambi ,, dlongap dlongop,,  nonton Prahu sing arep takbir keliling.

Miturut Mursidi  salah sijining penonton , omong yen acara Takbir Keliling  via Sungai , cukup menghibur lan spektakuler , Polisi  ora sibuk ngatur lalu lintas lan dijamin ora enek tawuran.

Perlu dimangerteni, saben saben malem lebaran, suasana kota terpantau   ramai , plat plat kendaraan luar kota pating sliwer ana kutho Pacitan.

Yo muk sayange'  kabeh pemudik sing arep melu takbir Keliling mubeng kutho Pacitan  ,, kejengges ,, merga Pemkab Pacitan  ora mengkoordinir.

Truk truk  sing penuh saund System , terpaksa  wira wiri  mubeng  kutho sak karepe dewe, ...( Gustik )














Kamis, 20 April 2023

30.000 JAMAAH PADATI SHALAT ID HARI INI..Di PACITAN

30.000 JAMAAH PADATI SHALAT ID HARI INI..Di PACITAN

Pacitan jum'at 21.04.023.
Hari Kartini tanggal 21 April 2023 terasa Agung lan istimewa,, pasale',, bebarengan dilaksanak' ake' Shalat Idhul Fitri sebagian umat muslim ana Indonesia , klebu ana Pacitan sing dienekne ana Lapangan Manggala Sakti Baleharjo , Lapangan Jambu Bangunsari lan 10 masjid se Pacitan.

Terpantau Media , sekitar 30.000 jamaah tumpleg bleg ana 12 lapangan ,  Jambu , Manggala Baleharjo Pacitan lan 10 lapangan /masjid  se Kabupaten Pacitan.

Parkir shalat di Manggala penuh dari Masjid Baleharjo sampai mendekati perempatan Ponpes Al Anwar Ploso.

Kapolsek Kota Pacitan AKP.Sugeng Rusli ( Ambon),  sing ngawal langsung Lalu lintas shalat Id ana Lapangan Manggala , mengapresiasi soal Id dina iki (21/04) berjalan lancar ,  Lalu lintas terpantau tertib , lancar lan aman.

Menyang Kepolisian Resort Pacitan,  Ribuan kendaraan sing Parkir ana Manggala,  diarahkan ngidul amrih lancare, tegas AKP  Ambon.

Ribuan Kendaraan roda 4 lan 2 kabeh  , bar salat Id diarahne ngidul ben ora macet.

Panitia Shalat Id ana Manggala Sakti ( Arbangi  ) Menyang Media omong , yen shalat id tahun iki terasa istimewa merga jamaah sing teka ora mung saka Muhammadiah , ananging kabeh umat Islam sing meyakini 1 syawal  dina jumat tanggal 21 April 2023.

Kejaba saka iku , Arbangi uga omong yen Shalat Idhul Fitri Pacitan kabeh jumlahe ana 13 tempat , kejaba ana Masjid lan lapangan terbuka.

Arbangi Panitia  Shalat Idhul Fitri ana Manggala Sakti Wawancara karo awak Media.

Sementara Sukatno sing kejibah tugas khatib ana Lapangan Manggala , intine nekanake'  ,, kabeh umat Islam,, saka mahdzab apa wae memperkuat tali silaturahim , memperkuat ukuwah lan merawat persaudaraan.

Contone pelaksanaan Shalat Idhul Fitri ana Lapangan Manggala baleharjo, Panitiane ora mung tokoh tokoh Muhammadiah tapi uga tokoh tokoh saka NU lan ormas islam liyane , bahkan peserta sing teka / salat Id campur bawur , saka jamaah Nu, Muhammadiah lan mahfazab liyane sing menyakini tanggal 21 April 2023 jatuh 1 syawal.

Antusias Warga arep shalat Id  ana Lapangan Manggala Sakti Baleharjo.

Akhir Kotbah Khatib Sukatno, menyampaikan keprihatinan sing mendalam, arogansi Israel sing secara terus menerus menyerang Tempat Suci Umat Islam  Masjidil Aqsa Palistina, salah sijining sebab israel membabi buta merga wong islam/ Negara negara Islam kurang bersatu, ukuwah luntur lan semangat kurang, imbuh Sukatno...( Gustik../by Foto Pacitan Vition)

Sekitar 3000 jamaah shalat idhul Fitri yang digelar di Lapangan Manggala Sakti Baleharjo pacitan

















Selasa, 18 April 2023

KEMENAG PACITAN ANEH..SIDANG ISBAT URUNG DILAKONI WIS KIRIM SURAT BUPATI  SHALAT ID TANGGAL 22.

KEMENAG PACITAN ANEH..SIDANG ISBAT URUNG DILAKONI WIS KIRIM SURAT BUPATI SHALAT ID TANGGAL 22.


Pacitan Post 19.04.023.
Kantor Kementrian Agama kabupaten Pacitan diduga gege mangsa soal tanggal Idhul Fitri tahun 2023.

Bayangno .! Sidang isbat urung digelar , tim Rukyatul ijik pada ning lapangan ,blha kok moro moro  wingi ( 18/04) Kemenag Pacitan wis kirim surat menyang Bupati Pacitan , terkait penggunaan alun alun Pacitan sebagai tempat pelaksanaan shalat idhul Fitri tanggal 22 April 2023.

Tentu wae surat sing ditanda tangani Kantor Kemenag Pacitan Dr Sugiyo MPd dadi potakonan wong akeh, Iki piye to karepe wong Kemenag, sidang Isbat urung digelar , tim Rukyatul ijik ning lapangan mantau ketinggian Hilal kok wis wani nentokne tanggal shalat idhul fitri, jare Bambang warga sing gumun. 

Idial'le Kantor  Kemenag Pacitan kudu nunggu Pengumuman Pemerintah pusat ana Jakarta , minimal nunggu keputusan sidang Isbat berdasarkan laporan Tim Rukyatul Hilal sing wis disebar ana berbagai kota.

Sekalipun misale, tanggal 22/04/023 kemungkinan besar Idhul Fitri ,umpama toh kirim surat menyang Bupati.ora entuk nentokne tanggal, kan lucu sidang isbat urung , ujug ujug Kepala Kemenag Pacitan wis wani nentokne  1 syawal jatuh tanggal 22/04 / 2023 , tambah Bambang..

Perlu di mangerteni, rencana shalat Idhul Fitri tahun 2023 arep digelar ning alon alon pacitan.Sing Kejibah Imam Shalat Id Ust Yasfi Suryalfihro Al Ghazali ( Al Hafid) lan Khatib Dr Sugiyo MPd.

Terkait Surat sing dikirim Kantor Kemenag Pacitan menyang Bupati , nganti berita iki ditulis Kepala Kemenag Pacitan urung iso dihubungi .( gustik)

Senin, 17 April 2023

LINTAH DARAT JAMUR SEPANJANG DHALAN ..SAKA TANJUNG NGANTI BAPANGAN..

LINTAH DARAT JAMUR SEPANJANG DHALAN ..SAKA TANJUNG NGANTI BAPANGAN..



Pacitan Ppos , 18.04.023.
Saben saben arep lebaran , sak dawane dhalan gede ' ana Pacitan , kebak lintah darat dadak'an  sing nyrangap arep golek mangsa.

Biasane ..'..wong si diuntal Lintah darat,  wong sing ijol duit anyar kanggo keperluan angpo ( sangu cah cilik ) saat lebaran.

Ora tanggung tanggung ,, bunga ,, sing dipasang saka ijol duit ana pinggir dhalan , berkisar 10 -  25 persen.

Miturut Djoko ( NS)  lintah darat saka Solo ,, omong ,, terpaksa pasang bunga duwur ,  merga  big bos ale pasang yo duwur berkisar 10 persen.

Joko buka lapak ana Pacitan wis sekitar rong minggu kepungkur , tarip bunga ijik sekitar 10 %  , ananging iki wis mundak 15 % , Hari H-1 Joko rencana pasang Maksimal 20 % , aku ra pernah pasang sak nduwure  20 % mas ,tegas Joko

Gandeng angpo lebaran ,, penting,, kanggone adat lebaran , akeh wong sing pasrah diencup lintah darat , masiho bunga gede banget, la piye mas arep tukar ning bank yo cegeh antrine, jare Lastri asal Tulakan.

Perlu di mangerteni , miturut aturan agama utamane  (Islam ) praktek penerapan bunga sing ngluwihi bates normal , klebu perbuatan riba sing dilarang agama.

Merga  praktek Riba klebu perbuatan dosa,  diharapkan masyarakat ngati ati , ora sah tukar duit sing bungane nekak gulu.

Ustad Samsuri menehi Solusi ,timbang kedosan gede , wong Islam kudu tetep ijol ning Bank , ijol ning bakul pasar lan liyo liyone.

Samsuri uga berharap , Lintah Darat sing praktek ugal ugalan ana pinggir pinggir dhalan kota Pacitan ,  kudu ditertibke'  pihak berwajib , ben ojo tuman tegas H.Samsuri..( gustik)









Minggu, 16 April 2023

KOSTER MENCLA MENCLE ..! ISRAEL RENANG ENTUK MELU..BAL BALAN DITOLAK...ANEH .! Ter..ter Koster..?

KOSTER MENCLA MENCLE ..! ISRAEL RENANG ENTUK MELU..BAL BALAN DITOLAK...ANEH .! Ter..ter Koster..?


Pacitan Ppos, 17.04 ,023.
Gubernur Bali I Wayan Koster, dinilai mencla mencle' cangkeme.
Disatu sisi Tim Renang  Israel oleh melu pertandingan Renang Dunia  ning Bali, tapi Bal Balan U20 ditolak melu Piala Dunia U20.

Diduga Akibat penolakan Ganjar lan Koster, Gelaran Piala Dunia U 20  sing rencanane arep dilaksanak'ne wulan Juni 2023 dicabut lan dibatalke FIFA.

Iso ditebak , Koster lan Ganjar dihujat meh wong sak Indonesia, utamane' Pecinta Sepak Bola Tanah Air.
Bahkan aksi penolakan  Ganjar lan Koster , gawe rating Ganjar Pranowo lan PDIP ajur mumur ana Pemilu 2024.

Awale ' alesan  nolak tim Bal Balan Israel koyo koyo ( fondamentalis banget ) sebagai bentuk dukungan perjuangan Rakyat Palistina sing dijajah Israel.

Tapi begitu Tim Israel sing arep melu gelaran World Beach Game 2023 diloloske Gubernur Bali I.Wayan Koster, publik nilai  , asline secara individual Koster ora dukung Perjuangan Rakyat Palistina . Tur yo raketemu nalar yen pak Koster dukung Palistina , jare sukriyono warga pendatang Bali.

Sing luwih njelu, kabeh simpatisan Sepak Bola indonesia, krungu Tim Israel di lolosne Koster ana ajang WBG ( World Beach Game 2023), seolah iki dina koyo digugah macan turu, mencak mencak ora karu karuan , hujat Koster sak udele' dewe' .
Koster anti Sepak Bola, Koster Rasis , lan hujatan hujatan elek  liyo liyane.

Perlu dimangerteni , sing dimaksud World Beach Game , yo kui Gelaran olah raga sing dienekne ning pinggir pantai , koyo to renang terbuka ning segara  dsb..( gustik)















CAH NANGGUNGAN GUGUR  DITEMBAK  KKB ..BAHAYA ..THAS.. THES..TNI KALONG BOKO SIJI..

CAH NANGGUNGAN GUGUR DITEMBAK KKB ..BAHAYA ..THAS.. THES..TNI KALONG BOKO SIJI..


Pacitan 15.04.023.
Pratu  Miftahul Arifin  (25) asal dusun Krajan Desa Nanggunan Pacitan dipastikan gugur ditembak KKB Papua.

Informasi sing ditampa Media , Pratu Miftahul Arifin gugur dalam rangka golek'i pilot Susi Air  sing disandra KKB rong sasi kepungkur.
.
Pratu  Miftahul Arifin Asli Desa Nanggungan gugur di tembak KKB di Nduga Papua Pegunungan.

Kronologi penyerangan , sekitar jam 16 .30 WIT Korban Pratu Miftahul Arifin piket ana Markas TNI Mugi Mam Nduga Papua . Ujug ujug Kekompok KKB teka ning Markas l TNI angsung mbrondong senjata membabi buta.
Akibate 6 prajurit gugur seketika , sedang kira kira  21 prajurit liyane urung ngerti nasibe , mbuh mati - mbuh urip.

Dandim 0801 Pacitan Let Kol Inf Roliyanto dan istri takziah ke Rumah Duka Alm Pratu Miftahul Arifin di Dusun Krajan Nanggungan Pacitan.

Nganti dina iki , Urung enek kepastian, kapan jenazah Miftahul isa dikubur ana desa Nanggungan, miturut Dandim Pacitan Let Kol Roliyanto, jenazah ijik dievakuasi saka markas , dadi urus iso dipastekne kapan tekane, jare Dandim.

Perlu dimangerteni Putra mbarep pasangan Agus Susanto -Parmini warga dusun Krajan Kidul Desa Nanggungan , gugur ninggalake bojo lan anak bayi .
Bojone kerja sebagai guru  SD ( status) Honorer.

Terkait informasi Alm Pratu Miftahul Arifin ditembak KKB nganti njungkel ning jurang sing jerone  15 meter dipastikan isih simpamg siur , sebab enek sing omong anggota  Yonif R 321/GT Kostrad  iku ditembak bareng  prajurit liyane ( sekitar ) wong 30 dlm posisi ana Markas.
Malah sing 21 prajurit, nganti seprene urung ngerti nasibe urip po mati.

Gugure anggota TNI asal Nanggungan, ndadekne prihatin warga lingkungan,  utamane lingkungan Tawang .
Rudi Hartoyo  , Anggota DPRD Pacitan, njaluk marang Korp TNI menjamin kesejahteraan Istri ( Wakhidia Nur Azizah ) lan anak almarhum sing isih bayi , syukur yen anake  suk yen wis gede iso mlebu TNI, tambah Rudi. ( Gustik)

Rudi Hartoyo njaluk marang TNI ,  njamin Kesejahteraan anak bojone alm Pratu Miftahul Arifin sing gugur dipateni KKB ana Nduga Papua Pegunungan.













Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done