PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 25 Mei 2023

SOAL DHALAN CIUT, KUDUNE PU  JATIM ISIN..KARO PU JATENG..

SOAL DHALAN CIUT, KUDUNE PU JATIM ISIN..KARO PU JATENG..


Pacitan Ppos.25.05.023.
Terkait Jl.Arjosari - Purwantoro , arepo Saben dina dirasani lan diprotes , PU Jawa Timur area Pacitan , ora  pati ggembes lan ora gelem ngrungone keluhane' warga.

Wis sekitar 30 tahun , dhalan Propinsi Arjosari - Bandar sing dawane 46 KM ,  muk lagi 21KM sing ambane 6 meter, sedangkan sing 25 Km isih lebar 3,5 meter.

Sing repot , sing diambakne disik justru arah Purwantoro - Nawangan, sedangkan arah Nawangan-Arjosari isih sempit 3,5 meter.

Truk bermuatan penuh sangat beresiko jika berpapasan.

Miturut Lancur Susanto,anggota DPRD Pacitan asal dapil 4 Nawangan - Bandar, njaluk menyang PU Propinsi Jawa Timur, rawe rawe rantas gek ndang nuntasne dhalan sing ijik ciut.

Dhalan sing dimaksud Lancur , dhalan propinsi sing nglewati desa Tokawi, Jetis Lor, Nawangan , Mujing , Gondang lan Desa Temon Arjosari, jelas lancur.

Sementara Tokoh sing uga mantan Wartawan iki , mengapresiasi PU Propinsi Jawa Tengah , masiha link  Jalan pinuju Kabupaten Pacitan seje Propinsi ( saka Kecamatan Purwantoro- Jeruk Bandar) lebar dhalan minimal wis 6/7 meter )

LSM Bhineka Bangsa Jauhari , pesimis Dhalan link Arjosari - Purwantoro diperhatikan lebih saka  PU Propinsi Jawa Timur Area  ( UPT) Pacitan, merga kawit jaman lekak  Pejabate ora netap ning Pacitan , arang arang ngantor ana UPT Pacitan.

Idiale  jare Jauhari, Pejabat UPT kudu wong sing gelem netap ana pacitan, sak ora orane Pejabat yen netap ana pacitan , melu handarbeni area kerjane, mosok sih dalan propinsi Jawa Tengah wae ombo , malah PU Jawa Timur sing duwe wilayah ora perhatian , 30 tahun luwih lho akses jalan Arjosari - Bandar ciut, ungkap Jauhari.

Sementara Pejabat PU Jawa Timur Unit Pemeliharaan Jalan Pacitan  urung isa dihubungi , maklum Kepalane Marianto wis arep pensiun, kurang sesasi mas pak Mar pensiun, tegas Pegawai PU Propinsi UPT Pacitan,sing ora gelem disebut jenenge.( gustik)













PUJO : DUKUNG PANCER DOOR GRATIS..

PUJO : DUKUNG PANCER DOOR GRATIS..


Pacitan Ppos.25.05.023.
Iki dina sebagian,  anggota Dewan Perwakilan Rakyat Pacitan, kebanjiran usulan warga , njaluk mlebu Pantai Pancer Door digratiske tiket mlebu.

Alesan warga , kabeh obyek wisata wis pada dipungut biaya mlebu, iki mung njaluk , siji wae sing gratis , ora kabeh dipungut karcis mlebu.

Sebagian masyarakat Pacitan kecewa , arep ndelok laut laute dewe wae kudu bayar , arep tuku lawuh ning Teleng Ria wis ora isa, merga ditarik karcis , jare Agus  warga Ploso  Pacitan , Agus  rumangsa keberatan mlebu nyang ndi ndi nggon ditarik karcis.

Keluhan warga diapresiasi Anggota Dewan Pujo Setyo Hadi lan Lancur Susanto.
Pujo sing uga ketua Komisi 4 ,ngaku bakal memperjuangke Pancer Door gratis, minimal arep di komunikasikan karo Eksekutif.

Pujo Setyo Hadi ketua komisi 4 DPRD Pacitan saat wawancara .

Pancen menurut Pujo, konsekwene PAD  bakal berkurang , tapi hak warga kudu yo diapresiasi , mosok kabeh mlebu obyek wisata bayar, korban siji gratis kan yo ora popo,ungkap tokoh asal Punung iki.

Sementara Lancur Susanto , krungu wacana  mlebu Pancer Door Gratis, uga setuju  dikaji ulang , sak ora orane Lancur mendorong wacana Pancer Door gratis , diagendakne  / dibahas ke tahap sing luwih serius antara eksekutif lan legeslatif.

Foto By.Pacitan Post..

Miturut Tokoh asal Nawangan , ngaku yen masyarakat wis suwe njaluk mlebu Pancer Door gratis, bahkan wis diberitakne sebagian media , iku njunjuk'ake yen selama iki warga Pacitan kecewa, kabeh kabeh bayar..kabeh kabeh bayar, tegas Lancur.

Perlu dimangerteni, akhir akhir iki kabeh obyek wisata Pacitan Dikelola masyarakat desa secara mendiri bekerja sama karo Pemda Pacitan.

Iso ditebak , arep mlebu obyek wisata Pacitan ngendi wae , bakal dipungut biaya sing ora setitik  ,,praktis ,, hak warga lokal dikesampingkan , arep mlebu alas mbayar,arep nyang segara mbayar,arep ndelok gua bayar, arep nyang kali mbayar,arep adus banyu anget yo mbayar..piye jal ..( gustik)

Lancur Susanto Anggota DPRD Pacitan.






Rabu, 24 Mei 2023

9 JUNI WONG 58 DIBUDALKE MANEH MLEBU KLOTER 44...

9 JUNI WONG 58 DIBUDALKE MANEH MLEBU KLOTER 44...


Pacitan, 24.05.023.
Pengertian budalan Rombongan Calon Jemaah Haji  ( CJH ) Pacitan , dikira muk dina iki thok, padahal ijik enek kloter ke dua.

Miturut data sing dikirim saka pejabat Kementrian Agama Jawa Timur M.Huda , dipastikan wong 58 Calon Jemaah Haji asal Pacitan dipastikan budal ,tegas Huda.

Dipermirakne , budale rombongan Haj tahap II  tanggal 09 Juni 2023 ,jumlahe awal 56 jamaah, tapi merga iki maeng enek sing ditunda , kemunginan dadi tambah 2 jamaah.

Bupati dada dada Calon Jemaah Haji pacitan, sing wis arep budal Haji.

Terkait Rombongan Jemaah Haji Pacitan ( klasifikasi Cadangan ) bakal dibarengke jemaah Haji asal saka Surabaya.Ponorogo.Madiun.Ngawi lan Magetan lan klebu kloter 44.

Perlu dimangerteni , biaya haji  tahun 2023 mundak akeh banget , saka 37 juta mundak menyang 56 juta , akeh calon jamaah sing meh ora budal , tapi akhire iso nglunasi ananging ora iso bareng  rombongan wong 164 sing  dina iki maeng budal . ( Gustik)




Selasa, 23 Mei 2023

PACITAN REKOR : 94 TH BUDAL HAJI   KLEBU PALING TUWEK SAK INDONESIA

PACITAN REKOR : 94 TH BUDAL HAJI KLEBU PALING TUWEK SAK INDONESIA


Pacitan Ppos 24.05.023.
Sejumlah 166 calon Haji Pacitan tahun 2023 dibudalke Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji  dina iki Rabu (24/05) saka Pendopo Kabupaten jl Jaksa Agung Suprapto no 8 Pacitan

Informasi saka  Dinas Kominfo Pacitan, jemaah haji sing budal ( kloter 6) iki tahap siji 165 jamaah , sedang tahap loro jumlahe 58 jamaah nunggu jadwal budal kloter mburine , klebu sing loro urung sido budal merga lara.

Diperkirakne , Calon Jamaah Haji teka Embarkasi  Sukolilo surabaya sekitar jam pitu bengi lan budal saka Juanda menyang Jedah Arab Saudi sesuk tanggal 25/05/023.

Calon jemaah Haji Pacitan budal sak group karo CHJ surabaya lan CHJ Pamekasan Madura , mlebu kloter 6.

Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji, isi sambutane , ndongakne kabeh tamu Allah,  slamet,sehat lan lancar ora enek kendala apa apa.

Bupati nyalami CHJ Pacitan sing dibudalke ana pendopo Mas Tumenggung Jagakaryo Pacitan.

CHJ Pacitan sing paling enom umur 24 tahun, CHJ sing paling tuwek 94 Tahun atas nama Isnatin Mukmin Ngadenan Asal Desa Bangunsari Pacitan...

CHJ Isnatin saka Desa Bangunsari Pacitan ternyata klebu salah sijining Calon Haji Indonesia paling tuwek sak Indonesia  ( Gustik)




Senin, 22 Mei 2023

BACALEG WEDOK DAPIL II BERSAING KETAT...INCUMBEN WAS WAS..

BACALEG WEDOK DAPIL II BERSAING KETAT...INCUMBEN WAS WAS..


Pacitan Ppos.23.05.023.
Persaingan golek biting Pemililu 2024 wis diwiwiti, masiha gong kampanye urung ditabuh , secara personnal Bacaleg Pacitan wis mulai usrek.

Bacaleg mulai kluyar kluyur , ndayoh /mertamu mrana  mrene , perlune muk golek bala lan golek pengaruh.

Miturut pengamatan media, Dapil sing paling ketat bersaing, dapil II Punung-Donorojo,  sing pemilu tahun 2024 didaftari tokoh tokoh sing ora iso dianggep sepele.

Tokoh Perempuan PDIP melu daftar Bacaleg Pemilu 2024.

Tokoh populer  Mardianto , gelem ora gelem kudu bersaing karo anak wedok'e Lia lan mantan Kades Watu Karung Wiwit Peni PDIP.

Wiwit mantan Kades Watu Karung , sing asli Desa Gondosari Punung, ora iso disepelekne , merga wong tuane uga  pernah dadi Kades, desa Gondosari.

 Anggota Dewan  Triani , sing wis bola bali njabat anggota DPRD pacitan ,  uga ora isa dipandang sebelah mata , merga , pengaruh wong tuane  ( Sisok ) uga ijik gede.
 , diperkirakne Triani ijik masuk.

Bacaleg Partai Golkar antri daftar ana KPUD.
Tokoh lawas, Pujo Setyo Hadi , Agus Setiyanto , Prabowo .Fibi Irawan diperkirakne uga ijik mlebu ,merga  basis konsituane wis mapan.

Sing rawan kesenggol Lia PDIP merga entuk pesaing bapak'e dewe Mardiyanto, sentara Gimat  , entuk pesaing Sunarto , tokoh kades 2 periode . 

Gimat , umpama kesenggol tenan , merga diperkirakne konstuan gimat ora sekuat tahun 2019, enek  kabar manuk , massane Gimat akeh sing kecewa lan pindah Calon.

Wakil Ketua DPRD Pacitan,Siap tarung di Pemilu 2024.

Miturut , Wiwit Peni aku siap ngrebut sak kursi mas, insya Allah wong gondosari ijik fanatik menyang calon asal desane, ungkap wiwit optimis.

Sementara,Pujo Setyo Hadi saka Partai tuan Rumah ( Demokrat) omong santai ngadepi Pemilu 2024 , wong wongku ndisik , pora jik utuh dukung aku , jare Ahli Waris Perusahaan Tegel & batako Bhumi Harum Arjowinangun...( Gustik)

Kades Ketro Winarno budal saka P.Demokrat..









GERAK CEPAT PU PROPINSI DALAN PEDOT  DIAPRESIASI PARTAI GOLKAR...

GERAK CEPAT PU PROPINSI DALAN PEDOT DIAPRESIASI PARTAI GOLKAR...


Pacitan Ppos 23.05.023.
Dhalan ambles  Ruas Arjosari - Bandar , tepate ana desa Temon Arjosari , ora butuhne wektu suwe,langsung didandani.
Gerak cepat PU Propinsi ,ternyata diapresiasi Partai Golkar Pacitan.

Miturut  Sekretaris DPD Partai Golkar Pacitan Lancur Susanto , dhalan sing awale muk 3 meter,  saiki wis ombo , dadi 6 meter

Cepete ale gerak ndandani dhalan iku lho sing tak apresiasi , bayangno ora nganti sesasi dhalan ambles saiki wis iso normal maneh, jare Tokoh sing uga anggota DPRD Pacitan iki.

Ruas Jalan Arjosari Bamdar  yang putus beberapa hari lalu sudah bisa difungsikan lagi.

Kejaba saka iku ,  masyarakat  Nawangan lan daerah sekitare uga melu seneng, merga arep liwat wis ora drawasi , ngangkut komoditi pertanian lan komoditi liyane lancar ora terganggu, tambah Lancur.

Lancur Susanto Anggota DPRD Fraksi Partai Golkar Pacitan.

Perlu dimangerteni, gara gara udan 2 jam akeh dhalan ning pacitan sing ambles , longsor lan pedot.

Bahkan ana daerah sekitar Ngunut Bandar ana sing pedot , bahkan lingkungan sekitar sing jumlahe 30 Kk terisolir ora iso aktivitas sing gunakne dalan pedot iku maeng..( gustik)




Jumat, 19 Mei 2023

PRABOWO JAGONGAN RAHASIA KARO SBY...SING NONTON MBLUDAK.. BANTU TRAIL 153.

PRABOWO JAGONGAN RAHASIA KARO SBY...SING NONTON MBLUDAK.. BANTU TRAIL 153.


Pacitan Ppos 20.05.023.
Masiha kunjungan Dinas, wong nonton Prabowo Subianto ning Koramil Kota , akeh banget,  pelataran lan sepanjang dhalan menyang koramil tumplek bleg.

Hebate  warga sing teka  , ora mung bocah enom , tapi uga didominasi ibu ibu lan bapak bapak sing wis sepuh , kabeh gembrudug menyang koramil kota , kelurahan Pucang Sewu Pacitan.

Penuh sesak warga melu ndelok Menham Prabowo menehi sepeda motor tril menyang koramil.

Kabeh Prajurit,  sing arep nampa bantuan sepeda motor trail , jejer disalami siji siji ,  ambi guyon , piro anakmu ..siap ndan dua , jare  Slamet Riyadi prajurit sing bar disalami Prabowo.

Kunjungan Menham Prabowo menyang Pacitan, disambut lan didampingi kabeh pejabat Pacitan , mulai saka Dandim.Kapolres.Sekda.Wakil Bupati.Bupati , Ketua DPRD pacitan lan kader Gerindra Sediono uga pejabat liyane Pacitan liyane.

Menteri Pertahanan Prabowo Subianto didampingi Kasdam Nico.Bupati Aji dan Wabup Pacitan Gagarin.

Sekitar Jam 10.30 Wib,Capres Gerindra Prabowo Subianto langsung menuju kediaman SBY, ana komplek Musium SBY  JLS Sidoharjo Pacitan.

Prabowo sowan SBY , ora ditutne sopo sopo, kabeh tamu pengiring koyo Bupati,Wabub  lan pejabat liyane , ditinggal ana ruang tamu Dandim 0801 Pacitan.

Saka kadohan , ketok pak SBY langsung salaman karo Prabowo ana Kediawan SBY Wisma Drupadi Komplek Musium SBY-ANI Cuwik Desa Sidoharjo Pacitan.

iring iringan Capres Prabowo kejepret Wartawan  mlebu Komplek Musium SBY-ANI.

Masiha kabeh wartawan ora iso nyedak, kabeh wis ,, ngira ira ,,  yen sowane Prabowo menyang SBY  terkait Pencapresan Prabowo sebagai Calon Presiden tahun Pemilu 2024. lan posisi Partai Demokrat.

Sekitar 2 jam pertemuan tertutup karo SBY , Tokoh sing uga Ketum Partai Gerindra iku ,  langsung sowan  Gus Fuad  Dhimyati ,  pimpinan Pondok Termas Arjosari Pacitan.

SBY Dan Prabowo Pertemuan empat mata

Perlu dimangerteni, Prabowo menyang Pacitan nyerahne Bantuan sepeda motor trail sejumlah 153 unit, rencanane'  kabeh koramil sak Pacitan diwenehi.

Calon Presiden Prabowo, sing diprediksi pemilu tahun 2024 , memenangi pertarungan Pilpres mungsuh Ganjar Pranowo , informasine ,  sore iki langsung neruske lakon menyang Mojokerta numpak montor mabur ( jenis Helikopter ) saka bandara Pacitan..(Gustik)

sejumlah kader Gerindra Pacitan nyambut Ketua umum Gerindra Prabowo Subianto.













Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done