PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 29 Mei 2023

GAWAT : SI SESAT  AL ZAITUN DIDUGA AKAN DIKEMBANGKAN DI PACITAN. DESA KAYEN LAN PURWOREJO DIIDENTIFIKASI PAHAM IKU MUNCUL

GAWAT : SI SESAT AL ZAITUN DIDUGA AKAN DIKEMBANGKAN DI PACITAN. DESA KAYEN LAN PURWOREJO DIIDENTIFIKASI PAHAM IKU MUNCUL

  Ponpes Al Zaitun Indramayu Jawa Barat

Pacitan Ppos.29.05.023.
Kontroversi Ponpes Al Zaitun Indramayu, sing dinilai menyimpang saka ajaran Islam , diduga mulai dikembangkan ana Kabupaten Pacitan.

Oknum ( B) saka desa Kayen Pacitan diduga terpapar paham Al Zaitun , kejaba duwe yayasan ( YCM) uga anak'e disekolahke ana Ponpes Al Zaitun Indramayu Jawa Barat.

Sayang tetangga kanan kiri (B) ana desa Kayen ora pati ngerti yen Yayasan ( YCM) iku ana kaitane karo Pondok Pesantren Kontroversial Al Zuitun pimpinan Panji Gumilang.

Kabar Pengaruh Pondok  Sesat , Al Zaitun mulai dikembangne ana Pacitan, memantik sebagian anggota DPRD Pacitan .

Kantor Kemenag Pacitan lan Polisi kudu tanggap lan menyelidiki , dugaan terparnya warga Pacitan sing Pusat  yayasane ana Pacitan ( diduga) ana Desa Kayen Kabupaten  Pacitan, ujar HA lan RS.

Bahkan Aliran sesat Al Zaitun,  entuk wakaf tanah  lan wis mulai buka TPA sing santrine jumlahe sekitar cah 17, lokasi ana Dusun Jati Desa Purworejo Pacitan, terangnya.

Sementara Kantor Depag Pacitan , media golek'i pejabat  Kemenag Pacitan ,kanggo ngonfrontir anane ( turunan ) Ponpes sesat Al Zaitun  ana Pacitan , urung iso ditemoni, miturut Karyawan depag , semua pejabat ke Surabaya mas, besuk saja kembali , ujarnya..

Perlu dimangerteni , Pondok Pesantren Al Zaitun Pimpinan tokoh kontroversial Panji Gumilang , dinilai sesat lan nyimpang adoh saka Aqidah Islam.

Shalat berjamaah , wong wedok entuk jejer wong lanang , lan menempati shaf ngarep , kotbah entuk nganggo injil  lan penyimpangan penyimpangan aqidah liyane. ( gustik)



Minggu, 28 Mei 2023

Caleg Nomer Sepatu - BAKAL SLUKU -  SLUKU BATHOK..SIRAHE ELA ELO..

Caleg Nomer Sepatu - BAKAL SLUKU - SLUKU BATHOK..SIRAHE ELA ELO..


Pacitan 28.05.023.
Jaman Orde Baru Pimpinan Suharto , Pasca reformasi tahun 1998 , seolah kabeh produk orde Baru elek.

Wektu kui , sing apik meh kabeh produk produk Reformasi ,  mulai saka pilihan Presiden sing awale  dipilih MPR , diganti pilihan langsung.

Termasuk pilihan anggota Dewan, jaman Orde Baru pemilih diarahke milih  Gambar Partai peserta Pemilu.

Mbuh cen saka niate  oknum , apa pancen diperintah bose Partai , ora enek angin ora enek lesus, ujug ujug wong 6 sing sebagian kader PDIP ,,  daftarke,,  uji materi terkait sistim pilihan Proporsional Terbuka - dijaluk proporsional tertup.

bacaleg  no 10 dr warkim dan Wahidin antri daftar caleg Partai Demokrat.

Sing repot  akhir minggu wingi  info putusan MK BOCOR ALUS , 6 hakim setuju Proporsional tertutup sing 3 beda pendapat.

Muk sekedar umpama , misale isu Pemilu legeslatif nganggo proporsional tertutup tenan , dipastkan bakal dadi gendro partai partai gede.

PDIP.GOLKAR.DEMOKRAT.NASDEM.PAN.GERINDRA.PKB.PKS.PPP.  zing wis kadung nyusun caleg  lan wis diserahne menyang  KPU/D bakal kisruh lan geger genjik.

Dipastikan Caleg sing entuk no Sepatu ( nomor ora dadi )  bakal pasif alias Sluku sluku Bathok..ora berjuang maksimal menang  ale nyaleg , merga masiha entung biting akeh , sing dadi caleg sing entuk no cantik..alias no urutan duwur...( Gustik)
Sebagai catatan redaksi dalam setiap pemilu...ditulis oleh Gustik.





PASAR ARJOSARI KOBONG 14 KIOS LUDES  KRUNGU KOYO SUARA BOM PING 7.

PASAR ARJOSARI KOBONG 14 KIOS LUDES KRUNGU KOYO SUARA BOM PING 7.


Pacitan Ppos 28.05.023.
Pasar Induk Arjosari ujug ujug kobong, 14 kios dipastikan ludes  , diduga asale geni saka kabel sing mlecet, tapi uga enek sing omong saka Tabung gas sing.. ng`es`es...

Informasi saka Kades Arjosari Sutomo, Pasar kobong sekitar arep magrib ( 17.30) diduga geni kios sembako / Gas , mrembet kios liyane.

Saksi mata Nur Sigit Effendi , awale warga kaget enek suara bum bum disusul geni molat molat saka kios deretan no 2 saka etan.

Warga ngujug geni karo banyu tapi malah mobal.

Nur Sigit lan konco konco lingkungan pasar , bahu membahu berusaha mateni geni sing asale saka kios sembako , disiram banyu karo ember, ternyata ora malah mati tapi mlh mobal mobal , jare Tokoh Arjosari sing uga ketua Hanura Pacitan 

Alhamdulillah , berkat gotong royong warga Arjosari ,TNI lan Polri komoditi / barang  dagangan  kios liyane iso disingkrih singkrihne ben ora melu kobong..kiro kiro  rong jam, geni wis iso dipateni , untung 3 unit Damkar teka ora terlambat jare Nur Sigit..! ( Gustik,)









Jumat, 26 Mei 2023

MERGA LARA 2 JEMAAH HAJI PACITAN GAGAL TERBANG.

MERGA LARA 2 JEMAAH HAJI PACITAN GAGAL TERBANG.


Surabaya 26.06.023.
Wong loro ( 2) calon Jemaah Haji asal Pacitan ora sido budal, merga sing siji lara, akhire , satu jemaah sing ngancani( pendamping)  uga batal terbang.

Miturut Kementrian Agama Jawa Timur, Calon Jemaah Haji Asal Pacitan sing gagal terbang , saiki dirawat ana Klinik Embarkasi Sukolilo.

Husnul Mahram Ketua Panitia Haji Jawa Timur omong, yen sing gagal budal ora muk Pacitan thok, tapi saka Pamekasan (kloter  4)  jumlahe 5 , kloter 6 jumlahe 2 saka Pacitan,tegas Husnul.

Jemaah Haji sing gagal terbang , enek rong opsi , siji budal kloter mburine ,sing ping pindo budal bareng cadangan ,sekitar kloter 44 utawa 45..

Nganti berita iki ditulis , urung enek informasi , 2 jemaah asal Pacitan sing gagal budal merg lara,urung ngerti jeneng lan alamate, Nanti saya chek jare Husnul..( Gustik)

WILLY : TOKOH MUDA, PENERUS PARTAI DEMOKRAT PACITAN..

WILLY : TOKOH MUDA, PENERUS PARTAI DEMOKRAT PACITAN..


Pacitan Ppos.26.05.023.
Keluarga Hariyadi Nawangan  , sing luwih terkenal Hari Yoga Utama, klebu duwe dulur akeh sing geluti bidang Politik.

Sejene bojone Suprihati W, uga enek Sutari ( adik)  Sutikno ( ipar ) Bagus Surya Pratikna ( Ponakan) Sediono ( mantan ipar ) kabeh nyandang predikat Anggota Dewan Pacitan.

Sing anyar .! disusul Wlly Rizky Cahya Pambudi SE , sing iki dina (  Pemilu 2024 )   dicalonke anggota Dewan Pacitan saka Partai Demokrat.

Willy & Carolina Feorita Kusuma (istri dan anak).

Ora tanggung tanggung, Willy dicalonke no urut 1 dapil 3 ( Nawangan Bandar ) ngenggoni dapil sing matahun tahun dienggoni Ibune .

Willy ngomong , pancen niat terjun menyang politik pingin neruske perjuangan ibune, sementara ibune ben mandita ana omah lan dadi mentor arah perjuangane.

Ora  iso dipungkiri , yen Ibune wis puluhan tahun malang melintang ning politik ( Partai Demokrat) saka awal, tentu pengalamane wis tuwuk, mulo tak dadekne mentor ku, jare Willy ambi guyon.

Tokoh sukses , Pengusaha Mini Market kelahiran Pacitan tanggal 24 Desember 1990 , duwe tekad sing gede , Pemilu tahun 2029 , pejabat  eksekutif lan Legeslatif ,  nek isa ( full ) diisi kader kader muda Potensial.

Pacitan kudu maju ,  bareng bocah enom , neruske perjuangan wong tuwa, rawe rawe rantas  Nyawiji  Tumandang Bersama Rakyat Pacitan.

Willy Rezky Cahya Pambudi SE Bacaleg No Urut 1 Dapil 3 - Nawangan - Bandar Pacitan.

Terkait isu Willy Murtad..
Ora iso dipungkiri , saben saben usum Pemilu , jenenge isu / fitnah mesti pating sliwer ,, biasane'  ,, sing dihembuske  lawan politik lan oknum jahat liyane.

Willy sing lagi terjun ning Politikpun, ora lepas saka isu ,, Willy diwarah murtad merga nikah karo  Carolina sing agamane Nasrani ,,

Terkait isu lan fitnah Murtad , ternyata ditanggepi santai Willy , ambi gligak gligik, Kakak kandung Artis Viasa Dewa iki ngetokne KTP  Carolina ( bojone sing justru mualaf ) 

Wis ora popo gus , arep diisukan opo wae ora masalah , pancen resiko terjun ning politik iku jare ibuku lekat saka fitnah, minimal tak nggo obat semangat..( gustik )




PERJUANGAN VIASA KURANG SAK NIL RESMI DADI ARTIS TENAN.

PERJUANGAN VIASA KURANG SAK NIL RESMI DADI ARTIS TENAN.

      Viasa Dewa calon Artis Debutan Baru 

Pacitan Ppos.26.05.023.
Jaman saiki arep populer iku gampang lan maneka warna dalane' . 
Misale ' ,  nyanyi (cover) lagu wong liya lewat Yutobe yo isa ,  egal egol tik tokan yo isa.

Ananging golek  prestasi lewat kompetisi, biasane  nek ora wong pilihan,  arang arang sing isa , merga kabeh dibejeni tim juri ,komentator lan penonton / publik.

Mula..!  yen bocah  asli Nawangan Pacitan ,,  sing jenenge Viasa Dewa ,, minggu ngarep iso mlebu ( 4 besar) kontes Ambyar Indonesia MNC Tv ,, RESMI ,, isa diarani Artis tenan , merga prestasine lewat kompetisi.

Viasa Dewa ditengah penonton saat kompetisi Ambyar MNC Tv.

Perlu dimangerteni , Viasa Cahya Putra Dewanta ( Viasa Dewa )  siswa klas 2 SMAN I Pacitan, lolos 6 besar kontes Ambyar Indonesia MNC Tv sing dipandu Artis Artis terkenal Indonesia , mulai saka Inul Daratista, Iis Dahlia , Rafi Ahmat , Danang lan liya liyane.

Seumpama,  Putra Ragil pasangan Hariyadi- Suprihati Winarcahyani, minggu ngarep lolos  4 besar , murid SMAN I Pacitan jurusan MIPA iki ,  isa diarani  Klebu Artis debutan baru Indonesia .

Biasane yen wis mlebu 4 besar, bakal sering tampil ana TV nasional , diundang konser lan acara acara liyane.

Viasa Dewa dan rekan rekannya di sekolah
SMAN 271 Pacitan.

Suprihati Winarcahyani , sing uga anggota DPRD Pacitan lewat Media , njaluk donga lan suport  marang  kabeh warga Pacitan ( utamane )  komunitas Pacitan Perantauan sing urip ana Jakarta, sing selalu hadir langsung ana Studio MNC Tv Jakarta.

Doanipun nggih,  mugi mugi anak kulo Viasa Dewa Asli Pacitan  saget menjuarai kompetisi Ambyar Indonesia MNC tahun 2023 , ujar  Suprihati.

Satu Catatan sing perlu diperhatikan Viasa , nek wis dadi artis  ojo rumangsa Jumawa , teruslah berkarya , terus berinovasi lan terus belajar.
 Eling ..! Akeh artis sing langsung terpuruk merga  klendran lan Sombong .. ( Gustik)







Kamis, 25 Mei 2023

POLRES ATI ATI TANGANI VIDIO SEX CAH SMP..GARA GARA SETAN GEPENG..KENDEL do ..NGE-SEX..

POLRES ATI ATI TANGANI VIDIO SEX CAH SMP..GARA GARA SETAN GEPENG..KENDEL do ..NGE-SEX..


Pacitan Ppos , 25.05.023.
Polres Pacitan dipastikan tetep memproses aktor penyebar vidio porno sing aktore diperanke siswa SMP Ngadorojo Pacitan.

Miturut Kasat Reskrim Polres Pacitan AKP Andreas Hekso , penanganan kasus vidio porno sing nglibatke bocah dibawah umur kudu ekstra hati hati.

Pasale jare Andreas , pelaku isih murid SMP , sing jauh dibawah umur , tentu perlu perlindungan khusus , ojo nganti masa depane bocahe suram , mesakne jare Andreas.

Ir.Budiyanto MM Kepala Dinas Pendidikan Pacitan.

Sementara Ir Budiyanto MM selaku Kepala Dinas Pendidikan Pacitan ,, omong ,,  yen perkara vidio  Pornografi viral ,, sing diduga , , nglibatne murid SMP Kecamatan Ngadirojo, muk kari nunggu hasil penyelidikan Polres Pacitan.

Ananging imbuh Budi , secara internal Dinas pendidikan Pacitan wis klarifikasi marang pelaku Vidio Syur , orang tua pelaku lan tokoh masyarakat,ujarnya.

Mantan Kepala Dinas PU Binamarga Pacitan, berharap guru guru,orang tua suswa , lan tokoh masyarakat , melu ngawasi Putra Putrine , terutama hal penggunaan HP utawa Setan Gepeng.

Perlu dimangerteni , pengaruh mbah geogle  ana Setan Gepeng , pancen nderbalani mungguhing bocah bocah , SD-SMP-SMA.

Wis akeh banget , siswa siswi Pacitan sing dadi korban sajian setan gepeng ,bahkan sing miris , diduga akeh siswi sing metu soko sekolahan , langsung dirayu  mucikari klas kakap,antara Solo , jogja lan Semarang.
Rata rata bocah sing ijik polos , disulap marang mucikari dadi kinclong, ben duwur regane ...( Gustik)






Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done