JIAN AYUNE SUNDUL LANGIT DIWISUDA SARJANA..PUTRI GIRI SANCOKO.
Ponorogo , 13.08.023.
Tak pikir , sing duwe anak jenenge nyleneh ,muk anak'e Gibran Rakabuming , sing jenenge Jan Ethes .
Ternyata enek sing luwih lucu lan keren , yo kui Jian Ayune Sundhul Langit.
Kejaba jenenge unik , bocah wedok sing ternyata putri pasangan Bupati Ponorogo Giri Sancoko - Susilowati iku luwih disik , ketimbang Jan Ethes.
Anake Gibran ,,Jan Ethes ,, lagi umur 9 tahun , tapi anak'e Giri ,, Jian Ayune Sundul Langit ,, umure wis 20 lan lagi lulus Universitas bergensi Unpad Bandung.
Giri Sancoko Bupati Ponorogo nekani Wisuda Sarjana anak'e wedok sing jenenge, Jian Ayune Sundul Langit Universitas Pajajaran Bandung.
Giri Sancoko sing ditelpon media maeng awan , mbenerake yen anak'e wedok bar diwisuda SI Unpad Bandung.
Ditakoni bab jenenge anak wedok'e sing lucu , Giri sing uga Bupati Ponorogo iki njelas'ake yen jeneng iku gawa berkah, doa lan harapan.
Yo muga muga , anakku wedok sing ayu dewe sak donyo iku ,, ayu njobo njero ,, jare Giri ambi gligak gligik sing dadi ciri kas'e Giri.
Perlu dimangerteni , njenengke anak jaman saiki pancen aneh lan lucu lucu , biasane sing unik , nganggo bahasa Jawa ,, ngoko,, sing bendina kanggo guyon , kaya Jan Ethes , Jian Ayune Sundul Langit.
Tapi enek eneh sing lucu lan nyleneh , Calon anggota DPRD Daerah Lombok Tengah sing jenenge Bintang Komedi Indonesiw dirangkep dadi siji.
Caleg asal Lombok Tengah iku jenenge ,, Dono Kasino Indro ,, ( tik)