PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 28 Agustus 2023

GAWAT : ALUN ALUN KULON SAYA ENTEK..WARGA NJALUK DIBONGKAR BANGUNAN SING MANGAN ALUN ALUN KULON.

GAWAT : ALUN ALUN KULON SAYA ENTEK..WARGA NJALUK DIBONGKAR BANGUNAN SING MANGAN ALUN ALUN KULON.


Pacitan Ppos.29.08.023.
Pembangunan ana Kabupaten Pacitan saya suwe  saya gabyah bin ora terarah, blas ora duwe unsur seni lan cenderung nglalekne sejarah.

Saking gabyah'e ,  seolah ana kabupaten Pacitan ora duwe Arsitek sing mumpuni lan ora duwe perancang kota sing kwalitas,kabeh isane  muk pokok'e asal bangun.

Salah satu proyek penggusur alun alun kulon Pacitan.

Perlu dimangerteni ,kira kira  limang tahun kepungkur , wektu kui isih jaman Bupatine' Indartato ,  warga wis okeh sing ngudarasa, bab pembangunan berbagai fasilitas ana sekitar alun alun kulon Kabupaten Pacitan , sing saya suwe  saya ngidul ..saya ngidul.

Lepas saka Bupati Indartato , iki diterusne maneh Bupati Aji , bangun fasilitas bermain  anak anak meh teka tengah alun alun kulon .

Papan nama Proyek ora enek , kontraktor  sing bangun masyarakat ora weruh ,opo  meneh  bab anggaran ,  masyarakat uga ora weruh.

Numpang Iklan
Rudi Hartoyo Caleg Dapil I Pacitan- Pringkuku Nomor Urut 1 Partai Hanura.

Ananging Kadis PUPR Pacitan Suparlan ST,  menehi weruh yen Proyek ana Alun Alun Kulon iku bangunan Skate Boot sing satu paket karo perbaikan Trotoar .

Suparlan sing dihubungi ( Ppos ) pas lagi arep numpak montor mabur ( dinas luar) omong ,yen soal teknis lan biaya sing ngerti detail Kabid Kaba Endit Yuniarto ,  Endit nganti seprene ora kenek ditelpon , telpune tulalit...tulalit..terus.

Numpang Iklan..!
RIRIN SUBIANTI CALEG DAPIL I PACITAN-PRINGKUKU NO URUT I PARTAI PKS .

Sementara Keprihatinan terkait kondisi alun alun kulon sing soyo suwe soyo entek, merga kepangan bangunan anyar disuarakne   Dhimyati Penasehat PCW ( Pacitan Corruption Watch ).

Alun alun Pacitan klebu alun alun legendaris sing penuh sejarah lan perjuangan , kudune dijaga lan diuri uri , alun alun etan  wis amblas  dipangan bangunan , Alun alun kulon kari sak pecak, apa klakon dientekne pisan .? Jare Dhimyati sedih.

Bahkan LSM Bhineka Bangsa Pacitan , njaluk  marang Pemkab Pacitan,  Bangunan Skate Boot sing saiki lagi dibangun,  merupakan bangunan terakhir sing mangan lapangan alun alun kulon Pacitan.

Yen nganti suk meneh , enek bangunan sing mangan sisa lapangan alun alun kulon , LSM Bhineka Bangsa bakal nggordinir Demonstrasi geden gedenan menyang Pemkab Pacitan, ora Bupati mbiyen , ora Bupati saiki kok pada wae, kaya ra duwe insinyur sing ngerti sejarah wae.

Aktivis sekaligus mantan anggota DPRD Pacitan saka PDIP , omong ora habis pikir  marang Pemkab Pacitan , Alun Alun iku kan  (alise wajah kota) sing kudu di rawat , ora malah diubrah ubrah kaya mengkana , tulunglah nek bangun ojo saka karepe dewe, tutur Jhon Vera Tampubolon sewot.

Njaluk di Bongkar.
Bahkan Tokoh Vokal  DPRD Pacitan Handaya Aji , njaluk marang Bupati Pacitan,  bangunan anyar sing kabeh mangan lapangan alun alun kulon dibongkar total , Pacitan wis kelangan alun alun etan , iki alun alun kulon wis di dionggreh onggreh maneh , po ra luwih becik anggaran nggo bangun dhalan sing akeh rusak..?

Handoyo uga ancam , yen Pemkab Pacitan bangun proyek muk sak karepe dewe ,setuju  Demo geden karo konco konco LSM sak Pacitan , wis monggo nek cen kendel ngadepi rakyat, tegas Handaya..( gusti)

Jhon Vera Tampubolon setuju rakyat Demo terkait  alun alun kulon yg dipenuhi bangunan.













Sabtu, 26 Agustus 2023

PAK MARDI KEOK KARO BU MARDI...PILKADES TAMAN ASRI.

PAK MARDI KEOK KARO BU MARDI...PILKADES TAMAN ASRI.


Pacitan Ppos.26.08.023.
Wong ki nek arep kisinan ora kurang dhalan , kui kedadean ana pilkades Desa Taman Asri  Kecamatan Pringkuku Pacitan.

Mula bukane , Panitia Pendaftaran Pilkades Desa Taman Asri , buka lowongan pendaftaran Calon Kades tahun 2023. Tapi nganti meh batas akhir  pendaftaran , sing maju lagi incumben Pak Mardi.

Sesuai aturan yen sing daftar muk wong siji , kudu dilawan bumbung kosong .
Mungkin pak Mardi , yen lawan bumbung kosong sungkan , utawa wedi kalah karo bumbung kosong.

NUMPANG IKLAN.
HJ.RIRIN SUBIANTI CALEG NOMOR URUT I DAPIL I PACITAN-PRINGKUKU PARTAI PKS.

Akhire ben onok munsuhe , disiasati Bu  Kades  ( bu Mardi / Giayatun) sing dikongkon kon maju Pilkades Desa Taman Asri.

Kocapo !
Bareng pendaftaran ditutup , jagone resmi pasangan suami istri - Pak Kades Vs Bu Kades lan  sesusi undang undang Pilkades diolehi.

Diplokotho.
Dasar masyarakat iku kadang nylili yo kadang gregetne' , podo umyek mrono mrene , sepakat menangke bu Kades.

Jare Joko , pancen kwalitas antara ne pak Mardi lan Bu Mardi apik bu Mardi , mulo warga akeh sing milih bu Mardi , jare warga ambi gligak gligik.

Tapi enek sing omong, jare warga sing ngaku jenenge supri , cen pilkades Taman Asri didamel benten mas , kajenge bu Kades kemawon sing gantosan mimpin, masiha pun sepuh ( emak emak) kulo kinten taksih rosa, jare supri guya guyu.

Numpang Iklan
PINGIN MADANG ENAK..TUKUO BEBEK SINJAY ISTIMEWA GUSTIK MENTORO PACITAN RM TIRTA WENING.

Dasar maune muk nggo pasangan awer awer , bu Mardi babar blas ora kampanye, ora ajak ajak uwong , ora golek pengaruh kon nyoblos.

Sakjane Bu Mardi wis krungu sruwang sruwing arep dimenangne bu mardi, mulo pas seminggu arep coblosan bu mardi malah muter dusun dusun  ,penging milih dekne  , pilihan bapak wae , aku wis tuwek ,jare warga sing ngerti  bu mardi panik,'

Bu Mardi panik merga isin yen menang tenan , pada karo ngisin isinke bojone dewe , mendah ale heboh wong .uwong..gek kepiye iki...jare bu Mardi lesu.

Kepanikan bu Mardi kedadean tenan , tekane dina cinaton pilkades  Taman Asri dina iki maeng (26/08) bu Mardi menang tipis lawan pak Mardi.
Bu Mardi entuk kecik 608 , pak Mardi entuk kecik 512 , kartu sing rusak 67.

Bareng wis dinyatakan menang tenan , ora isa dicolong raut wajah pasangan suami istri ketok rada kaku,masiha ijik isa mesem , klebu warga sing  grumbul ning omah pasangan suami istri kades Taman Asri , ger.....ger..arep guyu ora isa lepas..gaes...ges , jare warga hem..( tim)

ISMONO & AGUS MENANG MUTLAK.

ISMONO & AGUS MENANG MUTLAK.


Pacitan Ppos 26.08.023.
Ismono Calon Nomor urut 1 unggul mutlak saka pesainge Pilkades Dadapan Kecamatan Pringkuku Kabupaten Pacitan.

Masiha berita iki ditulis itungan kecik urung bar , incumben 2 periode iku wis ora terkejar lawan 2 pesainge , Bagas Dwi ( ketua Bumdes  lan Purwito  sing nota bene anak buahe.

Ismono ditengah hitungan Pilkades Desa Dadapan Pringkuku  yang ditemui media siang tadi.

Menurut  Kades sing uga Alumni SMPN I Pacitan tahun 1975 iki omong yen jabatan kades tahun iki periode terahir , merga sesuai aturan wis ora isA nyalon maneh.

Mula Ismono uga  njaluk marang tokoh lan generasi muda , sak jrone nem tahun kingko kudu mempersiapkan diri petalihan estafet kepemimpinan Desa dadapan Pringkuku Pacitan.

Sementara sesuai Prediksi ,Pilkades Arjowinangun dimenangke Agus saka dusun  Pager vs Ahmat Dwi Cahyadi srana selisih 1105 - 859.

Ananging  Persaingan Agus lan Cangmai keketung luar biasa , Cangmai sing awale muk nggo awer awer , ternyata meh iso ngimbAngi  Agus , sing selisihe
muk sekitar 250 kecik.

Acara pilkades antara Desa Dadapan lan Arjowinangun bubar sekitar jam 16.00 wib , sukses ,damai lan lancar.

Mantan guru SMPN IV Mentoro iku menang langsung diarak karo mobil terbuka.

Miturut Mardi Warga dusun Pager rumangsa seneng pilkades lancar ora enek gangguan opo opo, wis gek ayo guyub msneh , jare mardi ..( tik)






Jumat, 25 Agustus 2023

 SISWA NJALUK Vidio  PACAR TELANJANG MARAK ANA PACITAN.

SISWA NJALUK Vidio PACAR TELANJANG MARAK ANA PACITAN.


Pacitan Ppos. 25.08.023.
Warning kanggo wang tua murid , kelakuan siswa siswi jaman saiki kudu diawasi tenan tenan , nek ora diawasi bakal ngisin isini lan isa isa terjerat kasus hukum.

Bayangna ! Siswa klas lanjutan pertama wae, wis pada kendel Pacaran , tur gaya pacarane akeh sing diluar nalar, lan luput perhatian wong tuwek lan guru.

Yen media ( Pp)  gelem mewartakan , yen media ora tepa selira , yen media ora mesakne wong tua lan gurune , mungkin wis puluhan bahkan  atusan siswa sing bakal kenek pidana pornografi.

Ananging Media ( PP)  , duwe kesepakatan karo penegak hukum , unsur pendidikan diutamakan , unsur kekeluargaan diutamakan lan unsur masa depan siswa uga diutamakan.

Saiki bayangna ' rong sasi kepungkur wae , media ( PP)  ngendus lan nyipati  enek sekitar 16  siswa siswi saka berbagai sekolah sing terjerat kasus pornografi , 3 diantarane damai ana ngarepe penegak hukum, liyane  pembinaan sekolah lan wong tuwa.

Sing ngagetke pikir , perilaku bocah pacaran , sing lanang njaluk pacare kon foto / Vidio telanjang  sebagai bukti cinta, yen ra gelem diancam diputus.

Dasar siswi ijik ingusan , rata rata gelem nglakoni udo blejet tenan . Sing parah saking senenge sing lanang  , Foto/Vidio iki maeng didudoh  dudohne koncone , sing akhire viral ana sekolahan kaya kasus siswi ngadiraja lan liya liyane.

Nek wis nemoni bab pelanggaran asusila berat ngono kui , kepala Sekolah pusing tujuh keliling , arep diproses hukum mesakne masa depane , dipadoni lan disanksi wedi dianggep mbuly murid , wong tuwane  ujung ujunge lapor LSM  utawa media.

Nek wis ngono kui , kepala sekolah lan  guru utamane BK serba salah , keras salah lembek salah , akhire guru guru golek aman , timbang didakwa nyia nyia murid luwih becih bina siwwa  sak madya sing penting slamet.

NUMPANG IKLAN....!
RUDI HARTOYO CALEG DAPIL I NO URUT I PARTAI HANURA PACITAN.

Sementara LSM Bhineka Bangsa Pacitan Hadi Winarno , arep gawe  sarasehan karo guru guru lan kepala sekolah , ngadepi siswa siswi sing perilakune seneng gawe konten porno grafi , seneng chat mesum lan pacaran bebas ana njero kelas.

Kejaba saka iku , sarasehan uga ana topik melindungi guru saka proses hukum sing diajokne  ortu lan dulur dulure murid sing ora trima anake dibina karo methode sekolahan..
(Ditulis oleh Redaksi sebagai gambaran dan edukasi  guru.orang tua siswa dan komite sekolah terhadap kenakalan siswa siswi saat ini yang menghawatirkan)

BEBEK SHINJAHe ' KHAS PACITAN NIKMAT BERSELERA TINGGI..





Kamis, 24 Agustus 2023

GLOPA GLAPE Isa Isa CANGMAY Malah sing Menang...

GLOPA GLAPE Isa Isa CANGMAY Malah sing Menang...


Pacitan Ppos.24.08.023.
Didelok saka kwalitas , Agus bin Sukardi pancen menang adoh karo Cangmay alias Ahmat Dwi Cahyadi , Calon Kades Arjowinangun Pacitan.

Ananging bab pilihan , ojo pisan pisan nyepelekne calon sing dianggep ,, Lemah utawa  Pupuk Bawang ,, Sebab ..' akeh kedadean calon sing dianggep lemah, justru memenangi pertarungan.

Biasane Calon sing  dianggep kuat ( plepete ) terlalu pe'de' , lali karo strategi lan langkah langkah pemenangan , akhire ,, zong  ,, Jagone kalah.

Kondisi jelang Pilkades Arjowinangun, miturut pengamatan media , wis mengarah  sentimen lingkungan ( dusun ) antara Bowongan lan Pager.

Logika berpikir , yen wis mengarah Fanatisme  lingkungan Perdusunan , warga biasane ora ndelok kwalitas Calon , tapi tempat tinggal calon.

Saiki  muk kari jumlah penduduk , antara Bowongan lan Pager okeh endi..? seumpomo jumlah warga Pager luwih okeh , Calon Kades Agus muk karo nggolek tambahan lingkungan liyane , semono uga kosokbaline Calon Kades Cangmai.

Cakades Cangmay, Pancen latar pekerjaane muk sekedar Juru Parkir , Cangmai dudu sarjana lan dudu wong kebandan.

Ananging nek didelok saka okehe  warga sing nyengkuyung Cangmai , sekalipun iku  muk iguhe' warga lingkungan Bowongan , Agus  Mantan pendidik SMP 4 Mentoro Pacitan iku perlu ngati ati lan perlu kerja keras ,nek pingin ora kisinan.

Bebek Sinjahe' Tirta Wening Mentoro masuk katagori ternikmat ke 46 se Indonesia.

Miturut salah sijining warga lingkungan pager , sing ora gelem disebut jenenge , kelemahan timses Pak Agus , sering nyepelekne lawan , sering ngetokne suara suara ngrendahne  lawan , sing  akhire pihak pendukung  calon Bowongan, kebakaran jenggot.

Tapi nganti dina iki , miturut  survy media Pacitan Post , sing nganggo pola wawancara  langsung warga desa Arjowinangun , rata rata isih ngunggulke Agus sebagai pemenang Calon Kepala Desa Arjowinangun tahun 2023-2029.

RUDI HARTOYO CALEG  DAPIL I NOMOR URUT I PARTAI HANURA PACITAN.

Alesane ..pak Agus sarat pengalaman , wonge santun , ibadahe apik , kalem ora neka neka , jare bakul bumbon sing dodol ana pasar Arjowinangun , cedak omahe Agus .

Perlu dimangerteni , Pilkades Arjowinangun terpaksa digelar, merga  Kades sing mestine ijik jejer , mengundurkan diri ,merga nyaleg Dewan Pacitan saka Demokrat.

Sing dadi rasanan warga desa Arjowinangun  dina iki , yo kui terkait posisi ( mantan  Kades ) Rahman Wijayanto sing dianggep kurang  netral , masiha pak Wiwit  Bagong  wong pager , kudune Netral ben ojo pengaruh ale arep nyaleg Dewan...

Nganti berita iki ditulis , Wiwit Bagong urung komentar bab tudingan  sebAgian warga Arjowinangun sing ganggep ora netral...
( Ditulis Gustik dari hasil survy wawancara langsung dengan sebagian warga desa Arjowinangun untuk edukasi Pilkades )















Rabu, 23 Agustus 2023

SK BUPATI : TERKAIT KTL ORA DIGUGU PEDAGANG SIKIL LIMA.

SK BUPATI : TERKAIT KTL ORA DIGUGU PEDAGANG SIKIL LIMA.

Pacitan Ppos.23.08.023.
SK Bupati Pacitan terkait KawasanTertib Lalu Lintas (KTL) nganti seprene ora digugu karo pengguna jalan lan Pedagang sikil lima.

Kawasan sak dawane dhalan Ahmat Yani Pacitan  ( mulai saka tugu Lipen Penceng nganti teka Taman Bugar ) nganti seprene ijik semrawut.

Pedagang sikil lima ( K 5 ) isih pada buka sepanjang trotoar lan bahu dhalan , mobil lan sepedah montor ijik pada parkir pating slingkrah sak karepe dewe.

Petugas Kepolisian Pacitan Nolik,  memberi pengertian kepada pedagang Kaki lima yang mangkal didepan toko Populer.

Miturut petugas  Kepolisian Pacitan Ipda Nolik, penertiban KTL sakjane wis bola bali digelar , petugas gabungan Satpol PP.Perhubungan lan Kepolisian Pacitan sebagai pihak eksekutor wis bola bali menehi pengertian menyang pedagang.

Tapi  yo kui , alesane macem macem , omong sing arep tuku susu ora dwe duit , enek sing omong arep ggo bayar SPP anak lan alesan alesan liyane , kadang aku sok ramentolo mas , jare Nolik guya guyu.

Perlu dimangerteni , mulai sesuk ( kamis lan jumat) Pemkab Pacitan wis ora menehi toleransi maneh marang pedagang sikil lima sing ijik mbandel dodolan ana trotoar Kawasan Tertib Lalu Lintas ana sepanjang dhalan Ahmat Yani.

Sopo wae sing gawe kios permanen lan ora permanen ana trotoar sepanjang Kawasan KTL bakal di angkut petugas Gabungan Satpol PP , Perhubungan lan Kepolisian , tegas Sanyoto Kadinas Satpol PP Pemkab Pacitan...

Sakjane ale menehi pembinaan wis ora kurang kurang mas, tapi pedagang sikil lima iku cen bandel , akeh sing gawe kios semi permanen , koyo to ning arep gedung DPR ( dpn Toko Populer) lan liyo liyane...(gustik)

Bebek Gustik iku ojo dilawan tapi dipangan merga bebek nikmat...




Selasa, 22 Agustus 2023

NGAWUT : DEMOKRAT PECOH PECOHAN lan IDAK IDAK'AN INTERNAL DAPIL 6.

NGAWUT : DEMOKRAT PECOH PECOHAN lan IDAK IDAK'AN INTERNAL DAPIL 6.


Pacitan 22.08.023.
Mungkin saking rakuat situasi saben dinane, caleg caleg saka Partai Demokrat ( khusus dapil 6 Tulakan-Kebonagung ) pada medarne dewe dewe situasi sing diadepi dina iki.

Apa meneh caleg anyar, babar blas ora ngiro, yen carane golek pengaruh/ suara ,  kudu   pidak pidak'an masiha karo caleg sak partai .

Aku ora ngiro babar blas lho mas , nek nyaleg Dewan iku kudu rebutan pengaruh masiha konco sak Partai , tak pikir diatur utawa dipetakan , golek kantong suara sing dudu sawahe Partai Demokrat , kok ora njupuk partai liyo yo mas, jare caleg anyar sing bingung karepe dewe.

.    Ronny Wahyono Ketua DPRD Pacitan.

Situasi carut marut Dapil 6 diakoni Ronny Wahyono lan Rudi Handoko.
Miturut Ronny, seumpama dapil VI iku dipetakan cara berjuang , insya Allah kursi PD akan bertambah, minimal tambah sak kursi maneh ( 5 kursi).

Ananging yen modele ngidak idak konco dewe , Putra mantan Bupati Sujono iki ora yakin , Demokrat tambah kursi , aku yakin bertahan wae wis untung , jare Ronny serius.

Rudi Handoko mbenerake pendapate Ronny , kabeh Caleg dapil VI kudu lungguh bareng , memetakan sebaran suara Demokrat pemilu tahun 2019, ojo nganti merga ambisi arep dadi jawara sak dapil , tapi ngidak idak tanduran koncone dewe.

Bahkan Rudi njaluk marang Ketua DPC Partai Demokrat  , ngumpulke kabeh caleg partai Demokrat ,  perlune kabeh ben  kompak , ben saling bahu membahu nglumpukne biting,  tapi ora midak'i kancane dewe , jare Rudi tegas.

Syech Pujo Setyo Hadi Ketua Komisi 4 DPRD Pacitan 

Sementara Syech Pujo Setyo Hadi,, omong,, situasi saling pidak pidak'an konco sak partai  ,, sejatine ,,  ora muk ning dapil VI , Dapil 2 pun situasine pada , cuma dapil 2 iso menyelesaikan antar plepet lan caleg, alhamdulillah dapil 2 wis isa rada kondusif .

Pujo nambah ake , Pancen situasi pemilu tahun 2024 iki rada beda karo pileg sak durunge , Caleg caleg saiki khusus internal partai lan ekaternal Partai calone okeh sing duwe duit , utamane wong Anyar , mulo yen ale maping ora cermat, iso iso mbleset ora katut , jare Pujo serius.

Perlu dimangerteni , Iki Dina situasi pra Pileg tahun 2024 ( khusus) Partai Demokrat dapil 6 ,  sepak terjang Arif Setyo Budi dianggep kelewat ambisi.

Ananging sayang ' sepak terjang ketua Fraksi Demokrat iku dinilai ngidak idak konco koncone dewe tunggal sak partai .

Umpama ora enek penyelesaian Internal Demokrat ,,  dikawatirke,,  justru merugikan Demokrat dewe ,  ora nambah kursi - isa isa justru mudun suara PD dapil 6 .

Arif Setyo Budi Sekretaris DPC Partai Demokrat Pacitan .

Sementara Arif Setyo Budi menyang Media ,, mbantah , yen diarani idak idak konco dewe,,  sing bener berkompetisi ,,  dadi kabeh kudu siap ,seorang  politisi ora entuk opo opo ngambek , nesunan lan cengeng.

Tokoh Bela diri Pacitan iku pancen ngakoni  ,, Pingin yang terbaik ,, sapa sing ,,juara ngumpulke suara  ,, yo kui sing diapresiasi masyarakat , sing disenengi rakyat lan sing dipercaya rakyat , ayo berkompetisi , ora sah ngambekan, jare Arib tegas banget.

Pengamat Politik  DR sunardi  , melu prihatin kondisi Perang pengaruh internal Demokrat Pacitan  ana dapil 6 ( Tulakan Kebonagung) sing cenderung ora sehat.

Sunardi sing uga dosen salah siji Perguruan tinggi Jember Iku pancen ngakoni , saben saben pemilu pasti srempetan antar konco ning lapangan .

Dosen Imu politik iku nyaran ake Ketua DPC turun tangan , ojo malah meneng wae, seolah menikmati suasana.
Sunardi  ngakoni , beban pikiran Bupati Aji Pemilu tahun 2024 pancen abot banget.

BEBEK ,, SIENJAHE,  khas Pacitan GURIH DAN  NIKMAT .

Sebagai Bupati Pacitan , sekaligus sebagai Ketua DPC Partai Demokrat Pacitan  Indrata Nur Bayu Aji kudu sukses :
1.
Partai Demokrat Pacitan perolehan suara pemilu 2024 kudu meningkat.
2.
Menjaga Suara Ibas ora mudun, yen iso kudu tambah , merga sing dAdi bupati dekne.
3.
Indra sing tiba kang mas'e Aji ,  kudu gol dadi DPRD Propinsi  Jatim merga entuk nomor urut 1.
Perlu dimangerteni indra entuk nomer urut 1 dinilai penuh kontroversi.
Sayang secara pribadi , Indrata NBA ora isa mudun langsung ajak ajak warga nyoblos personal tertentu  , merga jabatan kepala daerah kudu netral.

Akhir'e gelem ora gelem, beban abot iki maeng  kudu dipikul Arif Setyo Budi sing nota bene sebagai Sekretaris DPC Partai Demokrat Pacitan.

Yo muk sayang..!   kiprah ning lapangan, Tokoh sing dadi andalan Bupati Aji iku  dinilai kobras kabrus, sing nyebabke kondisi dapil 6 kurang kondusif , yo nek nambah kursi saka 4 nyang 5 misale , mungkin strategi Arif Setyo Budi kabeh ngacungi jempol, 

TAPI yen  nganti ora nambah kursi , lumrah yen Tokoh sing digadang gadang dadi ketua DPRD Pacitan iku bakal blunder , jare dosen sing duwe bojo asli Pacitan iki...( Gustik)

 
















Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done