PEJABAT PACITAN DINILAI DISKRIMINATIF..YEN LAVANI MAIN GEMBRUDUK PIRANG PIRANG BIS..TAPI PORPROF... SEJIMAT ORA ENEK SING NONGOL...PARAH..!
Pacitan Ppos 16.09.023.
Perilaku warga lan Pejabat Pacitan,terkait olah raga, pancen angel digunggung lan ditebak.
Malah Isa diarani , sing peduli olah raga muk siji loro, tapi sing ora seneng olah raga persasat meh kabeh.
Kui didelok saka sikap cuek , Pejabat Pemkab Pacitan menyang Atlit Atlit Pacitan sing lagi bar tanding ana event Porprov 2023 utawa event bergengsi liyane .
Tapi sing aneh , wektu Lavani main , mbuh final apa ora , kabeh pegawai lan pejabat gembrudug nonton langsung nganti pirang pirang bis.
Padahal nek digagas gagas , atlit Bola Volly Lavani milik klub sing ora ngatas namakne Kabupaten Pacitan , sekalipun pemilik klub SBY sing nota bene Asli wong Pacitan.
Miturut Sugiharto warga lan pejabat Koni Pacitan, sah sah wae pada gembrudug ndelok Lavani main , tapi mbok sing imbang , Atlit Atlit Pacitan gawa jeneng apik Pacitan lho yo, ora muk Lavani tok , jare Sugiharto mbedegel.
Ketidak pedulian Pejabat Pacitan atas prestasi Atlit sing berlaga ana Porprov , uga disuarakne sebagian atlit sing melu tanding ana gelaran Porprov Jatim VIII tahun 2023 , kulo pun berjuang pados medali Emas, eh giliran bade naik podium mboten wonten sing dampingi .
Untung wonten setunggaling warga Pacitan ingkang kerjo wonten mriki , gek kulo saut mawon , kulo ken ngancani Foto, jare Atlit sing wanti wanti ora gelem disebut jenenge , ampun dimuat mas kulo mengke dipanggil bos kulo...diseneni..malah.
Perlu dimangerteni , pancen ana gelaran Porprov Jatim tahun 2023 , pejabat sing raketok nonton utawa menehi semangat tanding ,muk pejabat Pacitan.
Bahkan saben saben acara Pembukaan Porprov Jatim digelar , persasat meh kabeh Bupati se Jatim teka , tapi Bupati Pacitan lan Pejabat liyane , justru akeh ora rawuhe...he..he...( tik)