PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 21 Januari 2024

TOKO KOBOL KOBOL KENTEK'AN AMPLOP...MAYORITAS DITUKU CALEG

TOKO KOBOL KOBOL KENTEK'AN AMPLOP...MAYORITAS DITUKU CALEG


Pacitan Ppos.20.01.024.
Pemilu tahun 2024 ternyata gawe rejekine toko sing dodol amplop,ananging dadi susahe bakul kaos lan gendera/ umbul umbul.

Koyo sing dicritakne  Pegawai toko gede ning jl Ahmat Yani Pacitan , biasane muk order amplop saka sales 100 kotak , ananging iki wis 500 kotak 3 dina amblas mas , jare marsiah lugu.

Miturut marsiah , peningkatan pembelian amplop kinten kinten nembe kalih wulan, masiha sakdurunge wis terjadi peningkatan,umume utusan anggota  DPRD Pacitan sing paking kerep tuku amplop.

Peningkatan penjualan amplop,ora muk toko gede Pacitan , toko cilik cilik ana daerah kecamatan uga laris manis, koyo sing dicritakne yuni warga tulakan.

Jare Yuni , sewulan iki lehku blanja amplop ket Luwes akeh banget mas, lipat ping lima , biasane aku muk cepak 5  kotak  tapi iki tak cepak'i  30 kotal ,imbuh Yuni.

Perlu dimangerteni , usum pemilu tahun 2024 ,  umume Para Caleg adum duit menyang  masyarakat , mbuh duit bantuan sarana prasarana, utawa duit sing populer duit transport.

Mungkin muk caleg genep genep,  sing ora tuku amplop, merga ora melu nyebar duit , ditambah  krasa yen ora bakal dipilih .
Nyebar duitpun yen ora ngati ati , bakal digaglak kalamangsa sing arupa menungsa.

Sekedar informasi, dana macung dadi caleg DPRD Pacitan,  aja dikira muk sekedar entek atusan juta , tapi menurut ( BG) Tahun 2019 wae entek,'e duit kurang luwih 1.1 Milyar , yen muk duwe duit 600 juta mending rasah nyaleg,percuma jare ( BG) mesam mesem.

Sementara Bawaslu Pacitan , tetep bakal.menehi sanksi abot kanggo caleg sing konangan tuku suara, tak bablasne mas yen konangan srana bukti valid.

Pejual suara dan pembeli suara, kabeh perusak demokrasi , mula aku pesen kabeh warga kudu duwe kesadaran , aja gara gara duit seketip tapi sengsara limang tahun, tegas samsul...( Tim)











Kamis, 18 Januari 2024

KAMPANYE AKBAR KOYO KOYO WIS RAUSUM....BAKUL KAOS LAN GENDERA muk ' ..PLEMBAAANG..PLEMBUUUNG...

KAMPANYE AKBAR KOYO KOYO WIS RAUSUM....BAKUL KAOS LAN GENDERA muk ' ..PLEMBAAANG..PLEMBUUUNG...


Pacitan Post.19/01/024.
Jaman Orde Baru, sing jenenge kampanye akbar ngidap idapi , minimal Artis Nasional , ditekakne menyang Pacitan.

Biasane sing isa nekakne Artis Nasional , muk  Golkar (Golongan Karya)  sing terkenal nomor  urut 2 lan sragam identik werna kuning.

Jaman Reformasi kampanye akbar isih enek , bahkan meh kabeh partai peserta pemilu isa ngenekne kampanye Akbar.

Ananging jaman saiki  (Pemilu 2024), kampanye akbar koyo koyo wis ora enek/ora usim,  umpomo toh enek kwalitas lan tampilan kampanye akbar wis beda adoh koyo ndisik.

salah satu fasilitas RM Tirta Wening Mentoro.

Didelok saka sragam peserta arak arak'an /konvoi , peserta arak arak'an klambine pating cloneh , ora enek kaos dum duman saka Partai sing ngenekne kampanye akbar.

Mula aja kaget ,yen Kampanye Partai Demokrat ana Pacitan wingi , peserta kampanye klambine uga pating cloneh, alias ora entuk sragam.

Miturut Rudi Hartoyo politikus Partai Hanura iki  omong, Kampanye akbar dinilai ora effektif , muk sekedar buang buang duit,sasaran suara ora signitifkan, merga sing melu kampanye akbar rara rata campuran , sing penting melu konvoi lan isa ndelok ndandut karo igul igul joget.

Nganti berita iki ditulis , Partai gede liyane, koyo to  Partai Golkar , PDIP lan PKB, Media urung krungu,  yen bakal ngenekne kampanye akbar.

Soal gendera  lan atribut Partai, nganti berita iki ditulis  , muk Partai Demokrat ,Golkar lan PDIP sing isik gelem pasang gendera masiha urung akeh.

mangan lesehan sik , tempate apik lan resik ,  muk onok ning Tirta Wening Mentoro Pacitan.

Sing repot muk siji, kabeh pengusaha sablon, konfeksi, pengusaha kain, kabeh bubruk ora enek pesenan , beda adoh karo ndsik .
Tiwas lehku kulak  bahan bener , tak getne jebul wong pesen muk siji loro, jare Prayit guya guyu kecut...( Tim)





KDRT BOJO LAN ANAK KAJARI PACITAN TEGAS ..SIKAT..

KDRT BOJO LAN ANAK KAJARI PACITAN TEGAS ..SIKAT..


Pacitan 18.01.024.
Kepala Kejaksaan Negeri Pacitan Eri Yudianto , bakal bersikap tegas marang pelanggaran pidana arupa KDRT Ibu lan anak.

Ibu lan Anak aset masa depan sebuah bangsa, keselamatane kudu terjamin , sapa sing nglarani secara fisik , Kejaksaan Negeri Pacitan ora bakal kompromi , tulung kabeh wartawan nginformasikan, yen enek KDRT sing nglibatke Ibu lan anak dilaporne  marang penegak hukum, Kepolisian lan Kejaksaan.

Tekad Kajari Pacitan iki maeng , disampekne  menyang kabeh Forkompinda Pacitan lan kabeh Wartawan ,disela perkenalan  singkat Kajari ana acara 
Silaturahim Forkompinda lan Wartawan Pacitan ana Aula Kodik 0801 Pacitan kamis (18/01).

Kajari Pacitan Eri Yudianto bakal sikat Pelanggaran Pidana KDRT ibu dan anak.

Perlu dimangerteni , maeng esuk ( 18/01) ana Aula Kodim 0801 Pacitan , dienekne kegiatan Silaturahim Forkopimda Pacitan lan awak media  sing diinisiasi Dandim Pacitan Letkol Inf Roliyanto S.I.P.MIT.

Tujuan Dandim 0801 Pacitan ngenekne silaturahim  karo Wartwan , ora ana maneh, kecuali koordinasi jelang Pemilu tahun 2024.

Miturut Dandim kelahiran Bangka Belitung sing duwe bojo dokter anak iki, omong yen Koordinasi lintas element perlu digalakne , aku yakin lan Percaya yen Pacitan wis aman lan kondusif ,  ananging sing jenenge gangguan keamanan iku sak wayah wayah lan ora terduga,tegas Dandim.

Dandim 0801 Pacitan Letkol Inf Roliyanto.S.I.P. M.I.T saat menehi sambutan Ana silaturahmi karo awak media.

Sementara Perwakilan Wartawan Pacitan, Agus TV One, ana sambutan singkate ,, omong,, acara silaturahim perlu dienekne saben Forkompimda , klebu Kejaksaan lan Pengadilan, minimal ben saling kenal, 
dina iki Dandim Pacitan , sesuk giliran Kejaksaan Negeri Pacitan, terang Agus Guyon.

Acara tatap muka lan Silaturahim Forkompimda lan Wartawan , ditekani Bupati sing diwakili Staf Ahli Masrukin , Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono , Waka Polres Pacitan Pujiono, Kepala Kejaksaan Pacitan Hendry Antono lan Ketua Pengadilan Negeri Pacitan...( Tim)














Rabu, 17 Januari 2024

SEGANTEN PACITAN  BILIH TLATEN SAGET NDAMEL SEJAHTERANIPUN NELAYAN SAK LAMI LAMINIPUN.

SEGANTEN PACITAN BILIH TLATEN SAGET NDAMEL SEJAHTERANIPUN NELAYAN SAK LAMI LAMINIPUN.


Pacitan Post.17.01.024.
( edisi Jawa Krama Inggil)

Kitha Pacitan , kajawi papan ipun pegunungan , ugi dipun klilingi seganten  wiyar , ingkang dawanipun  kinten kinten ( 70 Km ) milai saking daerah Kecamatan Donorojo ngantos dumugi Kecamatan Sudulimoro Pacitan.

Pramilo menika , sebagian rakyat Pacitan ingkang sisih kidul  ( pesisir)  pendemalanipun inggih punika Nelayan.

Miturut Kepala Dinas Perikanan Pacitan Bambang Mahendra , sejatosipun potensi seganten (laut)  Pacitan  menika dipun kelola ingkang saestu saestu , masyarakat pesisir Pacitan  mboten bakal kekirangan sandang lan  pangan sak lami laminipun .

Ulam kados layur , Kelong , Tengiri , Salmon, Dorang ngantos Lobster , sedanten wonten ing papan Pacitan lan saget dipun panen saben dintenipun.

Bapa Bambang Mahendra Kadinas Perikanan Pacitan nyukani sesuluh dumateng 2 Mahasiswi UNS ingkang nembe tugas PPL.

Ananging sedanten kala wau, tergantung masyarakat nelayan Pacitan piyambak , Dinas Perikanan Pacitan namung kejibah  elik elik , membina lan  ugi ngarahaken para Nelayan amrih sedayanipun sae.

Dinas Perikanan Pacitan , Dinas Perikanan Prpvinsi lan ugi Dinas Kelautan Pusat asring sanget nyukani bantuan arupi jaring.pancing , peralatan navigasi , peralatan keselamatan kerja bahkan ugi arupi bantuan kapal ingkang rade ageng.

Sayangipun karakter nelayan Pacitan taksih tradisional , dereng purun dipun tuntun tuntun kados Nelayan ageng njaban kitha ( luar kota ) ingkang sakniki dados mayority inkang menguasai Pelabuhan Tamperan Pacitan.

Informasi valid saking Dinas Perikanan Pacitan , kajawi ulam ulam ingkang dipun sade wonten peken peken tradisional , Potensi laut Pacitan wonten destinasi sanesipun , klebet terumbu karang , area penyelaman , biota laut , motula lan sanes sanesipun.

Program tahun 2024 , kangge genjot pendapatan Nelayan Pacitan,Dinas Perikanan Pacitan bade galak aken produksi Pengolahan ikan skala kecil ugi menengah .

Kangge mujud aken Pabrik Pengolahan ikan milai tahun 2024, Dinas Perikanan Pacitan bade pados investor njaban kitha ingkang purun ndamel Pabrik Pengolahan ikan wonten Pacitan.

Ananging perlu dipun mangertosi, sejatosipun kajawi ulam ulam menika dipun sade wonten pasar pasar Tradisional , sampun katah jenis ulam ingkang rutin dipun eksport , kAdos Layur , Lobster lan sanes sanesipun ipun...( Tim)








Senin, 15 Januari 2024

ANGEL TUTURANE : WEGAH GAWE PELAMPUNG NELAYAN PLANG PLUNG KECEGUR LAUT.

ANGEL TUTURANE : WEGAH GAWE PELAMPUNG NELAYAN PLANG PLUNG KECEGUR LAUT.


Pacitan Ppos.14.01.024.
Ngandani Nelayan Pacitan Pancen kudu duwe jurus  khusus , yo kui jurus tlaten , sabar  tapi uga diperlokne jurus tegas.

Sebab karakter wong pesisir sing identik dadi ,, Nelayan Tradisional ,,   pancen beda karakter  karo penduduk perkotaan  utawa pedesaan / pegunungan .

Wong pesisir tanpa kecuali wong pacitan  , rata rata ditempa urip abot lan keras , sebab saben dina ,, saban sabanane' ,, segara golek pangupa jiwa.

Ananging sayang ' Nelayan Pacitan  sing saben dina toh nyawa ,  ora duwe kedisiplinan , utamane  bab pemenuhan keselamatan nelayan.

Contone bab kewajiban penggunaan pelampung saat melaut  ,  himbauan sing wis bola bali di saranke '  marang berbagai pihak , babar blas ora nate digembes.

Akibate ' , Nelayan Tradisional Pacitan sing  bola bali kecelakaan laut , rata rata nelayan Pacitan  saat melaut ora nganggo pelampung, akhire  sing akeh mati merga ora iso nglangi.

Arep mangan bebek sinjay , golek'o panggon sing nyaman lan enak , ketemune ana komplek Tirto Wening Mentoro.

Koyo kecelakaan laut sore wingi (14/01) , korban sing jenenge Subandi (42) mati klelep ning segara sing diduga, kegulung ombak saat korban njala iwak ana pantai Pancer Door.

Informasi ,  sing mlebu Redaksi Ppos , Korban Subandi,  budal njala iwak sekitar jam 16.00 wib, konon  prahu sing di tumpangi  Subandi  minggir karepe  dewe  menyang tepian  Pantai Pancer Door tanpa ana nahkoda'e.
Dimungkinke' Korban  saat keterjang ombak gede , ora nganggo pelampung.

Saksi  Agus  uga omong , pancen rata rata nelayan Pacitan yen melaut/njaring  babar blas ora  nate gelem nganggo Pelampung ,suker , ribet jare agus gligak gligik

Pilih Lesehan sing nyaman ,,golek'o panggon sing enak,Tirta Wilening Mentoro.

Sementara Kepala Dinas Peternakan/Perikanan Pacitan Bambang Mahendra , njaluk marang kabeh Nelayan Pacitan  mematuhi prosedur keselamatan Pelayaran.

Sakjane yo wis rakurang kurang lehku ngandani menyang Nelayan, wajib nganggo pelampung yen golek iwak ana tengah segara , ananging yo kui maeng , nelayan tetep pede ora nganggo pelampung , jare Bambang kesel.

Perlu dimangerteni , Perlengkapan baku nelayan. , salah sijine keWajiban kudu nganggo Pelampung .
Sayang kabeh nelayan sing mati kegulung ombak,  rata rata ora nganggo pelampung..angel..angel ( tik)














Rabu, 10 Januari 2024

WARTAWAN DANGDUTAN INDRA UJUG UJUG MENGGOK MELU JOGET.

WARTAWAN DANGDUTAN INDRA UJUG UJUG MENGGOK MELU JOGET.


Pacitan Post.10.01.024.
Forum Pewarta Pacitan ( FPPA) bengi iki (10/01) ngenekne acara Launching ,, Dodol Bakso,, ana Bale' Wartawan Rumpin Pacitan.

Miturut Ketua FPPA Agus Setyo Wibowo  , Stand Bakso sing papane  ana Bale' Wartawan ( Rumpin ) tujuane kanggo sarana kumpul bareng anggota FPPA , minimal kanggo adum informasi terkait  jurnalistik.

Indra Widya Agustina ujug ujug nimbrung melu joget ana bale wartawan.

Acara  launching ketok semarak, merga ngundang group musik dangdut koplo , sing bengi iki tampil apik ,  ketok regeng  merga  wartawan  akeh sing joget .

Ora ngira babar blas , merga alunan musik dangdut ketok rame , mancing wong sing liwat ngarep bale Wartawan , klebu Calon Legeslatif Provinsi Jatim Indra Widya agustina / mas Indra.

Kakak kandung Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji iku  ujug ujug ,,  menggok mak kluwer ,, menyang bale wartawan langsung melu nyanyi lan  joget bareng cah cah media.

Wartawan sing ora isa joget pilih klesotan ana emperan bale'.

Mas Indra omong , aku kimaeng ora sengaja mampir , bar sosialisasi saka wilayah krasa kluwen , enek stand bakso anyar,  gek aku menggok spontan , melu joget pisan, jare Indra guya guyu.

Perlu dimangerteni , Bale' Wartawan pancen sering banget kanggo nongkrong tokoh tokoh Pacitan , enek politisi , Anggota Dewan , pegawai , pengusaha , lan tokoh tokoh liya.

Ketua FPPA Agus S.Wibowo & Indra W.Agustina  asyik joget dlm acara Launching Dodol Bakso.

Opo meneh ana sekitar Bale Wartawan, akeh  Pengusaha kuliner ,  bakul kopi , kafe / Resto , Warteg  lan UKM  liya liyane.

Jare  Agus Widodo , Kades daerah etan iku sempat memuji ,  Ngobrol karo wartawan  ,, pancen beda karo ngobrol liyo liyane ....asik banget ..( gustik)

BEBEK SINJAY GUSTIK ENAK'E ORA MEKAKAT.....







Senin, 08 Januari 2024

TURMUDI APRESIASI MAHASISWI UNS BLAJAR JURNALISTIK BAHASA JAWA TERKAIT  POTENSI WISATA.

TURMUDI APRESIASI MAHASISWI UNS BLAJAR JURNALISTIK BAHASA JAWA TERKAIT POTENSI WISATA.


Pacitan Post 08.01.024.
Kepala Dinas  Kebudayaan ,Parwisata lan Olah Raga Pacitan Turmudi S.Sos MM,  maeng awan ( 08/01) nampa Mahasiswa UNS  blajar Jurnalistik bahasa Jawa.

Tema sing ditakokne mahasiswa UNS menyang Turmudi , terkait obyek Wisata  ana Pacitan , khususe  momen Nataru tahun 2023.

Mahasiswi UNS sing aslinye uga Pacitan , ditampa langsung Turnudi ana ruang Kepala Dinas   didampingi para staff.

Kadisbudpora Pacitan Turmudi nampa Mahasiswa  UNS Solo sing lagi PPL ana Pacitan.

Miturut  tokoh Arjosari sing uga sobat karib Bupati Pacitan , rumangsa bangga,  enek generasi muda Pacitan gelem kuliah jurusan bahasa Jawa , padahal rata rata,  jurusan iku ora menarik karo mahasiswa liya, tapi mbak Wintang lan mbak Laily iki malah   milih jurusan bahasa jawa  , aku salut tenan  ...sukses ya mbak ,tegas Turmudi.

Turmudi tambah  apresiasi marang Mahasiswi UNS Surakarta ,,sebab,,  obyek sing ditakokne sebagai bahan Jurnalistik yo kui bab Potensi Pariwisata Pacitan, khususe  rikala perayaan Nataru.

Dibantu staff Disbudpora Pacitan , Kadisbudpora Turmudi ,, njelasake,, yen selama libur Nataru kondisi lancar lan aman, obyek paling okeh dikunjungi Obyek Wisata Pantai Klayar, makluk akses jalan wis amba , bis gede' kabeh isa mlebu.

Terkait target perolehan income , isa diarani biasa, urung booming banget , minimal meh pada tahun ndisik 9 M.

Mahasiswi  UNS , sing ternyata sak almamater karo bu Bupati Pacitan , Ny Evi Indrata Nur Bayu Aji iki , ternyata uga takon bab preoritas pembangunan Obyek Wisata lanjutan, dijawab Staff Disparbudpora , kabeh dipreoritaske mbak..( Wintang/Lelly , Mahasiswa PPL UNS Solo)






Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done