PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 01 Agustus 2024

Ngipi : GAGARIN Gelut Fisik Vs  WIWIT BAGONG...Peh Seruu !

Ngipi : GAGARIN Gelut Fisik Vs WIWIT BAGONG...Peh Seruu !

Pacitan Pos.01.08.024.
Kedadean lucu...!
Sak durunge pengurus  FPPA,  ketemuan resmi karo managemet  RSD dr Darsono Pacitan, wis koyo biasane, wartawan ngobrol disik ngalor-ngidul.

Ananging ana tengah obrolan, salah sijining wartawan sing jeneng inisiale (AP) omong yen mambengi ngipi Cawabub Wiwit Bagong gelut seru karo Wabub Gagarin.

Urung bar ale crito  wartawan (P) Wartawan  (Y) nyaut  omongan, yen mambengi yo ngipi Gagarin gelut karo Wiwit Bagong soal sepele, yo kui soal tumpeng larung sesaji malam tanggal siji sura.

Wartawan ( Y ) bahkan ngipine luwih detail, Gagarin sing nganggo klambi Warok ireng ireng, arep njupuk tumpeng sesaji sing arep dicemplungke laut, tapi ujug ujug Wiwit Bagong ngrebut tumpeng sing wis digawa Gagarin.

Tanpa basa basi, Gagarin sing duwe awak gede duwur koyo werkudara ngamuk sak kal, Wiwit Bagong dicengkiwing dilanjut gelut ana suketan, bar kui wartawan (A) kaget jawane arep melu misah, jebul muk ngipi. 

Wartawan Danur sing dicritani ngipine Wartawan (AP) dadi guyu kepingkel-pingkel,  sekaligus kaget kok ngipine wartawan loro pada, senajan critane beda.

Danur sing ana kepengurusan  FPPA kedapuk Penasehat, langsung ngramal yen iki dina DPP Demokrat lagi bingung,  milih Wabub Gagarin opo Wiwit BG.


Silaturahim Pengurus FPPA dengan Management RSD dr Darsono Pacitan di RM Tirto Wening Mentoro.

Pancen ngipine wartawan loro sing kebetulan pada, kaya-kaya  nyedak'i bener yen didelok saka situasi Politik Internal Partai Demokrat, kanggo Posisi Wabub DPP PD, nimbang penilaian  antara Gagarin lan Wiwit Bagong, tenan orane waktu sing membuktikan.

Sementara iku, terkait acara Pengurus FPPA sing lagi ngenekne silaturahim karo Management  RSUD dr Darsono Pacitan ana Warung Bebek Sinjay Mentoro,  nglairke bentuk kerjasama sing erat, yo kui bab informasi lan komunikasi.

Managemen RSD dr Darsono Pacitan, sing dipimpin langsung, Direktur Rumah Sakit dr Iman Darmawan didampingi Kepala TU dr Johan Tri Putranto lan pengurus teras RSUD liyane.

Pihak RSUD dr Darsono Pacitan, njaluk tulung marang kabeh  konco wartawan, ojo segan segan menehi kritik lan saran menyang RSD sing nganti dina iki isih mlebu Rumah Sakit type C (gemuk).

dr Iman menehi alesan,  yen munggah pangkat type C Rumah Sakit kita pancen abot, tapi ijik berusaha naik kelas, utamane nambah dokter spesialis urologi lan dokter  spesialis spesialis liyane.

Terkait antri jupuk obat kesuwen, pihak rumah sakit sing diwakili Bos Madu HD Asih, ngracik obat sing jumlah pasien sekitar 500, pancen kudu ngati ngati, merga jenis obat ora mung jenis kapsul utawa tablet, tapi enek obat sing diracik utawa digerus dadi memang rada suwi.

Ananging Asih nambah ake, kanggo solusi transfer obat ben cepet, pihak RSD Darsono bekerjasama karo jasa kurir sing ongkose adoh cedak kurang luwih 16.000 rupiah, tegas Asih.

Sementara, Ka TU RSUD dr Darsono sing terkenal cedak karo Wartawan dr Djohan Tri Putranto, nambah ake yen RSUD dr Darsono mulai tahun 2027,  bakal ketambahan dokter Spesialis Urologi lan spesialis penting liyane, calon dokter sing rata rata putra daerah iku saiki jik pada kuliah, imbuh  dokter  sing kabar manuk  calon Kepala Dinas utawa Direktur Rumah Sakit.

Kabeh penjelasan teknis lan medis  saka management RSUD dr Darsono Pacitan, gawe kepuasan tersendiri kabeh Pengurus FPPA Pacitan, malah ana akhir acara management RSUD dr Darsono, entuk pujian saka "Wartawan" senior Purwo saka (RSP/Detik.Com). (Tim )










Rabu, 31 Juli 2024

Murid Do Nakal Merga Guru Wedi Dilokne Langgar Ham, Ati-ati Kenal Seks saka SMP

Murid Do Nakal Merga Guru Wedi Dilokne Langgar Ham, Ati-ati Kenal Seks saka SMP


Kadis Pendidikan Pacitan Ir Budiyanto MM sepakat dengan Ketua FPPA Sutikno untuk saling dukung mutu pendidikan.

Pacitan Pos.31.07.024.
Dalam rangka peningkatan mutu pendidikan  bermartabat , Kepala Dinas Pendidikan Pacitan Ir Budiyanto MM  ,, sepakat ,, bangun kerja sama informasi karo Forum Wartawan Pacitan ( FPPA).

Menurut Mantan Kadis  PUPR Pacitan Ir Budiyanto , kerjasama Informasi kudu dibangun marang semua pihak,  sepanjang informasi  bermuara kebaikan.

Budiyanto menyadari , era  serba global ,  kepampuan insan Pendidikan sangat  terbatas , mulo bersinergi  marang konco Media tepat banget , pasale sifat kerja Media  ,, duwe  kemampuan (mata elang lebih ) sing ora diduweni pegawai liyo , tegas Budi.

Pendidik  berbuat ala , wartawan wis ngerti disik , murid nakal  wartawan wis ngerti disik , penyelewengan oknum wartawan uga wis ngerti disik.
Mulo kerjasama pengelolaan informasi dinas pendidikan karo FPPA/ Pewarta ,  nguntung ake  insan pendidikan sing jumlah lan langkahe terbatas, imbuh Budi.

Sementara ketua FPPA Sutikno   sadar.! jumlah guru terbatas , beban pekerjaan meningkat , problema  siswa macem macem  , ditambah  pengaruh  eksternal berbasis digital sing Saiki dadi momok pendidik.


Akeh siswa sing  seneng gelut   akibat niru kekerasan ana HP , Akeh siswi meteng disik akibat pengaruh nyekel HP , lan liyo liyane sing acap kali gawe pusing pendidik.

Sing repot   imbuh Sutikno , 'arep menehi sangsi guru  ora wani , njiwit ora wani ,  gelokne  siswa pun guru ora wani   ,  sebab Kabeh muk mengindari tudingan pelanggaran Ham sing acapkali terjadi.

Kesimpulane ' kerjasama antara pendidik lan media perlu dipererat , wartawan  arep menehi info ora sungkan ,  guru AREP njaluk info Yo rasungkan , sing penting Kabeh saling membutuhkan...( Tik)















BUPATI : SING PENTING ENEK DANGDUT'e PENGUKUHAN FPPA SUK!

BUPATI : SING PENTING ENEK DANGDUT'e PENGUKUHAN FPPA SUK!


Bupati Pacitan KRT Indrata Nur Bayu Aji wawancara dengan TVRI JawaTimur siap mengukuhkan pengurus  FPPA Pacitan Periode tahun 2024-2026 .

Pacitan Post.31.07.024.
Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , njaluk gek ndang  segera  , Pengurus anyar Forum Pewarta  Pacitan ( FPPA)  tahun periode 2924-2026 di kukuhne.

Jare Bupati!..
Arep ning pendopo utawa ning halking Bupati siap , sing penting enek dangdut'e , imbuh Bupati ambi guya guyu.

FPPA Pacitan !  sing dipimpin Gustik saka media Pacitan Post , bertandang  menyang kantor Bupati bareng 5 pengurus. FPPA. sing tujuan pokok'e silaturahim.

Ananging jenenge' wartawan , mumpung ketemu Bupati akeh pitakonan marang beliau , utamane terkait penggunaan Dana Pers sing  dianggep kurang transparan.

Vokalis Pacitan Muh Saptono Nugroho , nganggep selama iki penggunaan dana Pers urung transparan lan urung sesuai mekanisme sing berlaku.

Sementara Bupati Pacitan KRT.Indrata Nur Bayu Aji , entuk pertanyaan ndadak saka Saptono , janji bakal tekok marang DinS Kominfo sing ( mengelola ) penggunaan dana Pers, yo wis  mas engko tak tekokne kominfo pak , Jawab Bupati santai.

Sing menarik Pernyataan Bupati terkait , jelang HUT RI ke 79 , bakal ditekani mantan Presiden RI ke enam Susilo Bambang Yudhoyono , INFONE arep gawa sekitar 300 Alumni , Akademi Militer tahun angkatan SBY.

Insya Allah 300 tokoh sing rata rata Jendral TNI ,  bakal melu upacara agustusan ana Lapangan Pendopo Pemkab Pacitan , imbuh Bupati Aji sing duwe gelar kraton KRT ( Kanjeng Raden Tumenggung).


Perlu dmangerteni , Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji iki dina, kejaba tepot marang tugas tugas pemerintahan , uga  disibukne tugas kepartaian sing kebetulan arep pilkada serentak 27 Nopember 2024.

Bupati ngakoni , pikirane urung pati tentrem merga Surat  Rekomendasi Pilkada Pacitan, khusus Partai Demokrat sesuai tradisi yen mudun menjelang hari akhir pendaftaran Bupati/Wakil Bupati ..( gustik)

















Selasa, 30 Juli 2024

DIPARANI NING KOST, GADIS 17 TAHUN  DIBEKEKEK  NING PAGER JOINANGUN

DIPARANI NING KOST, GADIS 17 TAHUN DIBEKEKEK NING PAGER JOINANGUN

Konferensi Pers kasus Perkosaan Karyawan swasta di Dusun Pager Arjowinangun.

Pacitan Post 30-07-024.
Pancen mengendalikan ,, sotong,, yen wis muntlup- muntlup, kanggone wong sing bejat morale'  pancen  angel tenan.

Terbukti Asrul Anwar, pemuda saka Desa Punjung Kecamatan Kebonagung Kabupaten Pacitan, lagi kenal sedilit! bocah wedok mlenis sing keetung ijik dibawah umur , Asrul nekat memperkosa.

Lokasi pemerkosaan tersangka Asrul, ana Dusun Pager Desa Arjowinangun Kecamatan Pacitan,  dina Jumat - tanggal 19 -07-2024 sekitar bar magrib ( jam 18.30 Wib).

Menurut Kapolres Pacitan, AKBP. Agung Nugroho, tersangka Asrul (19) pancen awale' duwe rasa seneng marang korban ITN ( 17) , lan  diduga merga senenge'  Asrul klewat batas  lan  ora Isa ngontrol nafsu birahine', akhire terjadi pemaksaan.

Kronologi...!
Korban ITN  sing kebetulan ana njero kamar, jarene'  ujug ujug  Asrul nylonong mlebu omah  lan langsung mlebu kamar.

Pengakuan korban,   Asrul  jarene' bola-bali ngrayu ajak ..nano...nano.. tapi ditolak mentah-mentah korban. 
Akhire tersangka Asrul  nekat langsun mbekekek korban , sikil  korban dijepit antar sikil  , tangan  korban loro karo dibekuk lan ditindih, ..akhire.' ..bles....bles... kenek tenan! 

Tapi naas  ! bar nglakoni aksi bejat, tersangka Asrul ora gek lungo utawa mulih, tapi malah turonan ning kamar bareng, ndlalah  ora let suwe kangmase korban  teka , karepe  muk arep sekedar numpang adus ning kos-kosan adine ana Pager Joinangun.

Mungkin merga ketok sepi pintu kos didodok , tapi di dodok dodok pintu ora dibuka, merasa curiga mase korban  berupaya ngindik ana celah-celah kunci pintu kamar.

Alhasil ternyata ana njero kamar enek wong lanang ,, klemahan ,,  ana njero kamar, penasaran kang mase korban ngancam bakal lapor Polisi, mungkin merga keweden akhire pintune dibuka.

Buru buru korban ngaku bar diperkosa Asrul secara paksa,  saksi  sing asale saka Desa Candi, Kecamatan Pringkuk krungu pengakuan adik'e diperkosa langsung tersangka asal  Desa Punjun iku  dilaporke Perangkat lan Polisi lan langsung dikeler menyang Polres Pacitan.

Sing dadi pertanyaan warga lingkungan, Iki diperkosa opo pancen seneng-karo seneng, mengingat saat dibekekek (dilumahne paksa) ora ana tanda-tanda gaduh.

Opo meneh dengan (santai)  bar ngrudo peksa korban , tersangka Asrul ora gek mlayu utawa mulih, tapi malah klemahan ana kasur, tur bar kui korban (ITN), yo ora bengak-bengok.

Ananging merga korban ngaku dipeksa saat berhubungan, Polisi Polres Pacitan tetep mengenakan pasal perkosaan anak di bawah umur, merga korban ijik umur 17 tahun.

Polisi bakal njerat tersangka Asrul Anwar Karo Pasal 81 UU RI NOMOR 17 TAHUN 2016 tentang penetapan peraturan pengganti Undang Undang RI  nomor 1 tahun 2016, tentang perubahan kedua Undang Undang RI tahun 2003, tentang perlindungan anak menjadi undang-undang.

Pelaku mulai wingi wis ditahan kurang luwih rong puluh dina kedepan ana tahanan Polres Pacitan. Kemungkinan tersangka asal Punjung Iki bakal kenek ancaman hukuman paling suwi 15 tahun. (Tim)














Minggu, 28 Juli 2024

SUSILO : PETARUNG sing  KALAH TARUNG lawan HUKUM INDONESIA

SUSILO : PETARUNG sing KALAH TARUNG lawan HUKUM INDONESIA

Mungkin sosialita ning Indonesia kon nglakoni nulung wong mlarat,wong lara ,wong mati ora enek sing isa kaya SUSILO.

Pacitan : 29.07.024.
Langkah Susilo ,  saben dina ngrukuni wong cacat,wong mlarat , wong lara bahkan wong edan patut diacungi jempol.

Mungkin golek tokoh sing kaya Susilo  jaman saiki rada kangelan , gelem ngedusi wong edan , gelem gendong wong lara tengah wengi , gelem menehi beras wong ra isa mangan , gelem ngrukuni wong mati merga raduwe sanang kadang lan aksi sosial  liyo liyane.

Merga saking peduli marang kesengsaran wong liya ,  Susila nganti lali golek pangan , baka setitik banda keluargane dijupuk kanggo ngrukuni wong mlarat lang wong lara.

Saking wis rakuat nyangga  dewe , susila ngedegne semacam LSM Sosial sing dijenengke PETARUNG SOSIAL.

Mungkin karepe Susila , kanthi ngedegne LSM Sosial  , karepe ' keruwetane ngewangi wong mlarat , wong lara , wong edan lan wong mati isa direwangi Pemerintah.

Ternyata harapan Susila Zong , Pemerintah duwe pakem dewe , pemerintah duwe mekanisne dewe , ora asal bantu merga enek tahapan sing rada ribet .

Pancen yen ngejibke Pemerintah , wong ora isa mangan dina iki , ora mungkin pemerintah menehi dina iki , wong lara dina iki Pemerintah ora mungkin nulung dina iki , sing akhire penderita akeh sing nekani pati .

Ora menyerah karo ribeting aturan Pemerintah Susila mulai tertarik lan tergoda bisnis jangka pendek , yo kui Investasi sing ditawarke wong liyo.

Mobil mewah kadol , toko kadol , hasil penjualan toko amblas , muk gara gara tergiur investasi bodong sing ditawarke RONDO KEMPLING sing isih keetung tanggane dewe.

Susila tergiur Investasi bodong merga warga liya okeh sing melu , Bojone Polisi Polsek nglorok , PNS nglorok lan warga masyarakat liyane uga melu Invest

Ora nyana ora ngira perjuangan golek duwit kanggo nulung kesengsaran wong liyo justru ajur mumur merga keblegong investasi bodong nganti entek sekitar 500 juta.

Mbuh merga wis kadung judeg, kasus penipuan RONDO KEMPLING dilaporne Pihak Berwajib , sing akhire si Rondo Kempling ditersangkakan lan ditahan.

Cuma sing gumun , Susila sing uga anak tentara lan pengusaha Bus Pacitan Jaya Putra  ( alm Heru PJP) , protes keras marang penegak hukum Pacitan sing dianggep bertele tele lan ora serius nangani kasus Investasi Bodong ana Pacitan.

Bener tersangka pernah ditahan , tapi berkas perkarane janji mlebu kejaksaan ditolak , merga jare kurang lengkap buktine.

Bahkan Susilo tambah judeg merga kanggo nglengkapi berkase , pihak penegak hukum kongkon nekakne Auditor sing jaluk bandrol sekitar 50 juta.

Akhire Susila sing ngibarke bendera PETARUNG SOSIAL rumangsa kalah TARUNG MARANG HUKUM INDONESIA.

Saiki gaman Susila kari siji ,  gawa persoalan ketidak adilan hukum lewat jalur Pusat lan lewat Jalur Langit .

Ngadu menyang Pengurus FPPA sebagai jalur alternatif ,  SUSILA diwejang  marang pengurus FPPA , masiha awakmu berbuat suci lan apik , nggendongi wong lara , ngedusi wong edan lan makani wong mlarat , ojo sekali kali amalmu sucimu bakal diperhatikan lebih.

Reskrim , Kapolres , Jaksa & Hakim muk menungsa biasa sing uga duwe luput / mungkin keadilan  urung wayahe teka menyang awakmu , tapi FPPA yakin suatu saat Keadilan bakal teka ...( bersambung)



Menebak arah Trio!  Budi Sarte'k-Wiwit Bagong & Indartato.

Menebak arah Trio! Budi Sarte'k-Wiwit Bagong & Indartato.

Budhi Sartek.Wiwit Bagong & Jhon Vera dalam sebuah kesempatan.

Pacitan Ppos. 28.07.024.
Mantan Bos Golkar Pacitan , sing pirang pirang dina diberitakne' bangun kekuatan politik enek benere'.

Ananging ,' Kekuatan politik sing dimaksud, ternyata dudu kekuatan politik arep melu nyalonke Bupati/Wakil Bupati Pacitan Pilkada tahun 2024.

Menurut  tokoh sing duwe jeneng asli Ir Efendy  Budi Wirawan iku omong, yen kedekatan dewekne karo pak Wiwit Bagong wis terjalin suwi , seumpama aku dukung pak Rahman pun tak kira sah lan  ora..salah , tegas Budi diplomatis.

mantan Bupati Pacitan Indartato isih dikagumi lan dihormati marang warga Pacitan , klebu Calon Wakil Bupati Pacitan Rahman Wijayanto sing pingin foto cedak pak In.

Mungkin!
Yen pernyataan spontan iku dudu dilontarne  saka Budi Sartek , dianggep biasa wae , ananging gandeng Budi Sartek pernah mimpin DPD Golkar Pacitan 4  periode berturut turut , pernyataan Budi Sartek ngagetne wong sing krungu.

Politisi senior PDI Perjuangan Jhon Vera sing kebetulan saka awal melu nyimak obrolan lan interaksi  antara Wiwit Bagong -  Budi Sartek  , ngaku kaget....wah iki ..iki....arahe wis jelas iki...jare  Jhon Vera guya guyu.

Mantan Anggota DPRD Pacitan tahun 1999- 2004  bahkan sempat  guyon maton ( njaluk ) menyang Budi Sartek Maju  Bupati Pacitan tahun 2029 , ayo pak..sebagian warga  Pacitan wis nunggu suwi  lho, imbuh Jhon serius.

Sementara mantan Bupati Pacitan 2 periode DR. Drs Indartato MM  sing rawuh diderekne dr Warkim , wis koyo biasane gemujeng  ( nggih...nggih..nggih..ngeten ..nggih ) 

Sedang !
Calon Wakil Bupati Pacitan ,  sing teka dikancani Kades Tambak Rejo Winarno , krungu pernyataan kolega lawas Budi Sartek ( sing seolah menehi dukungan )  ketok sumringah , kapan kapan dalem tak sowan nggih pak Budhi , dalem nyuwun suwuk semboripun..jare Bagong ambi gligak gligik sumringah.

Perlu dimangerteni , Pilkada serentak bakal digelar tanggal 27 Nopember 2024 , pilihan Gubernur lan Kepala  Daerah Tingkat 2  bareng dina iku.

Khusus Kabupaten Pacitan , tahapan Pilkada lagi teka sosialisasi Masyarakat terkait simbul / Maskot Pilkada sing dikirab KPU Pacitan tanggal 25 Juli 2024 .

Terkait tokoh sing resmi tarung pilkada Pacitan , nganti dina iki kabeh urung ketok , Jago saka Partai Demokrat sing nyadong Surat Rekomendasi saka DPP enek wong papat ,  Indrata Nur Bayu Aji  ( incumben) Ronny Wahyono ( Ketua DPRD ) Rakhman Wijayanto ( mantan Kades Arjowinangun) M.Thoha ( Mantan Naib).

Sementara Partai diluar Demokrat , kabeh urung duwe sikap sing jelas , utamane Partai Golkar , Gagarin sing diarep arep masyarakat Pacitan  maju  tanding lawan Indrata Nur Bayu Aji , urung kethok arahe .

Bahkan Lancur Susanto ,  Sekretaris DPD Partai Golkar Pacitan , njaluk marang media kon sabar , kabeh nunggu perintah DPP  Partai Golkar - Slipi Jakarta...( Gustik)






















Sabtu, 27 Juli 2024

Agustusan Mentoro wis regeng, enek ombak banyu  &  dremolem..

Agustusan Mentoro wis regeng, enek ombak banyu & dremolem..

Pacitan Post Group.27.07.024.
Saben saben agustusan ,  kabeh daerah sak Indonesia ngenekke kegiatan, yo kui kegiatan sing hubungane' karo HUT Kemerdekaan Republik Indonesia.

Klebu Desa Mentoro Kecamatan/Kabupaten Pacitan , masiha tanggal 17 Agustus ijik rada suwe, tapi desa sing paling etan dewe Kecamatan Pacitan iku wis mulai ngenekne kegiatan.

Miturut staff desa  Mentoro Wayan Diana, kanggo awali kegiatan agustusan , Desa Mentoro ngenekne Pasar malam sing dititik beratkan pemberdayaan UKM.

Ananging  kegiatan pasar malam ben ketok rame , pihak desa jalin kerjasama karo pihak luar sing duwe fasilitas Drumolem , ombak banyu lan omah jlok jlokan sing bakale' saka karet, jare Wayan.

Wayan  nambah ake' Ijin keramaian tertera 20 dina , ananging kemungkinan muk dilaksanakake'  17 dina , imbuhnya.

Informasi warga , Ternyata ora mung dodolan UKM sing laris manis ,  Tapi  ( juru parkir dadak'an ) uga entuk berkah rejeki sing  lumayan akeh .

Ditakoni media ,  Ucok Harahap sing ngelola parkir ngarep garasi Aneka Jaya , ngaku minimal  sewengi  hasil saka karcis parkir  rata rata entuk 200 ribu , sedang parkir sing ana njero stadion aku ora weruh , kilah Ucok .

Perlu dimangerteni , kabeh kegiatan Desa dalam rangka HUT RI tahun 2024 , bakal dipusatne ana Stadion Magribi  Desa Mentoro.

Stadion Maghribi sing saiki lagi dibangun ,  klebu stadion tingkat desa  sing lumayan gede' lan apik , sayang pembangunan Stadion Magribi  bola bali tersendat , merga biayane akeh banget..( tim,)















Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done