PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 25 Juli 2022

SAH : BU HARNO  RESMI DIPANGGIL .NYONYA SUKOWIJONO.

SAH : BU HARNO RESMI DIPANGGIL .NYONYA SUKOWIJONO.


Pacitan Ppos.26.07.022.
Sah ' dina iki  ( 26/07)   Juluk'an Ny Fatimah Suharno resmi  diganti dadi Nyonya Fatimah Sukowiyono , seiring Pengusaha tajir iku dinikahi mantan Sekda Pacitan Sukowiyono.

Resepsi pernikahan Bu Harno lan Sukowiyono digelar  sederhana di Hotel Kartika Pucang Sewu Pacitan sing nota bene milik Bu Harno ..eh maaf kliru.. Bu Suko ding !.

Perayaan Kawinan mantan Sekda lan rondo sugih muk dihadiri tonggo teparo lan tokoh tokoh Pacitan klebu Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aj sing bertindak sebagai Saksi nikah.

Endang Sujasri omong , pak Sukowiyono lan bu Harno  ketok sumringah didampingi putro wayah ana Pelaminan , mugi sakinah mawadah warohmah pak Suko ' , jare Endang S  Tokoh Wedok sing isune arep macung Wakil Bupati Pacitan tahun 2024.

Perlu dimangerteni, Bu Harno ditinggal sedo Mantan  WaKapolres Pacitan Suharno, 5 tahun kepungkur  sedang Sukowiyono ditinggal sedo bojone rikala usum Covid 19 tahun 2020.

Sementara Drs Sukowiyono MM sing kebetulan ketemu Wartawan ana takziah Alm Muzzazamah omong, aku nikah ora persiapan opo opo pak tik' , aku muk menjaga stamina nganti teko dina pelaksanaan ( Har H) , Dongakno acara lancar yo pak ....inggih pak ..mugi tetep Rosooo,nopo melih niki wanci bediding... ( gustik)
untuk menambah stamina bulan madu ,cocoknya makan bebek goreng tulang lunak Gustik Tirto Wening pacitan , bisa dicoba...



LICIK 'e  PENGUSAHA AMP ! SENGAJA MATENI PEMBORONG CILIK..?

LICIK 'e PENGUSAHA AMP ! SENGAJA MATENI PEMBORONG CILIK..?

    Foto dok :  Perusahaan AMP

Pacitan Ppos, 26.07.022.
Ojo ngarep arep pemborong cilik melu tender proyek dalan  sing nggunakne aspal hotmix.
 Iso iso ! Golek dukungan pengadaan Aspal Hotmix lan uga rampene bakal kesulitan.

Miturut pengalaman sing uwis uwis ana pacitan , Kejaba Perusahaan AMP   melu tender dewe ,   rega satuan ana njero rap dipepetne /digawe rega minimal.
Iso ditebak , Tujuan rega digawe endek merga pemborong cilik  ben podo wedi nawar. 

Gle`te`k  pethe`le' , Kabeh proyek sing merlokne dukungan AMP dikuasai Pemborong /pemilik AMP lan konco koncone'.

Praktek culas sing koyo mengkono kui ,iki dina dirasakne sebagian pemborong sing ana eks Karesidenan Madiun , klebu Ponorogo lan Pacitan.

Miturut Pemborong Ponorogo sing ora gelem disebut jenenge musim  tender tahun anggaran 2022  ora iso melu tender proyek  sing gunakne aspal hotmix,  merga ana dugaan dikuasai Mafia AMP, jare( K ) seumpama dipeksakne pasti Rugi merga rega ora nutut.

Sementara pemborong Pacitan Hadi Suwarno  soal  Dugaan mafia Pengusaha AMP  ana eks Karesidenan Madiun antara yo lan ora,  tergantung petunge antara pemilik AMP lan pemborong dewe dewe.

Sing pasti ! Kabeh kudu mbayar cash sak durunge barang dikirim, padahal saiki uang muka 30 % wis ora enek , piye jal..jare bos optik Surya kecut.

Bupati Ponorogo H.Sugiri Sancoko arep ditekoni kondisi Lelang Proyek ana Ponorogo sing isune dikuasai timses, urung iso dihubungi , hp ne isih tulalit.

Perlu dimangerteni , saben saben musim tender ana setiap daerah umume kisruh rebutan proyek antara pemborong murni lan tim ses Bupati/Gubernur.

Sekalipun seolah koyo koyo tender bebas, tapi biasane tetep iso diakali , nek ra ning persyaratan tender , yo mark up rega.

Pemenang tender pun kadang wis diatur , sopo sing cedak karo kepala Dinas, Bupati ,Dewan lan pejabat kunci liyane ..( gustik/Kijo)
BEBEK TULANG LUNAK GUSTIK SATU SATUNYA DI  eks KARESIDENAN MADIUN, NIKMAT LUAR BIASA  










Sabtu, 23 Juli 2022

Bojone Ibas Nglairke' , anak'e wis papat ..

Bojone Ibas Nglairke' , anak'e wis papat ..

Foto Edi Baskoro saat Aliya melahirkan anak ke 4.

Pacitan Ppos, 24.07.022.
Krungu Edi Bhaskara Yudhoyono duwe  anak maneh , akeh wong Pacitan sing melu seneng lan  bersyukur , minimal trah keturunan Eyang Kotjo soyo ngremboko.

Bojone Ibas , Siti Ruby Aliya Rajasa nglairke anak ke 4 dina  jumat tanggal 22 Juli 2022 . Kepastian lahire  putu  ke 5 SBY iki diinformasikan langsung lewat media / instragram pribadi  Ibas wingi.

Anak sing nomer papat Ibas iki ,  sesuai keterangan berjenis kelamin ,, wedok ,, lan  dijenengke' Alisha Prameswari Yudhoyono.

Perlu dimangerteni , Pasangan Edi Baskoro Yudhoyono Nikah karo putri mantan Ketua Umum Partai Amanat Nasional ( PAN) Hatta Rajasa , Siti Ruby Aliya Rajasa  tanggal 24 Nopember 2011 ana JCC ( jakarta Convention Centre ) Jakarta.

Foto Pernikahan Ibas tgl 24 November 2011 di JCC jakarta 

H.Bibit Sigiharyanto, Tokoh Pengusaha Pacitan krungu Putra ke 2 pak SBY duwe anak maneh rumangsa seneng lan bersyukur .

Muga muga  trah trah  SBY , sing kabeh  do weruh asli Pacitan dadi pemimpin bangsa, minimal koyo kakunge'  ( bapak SBY) sing pernah dadi Presiden Republik Indonesia , selamat mas Ibas.., jare Sugek sing lagi teka saka Halking njajal meja Bilyar Anyar  sing bar dituku Bupati Aji.

Soal Keluarga SBY  Pacitan sing bakal arep   nyang jakarta , saperlu melu mangayu bagya lahire anak'e Ibas sing nomer 4  ( media Pacitan ) urung entuk keterangan saka pihak Keluarga SBY .

Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji sing uga keponakan SBY  ,, dlalah ,, dihubungi  hp ne ijik tulalit , maklum kesibukan seorang Bupati pancen padet...tur akeh kndangan wong duwe gawe/ hajatan .( Gustik)






Selasa, 19 Juli 2022

KABAR MANUK;  ASB JABAT SEKRETARIS DPC DEMOKRAT...

KABAR MANUK; ASB JABAT SEKRETARIS DPC DEMOKRAT...

Arif Setyo Budi digadang gadang Dadi Sekretaris PD Pacitan.

Pacitan Ppos.20.07.022.
Proses pemilihan jabatan apa wae ora lepas saka Genk pertemanan , endi sing klik antar konco yo kui sing dipilih.

Apa meneh bab babagan politik sing penuh drama lan tujuan ,  konsep genk gengan luwih diutamakan, ketimbang diluar genk / kelompok.

Contoh anyar proses Musda  Partai Demokrat Jawa Timur  sing dienekne DPP Partai Demokrat pirang sasi kepungkur, ora lepas saka Genk /kubu kubuan bahkan sempat  nganti dadi gendro ora karu karuan  sing nyebabne mantu  mantan Gubernur Jawa Timur Sukarwo pindah menyang Golkar.

Diduga proses pemilihan Pengurus DPC Partai Demokrat Pacitan pasca terpilihnya Indrata Nur Bayu Aji dadi ketua DPC PD Pacitan isa uga jabatan jabatan kunci DPC PD Pacitan bakal diisi Genk Bupati sing saiki didapuk dadi ketua DPC PD Pacitan ganteni Indartato.

Nama nama Arif Setyo Budi , Pujo Setyo Hadi , Indra Widya Agustina , Anung diperkirakne bakal njabat posisi kunci ana DPC.

Bahkan kabar manuk , Posisi kunci Sekretaris DPC Demokrat bakal dijabat Arief Setyo Budi sing kabeh wong weruh cedak banget karo Ketua DPC Indrata Nur Bayu Aji.

Sementara Ronny Wahyono , ngaku  legawa dideleh jabatan opo wae ana DPC Demokrat pacitan , nek aku gus' jabatan iku amanah , tapi sing pasti sekali Demokrat tetep demokrat , aku ramudeng Genk , jare Ronny diplomatis.

Perlu dimangerteni, proses pengisian jabatan struktural DPC Partai Demokrat wewenang Tim Formatur sopo sopo sing arep dipilih.

Arief Setyo Budi sing ditemoni Media , muk guya guyu... halah mbuh mbah dadi ketua Fraksi wae mumet po neh jabat Sekretaris DPC ..mendah mumete suk , opo neh arep pemilu, jare Arief sing  ngaku urung ngerti yen  arep dipilih dadi sekretaris DPC, ditunggu wae lah...

Suprihati Winarcahyanu Kader Senior Demokrat sing rumore ora satu kubu karo Ketua DPC Demokrat ngaku tetep injoy , ditunggu wae mas , sopo sopo sing di pilih pak Aji sebagai Ketua Formatur iku sing terbaik , jare bu Pri santai...

Nganti berita iki ditulis , Ketua DPC Partai Demokrat Pacitan urung iso dihubungi , HP ne tulalit ,  maklum kesibukan sebagai Bupati sing padet , kiro kiro nganti ora sempat nyekel hp....( Gustik)








Proses 
ARANG ARANG  WONG METENG , SD SD PACITAN BINGUNG GOLEK MURID

ARANG ARANG WONG METENG , SD SD PACITAN BINGUNG GOLEK MURID


Pacitan Post,17.07.022.
Mungkin ! Gara gara kabeh wong wedok kon melu program KB , saiki dadi arang arang wong meteng.

Akibate ! Saben saben Sekolah Dasar mulai ajaran baru ora entuk murid , alias ora enek sing daftar ,  umpama toh enek sing daftar paling muk las lasan.

Bahkan enek salah sijining SD ning Pacitan entuk murid muk 7 bahkan muk enek sing entuk 1 siswa.

Rata rata sing ora entuk murid  SD wilayah Pegunungan sing Sekolah ane luwih saka siji, koyo to SD Gembong 2.SD Gunungsari , Dersono dll , pendek kata gurune 10 muride 11.
Kondisi Jumlah guru luwih okeh saka murid'e iki wis pirang pirang tahun.

Mungkin kondisi koyo mengkene iki soyo suwe DPRD Pacitan bingung, minggu ngarep diwakili Ketua Komisi 2 Rudi Handoko bakal nyeluk Kadiknas Ir Budiyanto MM klarifikasi terkait kondisi SD ora entuk murid  ,  Rudi omong !  iki piye atik guru luwih okeh saka murid'e , jare kader Demokrat  ambi guya guyu.

Rudi Handoko Ketua Komisi 2 DPRD Pacita.

Sementara tokoh Pacitan ,Bambang Trenggono ngusulke SD sing sak deso luwih saka siji ,nek pancen arang murid e dievaluasi , nek perlu dibubarke digabung dadi sji , ojo metenteng misah , ungkap Tokoh sing pernah dadi guru SMEA Pacitan .

Tapi meh kabeh warga omong , anane Sekolah Sekolah saiki ora entuk murid merga pengaruh  Program KB , akhire saben saben wong meteng keletan 5 tahun, padahal penerimaan murid baru mben tahun, piye ale oleh murid , timpal Sutrisno.

Alasan PCW , akeh SD  sing padet murid tapi gurune kurang koyo SD Baleharjo 2 , SD Pacitan , Ploso lan SD SD perkotaan liyane , nek perlu dipindah / diperbantukan dadi pegawai kelurahan, lha timbang mangan gaji buta, opo ra dosa jare Novanda pejabat PCW Pacitan...( Gustik)


RUMOR GEDUNG BARU RSD MIRING PADAHAL....

RUMOR GEDUNG BARU RSD MIRING PADAHAL....

Desain jalan penghubung yang  buruk, sepintas gedung spt mleot/miring 

Pacitan Ppos, 17.07.022.
Pirang pirang dina wartawan koran iki digawe mlayu kepontal pontal Golek'i gedung Rumah Sakit Darsono Pacitan sing isune' mleot/miring.

Sebab nek bener bener miring tenan, dipastikan kerugian Negara mesti gede banget,tur iso uga mbebayani pasien Rumah Sakit.

Gedung sing diisukan mleot , Gedung anyar 2 Lantai sisih kidul etan sing rupane ijo pupus iku dibangun Pemerintah diatas 10 M saka APBN tahun anggaran 2019.

Kocapo ! bareng Wartawan mudun ana lapangan ternyata ora enek bagian gedung sing miring utawa ambles.

Penanggung Jawab teknis Mamik ,  sing ngancani wartawan investigasi lapangan klebu Direktur RSD Pacitan dr Iman melu bingung golek'i gedung sing dikira miring.

gara gara bangunan ndek wur digawe ning tengah ,gedung ketok jonjing dikira mleot.

Ternyata bareng ditliti tenan , enek bagian selasar penghubung gedung ngarep lan mburi sing titik nol pembangunane beda.

Otomatis selasar penghubung digawe munggah , cuma sayange'  disaint leneng plasteran digawe ning tengah, ora ning pinggir kaya biasane.

Merga desaint sing kurang manis , koyo koyo gedung selasar  ketok mleot ngiwa/kiri.
Mungkin  dikirane miringe selasar kegawa Gedung Utama ambles.

Direktur Urama Rumah Sakit Darsono Pacitan dr Iman sing melu kepontal pontal ning lapangan rumangsa lega Isu Gedung Baru RSD miring ora bener , aduh mas mas melu ndredeg aku , ungkap dr Iman.

Sementara Pejabat Teknis Mamik , babar blas ora ngiro yen muk gara gara desaint selasar penghubung sing kurang manis , ndadekne bangunan ketok miring , tapi dikapak kapekne iki masukan warga  sing apik , ora opo opo mas! Jare mamik lega..( gustik)

Bebek goreng Sinjai Gustik nikmatnya tiada tara,serasa seperti mimpi yang indah..




Sabtu, 16 Juli 2022

Jumat, 15 Juli 2022

DALAN P.SUDIRMAN TANJUNG MALAH PATING BRENJUL .SOPO PEMBORONGE..

DALAN P.SUDIRMAN TANJUNG MALAH PATING BRENJUL .SOPO PEMBORONGE..


Pacitan Ppos 15.07.022.
Negara Ngetokne duit gede iku maksud'e dalan ben apik , iki malah kosok baline..

Dalan Panglima Sudirman Tanjungsari sak durunge diaspal ulang , mulus lan menak disawang lan dilewati.

Tapi saiki bareng rong sasi kepungkur diaspal ulang, kondisine malah brenjal brenjul ,dienggo liwat ora pati penak.

Disamping  garis marka ora enek , kondisi dalan uga ketok nde'k..wur ..alias ora pati rata, yen ora ngati ati numpak sepeda motor krasa mak gliyut...

Media pernah tekok marang Balai Jalan Nasional sing kantore ana Mentoro , ora enek sing wani jawab , klebu Jujuk sing kulina ngadepi wartawan tumben iki pet babar blas ora gelem omong.

Sementara ketua Komisi IV DPRD Pacitan Pujo Setyo Hadi omong yen Dalan Nasional dudu tupoksi kerja DPRD Pacitan, merga iku dalan Nasional,.

Ambek guyon , Pujo sing saiki wis ketok bergas waras merga bar opname ( omong)  yen soal proyek pusat ojo nemen nemen ale ngritik , samarku engko proyek saka pusat di endeg , jare pujo ambek gligak gligik...

LSM Pacitan Couruption Wacth sing mbiyene digawangi Alm  Drs.H.Ashar Subandy MSC sing saiki digawangi Novanda nyayangake pernyataan ketua Komisi IV  terkait dalan Raya Tanjungsari Pacitan/ P.Sudirman.

Kabeh  uga rampe terkait pemerintahan desa lan Kota duite kabeh saka Pusat , termasuk gajine dewan iku yo saka Pusat , masiho proyek pusat yo kudu peduli , opo klakon warga sing selalu dirugikan..?

Nganti berita iki ditulis , kepala Balai Pemeliharaan Dalan lan Jembatan Nasional seksi Pacitan ( Leo) urung isa diwawancarai merga HP ne ijik tulalit...( Gustik)

Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done