PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 22 Juni 2025

GAWAT...TERSANGKA  Mantan TERORIS DIPINDAH NYANG PACITAN ESUK IKI ..

GAWAT...TERSANGKA Mantan TERORIS DIPINDAH NYANG PACITAN ESUK IKI ..


Pacitan Post 23. 06.025.
Tersangka  mantan teroris , sing sempat gegerke kota Pacitan sasi kepungkur  , esuk Iki bakal dipindah saka Tahanan Polda Jawa Timur.

Humas Polres Pacitan Aiptu  Thomas , mbenerake yen Dina Iki Polres Pacitan siap siap nampa  2 orang mantan Teroris saka Polda Jawa Timur.

Yen ndelok Sprindik , keberangkatan Tersangka dimulai jam 05.00 wib - 15.00 wib , Kabeh tergantung kesiapan Polda Jawa Timur , insya Allah pengawalan ketat saka Polda ditambah Kepolisian Madiun.

Mengenai alesan dipindah Pacitan , Polisi sing seneng manuk ocean iku omong , Merga kasus'e ( TKP)  Pacitan , dadi tersangka kudu diserahne menyang Kejaksaan Pacitan lan diadili Yo Ning Pengadilan Negeri Pacitan.,imbuh Thomas 

Sekedar tambahan informasi , Dua tersangka mantan Teroris sesasi kepungkur sempat gawe geger jagat Pacitan , merga sempat ngancam petugas Kepolisian Pacitan lan ngaku ngaku mantan teroris.

Akibat ulah wong lima sing awale muk masalah Mobil pengepul solar ditangkep polisi , sing duwe mobil nesu nesu lan nekani polisi ,gertak pamer yen  mantan teroris jaringan Afganistan....( tik)

Jumat, 20 Juni 2025

PEMKAB PACITAN  Isa dituntut  Yen Wisatawan Bola bali ..mati ..Ke'nte'r...

PEMKAB PACITAN Isa dituntut Yen Wisatawan Bola bali ..mati ..Ke'nte'r...

Pacitan Ppos 20.06.025.
Pancen Dinas Pariwisata Pacitan Isa diarani terkesan ndableg , ora pernah intropeksi lan ora pernah gelem Nompo masukan wong liya , utamane bab keselamatan Wisatawan.

Padahal sepanjang tahun 2025 wae , kecelakaan Wisatawan  , utamane  sing piknik menyang pantai   / laut  ,  jumlahe  sing mati wae wis puluhan .

Paling gres isuk Iki maeng ( 20/06)  4  wisatawan asal Mojokerto ilang Kabeh  an sekitar Pancer Door , sing siji mati sing telu isih ilang.

Miturut  Sutrisno , sak wise ditemokne Wong wedok mati isuk maeng sing ternyata diidentifikasi jenenge Suprapti ( 63 ) ujug ujug let 4 jam geger bocah adus Ning laut kesapu ombak lan bAblas ilang , tapi let sak jam sing siji ( A.M )ketemu ngambang ana sekitar masjid apung pancer etan.

Sedang bocah wedok  telu liyane ( Z.N,A) Kabeh sak keluarga sing  diperkirakne' umur 10-12 tahun  nganti berita Iki ditulis , informasine isih ilang , isih digoleki tim SAR saka Kepolisian lan BPBD Pacitan.

Usut punya usut , ternyata bocah sing kesapu ombak  maeng , Yo kui rombongan  bocah Piknik saka Mojokerto Jawa Timur , diduga Kabeh ora Isa nglangi lan ora dikandani marang petugas penjaga pantai yen Pantai Pancer Door  berbahaya kanggo ciblon / gembuyak'an.

Perlu dimangerteni , penyedia / pengelola Jasa Wisata sesuai aturan  Pemerintah ,   kudu Isa menehi keselamatan pengunjung , hak hak pengunjung sing resmi ditarik retribusi Utawa semacam karcis mlebu , kudu entuk jaminan keselamatan , jare Dimyati pentolan Hukum PCW Pacitan.

Cuma Dimyati ora ngerti Obyek Wisata Pantai Pancer Door Pacitan , Wisatawan ditarik retribusi / karcis opo ora ? Yen ditarik karcis Pemkab Pacitan dipastikan Isa dijaluki pertanggung Jawaban secara hukum dalam hal Iki Dinas Pariwisata atas nama Pemkab Pacitan.

Sekedar tambahan informasi , sakjane ORA kurang kurang ale ngritik Dinas Pariwisata Pacitan terkait keselamatan Wisatawan ,  utamane wisatawan Pantai sing bola Bali kecelakaan sing   selalu berujung kematian , ananging respon Dinas sing dikomandani Turmudi selalu mengabaikan / nyepelekne usule Warga..( Gustik)





Kamis, 19 Juni 2025

DITEMOKNE WONG WEDOK UDA BLEJED MATI NING PANCER DOOR

DITEMOKNE WONG WEDOK UDA BLEJED MATI NING PANCER DOOR


Pacitan Post 20.06.025.
warga  utamane peserta Joging   ana obyek wisata sekitar Pantai Pancer Door esuk esuk Iki maeng ( 20/06) Nemu wong wedok  gletak Uda ( telanjang )  , ternyata bareng di delok jebul wis mati.

Menurut Sri Rejeki , pas joging Sri ngaku penasaran enek wong wedok gletak , tanpa pikir panjang Sri nyedak lan kaget bareng didelok wong wedok Uda , merga gugup Sri langsung telpon dulure sing dadi tentara ana Kebonagung.

Entuk laporan Polisi gembrudug pada teka ( TKP) informasi saka Thomas Humas Polres Pacitan mbenerake yen ditemokne wong wedok ( usia Dewasa) ana sekitar obyek wisata Pancer Door Pacitan sekitar jam 5.30 Wib.

Saiki jare Thomas , Mayite' wis dievakuasi lan diperiksa tim Inafis saka Polres Pacitan , sing sabar  kari nunggu hasile' ,tegas Thomas.

Mengenai isu  ( korban) merupakan tindak pidana  pembunuhan sing dibumbui esek esek , Pihak Kepolisian urung Isa nyimpulke opo opo, pokoke tunggu keterangan saka Polres secara Resmi lan Ojo menafsirkan Dewe Dewe , imbuh polisi penggemar manuk ocehan Iki.

Sekedar tambahan informasi , Lokasi Obyek Wisata Pancer Door Pacitan Saiki diusulap dadi area publik sing cukup tertata , sayang akhir akhir Iki cah Pacaran , wong gendak'an pada golek enggon ana sekitar obyek wisata Pancer Door sing pancene asyik kanggo indehoiii...( Gustik)


Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done