Pacitan Post. 12.12.024.
Musim bocah kenek penyakit gondong , wis lumayan rada suwi ,  bahkan nganti saiki penyakit sing disebabke  ( Paramixovirus ) ijik okeh , terutama ana daerah perkotaan. 
Dinas Kesehatan Pacitan , menghimbau sopo sing duwe bocah cilik  kenek gondong , dolanane' kudu muk ning jero omah, merga virus iku menyerang ludah , etika watuk kudu dijaga. 
Seumpomo penderita Gondongen wis Sekolah, miturut Kadinkes Pacitan dr Daru Mustaka Aji kudu libur sik , merga sifat penularane koyo Flu. 
Kanggo mencegah penyakit Gondong meluas , Dinas Kesehatan Pacitan lewat Puskesmas terdekat , njaluk marang orang tua pasien gawa bocil sing kenek gondong Imunisasi. 
Tenaga Medis ana Puskesmas Puskesmas sak Pacitan mampu nglayani jenis penyakit sing lumrah teka saben tahun , gondongen kui wis lumrah kanggone cah cilik , mula jalan keluare kudu imunisasi , jare Evi. 
Perlu dimangerteni , Penyakit gondongen / gondok  ojo sok disepelekne ,  sebab jenis gondok iku macem macem , enek wong gondongen seminggu mari , tapi yo enek penyakit gondongen / Gondok sing angkrem sak lawase ana gulune wong urip. 
Cuma penyakit Gondok sing nemplok ana gulune penderita dalam jangka waktu suwe ,  rata rata disebabne kelenjar teroid alias penyakit kurang garam awale. ( tik)