Pacitan Post , 06.05.025.
Masyarakat Kabupaten Pacitan , kedahipun sami bersukur , amargi sampun kaping 14 angsal Predikat Wajar Tanpa Syarat ( WTP) saking Pemerintah Pusat , utaminipun bab pengelolaan administrasi Keuangan.
Artosipun , Para Pengangeng Pacitan Kawit jaman Bupati Muhammad Kusnan ngantos Mas Bupati Indrata Nur Bayu Aji mlampahipun mengelola keuangan taksih mlampah ingkang sae' lan mboten natos tumindak ingkang mboten leres, kados to korupsi lan tumindak ala sanesipun.
Alhamdulillah ngantos sepriki , Para Pengangeng Pacitan mulai saking Bupati , Kepala Dinas ugi Staf sanesipun dereng natos dipun cepeng KPK lan penegak Hukum sanesipun , padahal Bupati kota sanesipun kathah ingkang sami ,, cemplang Cemplung mlebet Penjara ,, Mergi terlibat Korupsi.
Indrata Nur Bayu Aji.Ronny Wahyono dan Gagarin adalah tokoh tokoh yang ikut andil secara langsung Penerimaan Predikat WTP yang sudah berkali kali.
Miturut Anggota Dewan Pacitan Rudi Hartoyo , keberhasilan Pemkab Pacitan wongsal wangsul angsal Predikat WTP saking Pemerintah Pusat , mboten lepas saking peran Kepala Dinas ugi Staf sanesipun ingkang taksih mlampah sesuai rel ingkang sampun dipun garisaken Presiden inggih puniko menghindari nyolong artasipun Rakyat .
Alhamdulillah lare lare nem ingkang mendominir dados Kepala Dinas Pemkab Pacitan mboten kegridu Banda donyo , mboten kegridu bathuk klimis ( Wedok'an) lan tumindak ala sanesipun , Artosipun predikat WTP ingkang dipun sandang Kabupaten Pacitan pancen Wajar dipun tampi Pemkab Pacitan , Mergi kinerja Pengageng Pacitan taksih mlampah ingkang sae' , ngendikanipun Rudi ingkang dipun temoni Media wonten kantoripun komisi 4 DPRD Pacitan.
Seni Rontek Gugah Saur menjadi obyek seni yang digandrungi anak Muda saat ini di Pacitan.
Sementara Sekjen LSM Bhineka Bangsa Pacitan Ferry Ardiansyah ugi mengapresiasi Pemkab Pacitan ingkang dados langganan nampi predikat WTP saking Pemerintah Pusat, ananging penerimaan Predikat WTP ingkang sampun wongsal wangsul dipun tampi ,ampun ndadosaken ( lupa diri) , sedanten Kedah eling bilih Kabupaten Pacitan taksih ketinggalan tebih kalih kota kota sanesipun.
Pariwisata ingkang mestinipun dados lumbung pendapatan faktanipun turun drastis , Pertanian Kawit jaman kawak udo dereng natos surplus beras , lan sanes sanesipun.
Sekedar tambahan informasi , Kepala Daerah wonten Indonesia pun puluhan bahkan atusan ingkang sampun dipun adili penegak hukum , ananging sejak jamanipun pak Bupati M.Kusnan ngantos Bupati Mas Aji dereng wonten ingkang kesangkut korupsi , dados wajar bilih WTP dipun semat aken dumateng kabupaten Pacitan , padahal daerah sanes sekalipun angsal Predikat WTP katah sanget ingkang Bupatinipun justru kecokok KPK, tapi Pacitan aman , mudah mudahan Pacitan tetep aman ( Gustik)