Pacitan Ppos.13.06.2025.
Diarani salah urung karuan salah , diarani bener Yo rung karuan bener, pepatah iku Kabeh tergantung nurani sing nglakoni .
Sing jelas ! Hak Baginda anggota DPRD Pacitan sing rong dina kepungkur mengakhiri masa lajang sing resepsine digelar ana Jakarta.
Merga kancane sang Baginda okeh , terutama anggota DPRD Pacitan lan Eksekutif Pemkab Pacitan , tentu Baginda ngundang kolega kolega kolega iku tanpa paksaan lan kudu teka ana Jakarta.
Mbuh merga sang Baginda isih dulur Karo SBY Utawa merga jabatane' sebagai anggota DPRD Pacitan , sing jelas wis 3 Dina kepungkur Kantor DPRD Pacitan tutup (total ) ora enek anggota sing mlebu / kecuali staf .
Menurut Ketua Komisi 2 DPRD Pacitan Rudi Handoko , pancen Dewan pada kondangan Nyang pernikahan mas Baginda pak , tapi sebagian wektu dimanfaatne koordinasi Karo kementrian.
Komisi 2 DPRD Pacitan kejaba kondangan ana kawinan Baginda ,uga koordinasi ana Kementrian.
Koyo komisiku , ngenekne konsultasi kementrian kesehatan terkait pengadaan Obat ( DAK) tahun 2025 sing dihapus Pusat , dadi ora muk melulu kondangan , tapi ditakoni kegiatan anggota liyane selain kondangan , Rudi Handoko mesam mesem ora wani jawab.
Praktis sing ora budal kondangan mantene' Baginda muk tersisa 5 glintir , misale Rudi Ompong pilih nenandur ning lebengan , Joko Brengos lan Fibi isih gerah .
Sekretaris LSM Bhineka Bangsa Pacitan Ferry Ardiansyah rumangsa bingung nyikapi anggota Dewan Pacitan sing pada gembruduk Nyang jakarta, sampai sampai Kantor Dewan tutup total tanpa enek kegiatan Dewan , praktis Kantor Dewan muk dijaga staf staf sekretariat Dewan.
Sekedar tambahan informasi , Pernikahan anggota Dewan Pacitan Baginda ana Jakarta, kejaba ditekani mayoritas anggota Dewan,uga ditekani para Eksekutif Pemkab Pacitan ( klebu Bupati Aji) sing nota bene isih dulure'..( tik)