Koyo biasane wong ulang tahun , HUT Bhayangkara ke 79 uga ditandai dulang Dulangan buceng Tradisional Ulang Tahun.
Pacitan Post .01.07.025.
Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji mimpin upacara Ulang Tahun Bhayangkara ( Kepolisi Republik Indonesia ) ke 79 ana lapangan Ngarep Pendopo Kanjeng Djimat Pacitan.
Bupati macakne Sambutan Kapolda Jawa Timur Irjen Polisi Nanang Avianto , sing inti sambutane , nekanake marang Kepolisian menjaga kondusivitas masyarakat.
Kapolda Jatim memandang ,Tanpa Kondusivitas masyarakat , stabilitas keamanan , ketertiban bahkan pembangunan suatu daerah bakal terganggu.
Moment ulang tahun Kepolisian Republik Indonesia ( Bhayangkara ke 79) ana Pacitan diwarnai berbagai kegiatan seremonial , antarane , kenaikan pangkat 30 personel anggota Polres Pacitan, kegiatan sosial lan Liya liyane.
Sing menarik , sakdurunge budal upacara ana pendopo Pemkab Pacitan , ujug ujug ana rombongan Dandim 0801 Pacitan Letkol Imam Musahirul mampir Mapolres gawa tumpeng , sebagai tradisi Ulang Tahun, Dandim Pacitan ndulang/nyuapi Sega tumpeng menyang Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro Azhar.
Kapolres Ayub didampingi Wakapolres Pacitan Pujiono lan Anggota Polres liyane , ngucapke matur nuwun menyang Dandim 0801 Pacitan lann konco Forkopimda Pacitan liyane sing wis Melu Mangayu Bagya HUT Bhayangkara ke 79, salam kompak selalu kawan , tegas Kapolres.
SEGENAP TIM REDAKSI
PACITAN POST GROUP
Nderek Mangayu Bagya dumateng Kepolisian Republik Indonesia kaping 79 Mugi tansah Berkah & Jaya Bhayangkara.
Pimpinan Redaksi
S u t i k n o
Sekedar tambahan Informasi , Upacara Hari Bayangkara ke 79 dienekne ana Lapangan Pendopo Pacitan , ditekani Kabeh unsur Forkopimda , Wakil Bupati , Sekda , Kadinas , Depat lan para alim ulama lan pimpinan lintas agama...( Gustik)