Pacitan Post 15.07.025.
Masiha nabrak program Keluarga Berencana Nasional , yen pingin sekolah enek murid'e , kanggo sementara Pasutri muda kudu Kon meteng maneh , utamane sing isih duwe anak siji Utawa loro.
Sebab salah satu penyebab Sekolah Dasar ora entuk murid , amarga salah siji penyebab'e cah cilik ana kampung wis arang kading , umpama toh enek muk kari siji loro.
Kanggo Pasutri Muda , yen duwe anak telu Utawa papat ora usah Wedi mlarat , amarga Kabeh rejeki sing duwe Gusti Allah , lagian urung mesti duwe anak siji Utawa loro uripe Mulya , akeh wong duwe anak sitik malah blangsak Yo akeh.
Guru macak koyo wong rawaras , ngerti ora enek murid'e panggah mulang , ternyata guru maeng muk sekedar dudohne , Iki lho ora enek murid'e.
Sekilas narasi duwur koyo koyo anti KB , padahal realita sing enek memang koyo mengkono, saben saben tahun ajaran baru , Akeh SD ora entuk murid ,umpama toh entuk muk setitik.
Koyo Ning SD Gembong ,Gunungsari Kecamatan Arjosari lan SD SD liyane ana Pacitan bener bener trenyuh marang kasek lan guru sing ora entuk murid , Akhirul kata ! guru guru sing ora entuk murid ,saben dina muk turonan Utawa guyon ngalor ngidul..
Kabeh Dudu salahe guru lan kepala sekolah , ananging pancen jaman Saiki wong meteng wis arang kading , enek bocah wedok mlenis mlenis siji wae dirabi wong lan langsung digawa pindah luar kota Utawa migrasi .
Kondisi memprihatinkan pancen wis AREP diantisipasi marang Dindik Pacitan , menurut rencana akeh SD sing bakal dilebur dadi siji koyo to SD Baleharjo 1 lan SD Baleharjo 2 bakal digabung ,
Kepala Dinas Pendidikan Pacitan Ir.Budiyanto MM omong , panitia peleburan sekolah sudah melangkah ,kita tunggu hasilnya , tegas Budi.
Sementara anggota Dewan Rudi Hartoyo menilai , SD SD ora entuk murid ora melulu salahe wong wedok sing ora gelem meteng , ananging uga faktor Pasangan Pegawai Negeri Sipil ( ASN) Utawa wong sing mapan uripe wis ora gelem nyekolahne anake ana SD negeri , ananging malah dilebokne ana SD Swasta sing malah larang bayarane'.
Alesane jare Rudi ! SD Swasta ngajarke Ngaji lan Ilmu Agama Islam sing apik , mengingat wong tuwane ana omah ora sempat ngajari anake memperdalam agama Islam.
Faktor ngaji lan Ilmu agamalah , ternyata justru sing gawe wong tuane siswa sing mampu mampu , gembrudug menyang SD SD swasta ,sing Saiki wis mulai menjamur ana Pacitan.
Sebagai Anggota Dewan , Rudi Hartoyo pancen Melu prihatin akeh murid SD kosong , tapi SD Swasta malah justru meningkat..( tik)