Salah satu penyebab keracunan Siswa di MBG merga mangan iwak Kelong /hiu sing ternyata mengandung Mercuri.
Pacitan Post 30.09.025..
Kanggone wong Pacitan , iwak Kelong / Hiu merupakan jenis iwak sing dadi favorit warga Pacitan lan sekitare selama Iki.
Ananging akhir akhir Iki , jenis iwak Kelong Utawa Hiu diberitakne geden geden sebagai penyebab Siswa keracunan masal , sing diduga ternyata iwak Kelong mengandung Mercuri sing berbahaya kanggo menungsa.
Ndlalah siswa sing keracunan , Yo kui siswa sing bar mangan menu dapur MBG saka Jawa Barat , konon saat diuji lab hasile Menu iwak Kelong / Hiu mengandung Mercuri / suatu zat kimia sing berbahaya.
Merga berita keracunan siswa luar kota keracunan massal , konon diakibatne bar mangan lawuh iwak Kelong , ternyata gawe was was warga Pacitan sing wis kadung kareman / seneng mangan iwak Kelong , bahkan iwak Kelong dadi lawuh Favorit kanggone wong.
Pacitan.
Joko Warseno penggemar iwak Kelong Pacitan, nganggep berita siswa keracunanan iwak kelong tendensius , perlu penelitian sing Valid , opo neh wong Pacitan urung enek sing keracunan merga mangan iwak Kelong , ngapusi kui jare Joko sewot.
Sementara Kepala Dinas Kesehatan Pacitan dr Daru Mustaka Aji menghimbau Kabeh warga Pacitan utamane penggemar ikan Hiu/ Kelong ora usah panik , merga urung enek penelitian sing bener bener mengarah yen iwak Kelong Pacitan mengandung Mercuri.
Jare Ndaru , iwak segara sing daerah lingkungane bersih , ora enek pabrik ,ora enek pembuangan limbah radio aktif lan bahan kimia liyane , iwak laute aman saka pencemaran Mercuri lan unsur kimia liyane , biasane iwak segara sing mengandung Mercuri disebabke daerah sekitare akeh pabrik pan pembuangan limbah berbahaya , Pacitan kan ora enek pabrik jare Ndaru meyakinkan.
Ananging masiha pihak dinkes wis menehi garansi iwak segara Pacitan aman , ananging sebagian penjual Iwak Segara panik lan nglangut , bayangake' yen berita njaban kutha kui menjalar teka Pacitan, OPO meneh wisatawan sing kerep tuku iwak Kelong , sing akeh wisatawan luar kota, tegas Wiwit sing bojone saben dina buruh dodol iwak Kelong ana Pantai Teluk Pacitan.
Sekedar tambahan Informasi , Ratusan siswa ana sejumlah sekolahan ana Jawa Barat mengalami keracunan massal setelah menyantap menu MBG , diduga diakibatne menu sing nganggo lawuh iwak Kelong ....( aldino )