Pacitan Post . 15.10.025.
Mbangun Trisna enek rong katagori , Siji Trisna merga sikap lan rupane , Loro Trisna merga jabatan lan Banda donyane' .
Koyo kasus Mbah Tarman (74) sing membo membo dadi wong sugih , diduga cewek desa Jeruk Kecamatan Bandar sing umure lagi 24 tahun , ujug ujug semrintil ketika Mbah Tarman arep ngepek bojo (srana ) menehi mahar 3 Milyar.
Duit telung milyar mungguhe wong Pacitan ora setitik , srana duit telung milyar kebayang bakal Urip penak , Arep tuku mobil jenis Kijang Inova Isa , arep bangun omah gedong Isa , AREP tuku barang brandet Isa , wis pokok'e kebayang Urip Sarwa menak.
Sing uwis uwis , biasane pemilihan Pacar Lanang , wong tuwek mesti Melu Melu bahkan dominan , pekerjaane opo , wong tuwane sopo lan sugihe sepiro.
Seumpama wong Lanang ketok Drajat lan sugih tenanan , dominasi wong tuwa wedok sangat menentukan , wis gek ayo kuwi wae , uripmu bakal menak nduk..! ora usah menga mengo , yen Karo kae uripmu susah ...bla...bla..
Mungkin yen didelok saka kasus Mbah Tarman sing diduga ngapusi mahar 3 Milyar , ora luwih critane koyo mengkana , terlalu matre , terlalu berharap pingin sugih lan Urip Mulya .
Perkara Mbah Tarman lan Shela , gadis asli Pacitan asal desa Jeruk Kecamatan Bandar sing sempet viral , lan Saiki dadi urusan penegak Hukum , Hikmahe' gede banget kanggo tatanan pasangan sing arep omah omah.
Pilihan pasangan uripmu sing bener bener duwe tekad nyenengke awakmu srana bingkai cinta sejati , lan Ojo sekali kali milih tanding bab pesugihan pasangan , sebab Kabeh urung mesti , merga kahanan Urip Sutradarane Gusti Allah, mula perlu nyedak lan andap asor.
Ditulis Sutikno Pemimpin Redaksi Pacitan Post , sebagai edukasi warga Pacitan atas pemilihan pasangan hidup , harta bukan segala galanga , Tapi aklhak lah yang paling utama...