Pacitan Post . 10.01.026.
Sekitar jam loro awan ( 10/01) ana tlatah Pacitan , ujug ujug enek lesus banter banget sing sempat ngeburke ( menerbangkan) barang barang sing ora Pati abot.
Uwit pinggir dalan / jalan pating gentiyung saking bantere lesus , wong sing numpak kendaraan sepeda motor , sepanjang dalan dalan Pacitan pada mandeg Wedi yen diterjang lesus.
Nganti berita Iki ditulis , urung entuk kabar kerusakan Utawa korban jiwa lan bangunan sing rusak keterjang si Lesus.
Saka pantauan media , muk enek kios bensin ana dusun Kedawung Desa Mentoro ( depan Masjid Al Hidayah ) sing dijegurke kalen Lesus sing ngamuk banter banget.
Sore Sore lesus ngamuk nganti NJEGURKE kios bensin Pak Suro sing papane ngarep Masjid Al Hidayah Dusun Kedawung Mentoro Pacitan.
Menurut pemilik kios bensin Pak Totok Suro , omong saat lesus teka ndadak , Pak Suro kaget campur Wedi , mula menghindar mlebu omahe' Slamet Gendung sing papane mburi kios.
Bareng lesus wis reda , terpaksa pak Suro njupuki bensi lan krombong kiose sing pada utah menyang kalen , jare Suro wis modal tipis malah dijegurke kalen pisan Karo Mbah Lesus , jare Suro memelas campur guyon.
Sementara pihak Pemerintah Pacitan , menghimbau Kabeh warga ati ati merga sesuai ramalan cuaca , Jawa Timur seminggu Nyang AREP bakal enek cuaca ekstrim , klebu Pacitan lan sekitare...( Gustik)