Pacitan Post.20.01.026.
Pasca Orde Baru , Kota Madiun klebu pemecah rekor soal Kepala Daerah sing terjerat Perkara Hukum , sing miris ! meh Kabeh wali Kota Madiun di bu'en / dipenjara.
Mulai saka Kokok Raya , Bambang Irianto lan dina Iki disusul Maidi sing diduga, miturut berita sing beredar , mantan Sekda Kota Madiun iku kecipratan Fee Proyek / CSR.
Sejatine' soal Walkot Maidi , pirang sasi kepungkur wartawan wis krungu ( isu ) yen Wali Kota Madiun Maidi bakal terjerat Hukum , tinggal nunggu wektu wae , jare salah sijining Wartawan sing kulina akses berita ana kota Madiun lan sekitare , eh Saiki terbukti tenan.
Merga saben saben Wali Kota Madiun kenek kasus Korupsi , salah sijining Warga Kota Madiun ( Totok) rumangsa isin , seolah warga Kota Madiun ora godak / ora Isa golek pemimpin sing resik.
Mula Totok sing uga neluni dunia Politik, setuju Pilihan Kepala Daerah lewat DPRD , sebab selama Iki Maju Dewan , Maju Pilkada iku ragate sak ( HO-HAH..) efek' e bareng lungguh sibuk golek pulihan.
Rata rata isih jare Totok , sing di korupsi mesti ora lepas saka Fee Proyek lan adol jabatan ,sebab sing paling penak dikorupsi Yo muk sekitar obyek kui, imbuh totok Ambi guya guyu.
Sementara iku , seorang tokoh agama Pacitan ( Sutrisno ) Melu urun rembuk terkait perilaku Kepala Daerah sing akeh terjerat korupsi lan dipenjara.
Menurut Tokoh Popule'r sing uga ketua PC NU Pacitan iku duwe pendapat , sejatine pejabat sing kenek kasus Hukum iku wong wong sing dipilih sing Kuasa dadi pemimpin .
Sayang bareng terpilih dadi Pemimpin , ora kuat godaan setan , iman islame cenderung mudun.merga duit sing tansah ngiwi iwi / mingin mingini ,imbuh Pak Tris ...( Gustik)