Lokasi ngarep SEMPEJI dadi lokasi Favorit Ngabuburit
Pacitan Post 11/03/026.
Saben saben Wulan Ramadhan , Kabeh pada ngalab berkah , golek rejeki srana dodolan takjil lan dodolan keperluan ramadhan liyane', koyo to warna warni lauk , sayur mayur ,cemilan lan gorengan.
Sing hebat , meh Kabeh komunitas enom tuwek irok irok melu dodol ,golek panggon sing strategis , rame lalu lintase' , Prapatan lan jalur dalan gede'.
Ana Pacitan panggon sing paling strategis lan dadi idola , Yo kui trotoar ,, SEMPEJI , kejaba cedak alun alun uga tengah kota.sing lalu lintase' paling rame'.
Menurut indah pedagang dadakan ngarep SEMPEJI , ngaku ora Nate dodolan takjil , Iki wae Muk dijak ponakan , eh hasile lumayan akeh ,saben Dina Isa nyisihke duit 200 ribu ( resik) padahal dodolaku muk minuman susu susuan bocah enom Saiki.
Pendapatan UMKM saat ,, Ngabuburit ,, Wulan siam , dibanding pendapatan event event sing dipusatne ana alun alun lan sekitare' , jare Ratna isih okeh hasile Wulan siam , kejaba durasine dodolan luwih suwi uga hasile luwih lumintu .
Adv.Kolam Renang Anak Tirto Wening Mentoro Pacitan..
Pangsa pasar sing tuku , rata rata ibu ibu ASN , sing mungkin pilih tuku timbang masak , kejaba WIS kesel merga kerja sedina utuh uga jumlah keluargane muk sitik , pilih tuku beres..!
Sekedar tambahan informasi , ana Pacitan panggon panggon strategis kanggo dodolan takjil lan sakpiturute , JLS Musium sekitare , Alun Alun Pacitan ,sepanjang Ahmat Yani lan Sudirman klebu ngarep Pasar induk Arjowinangun ....( Gustik)