Tokoh Agama Bingung ngadepi Budaya Tayub, masiha wis ora enek ndem ndeman lan saweran ndemok susu. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Selasa, 27 Oktober 2026

Tokoh Agama Bingung ngadepi Budaya Tayub, masiha wis ora enek ndem ndeman lan saweran ndemok susu.


Pacitan Post 27-10-2026.
Rekor Muri  Seni Tayub sesuk bengi bakal digelar ana Stadion Kucur Pacitan sekitar bakda Isa' ,  kabeh penayub sak Pacitan digerak'ke kabeh merga bakal dicatet ana Rekor Muri .
Diperkirak'ke sekitar 1000  penari tayub bakal tampil ana Stadion .

Sebagai penanggung Jawab Kegiatan , kejaba Ketua DPRD P,acitan Arib  Setyo Budi sebagai Ketua Dewan Pembina  Tayub Pacitan , uga Sponsor utama kegiatan tim  Eddy Baskara Yudhoyono Wakil Ketua MPR RI .

Sayang nganti bengi iki , tokoh agama  Pacitan sing bakal diundang sesuk akeh sing bingung antara teka lan ora  , pasale' seni tayub dimata  para kiai ijik urung pati disetujoni ,sekalipun seni tayub jaman saiki lebih sopan.,ora enek ndem ndeman , ora enek saweran ijol susu lan maksiat liyane , sesuk tak wakilke wae yo..jare Kiai sing ora gelem disebut jenenge.

Alesan Tokoh Agama Pacitan sing diundang  , setelah konsultasi para Rois ana PBNU tetep kudu dihindari budaya budaya sing mengandung kemaksiatan .

Sementara iku , Ketua Dewan Pembina Seni Tayub Pacitan Arib Setyo Budi mengaku persiapan Kegiatan Tayub Massal ana Stafion Kucur Pacitan sing pesertane ribuan siap dilaksanakan.

Tokoh sing populer dipanggil ASB iku pingin membuktikan , Tayub Jaman biyen karo Tayub Jaman saiki wis beda adoh , kostum tayub ledek wedok nganggo jilbab , ora enek pesta ciu , ora enek saweran mlebu susu lan maksiat liyane.

Ananging ASB tetep menghargai marang warga sing ijik mempermasalahkan ' , tokoh agama sing ora setuju lan tokoh liyo sing isih mbecucu / urung pati setuju , karepku sesuk kui tak kon rawuh ben ngerti tayub jaman saiki secara langsung , jare ASB mantab.

Pancen Tayub jaman biyen , duwe konotasi buruk ana masyarakat , Tayub jaman biyen  lekat karo kemaksiatan , mulai saka dem deman , rogoh rogoh kopek ledek  lan kemaksiatan liyane...( Aldino)









Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done