PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 03 Maret 2022

USUM WATUK PILEG NYERANG CAH SEKOLAH , OPO ORA ENEK OBAT WATUK GRATIS...?

USUM WATUK PILEG NYERANG CAH SEKOLAH , OPO ORA ENEK OBAT WATUK GRATIS...?


Pacitan Ppos.03.03.022.
Iki dina Pacitan usum penyakit watuk pileg , orang mung wong tuwek , bocah sekolahpun okeh sing kenek Virus watuk pileg.

Miturut guru guru sing mulang sekolah ana Pacitan , minimal saben kelas cah 5 mesti ora mlebu merga lara watuk pilek.

Andre sing sekolah ana SMK Swasta Ploso pacitan  ngaku wis telung dina lara watuk pileg  ketularan konco koncone sing uga kenek watuk pileg.

Sementara Kepala Pendidikan Nasional Kabupaten Pacitan Ir.Budiyanto MM ngomong nyang media , yen wis menehi intruksi  guru guru sak Pacitan ,,  siswa sing watuk pileg sementara  ora oleh mlebu sekolah.

Ananging guru ki yo menungsa biasa ,  kadang enek  dlalone'  , intruksi Dinas Pendidikan ora ge`k  age' age' disampe`kne' karo siswa siswa , akibate' virus watuk pileg wis kadung njalar teka endi.

Terkait rencana pengobatan gratis kanggo siswa  siswa sing kenek watuk pileg , nganti dina iki urung enek kepastian saka Pemkab Pacitan utawa Pemerintah Pusat.

Dr.dr Hendra Purwaka Kepala Dinas Kesehatan Pacitan , ngaku prihatin kondisi musim udan ditambah masa Pandemi usum penyakit watuk pileg sing nyerang masyarakat Pacitan.

Kepala Dinas sing hobi Ping Pong iki pesen , ora perlu wedi yen kenek penyakit watuk pileg , sing penting jaga kondisi , maem sing akeh lan bergizi , biasakan hidup sehat lan Tetep Prokes.

Terkait pemberian obat watuk gratis siswa, dr Hendra urung isa menehi jawaban merga urung enek aba aba saka Pemerintah Pusat/Daerah , yo muk mungkin Puskesmas mulai sesuk aktif memantau bocah  bocah sekolah sing terindikasi Watuk Pileg, dipilah sing BPJS lan sing ora ..( gustik)




Sabtu, 26 Februari 2022

CORONA PACITAN MASIH RENGGUT NYAWA 1 ORANG MENINGGAL.

CORONA PACITAN MASIH RENGGUT NYAWA 1 ORANG MENINGGAL.


Pacitan 25.02.022.
Dari 12 orang yang terindikasi covid 19 hari ini meninggal dunia , ( Std) mantan guru disalah satu sekolah ternama di Pacitan meninggal di rumah sakit Darsono Pacitan hari ini ( 25/02).

Menurut Kerabat dekat Almarhum , ( STD ) sebelum dirawat dirumah Sakit Pacitan terlebih dahulu dirawat di Jogjakarta karena terindikasi diabetes , namun sudah dinyatakan sembuh dan sudah diperbolehlan pulang .

Baru sekitar 2 hari dirumah , almarhum kambuh , pihak keluarga berpikir penyakit diabesnya yang kambuh , tapi ternyata setelah dirawat dua hari korban diduga positif Covid 19 dan dinyatakan meningal.

Kades Gegeran  ( Bw ) yang ketika itu berada dirumah duka membenarkan kalau ( std) dimakamkan secara prokes , jenazah langsung dimakamkan di pemakaman Desa.

Sementara Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji  yang mendengar masih adanya korban meninggal akibat Covid 19. Meminta warga tetep hati hati , jangan lengah dan tetep prokes .

Bupati juga meminta , agar setiap kantor dan rumah warga menyediakan fasilitas seperti dulu lagi , misalnya tempat cuci tangan lengkap dengan sabun , Hand Sanitexer dan tidak sering  keluar rumah jika tidak perlu...( Gustik)

Satu Paket Bebek Tulang Lunak Gustik hanya 100 rb / satu ekor...murah kan ! Buruan ke Resto Tirto Wening Mentoro Pacitan.


Kamis, 24 Februari 2022

SWARA ADZAN DISANDINGKE KARO  ASU NGALUP....MENAG PADA KARO NYUNDEP WONG NU.

SWARA ADZAN DISANDINGKE KARO ASU NGALUP....MENAG PADA KARO NYUNDEP WONG NU.

Menteri agama RI Yaqut Cholil Qomas diharamke mlebu tanah Minang.

Pacitan Ppos , 24.02.022.
Polemik pernyataan Menteri Agama Yaqut Cholil  Qomas , sing nyandingke' Suara adzan karo Asu Ngalup bener bener gawe gaduh umat islam sak indonesia, termasuk Pacitan .

Menteri  Agama sing nota bene kader Nahdatul Ulama ( NU ) tulen,  seolah ora pati ngerti yen sing biasa  nyetel Corong mejid seru seru  iku akeh akehe'  wong NU , utamane daerah Madura lan tapal Kuda.

Masjid Masjid sing jamaah'e akeh wong Nahdiyin kawit jaman kawak udo  saben adzan , taraweh lan Tadarus mesti nyetel corong mejid seru , kok ( konon ) iki Menteri sing justru saka NU malah petingklangan nglarang adzan / toa seru seru , lan malah nyandingke Suara toa mesjid  karo Asu Ngalup /suara anjing menggonggong.

Budi sing aku  Wong Nahdiyin omong , iki Bener Bener keterlaluan pak Menteri  , maksud'e sih bener ,  nek sering nyetel tipe recorder  nganggo  swara njaba ganggu umat liyane , tapi yo ojo di analogikan swara Asu Ngalup to , suara toa masjid iku kan panggilan kebaikan , ojo gek ngawur dianalogikan   swara asu ngalup , jare budi warga NU asal  Pagotan Arjosari  Pacitan kesel , iki mungkin  wis tanda Akhir Zaman gus , akeh wong pinter keblinger , jare budi serius.

Menteri Agama Adik Ketua Umum  PB NU Yahya Staquf  kawit  diangkat dadi menteri  agama setahun kepungkur  sikape meh selalu  kontroversi,  Umpama koyo to pasang pohon natal ana loby Kementrian agama  padahal menteri menteri menteri sak durune ora nate pasang pohon natal , yo rapopo sih .

Sing paling gres maneh , bubar nurunke surat larangan adzan ora entuk disetel banter , iki dino Menag  nurunke surat edaran wong tadarus , taraweh ora entuk nganggo corong  swara Njaba , alesane ganggu tonggo teparo.

Sikap kontroversi terus menerus Menteri Agama sing nota bene wong pondok'an ora nyerminke wong iso ngaji , bahkan Abror sing nota bene Kader NU  tulen/ banser saka desa Sirnoboyo  rumongsa isin Menteri Agama sing koyo ngono kui,  jare Abror dihubungi Media lewat telpon.

Sementara Majelis Ulama Indonesia tetep dukung Swara Adzan lan liya liyane dibatesi swarane , cuma terkait Pernyataan Menag sing nyandingke  Suara Adzan karo suara Asu Ngalup, iku tanggung Jawab pak Yaqut dewe , MUI ora melu melu , jare Anwar Abas Wakil Ketua MUI.. 

Sedang Menag Yaqut , bola bali ngomong ning media , analogi asu ngalup  ora bermaksud  nglarang wong adzan ,puji pujian , tapi muk suara toa ne dicilikne , ora gek trus aku madakne wong adzan karo asu ngalup , jare Menag menyang pirang pirang media sing mewancarainya..( gustik,) 

Ojo lali ..yo...! nek luwe tur arep mangan enak, ojo mangan ning ndi ndi , tapi golek ono Resto Tirto Wening Mentoro Pacitan, ahli Bebek Nasional  dijamin puas ...he..he Iklan
 














Selasa, 22 Februari 2022

SABEN MALEM PASARAN LISTRIK BANDAR MODAR...DISENGAJA..?

SABEN MALEM PASARAN LISTRIK BANDAR MODAR...DISENGAJA..?


Bandar Pacitan Post.23.02.022.
Warga Kecamatan Bandar wabil khusus para pedagang rumangsa dirugikne PLN gara gara jaringan listrik sering mati .

Sing  dadi pertanyaan warga Bandar , Listrik mati kaya kaya disengaja , saben saben malem Pon sing akeh  Mesti mati.

Para pedagang rumangsa rugi merga , kabeh dagangan sing disimpen ana kulkas dadi rusak , sesuk' e wis ora isa didol.

Sing kujur maneh , arep gawe es batu ora isa  , arep marut kambil ora isa , arep mblender nggo gawe kue jajanan ora isa , wis pokok..e rugi kabeh , jare Sri mesak ake.

Warga kecamatan Bandar sak jane wis bola bali protes menyang PLN , tapi nganti seprene kaya kaya ora digembes lan ora ana tindak lanjute , opo warga Kecamatan Bandar perlu demo ? Jare Sri guyon.

Sementara Camat Bandar mbah Woto , nyang media  ngomong , wis nganti kesel ngusahakne menyang PLN bahkan nganti teka Balong Ponorogo, tapi ora digembes gek piye , jare Camat.

Bahkan Camat njaluk tulung tenan  nyang PLN , piye carane Listrik Kecamatan Bandar ora bola bali mati , tapi merga ora nate digembes PLN ,  dalam waktu dekat Pihak Kecamatan Bandar arep Lapor Bupati , merga listrik sering mati , aku wedi nek wong Bandar krentreg demo mas, mulo aku gek tak lapor pak Bupati .

Sedang PLN Pacitan  , nganti dina iki urung isa dihubungi , merga wartawan tekok Kepalane isih urung ngantor ..

Ari  tokoh  Pemuda Warga Bandar  , ngaku  ijik urung tertarik demo PLN masiho listrik bola bali modar , sebab jumlah masa mesti dibatesi merga pandemi , nek niat arep Demo yo wong sak Bandar wabil khusus cah enom enom  , jajal PLN gek gembregah opo ora ? Jare Ari setengah mengancam....( Gustik)

BEBEK TULANG LUNAK GUSTIK MEMANG NIKMAT , SATU DARI 50 OLAHAN REMPAH DI INDONESIA...numpang iklan gaes..!










 SAMBONG..MENCEKAM ..KHUNTILANAK UYAR UYUR ANA NGLABAN...MEDENI.

SAMBONG..MENCEKAM ..KHUNTILANAK UYAR UYUR ANA NGLABAN...MEDENI.


Pacitan Ppos, 22.02.022.
Kira kira wis seminggu , dusun Nglaban desa Sambong geger merga enek Khuntilanak  uyar uyur saben bengi.

Berita anane Khuntilanak uyar uyur saben wengi ana dusun Nglaban Desa Sambong ndadekne geber warga dusun  sing kira kira wis seminggu iki pada ora wani metu bengi.

Jare  Nur , warga dusun Nglaban , saben bar magrib akeh omah sing pada Tutup , wedi nek Khuntilanak mulai metu , opo maneh rong dino kepungkur enek crito Khuntilanak sing arupo wong wedok gimbal ndeprok ono empere uwong , sing kebetulan sing duwe omah lungo.

Isu anane khuntilanak kluyuran ana Dusun Nglaban ndadekne warung warung ana sekitar desa Sambong bubruk , merga kabeh wedi Khuntilanak teka . 

Malah saking wedine , telung dino kepungkur enek wong wedok bar salat isak ana Langgar dusun mulih rukuhe urung dicupot kontan wong numpak sepeda motor arah  saka Gondosari bali cengkelak  saking wedine.

Joko Wahyudi mantan anggota TNI sing omah ana Nglaban , mbenerake yen iki dina dusun Nglaban Sambong mencekam , warung warung pada wedi buka , merga enek isu saben  wengi Khuntilanak nglabeng uyar uyur ndeprok ana empere uwong.

Saking berita anane khuntilanak nglabeng, wis ndadekne resah warga masyarakat desa Sambong arep nekakne pawang Khuntilanak asal Ponorogo , jare sang Pawang asal Ngebel Ponorogo iku wis biasa nyekel Khuntilanak.
.

Sementara Tokoh  Pemuda Muhammadiah Pacitan Bambang , njaluk polemik / isu anane Khuntilanak uyar uyur ana desa Sambong  diakhiri , iku isu sing nyesatne aqidah  , endi enek lelembut ketok moto , jare bambang mesam mesem.

Sedang Kepala Desa Sambong Agus , nganti berita iki ditulis urung isa dihubungi, ananging Pihak keamanan Desa lan Kantibnas Kecamata krungu krungu arep mudun , nenangke masyarakat sing wis kadung percoyo isu Khuntilanak nglabeng saben wengi , muteri omah omah dusun nglaban...( Gustik)

Ojo sok tukang pamer , Rezto liyo apik lan enak panganane , padahal enek Resto sing spektakuler..panggone menak , jembar lan panganane sak donyo ora nek liyane...iklan he he Risto Tirto Wening Mentoro..is the best









MUSRENBANG TULAKAN DIBOIKOT KADES..TIDAK TRIMA JALAN RUSAK.

MUSRENBANG TULAKAN DIBOIKOT KADES..TIDAK TRIMA JALAN RUSAK.

Kursi kosong kades boikot Musrenbang kecamatan Tulakan.

Pacitan,22.02.022.
Hampir seluruh Kades Kecamatan Tulakan tidak hadir dalam acara Musrenbang yang diadakan Camat Tulakan .

Menurut sumber yang layak dipercaya, Kades memboikot Murenbang Kecamatan akibat infrastruktur di wilayah kecamatan Tulakan tahun 2021 tidak diperhatikan utamanya masalah jalan jalan pedesaan yang banyak rusak.

Anggota DPRD Dapil Tulakan Handaya Aji memahani Boikot para Kades di Kecamatan Tulakan akibat rasa sakit hati hampir semua jalan di Kecamatan Tulakan rusak ,padahal wilayah kecamatan Tulakan adalah yag paling luas di Kabupaten Pacitan.
jalan rusak disalah satu kecamatan Tulakan.

Handaya lebih jauh mengatakan , saya  tidak menyalahkan Bupati, tapi menyalahlan OPD yang tidak becus ngurus perencanaan secara matang dan merata diwilayahnya.

Bahkan Handoyo mengusulkan , agar semua OPD yang tidak pro rakyat agar dievakuasi kedepanya , kasihan para Kades yang sudah berjibaku di masing masing desa tapi eksekusinya tidak matang , ujar Handaya berapi api.

Ketika ditanya , apakah gerakan boikot musrenbang Kecatan Tulakan atas inisiatifnya , Kader PKS itu tidak mengakuinya , ndak saya tidak mengkordinir , urainya.

Sementara Camat Tulakan Agung yang dihubungi media sore ini ,membantah bahwa Musren yang di Kecamatan Tulakan diboikot , tapi sengaja ditunda , atas permintaan Anggota dapil V khususnya dari anggota DPRD dari Kebonagung , siapa sih yang bilang diboikot ..ada ada saja ujar agung , membantah.

Seperti diketahui , mulai hari ini disetiap Kecamatan di Pacitan sedang menggelar Musrenbang dimasing masing wilayahnya yang dihadiri sekuruh perangkat desa, Kades, tokoh masyarakat , anggota DPRD dan stick holder holder yang lain , sayang ditunggu hingga siang Kades di Kecamatan Tulakan tidak pada hadir...(gustik)

Mrinio timbang ngoweh...bebek gostik nikmat..iklan gaes








Senin, 21 Februari 2022

KEBANGETAN TENAN....KARYAWAN PEMDA CUEK BEBEK

KEBANGETAN TENAN....KARYAWAN PEMDA CUEK BEBEK

Baleho iklan berserakan ASN Pemkab cuek bebek.

Pacitan Ppos, 22.02.022.
Jare Sat Set Wat Wet .? Kok onok Baleho pada rubuh nyolok mata , ASN pada cuek , padahal baleho iklan iku persis ning ngarep Pendopo Pemkab Pacitan.

Wong liwat wae semumpet nyawang baleho sing pada gletak , kok ASN  ora gek tumandang , piro abote ngedegne . Padahal Kantor Satpol PP yo muk ana sandinge.

Salah siji ASN  ( AP ) ditakoni wartawan malah njawab , halah mas wis ben urusane dewe dewe , tugasku jik akeh ...kui lho Satpol PP ngadep wae meneng wae , jare ASN  ambek gglunjum cuek bebek.

Cuek! e karyawan lingkup Pemkab Pacitan , ndadekne prihatin wong kang liwat ana jero Pendopo , engko nek diarani tidak berpendidikan pada lara ati, jare Kamdi tamu sing arep urus surat ana Dinas Capil.

Sementara Kepala Dinas sing pada ngantor ana lingkup Pendopo , koyo to Kadinas Bapeda, Kominfo , Satpol PP. Kantor Sekda  Bahkan Kantor Wakil Bupati Gagarin   babar blas  kabeh ora rumangsa terganggu enek' e Baleho pada rubuh berserakan .

Ternyata Jargon Sat Set Wat Wet Nyawiji Tumandang  Bupati Aji muk ijik sekedar   retorika ,  pembinaan terkait maksud Nyawiji Tumandang urung teko ning ati Pejabat / ASN Pacitan , terbukti masalah baleho gletak wae do cuek.

Nikmatnya bebek Gustik tiada tara , jangan bilang ditempat lain lebih enak ..Buktikan dulu di Resto Tirto Wening Mentoro.





Minggu, 20 Februari 2022

CERITA MATINE BUANA KELING DIKUDETA SAKA DULUR DULURE...FAKTA OPO DUDU.

CERITA MATINE BUANA KELING DIKUDETA SAKA DULUR DULURE...FAKTA OPO DUDU.

Kuburan Ki Buana Keling di Banjarejo diduga bagian Kepala.

Pembaca ..! pada Edisi ke 3 ini Penulis menampilkan terbunuhnya ki Buana Keling dari sisi lain , yakni Ki Buana Keling yang konon dibunuh bukan persoalan agama , tapi dikudeta oleh saudaranya atau abdi dalem yang lain konon Ki Buana Keling berlaku kurang adil Dalam memimpin Kraton Wengker Kidul .

Pacitan Post , 21.02.022.
Crita liya  terkait matine  Ki Buana Keling memang enek pirang pirang Versi .
Ana Versi ke loro ( 2)  iki Ki Buana Keling jare dipateni sedulur dulure , utawa abdi dalem liya.

Miturut crita sing dikumpulke Media iki , Ki Buana Keling sing jare' isih kerabat Kerajaan Majapahit teka Pacitan memang sengaja mlayu saka Kraton Majapahit merga  ning Kraton ana pemberontakan .

Ki Buana Keling sing wektu kui kira kira umur  16 tahun  melu mlayu saka Kerajaan Majapahit ,, awal critane ,, sing dituju pada karo warga liyane ,  yo kui ana pegunungan Tengger .

Jare '/ konon   ! Kira kira ning Tengger 5 sasi , Ki Buana Keling diperintahke sedulur dulure nggawe kraton cilik ono daerah kulon. 
Kocapo ! Tanpoa umbal sak kecap 
Ki Buana Keling budal didampingi karo abdi kraton lan sedulur dulure sing tersisa ana pegunungan tengger.

Ki Buana Keling   mlaku numpak jaran  mengulon lewat daerah pesisir Lumajang Blitar ,v Tulung Agung  lan mengulon nganti teka Pacitan.

Awal mlakune Ki Buana Keling mengulon urung duwe tujuan arep urip ning daerah endi , Tapi pas lewat Gunung Limo  ,,miturut crito ,, Gunung  sing manggon ono tlatah Mantren iku goyang ( bergetar).

Ki Buana Keling sak dulur pada kaget , akhire disepakati Ki Buana Keling dikongkon  Topo 40 dino ( semedi) ana sak jrone Goa  cilik  sing ana Gunung Limo ,,saperlu, nenuwun marang Gusti kang Akaryo Jagad. 

40 dina suwene Puasa , Ki Buana Keling Badar , kanti petunjuk saka sing Kuasa nek daerah pesisir sing njorok mlebu ( Teluk Pacitan) kudu ngadeg Kraton Majapahit sing ana panggon  sisih Kulon.

Tanpa mikir dawa , Ki Buana Keling munggah Puncak Gunung Limo saperlu ngibarake Panji Mojopahit sebagai tanda ,, Daerah Wengker Kidul  Sak ngisore Gunung limo  ngadeg Kraton pengganti Majapahit ana sisih kulon sing ajejuluk Kraton Wengker Kidul.

Perlu dimangerteni , Panji Kraton Majapahit sing ditancepne ana puncak Gunung Limo , enek sing omong iku Panji Tunggul Wulung  tapi  versi versi liyane uga ana , terserah ale mbijeni ..sing jelas Panji Tunggul Wulung nganti saiki isih dipercaya enek lan isih sok diperingati kanti upacaya Nancepke gendera ana Puncak Gunung Limo.

Sampai disini  beberapa Versi matinya Ki Buana Keling , diambil dari Versi yang lain dari beberapa Versi yang ada , pada Versi ke 2 edisi 3 ini diambil dari cerita pergolakan Kraton Ki Buana Keling yang dipicu keluarganya sendiri , bukan diambil dari siar agama dari cerita Ki Maghribi...
Tulisan ini ditulis berdasarkan hasil investigasi para sesepuh pacitan sekitar tahun 1994 diantaranya dengan Eyang Sukoco Ayahanda Presiden Republik Indonesia ke 6 Bpk SBY ....Ditulis oleh Gustik ...bersambung ke Edisi 4

Jangan bilang anda nikmat di  Resto tempat lain sebelum anda menikmati Bebek Goreng Tulang Lunak Gustik di Resto Tirto Wening mentoro Pacitan..DIJAMIN SUPER PUAS


TIM SUKARELAWAN ANIS DI PACITAN MULAI MUNCUL..

TIM SUKARELAWAN ANIS DI PACITAN MULAI MUNCUL..

Dukungan Anis Baswedan di Pacitan mulai muncul.

Pacitan 20.02.022.
Sekalipun Gubernur DKI Jakarta  Anis Baswedan sekarang  belum menyatakan resmi Nyalon Presiden , Namun tokoh yang selalu menduduki ranking 1 di hampir  setiap lembaga Survy itu mulai dapat dukungan berbagai kalangan.

Terbaru di Kota Pacitan telah terbentuk satu Tim Sukses yang dikomandani mantan Kades Tanjungsari Pacitan yakni Bambang Widiarto.

Pria yang disebut Wiwit itu mengaku telah berbicara langsung melalui sambungan Telpon ( Vidio Call ) dengan Anis Baswedan bersama sama dengan Tim Sukarelawan Jawa Timur yang lain.

Lebih jauh Wiwit merasa senang, bahwa anggota Tim Sukarelawan semakin hari semakin bertambah , dengan pola aktifitas gerilya , sing penting sepi ing pamrih rame ing gawe , ujarnya.

Kini selain Wiwit , ada tokoh masyarakat yang juga owner Tirto Wening Resto akan mendirikan Tim Sukarelawan setingkat Nasional , tapi berbasis di Pacitan dengan mengambil nama ARAP INDONESIA.

ARAP INDONESIA sendiri mengambil arti dan singkatan Aksi Relawan Anis Pegunungan Indonesia.

Menurut Sutikno , rencananya desain anggotanya diambilkan tokoh tokoh yang bermukim diseluruh daerah dan wilayah di pegunungan Indonesia.

Lebih jauh sutikno mengatakan , bahwa Organisasi Aksi ARAP INDONESIA akan dikendalikan dari Kabupaten Pacitan yang nota bene merupakan daerah Pegunungan, tapi punya citra  Tanah Barokah Indonesia.

Dikatakan Pacitan Tanah Barokah , bisa dilihat dari banyaknya Pejabat yang  lahir di Pacitan menjadi Pejabat Negara di Republik Indonesia , dari mulai Mentri , Jendral  sampai Presiden banyak yang  lahir dari bumi Pacitan.

Mudah mudahan dari Pacitan Tanah Barokah ini Tim ARAP INDONESIA mampu  menjadikan mantan menteri Pendidikan Nasional ini menjadi Pemimpin Republik Indonesia tahun 2024.

Terkait  kapan Tim ARAP INDONESIA ini dibentuk , kata Sutikno yang biasa dipanggil Gustik ini Maximal habis Lebaran sudah harus terbentuk dengan Kantor Pusat di Mentoro Pacitan.

Gustik  Koordinator Pembentukan ARAP INDONESIA .

Menurut Rencana , perekrutan Tokoh Pegunungan se Indonesia akan dikondisikan melalui sambungan Elektronik sehingga tidak memakan biaya tinggi , yang penting ARAP INDONESIA bekerja  Tanpa Pamrih , itu sebabnya Kantor kami jauh dari Ibu Kota dan Ibu kota Provinsi.

Bekerja kalau selalu ingin disanjung dan dilihat orang , maka pahalanya sedikit , tapi kalau bekerja tanpa pingin dilihat dan  di puji orang , Insya Allah tujuan utama Anis Presiden bakal tercapai , ujar gustik mengakhiri bincang sore ini ( Andre)
MATINE BUANA KELING DITUGEL DADI TELU CRITA APA FAKTA .? .EDiSI 2

MATINE BUANA KELING DITUGEL DADI TELU CRITA APA FAKTA .? .EDiSI 2

Salah Satu Makam Ki Buana Keling Yang diduga bagian badan yang terletak di dusun Jati desa Purwoasri Kebonagung.

Pacitan Post 20.02.022
Artikel ini sebagai kelanjutan atau sambungan cerita sebelumnya untuk memperingati hari jadi Pacitan ke 277.

KI Maghiribi , Ki Ageng Petung uga murid  murid Maghribi  krungu  Ki Buana  Keling  Mbegegeg  ora gelem mlebu agama Islam kompak njawab ,, Pateni ,, utawa ungkapan ungkapan liyane sing gawe nesu Ki Maghribi.

Segala persiapan disusun murid murid Maghribi , rembugan para penggede Pondok ( base Cam )  di gelar saben dina , kabeh tombak , keris , jaran lan senjata senjata liyane disiapke kanthi mateng.

Ki Ageng Petung sing nurut crito ahli sebagai penyusup ,, nurunke tim sisik melik ,, menyang daerah Blambangan Kayen .
Nurut critane , wong ndisik ,  Ki Buana Keling akeh duwe murid ana daerah  ,,  Lembah ,, Blambangan  Grigilan  Kayen.

Lembah Blambangan Grigilan Kayen adalah sebuah Gugusan Gunung Kecil yang menyambung langsung dengan daerah Wonogondo menuju Lembah yang lebih tinggi. 
Lembah Blambangan punya   gunung lecil yang sekarang kita kenal Gunung Pegat.
Dari lembah Blambangan Grigilan Kayen lah semua aktifitas daerah datar dan Laut Pacitan sangat jelas terlihat.
Mengapa Laut bisa terlihat , sebab waktu itu Teluk Pacitan menjorok jauh  sampai ke sekitar alun alun sekarang  , Tanjungsari,  Arjowinangun,Menadi dan Mentoro. 

Gandeng tugas ,, sisik melik ,, lan persiapan perang wis dianggep cukup Ki Maghribi kirim surat ( utusan ) menyang Ki Buana Keling , inti surat  yo kui nentokne tanggal perang lan panggon.

Dino iku juga , Utusan ki Maghribi entuk balesan yen Buana Keling milih Palagan Perang ana sekitar Siwilan/Gunung Pegat,
Wektu Perang  Ki Buana Keling njaluk sak durunge  ,, srengenge manclap ,,

Pas dino cinaton , sisa sisa Panji Panji Kerajaan Majapahit sing sempat digawa Ki Buana Keling  diarak  mlaku saka arah Gunung Limo mengulon.

Ditunggu sawetara suwe pasukan Kiai Maghribi  ternyata urung ketok njedul ,  padahal jarak Tlatah Duduhan - Siwilan Gunung Pegat ora pati adoh .

Ternyata taktik Perang Ki Maghribi luar biasa . Pasukan Ki Ageng Petung diarahke  mlaku lewat alas Wonogondo mengidul lewat Bangsri ,, tujuane ,,mung arep nyikat/ mateni  anak Buah Ki Buana Keling sing dikonsentrasikan ana duwur lembah Blambangan.

Alhasil anak buah Ki Buana keling sing wektu kui fokus ndelok  ngisor nunggu tekane pasukan ki Maghribi langsung disikat saka mburi , sebagian besar mati.

Wektu anak buah Ki Buana Keling ana lembah  Blambangan kalah perang lan  pada mati , Ki Buana Keling ora weruh , sebab Ki Buana Keling Fokus Nunggu pasukan Ki Maghribi sing  dampyak dampyak ketok  teka saka arah Duduhan.

Teka titi wancine Perang   ,, surup persis  mincle pe'  srengenge ,,  pasukan Ki Buana Keling sing kari setitik iki maeng kocar kacir. 
Ki Buana Keling dewe  iso dipateni marang pasukan Ki Maghribi  saat ana tegalan Gunung Pegat.

Mayit Buana Keling , dicacah dadi telung bagian , sirah , sikil lan awak kudu dipisah pisah ale ngubur , sebab miturut pasukan sisik melik sing sempat di terjunke ki Ageng Petung  ,,  mayit  ,, ki Buana Keling kudu dipisah dadi telu lan  saben kuburan kudu  keletan kali , konon nek ora dileti kali Ki Buana Keling bakal  iso urip maneh....

Saka Peristiwa kui , nganti saiki jeneng Gunung Pegat sangat  Populer ,  yo kui gunung sing kanggo nyacah jasad'e Ki Buana Keling sak durunge dikubur ana, daerah  Banjarejo ( sirah) daerah Jati ( awak) lan daerah dusun Sampang ( sikil)....bersambung ke edisi berikutnya...( Gustik).

















Sabtu, 19 Februari 2022

GUBERNUR  KHOFIFAH SUMRINGAH NANDUR MANGROVE , IKI WISATA ANYAR PACITAN HEBAT.

GUBERNUR KHOFIFAH SUMRINGAH NANDUR MANGROVE , IKI WISATA ANYAR PACITAN HEBAT.

Gubernur jatim , Bupati , Wakil Bupati.Dandim 0801, Kapolres  Pacitan lakukan penanaman pohon Mangrove di desa Kembang Pacitan.

Pacitan Post 19.02.022.
Ora enek sing ngiro babar blas , yen desa Kembang Pacitan bakal duwe obyek Wisata anyar sing Heboh.

Saking hebohe' , Gubernur Jawa Timur sak bubare nekani Hari Jadi Kota Pacitan ke 277 , Khofifah  nyempatne nandur Mangrove ana lokasi Mangrove Park  seberang Masjid Apung Pancer Etan.

Didampingi Bupati , Wakil Bupati ,Ketua DPRD ,  Dandim 0801 , Kapolres Pacitan Rombongan Gubernur  budal nyebrang numpak Prahu saka Masjid Apung menyang lokasi Mangrove Park Desa Kembang.

Gubernur lan Rombongan mlaku ana jembatan pring  ana lokasi Mangrove Park Desa Kembang.

Gubernur ketok injoy lan seneng nandur Mangrove , masiho muk nyeker ( ora nganggo sepatu ) Khofifah secara Simbolis nandur mangrove didampingi Bupati lan pejabat liyane sing melu teka ana area 20 ha Mangrove Park.

Bupati meh tibo  merga lokasi nandur wit mangrove  lunyu .

Gubernur Khofifah omong , yen wit Mangrove sing ditandur ana pinggir Pantai fungsine ora muk kanggo nahan abrasi , tapi fungsi utamane kanggo mecah / nahan gelombang laut umpama terjadi Tsunami sewaktu waktu , jare  Gubernur Wedok pertama kali  ana Jawa Timur.

Sementara Bupati Pacitan sing duwe Jargon Nyawiji Tumandang , rumangsa mbegogok atine nyawang wit Mangrove sing ditandur sak durune , jare Bupati saiki Mangruve  wis duwur duwur lan ketok ijo royo royo , pantesan nek dino libur akeh wisatawan teko kene  , jare Bupati klecam klecem.

Bupati lan Wakil Bupati mlaku ngarep mburi lewat jembatan Pring ana sekitar obyek Wisata  Mangrove Park.

Gubernur Jatim saking senenge , bali nyang Pendopo wegah numpak mobil , tapi pilih numpak prahu konting nyebrang bali menyang mejid Apung Pancer Etan , Aku tak bali lewat kali wae , suwe ra numpak prahu cilik , jare Gubernur ambi nyekakak guyon , ha...dew...( Gustik)













Jumat, 18 Februari 2022

MATINE KI  BUANA KELING DITUGEL DADI TELU , CRITA APA FAKTA..?

MATINE KI BUANA KELING DITUGEL DADI TELU , CRITA APA FAKTA..?

Salah satu makam ki Buana Keling bagian kaki di dusun sampang Purwoasri Kebonagung.

Tulisan sepenggal Cerita Babat Pacitan ini kami maksudkan untuk memberi edukasi bagi Rakyat Pacitan tentang cerita cikal bakal kota Pacitan yang kini diperingati untuk yang ke 277.

Pacitan Post ,19.02.022.
Sekitar 320 tahun kepungkur Kerajaan Majapahit runtuh , keruntuhan Majapahit gawa dampak bubare' Keluarga kerajaan  abdi dalem lan masyarakat  liyane.

Rata rata keluarga Kerajaan lan penduduk Majapahit mlayu ngetan arah Pulau Bali lan mlayu ngidul arah Daerah Tengger Gunung Bromo Lumajang.

salah satu Makam Ki Buana Keling yang diduga bagian Kepala di Desa Banjarejo Kebonagung.

Alasan mlayune keluarga , kerabat lan penduduk  Majapahit maneka warna, enek sing mlayu  merga wedi dipateni pasukan Islam saka Demak  lan ana sing  mlayu merga kekeh mempertahankan agama Hindu sing dadi kepercayaane  ma tahun tahun Kerajaan Majapahit.

Mlayune keluarga lan kerabat Kerajaan Majapahit miturut crita , ora kabeh mlayu nyang Pulau Bali lan daerah Tengger Gunung Bromo, tapi akeh uga sing mlayu tanpa arah , salah sijine' Ki Buana Keling sing terdampar ana daerah Kebonagung Pacitan.

Miturut Crito Babat Pacitan , Ki Buana Keling lan keluarga mlayu teka Pacitan ana 2 Versi.
Versi Pertama :  Ki Buana Keling awale arep mlayu menyang Bali bareng karo penduduk liyane , tapi sayang gethek ( prahu) sing ditumpak'i Ki Buana Keling lan rombongan kentir ( terbawa arus) nganti teka Kebonagung Pacitan , srana bukti  sekitar lembah Pesisir kidul ditemukan kuburan kuno , sayang seiring perjalanan waktu kuburan kuburan iku ilang merga ora ana sing ngrawat.

Versi kedua :  Ki Buana Keling lan Rombongan sengaja mlayu saka Kraton Ponorogo ( Ki Bathara Kathong )  menyang Pacitan merga Kraton Ponorogo uga diserang pasukan  kerajaan Demak Jawa Tengah.

Perlu dimangerteni , Ki Buana Keling teka Pacitan ora mung sak keluarga , tapi miturut crita versi ( pertama)  Jumlahe sak rombongan kang cacahe seisen Prahu ( sekitar 15 - 20 orang).

Ki Buana Keling lan rombongan awal awale' urip ana Pacitan  manggon berpindah pindah , terakhir teridentifikasi manggon ana sekitar Banjarejo / sekitar Purwoasri Kebonagung nganti teka daerah lereng Gunung Lima.

Prakiraan Ki Buana Keling lan rombongan sing awale muk 20 uwong  beranak pinak matahun tahun nganti sekitar 300 jiwa .
Agama lan peradaban Ki Buana Keling lan rombongan sing jumlahe wis atusan iki maeng tetep menganut agama sing dianut Raja Raja Mojopahit  Hindu lan tradisi tradisi liyane sing ora lepas saka adat Kerajaan Majapahit.

Bab Kematian Ki Buana Keling.

Kematian Ki Buana Keling ora lepas saka kontra , merga kabeh sejarah kerajaan ngendi wae mesti ora enek sing bener bener Pas  lan mesti enek gesehe'.

Versi Pertama.
Ki Buana Keling  ( tewas ) merga Perang melawan utusan Saka Kerajaan Demak sing nalika iku di komandani Ki Ageng Petung lan Ki Maghribi saka Tlatah Duduhan Mentoro.

Sebab sebab Perang.
Miturut Sejarah Babat Pacitan  Ki Buana Keling lan Penduduk sekitar Kebonagung dijaluk lan dipeksa mlebu agama islam marang utusan Kerajaan Demak  sing wektu kuwi  dikomandani Ki Maghribi Saka Tlatah Duduhan Mentoro dibantu Ki Ageng Petung saka tlatah Tanjungsari.

Kocapo!
Ki Buana Keling lan penduduk sekitare penawaran mlebu agama Islam sing ditawarke  ki Maghribi ditolak mentah mentah  ( jare / katanya ) wektu kui Ki Buana Keling sempat mbledak mbledak menyang utusan Ki Maghribi.

Aku sumingkir saka Majapahit merga aku mbelani agamaku  , nek Perlu awakmu hai Petung ' mlebu.o .menyang agamaku ..
Ning ! nek awakmu meksa aku lan dulur dulurku sak krandah melu agamamu ,aku wani mati ana palagan peperangan......sumbar Ki Buana Keling sinambi ndudut Keris peninggalan Kraton Majapahit...

Wektu Ki Buana Keling ndudut Keris , utusan Ki Maghribi ora umbal babar blas , kecuali  mundur lan bali menyang tlatah Mentoro ngadep ( laporan) marang gurune yo kui Ki Maghribi.  ( Bersambung  nyang edisi sesuk man'eh ki sanak ..Gustik).











Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done