Nguncalne' Jala , tangan kegubet tali jaring , langsung diseret ombak ... - PACITANPOST
News Update
Loading...

Selasa, 31 Maret 2026

Nguncalne' Jala , tangan kegubet tali jaring , langsung diseret ombak ...


Pacitan Ppos.01.04.026.
Ndlalah yen wis tekdire' mati , penyebab' e mesti enek wae' , koyo sing dialami Wadiono ( 36) asal Lingkungan Purwoharjo Kelurahan Baleharjo maeng esuk ( 31/03)  keseret ombak pantai Pancer Door Pacitan.

Sesuai keterangan Humas Kepolisian Polres Pacitan , awale Korban / Wadiono  sekitar jam 03 ,00 wib  ( plencing ) lungo menyang laut saperlu AREP jala / melempar jaring ana pinggir pantai Pancer Door Pacitan.

Ananging ditunggu keluarga nganti esuk Wadiono urung mulih , rumangsa curiga keluarga lan warga lingkungan Purwoharjo Baleharjo goleki menyang pinggir laut..

Awale pihak keluarga nemokne' sepeda motor terparkir ana sekitar obyek wisata Pancer Door ,  akhire pihak pencari nyisir garis pantai mulai saka Pancer Kulon nganti teka Pancer etan / sekitar Masjid Apung.

Ditengah kebingungan Utawa sekitar jam 10.30 wib , ujug ujug warga dikejutne jazad ngambang ana laut pancer Door / 30 meter saka bibir Pantai.

Merga jasad ijik rada adoh saka pinggir pantai , akhire pihak pencari laporan Penjaga Pantai lan Kepolisian Polsek Kota Pacitan.

Bareng Jazad Isa ditarik minggir , ternyata tenan , jasad Alm Widiono  sing saat ditemokne tangane ijik kegubel tali jala / jaring, , diduga Alm. Wadiono saat arep nguncalne' jaring jala tangane kegubel tali jala.

Diduga urung sempat taline ucul saka tangan korban , ujug ujug    ombak gede langsung teka lan ngapyuk korban sing langsung keseret ombak menyang tengah....

Jasad Korban digawa menyang rumah Sakit Darsono Pacitan  saperlu dianalisa secara medis ) otopsi.....( Gustik)

D

Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done