PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 23 Mei 2022

KONI BAR ENTUK SUWUK SEMBUR  SBY

KONI BAR ENTUK SUWUK SEMBUR SBY

Koni Pacitan bar entuk suwuk sembur SBY.

Pacitan Ppos 23.05.022.
Srana diterke Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , Koni Pacitan sing rencana arep mbudalne atlit Porprof menyang Jember wingi esuk sekitar jam 08.00 wib ( 22/05) , ditampa SBY ana Musium SBY-Ani.

Kejaba Bupati , Pertemuan didampingi wakil Bupati Gagarin, Sekda Heru Wiwoho lan Mantan Bupati Pacitan rong periode DR.Drs Indartato MM.

Inti Pertemuan , menurut salah sijining peserta (Pangat ) muk sekedar pertemuan biasa ngiras pantes nyadong suwuk sembure SBY selaku mantan Presiden RI lan pegiat Olah Raga.

Jare Ass Pelatih Volly Pacitan ' Pituture SBY sing paling penting , kabeh atlit kudu berjuang maximal lan nurut marang instruksi pelatih , Pacitan kudu oleh medali sesuai target sing dipasang Koni Pacitan , syukur syukur ana peningkatan signitifkan , jare SBY.

Sementara wakil ketua Koni Pacitan dr Johan menyang media omong , persiapan atlit Porprof Pacitan menyang jember kira kira wis 80 % , sisane tinggal non teknis terkait administrasi Pemberangkatan.

Ditakoni bab target medali , dokter sing saben dina tugase ana Puskesmas Gondosari Punung iku , ora pati gelem omong , sing pasti Cabor Angkat Besi, Volly Ball lan Bridge , sedang terkait peluang Catur Djohan ora wani mastekne., soale perkembangan individu daerah liyo yo meningkat signitifkan , yo  didongakne wae  pinta Djohan.

Sementara Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji ngaku optimis atlit atlit Porprof Pacitan sing wulan juni budal  bertanding menyang Jember iso bersaing karo atlit daerah liyo , yo muga muga bar disuwuk pak SBY kabeh pada semangat , target perolehan Medali Koni Pacitan terpenuhi.

Pertemuan karo SBY persis dienekne' sak jam sak durune SBY budal kundur menyang Jakarta , bahkan pertemuan dienekne' muk karo ngadeg  ning ngarep Gedung Musium SBY-ANI.

Ketua Koni Pacitan sing anyar Dyah Mentari Putri ,  tetap optimis Atlit atlit Pacitan bakal ngeruk medali sesuai target koni , sekalipun dana minim Insya Allah Pacitan iso berjaya Porprof 2022...( Gustik)





Minggu, 22 Mei 2022

ATI ATI.....'..KORBAN SAYAK KEGUBEL RUJI ..SING AKEH  MATI .....

ATI ATI.....'..KORBAN SAYAK KEGUBEL RUJI ..SING AKEH MATI .....

Ilustrasi pemotor berboncengan dengan baju long dres...

Pacitan Ppos, 23.05.022.
Korban meninggal merga sayak kegubel ruji sepeda motor wis pirang pirang, terakhir warga Gundi Desa Kayen Pacitan.

Suprapti pedagang sayur keliling meninggal  setelah dirawat ana rumah sakit Sarjito Jogjakarta kurang luwih rong minggu.

Awal critane '  lebaran sedina Korban   buru buru ajak  bojone silaturahim menyang  wong tuane' ana Desa Sukoharjo Pacitan.

Dlalah kersane gusti Allah , lagi teko ngarep   omah Pengepul Grosok ( isih Desa Kayen ) sayak / baju long dres Suprapti kegubel ruji sepeda motor sing disetiri bojone.

Akhire' korban tibo geblak ana aspal ,sepeda motor ambruk merga sayak korban lepas kejepit ruji sepeda motor.

Menurut Bojone almarhum Suprapti , sakjane arep budal korban wis dielikne , bu ati ati sayakmu rada cincingno , tapi dasar wis pestine peringatan bojone ora diperhatekne.

Korban lansung dirujuk menyang rumah sakit Sarjito Jogjakarta dalam kondisi ora sadar lan akhire dipundut gusti Allah wingi  esuk ( 23/05).

Almarhum Suprapti klebu korban  sing sayak'e kejepit ruji sepeda motor sing kaping mbuh jumlahe , saking akehe' ora nganti enek sing data resmi.

Rata rata korban ,, sayak kejepit ruji ,,  luka parah / meninggal , merga posisi tibane sing akeh mesti geblak .

Sing repot lan isin isini  ,,tibo  sayak kejepit ruji   ,,  rata rara korban  mesti udo , merga sayak' e melu cupot kegubel ruji sepeda motor..kadang sing arep nulungi yo ewuh pekewuh ..gek piye jal...( Gustik)


Jumat, 20 Mei 2022

DJIHAN MURID SD BALEHARJO 2 ENTUK HADIAH LUKISAN LANGSUNG SAKA SBY

DJIHAN MURID SD BALEHARJO 2 ENTUK HADIAH LUKISAN LANGSUNG SAKA SBY

Djihan saka SD Baleharjo 2 entuk hadiah lukisan pantai Srahu langsung saka SBY.

Pacitan post , 21.05.022.
Acara nglukis bareng SBY ana Pancer Door berjalan sukses lan lancar, paling sitik jumlah peserta nglukis bareng SBY sekitar 2000 uwong luwih.

Jumlah peserta didominasi siswa siswa SD , SMP , SLA lan pelaku seni se Kabupaten Pacitan sak sekitare.

SBY rawuh tepat jam 08.00 wib lan langsung nyalami para siswa sing  klewatan SBY mlaku menuju lokasi sing wis disediakne Panitia.

SBY langsung melukis rong lukisan sekaligus , yo kuwi pemandangan ujung kulon teluk Pacitan lan Pantai Srahu.

Tepat jam 10.00 wib acara nglukis Massal bareng SBY ana Pancer Door 2022 bubar, tapi sak durunge bubar  SBY menehi sambutan lan membagikan sertifikat menyang bocah bocah sekitar 2000 sertifikat , sebagai tanda ucapan trima kasih saka SBY.

Perlu dimangerteni , jumlah 2000 sertifikat sing dibagekne peserta lukis , ternyata enek salah siji  sertifikat sing lembar mburine ana tanda bintang sing langsung ditanda tangani SBY.
 
Ternyata sing untung Djihan murid SD Baleharjo 2.Pacitan , merga sertifikate lain dari pada yang lain , enek tanda bintang lan ditandatangani SBY.

Djihan entuk hadiah lukisan besar Pantai Srau saka SBY sing disrahke langsung ana lokasi Melukis Pancer Door. 

Bar nglukis aku tenguk tenguk karo konco koncoku , aku ora krungu pengumuman panitia , bareng tak delok lembar mburi ternyata ana tanda bintang lan tapak asmo pak SBY.

Seketika aku mlayu nyang lokasi tempat pak SBY melukis , senengku ora karu karuan  , merga ora ngiro arep entuk lukisan langsung saka pak Presiden ke 6 , jare Djihan sendu.

Acara nglukis massal bareng SBY ditekani Bupati Indrata NBA.Wakil Bupati Gagarin.Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono lan sejumlah anggota DPR RI Ibas sak konco.
Sak durunge acara bubar , SBY crito nek jaman sekolah ndisik sempat dipadoni wong tuwane merga SBY terlalu sering beraktifitas seni lan olah raga , gek suk arep dadi opo nek awakmu muk nglukis.Ngeband lan Volly saben dino...? Tiru SBY ale madoni wong tuwane.

Ternyata Nasib SBY  malah dadi Presiden RI sekalipun dong jik enom hoby seni , mulo SBY njaluk nek bocah  seneng  nekuni hoby seni lan olah raga ojo  dipenging  lan dipadoni ,sebab nasib uwong ora ngerti ...contone aku malah dadi Presiden RI , jare SBY ditengah sambutan perpisahan ...( Gustik)











DIREKTUR PDP AJAK CAH PACITAN MLEBU KULIAH PELAYARAN

DIREKTUR PDP AJAK CAH PACITAN MLEBU KULIAH PELAYARAN

Djamaludin Malik Direktur PDP Univ Hang Tuah Ajak siswa Pacitan kuliah Pelayaran.

Pacitan Ppos 21.05.022.
Kol Pur.Djamaludin Malik.SE.M.AP.ANT-II sing akrab diceluk Lilik wektu iki njabat Direktur Program Diploma Pelayaran Universitas Hang Tuah Surabaya.

Mantan alumni SMAN I Pacitan tahun 1980 asli  Dusun Pager - Desa Arjowinangun iki woro woro menyang siswa siswa Pacitan mlebu menyang Universitas Hang Tuah Surabaya  ( khususe) Program Diploma Pelayaran.

Lilik duwe alesan  khusus bab ajak ajak bocah Pacitan kuliah Pelayaran  Program Diploma ana Universitas Hang Tuah Surabaya.

Ping Pisan.
Merga Daerah Pacitan duwe Laut sing ombo tapi ora duwe bocah enom sing seneng dadi Pelaut.

Ping Pindo 
Potensi Pelabuhan Pacitan seiring perkembangan jaman dituntut tenaga tenaga trampil  ilmu management pelayaran lan Pelabuhan Modern.
Terkait hal iki, tenaga tenaga pelayaran lan pelabuhan Pacitan mayoritas ijik diisi tenaga tenaga saka luar kota.

Ping Telu.
Lilik Prihatin kawit jaman kawak udo, mayoritas Nelayan Pacitan ijik seneng melaut karo prahu tradisional sing hasil tangkapan iwak'e isih  ketinggalan adoh karo kapal kapal semi Modern sing saiki mayoritas duwek'e wong luar kota.

Situasi Pelabuhan Tradisional Pacitan,wong Pacitan asli isane muk ndelok saka njobo tenaga tenaga handal luar kota.

Miturut Lilik '  ( Mantan Capten Capal Angkatan Laut RI ) iki merga ora ana generasi muda / bocah enom Pacitan sing seneng teknik Perkapalan , kelautan lan Pelayaran , akibate perairan Pacitan ( dengan segala Potensinya) dikuasai wong njobo kutho , sedang wong Pacitan dewe muk ndelok saka njobo  ngaplo ora entuk opo opo.

Telung perkara ana duwur iki  maeng ndadekne Kol Pur.Djamaludin Malik prihatin , mumpung aku isih iso nulung generasi muda Pacitan Ayo pada kuliah Pelayaran kanggo bangun Pacitan luwih maju, utamane bab laut Pacitan sing sarat potensi.

Mantan  anggota Jambore Sibolangit iki uga njaluk marang kabeh wong tua /wali murid menehi pengertian putra putrine kuliah ana  Program Diploma Pelayaran Universitas Hang Tuah Surabaya , monggo demi kemajuan Pacitan  dipun dorong ! Pinta  Lilik....( Gustik)

Kamis, 19 Mei 2022

SAKING AKEHE WONG  , MANGAN GRATIS  KARO SBY  .AKEH SING NGAPLO ORA KEBAGIAN....

SAKING AKEHE WONG , MANGAN GRATIS KARO SBY .AKEH SING NGAPLO ORA KEBAGIAN....

           Musium dan Galery SBY-Ani.
Pacitan Post, 20-05.022.
 Bukti SBY  ijik disenengi  mayoritas warga Pacitan , saben saben kundur  ana kampung halaman   mesti dadi perhatian masyarakat.

Persasat ..! saben obahe Rombongan SBY ana Pacitan akeh warga sing pingin ngerti lan pingin nyedak.
Sayang aturan penjagaan  Presiden Republik Indonesia ke 6 iku isih ketat .

Mungkin ' seolah ngerti  warga Pacitan pingin nyedak  kadang   beliau SBY sering gawe acara sing terbuka secara umum , misale  nglukis  massal karo siswa ana Pancer door , main Volly  uga klebu acara mangan gratis bareng SBY ana pasar minulyo rong dina kepungkur.

Sayang 'saking akehe wong teka ana pasar Minulyo , panganan sing disiapke pedagang  ludes  sak durunge jam 20.00 wib ,bahkan sak durunge SBY teka ana Pasar Minulyo panganan wis gamit/ ludes.

Miturut ( STR)  salah sijining pedagang Pasar Munulyo , warga teka kawit sore sak durunge magrib , saking ora kanten pingin mangan gratis  bareng SBY warga langsung nyerbu pedagang sing nyiapne panganan sanadzan  SBY urung rawuh ana Pasar Minulyo.

SBY rawuh sekitar jam pitu bengi , gandeng panganan wis entek , tim SBY njaluk tambah  porsi , sayang bakule ora sanggup merga bahan bahane wis entek.

Sukardi  ( pengunjung ) rumangsa gelo ora kebagian panganan , enek tapi wis ora gratis , jare zukardi nerokne bakul pasar minulyo.

Acara soyo suwe soyo semrawut merga soyo bengi akeh warga sing lagi teka tapi panganan gratis wis ludes , tak urung akeh warga sing grundel muni muni ora karu karuan..

Untung kecintaan warga Pacitan marang figur SBY gede, persoalan kentek'an panganan ora ndadekne polemik sing gede, warga sadar SBY ora salah , sing salah pantia lokal sing ora iso ngantisipasi bludak'e pengunjung.

Jare Bambang !  Sing ora godak panitia lokal sing ora iso antisipasi keadaan ,  panitia uga dinilai  ora peka pisykologi warga Pacitan ,, setiap krungu opo wae sing bersifat gratis ,, warga mesti mbludak, iku sing sering ora dipahami Panitia , jare Tokoh seni Bela Diri Pacitan ana warung Sri Mukidi...

Sementara Bupati Pacitan  Indrata Nur Bayu Aji  sing  uga keponakan SBY  klebu penanggung jawab lokal sing urung paham situasi , mungkin Bupati anyar  ijik bingungan ....timpal Cahyo pengunjung sing ora keduman panganan  ( Gustik)

Bebek Sinjai Tirto Wening memang nikmat , ora koyo bebek liyane ...Bebek Gustik lain dari pada yang lain,nikmat dan gurih...






GARA GARA TOLAK UAS .SINGAPURA DIKUYO KUYO NITIZEN.

GARA GARA TOLAK UAS .SINGAPURA DIKUYO KUYO NITIZEN.


Pacitan post.19.05.022.
Gara gara tolak ustad Abdul Somad Batubara , iki dina negara Singapura dibully entek entek'an nitizen Indonesia.

Negara singapura sing jembare separo kota pacitan mungkin  ora ngira babar blas yen bakal ngrasakne bullyan sangar nitizen indonesia sing terkenal ora tedeng aling aling.

Nitizen omong singapura negeri pelingdung koruptor , singapura antek Israil , Singapura islamobia, Dubes arep diusir lan  hujatan werna werna liyane,klebu arep didemo P12.

Sing miris , nitizen wis mulai ngajak warga ( utamane umat islam)  boikot lunga menyang singapura , timbang duit dilebar nggo mlaku mlaku menyang singapur , mending ngggo infak masjid , jare nitizen Indonesia sewot 

Perlu dimangerteni, UAS , bojo  lan konco koncone arep lungo nyang singapur sekedar mlaku mlaku / vacancy.

Ustad Abdul Somad budal saka Batam numpak prahu  pinuju pelabuhan  tanah merah singapura , tapi sayang ! Lagi medun saka prahu UAS diintrograsi macem macem sing ora jelas.

Urung nganti bar ale investigasi petugas imigrasi , buru buru UAS lan rombongan dibalekne menyang Indonesia (  srana) numpak prahu maneh menyang Batam.

Esuk'e kabar UAS ditolak mlebu singapura rame dibahas secara nasional , sing paling parah ( ulah buzzer buzzer pengemis) sing seolah olah justru bela keputusan Singapur.

Iso ditebak '  akhire Rakyat Indonesia terbelah nanggapi penolakan UAS , enek sing pro lan sing kontra ,   kata kata kadrun lan cebong pun muncul.

Singapura sing sak durunge entuk berbagai pujian rakyat Indonesia, saiki gara gara UAS , kredibilitas negara mini Singapura diodel odel borok 'e nyang rakyat indonesia, khususe umat islam Indonesia pecinta UAS....( Gustik)
Timbang duit dilebar nggo dolan dolan sing ora migunani mending nggo madang lawuh Bebek gustik sing rasane nikmat sak donyo





Rabu, 18 Mei 2022

ANCAMAN TURMUDI TERBUKTI AMPUH ATASI KARCIS BOCOR...

ANCAMAN TURMUDI TERBUKTI AMPUH ATASI KARCIS BOCOR...

Kepala Dinas Pariwisata Turmudi ancam pelaku kebocoran karcis wisata.

Pacitan Post.18.05.022.
Ancaman kepala Dinas Pariwisata sing anyar Turmudi  ,, terkait ,,dugaan kebocoran karcis saben musim liburan terbukti ampuh.

Sak durunge lebaran pancen Turmudi wanti wanti karo petugas lokasi Wisata ojo nganti ana istilah  ,, panen ,, ngentit duit karcis wisatawan , sebab ngentit duit karcisan podo karo korupsi sing iso dipidana.

Turmudi  ora ragu  sopo wae sing ketahuan ngentit  duit karcisan bakal dilaporke penegak hukum , jare Turmudi wektu ditemoni ning kantore sak durunge lebaran.

Alhamdulillah pendapatan Retribusi libur lebaran tahun 2022 iki meningkat tajam sesui target Dinas Pariwisata , disamping pengunjung meningkat drastis,  secara  administrasi pengelolaan Tempat wisata wis ketok rapih , ora koyo biasane.

Mantan kepala LPSE Pemkab Pacitan iku ngaku bangga instruksine di turuti anak buahe utamane petugas lapangan lokasi wisata , wis marem aku cah cah wis ana perubahan sikap terkait pengelolaan pendapatan retribusi wisata.Saiki iso diarani luwih rapi ,luwih transparan lan luwih produktif.

Perlu dimangerteni , dugaan kebocoran retribusi tempat wisata Pacitan wis dadi rerasan umum , bahkan dugaan kebocoran pendapatan Retribusi Tempat Wisata ana Pacitan  sak durunge pandemi pernah disoal DPRD.

Wektu kui  Rudi Hartoyo saka Komisi IV Terang terangan njaluk marang Bupati Pacitan iso atasi dugaan bocore retribusi kabeh Tempat Wisata , tulung pak Bupati bab iki  pancen ora ketok ujud'e ning krasa ambune , jare Kader Hanura wektu kui.

Usul Rudi Hartoyo ora let suwe, direspon Bupati  , salah sijining tempat wisata ditukokne CCTV sing iso dipantau saka Hp ne Kadis Pariwisata bahkan hp ne Bupati.
Harapane kanggo ngurangi karcis bocor .

Sayang Turmudi ora bloko , tahun iki pirang persen kenaikan pendapatan retribusi lokasi wisata dibanding 3 tahun kepungkur sak durunge pandemi.

Turmudi muk njawab pokoke meningkat , aku lali jumlahe piro piro , sik tak tekokne bocah bocah , ditunggu sawetoro wektu wartawan urung entuk kabar mergo hapene Turmudi mati alias tulalit...( Gustik)







Jumat, 13 Mei 2022

IJIN  MINI MARKET PACITAN LOLOS KPK ?

IJIN MINI MARKET PACITAN LOLOS KPK ?


PacitanPost, 14.05.022.
Gara gara penerbit ijin prinsip  mini Market kota Ambon dicokok KPK ,  ( klebu ) Walikota Ambon Richard Leohupency sing saiki ditahan KPK diperkirakan ora suwe bakal mrembet nyang daerah liyo , klebu Pacitan.

Nek didelok saka fakta lapangan, ijin Prinsip Mini Market ana Pacitan klebu ugal ugalan , bayangno !  Ibarat saben jangkah toko/ mini market Pacitan  enek,  bahkan enek sing ngadeg ana  arep pasar tradisional Arjowinangun .

Didelok saka  fakta lapangan , pejabat Pacitan jaman ndisik klebu Pejabat sing iso diarani pejabat sing ora duwe ati lan kawelasan karo pedagang  cilik , mini market pating tlecek ngadeg ana sudut sudut kota Pacitan.

Sing pasti ! Ijin prinsip mini market ana daerah ambon terjadi suap menyuap sing nglibatkne Wali Kota, pegawai Mini Market lan pejabat liyane kota Ambon.
Duit sing terkumpul berkisar 500 jt  kanggo penerbitan ijin prinsip 20 gerai mini market ( 25 jt / satu ijin  mini market).

Soal ning Pacitan enek suap menyuap terkait penerbitan ijin Mini Market, kui pinter pintere aparat penegak hukum , aku mendukung pacitan di selidiki , jare Pait pedagang  tradisional Pasar Arjowinangun.

Jane kawit ndisik aku wis protes, tapi kepiye maneh , wong tuaku duwe toko klontong, engko gek dikiro wedi saingan, jare Bibit .

Bibit paham  , dunia usaha bebas tapi kudu diatur jarak'e  ojo mepet mepet antara siji lan sijine ,  dadi ora terkesan waralaba sekelas nasional iku arep mateni pedagang cilik , iki saben rong jangkah mini market ...repot nek ngene'....( Gustik)




Kamis, 28 April 2022

KAWAL PEMUDIK LEBARAN PU JATIM SIAPKAN ALAT BERAT DI PACITAN.

KAWAL PEMUDIK LEBARAN PU JATIM SIAPKAN ALAT BERAT DI PACITAN.

   M..Akil mewakili Kepala UPT PU Jatim di
Pacitan 

Pacitan Ppos.29.04.022.
Untuk antisipasi Pemudik Lebaran di Pacitan yang diperkirakan meningkat dari tahun sebelumnya ,  PU Jawa Timur UPT Pacitan siapkan beberapa alat berat di beberapa titik Jalur Pacitan Ponorogo.

Menurut  M.Akil yang mewakili kepala UPT Pengelolaan Jalan dan Jembatan Pacitan Mariyanto ST MM, bahwa alat alat berat tersebut di parkir di jalur Pacitan Bandar dan satu lagi di parkir di Tegalombo Pacitan dengan maksud untuk antisipasi tanah longsor di sepanjang jalur  tersebut.

Lebih jauh Akil mengatakan , sebenarnya alat alat berat tersebut baik itu lebaran atau tidak  jika musim hujan selalu stanby di lokasi rawan longsor , ujar Pria asli Trenggalek ini,

Terkait koordinasi dengan Pemkab , Pria penggemar bebek tersebut mengaku sudah koordinasi dengan berbagai instansi yang ada si Pacitan baik itu Polres Dinas PU Pacitan,Satpol PP dan Kodim 0801 Pacitan , mudah mudahan lancar imbuhnya.

Sementara itu , Ketua komisi IV DPRD Pacitan Pujo Setyo Hadi memberikan apresiasi kepada UPT Pengelolaan Jalan dan Jembatan di Pacitan atas segala bentuk kesiapan alat alat berat dan personnel dalam mengantisipasi kemungkinan tanah longsor di beberapa lokasi , mudah mudahan tidak ada bencana ditengah umat muslim merayakan lebaran disini , ungkap Pujo di Gedung DPRD  Pacitan kemarin ( gustik)


Rabu, 27 April 2022

JUTAAN . INGKUNG...!  IRINGI KATAMAN QUR'AN SABEN MASJID...

JUTAAN . INGKUNG...! IRINGI KATAMAN QUR'AN SABEN MASJID...

Tradisi sodaqah ingkung warnai kataman Qur'an santri santri Masjid Al Hidayah Kedawung Mentoro Pacitan.

Pacitan, 26.04.022.
Nek digunggung kabeh mungkin , jutaan ingkung sak indonesia  ngiringi tradisi kataman Qur'an saben mejid ning Indonesia.

Tradisi sodaqah sing digagas para Wali lan kiai nganti abad 21 isih diuri uri para santri , utamane santri santri tanah jawa.

Sekalipun ning tuntunan soal ,, ingkungan ,,  saben kataman qur'an  ora enek aturane  , tapi tradisi sadaqah dianjurkan marang agama islam.

Kanggo sing katam ngaji , ingkungan merupakan bentuk  tasyakuran marang gusti Allah merga wis diparingi ilmu iso ngaji tutuk  30 juz.

Miturut H.Prayitno  , sing paling penting nek wis bar katam Qur'an  kudu ngerti opo sing diwoco / dipelajari sakjrone kitab suci banjur diamalke saben dinane',ojo mung katam tok , jare H.Prayitno sing bengi kui menehi ceramah bab Nuzulul Qur'an ana Masjid Al Hidayah Mentoro.

Malah miturut Presiden Republik Indonesia ke 4 H.Abdurrahman Wahid ( Gusdur)  naliko isih sugeng pernah  ngomong ,, Tradisi Ingkungan sasi siam,, merupakan Tradisi Sodaqah paling fenomenal umat islam Indonesia sing perlu diconto umat islam dunia.

Ingkungan tradisi Positif sing perlu dilestarikan , entuk ilmu sing bermanfaat srana tutuk ngaji Qur'an , blajar bersyukur marang gusti kang akarya jagad srana sadaqah marang wong liyo.....( Gustik)

BEBEK GUSTIK MEMANG TIADA TARA LEZATNYA..HANYA ADA DI RESTO TIRTO WENING MENTORO...IKLAN MANEH...










Senin, 25 April 2022

KODIM 0801 PACITAN RUTIN BANGUN SILATURAHIM KARO AWAK MEDIA...

KODIM 0801 PACITAN RUTIN BANGUN SILATURAHIM KARO AWAK MEDIA...

           Letkol Kav Ibnu Khazima SiP.MSi 

Pacitan Ppos .25.04.022,
Kodim 0801 Pacitan dinilai Paling sering bangun komunikasi karo awak Media , sak ora orane setahun ping telu wartawan dijak kumpul bareng.

Model silaturahim kumpul bareng sing sering diterapne Kodim 0801 Pacitan terbukti ampuh kanggo menyerap aspirasi masyarakat Pacitan sing sumebar ambyar ana daerah daerah  pegunungan. 

Miturut Komandan Kodim 0801 Pacitan Letkol  Kav Ibnu Khazim SIp M.S.I , Insan Media merupakan mitra Kodim paling dibutuhke kanggo bantu tugas tugas Kodim menjaga stabilitas teritorial bangsa lewat berbagai informasi lan aspirasi masyarakat .

Pro lan kontra ditengah masyarakat hal biasa , mulo kui aku njaluk marang konco konco wartawan iso'o melu nglerem ,, misale ,, ana gejolak masyarakat , jare Dandim maeng awan  .

.        Letkol  Kav. Ibnu Khazim Sip M.S.i

Ana sekitar 44 awak media kumpul bareng ana Aula Kodim 0801 Pacitan sing lokasine persis  ngarep SMAN I Pacitan Cuwik Sidoharjo Pacitan.
.
Tio wartawan Inti Post sing didapuk makili Wartawan ana acara Silaturahim maeng awan ,ngucapne matur nuwun banget marang komandan Kodim 0801 Pacitan Ibu Khazim sing sering ngejak wartawan silaturahim / kumpul bareng ,, dalam rangka ,,  membangun sinergitas antar  TNI - Media demi Negara dan Bangsa,  Indonesia Maju ,Aman dan Sejahtera ( gustik)

bebek goreng gustik model sinjai satu satunya di Pacitan, nikmatnya sampai diperut he he iklan maneh..






Jumat, 22 April 2022

SAIKI ATI ATI MLEBU GROUP, AKEH NO HP PRIBADI  SING DISALAH GUNAKAN.

SAIKI ATI ATI MLEBU GROUP, AKEH NO HP PRIBADI SING DISALAH GUNAKAN.


Pacitan Ppos 21.04.022.
Gara gara kakehan Group , akhire  akeh no hp pribadi sing disrobot wong liyo kanggo tujuan kriminal.

Korbane wis mbuh mbuh akehe , kadang enek sing dienggo njaluk bantuan keuangan , enek sing dienggo mbobol bank , enek sing dienggo naksir cah wedok , enek sing dienggo nyolong pulsa  lan modus liyo liyane.

Koyo sing dialami ida, bocah asal Tulakan iki ngaku  NO HP tiba tiba dienggo wong liyo , dienggo njaluk bantuan duit nyang sedulure, untung sedulure waspada.

Mulo saking bahayane modus kriminal saka No Hp bajakan ( hack) masyarakat dihimbau ora usah kakean mlebu group sing ora pati jelas anggotane , salah salah data pribadi  iso dicolong wong liyo.

Himbauan iki disampaikan , Mahendrawan Kepala Dinas Komunikasi dan informasi ( Kominfo)  Kabupaten Pacitan , teknologi informasi sing semakin canggih lewat aplikasi HP  kadang  nek ora ati ati data pribadi sing ning njero hp disalah gunakan wong liyo , tegas mahendra.

Sementara korban no hp pribadi dibajak wong liyo  soyo suwe soyo akeh, masyarakat dihimbau ngati ati terkait penggunaan HP..,ojo kakean mlebu group sing ora jelas anggotane...( Gustik)








Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done