PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 06 Juli 2022

RIBET SWAB , REUNI ALUMNI SMA 271 DIPERKIRAKAN SEPI....

RIBET SWAB , REUNI ALUMNI SMA 271 DIPERKIRAKAN SEPI....

Foto.dok.Reuni SMP-75 -SMA-79 Pacitan

Pacitan 05.07.022.
Gara gara Wajib Tes Swab  Antigen !  rencana Reuni ( temu kangen) SMA 271 Pacitan tanggal 10 juli 2022 ana Musium & Galery SBY-ANI diperkirakan sepi peserta.

Rata rata peserta cegeh diogrok ogrok irunge' tatkala Swab , kejaba saka iku peserta  rata rata uga wedi merga muk pileg utawa Watuk  hasile Positif.

Padahal nek wis dibilang Positif , kesan negatif menyang masyarakat dadi elek dikira Positif Covid 19 padahal urung mesti terpapar  Covid 19 , iso wae muk pileg biasa lan virus virus liyane.

Cuma sing repot  , memang  nek positif tenanan  merga l Swab Antigen ,, aturan ,,  sing berlaku sesuai tata cara Prokes kudu Isolasi  mandiri.

Ketua Harian Alumni SMA 271 Pacitan Bambang Widiarsa ngaku  ora iso berbuat banyak merga aturan saka Pihak Musium yo wis ngono kui , monggo ingkang bade rawuh ...monggo...ning kedah Swab rumiyin ,  ujar  mantan Kades Tanjungsari iku guyon.

Foto.dok Halal Bihalal Alumni SMP 75 /SMA 79 Pacitan.

Perlu dimangerteni , Rencana Reuni Akbar Alumni SMA 271 Pacitan kejaba arep ditekani mantan Pejabat Pejabat Jakarta uga bakal dirawuhi Presiden Republik Indonesia ke 6 SBY lan Keluarga.

Mungkin merga dirawuhi SBY isa uga aturan mlebu menyang komplek Musium SBY-ANI  diperketat , jare Ninik dikapak kapakne pak SBY iku mantan Presiden , aturan Paspampres kudu diturut marang sopo wae tanpa kecuali , jare Ninik rada gelo , kadung adoh adoh saka Suroboyo rek rek..!

Ora mung Ninik , konco konco alumni liyane uga pada ndresulo , rata rata kabeh pada wedi Swab , imbase akeh sing maune rencana arep melu , ujug ujug  mbatalake merga cegeh Swab...( Gustik)

Nek kluwen ojo sok ditahan , gek ndang mlayu wae andok bebek goreng gustik..
( Adv)








 ORA JELAS NASIB'e , PESERTA P3K AWAN AWAN GRUDUG  DEWAN.

ORA JELAS NASIB'e , PESERTA P3K AWAN AWAN GRUDUG DEWAN.

Perwakilan pegawai PPPK Grudug Dewan

Pacitan , 06.07.022.
Ora enek angin ora enek udan , ujug ujug DPRD Pacitan digrudug  sekitar wong 40 peserta PPPK sing lolos ujian Passing Grade  tahap 1 lan tahap 2 tahun 2021.

Tujuan Peserta PPPK Pacitan intine , njaluk gek ndang ditempatne ana sekolah sekolah sing wis enek Formasine , mbuh kui tingkat  SD utawa SMP.

Menurut Kepala Dinas Pendidikan Nasional Pacitan Ir.Budiyanto MM , Kabupaten Pacitan ngusulke formasi tahun 2020 sekitar 1041 , tapi hasil seleksi sesuai Passing Grade tahap 1 lan 2 sing diangkat pegawai PPPK  tahun 2022 muk sekitar 909 uwong , dadi kekurangan sekitar wong 132 , padahal sing lolos Seleksi jumlahe sekitar wong 352 , jare Budi maeng awan 

Mantan Kepala Dinas PU Pacitan pirang pirang periode iku uga omong yen minggu ngarep ( selasa)  diundang menyang pemerintah pusat ( BKPSDM )  bareng Kabupaten liyo , sing intine' rapat koordinasi kelanjutan rekrutmen pegawai PPPK.

Rudi Handoko Ketua Komisi 2 DPRD Pacitan.

Sementara Rudi Handoko Ketua Komisi 2 DPRD Pacitan membantah nek dewan didemo guru guru PPPK , sing bener Peserta PPPK nyalurke aspirasi sing wis terjadwal , ora gek ujug ujug teka , jare Tokoh Dewan Asal Tulakan sembari mbantah Dewan di Grudug guru guru Honorer.

Miturut Rudi , peserta P3K sing lolos seleksi Passing Grade  tahun 2021nganti seprene Nasib'e ora jelas , padahal jumlahe akeh ana sekitar wong 352.

Sedang  tuntutan peserta , njaluk DPRD Pacitan melu cawe cawe bab Nasib'e pegawai P3K sing nganti seprene ora jelas.

Rudi Handoko selaku Ketua Komisi 2 DPRD Pacitan  sing membidangi Pendidikan,  isane yo muk klarifikasi karo Diknas lan BKPSDM , alhamdulilah kabeh kepala Dinas maeng pada teka , isane yo muk klarifikasi sebab Dewan dudu lembaga Eksekutif..

Perlu dimangerteni , awan awan maeng sempat mincul isu gedung Dewan didemo Peserta P3K sing ora jelas Nasibe, mungkin saking okehe uwong do mlebu gedung Dewan , dikiro Demo  ampere jare Satpam DPRD ..Oh ngono..?.( Gustik)











Selasa, 05 Juli 2022

BADRUL AMALI: ora enek Bom Peledak ana Trowongan Tambang.

BADRUL AMALI: ora enek Bom Peledak ana Trowongan Tambang.

Badrul Amali SH.MH.C.L.A. C.M.LC.Me

Pacitan Post.05.07.022.
Gara gara ana sing mati ketiban watu ana terowongan tambang GLI desa Kkuwih Kecamatan Tulakan Pacitan , muncul isu pating sliwer sing ora bener.

Enek sing omong almarhum katno , mati kebrukan /tertimbun watu saat peledakan, enek sing omong Korban mati merga kebledokkan Bom lan isu isu liar liyane.

Merga isu sing wis ora karu karuan iku , Badrul Amali selaku Law Office PT GLI menehi penjelasan rinci lan membantah isu liar sing berkembang ana masyarakat.

Menurut Badrul : PT GLI wis setahun medun ora enek kegiatan penambangan ana desa Kluwih , merga bahan peledak'e entek , stock wis ora duwe.

Ananging ben  para pekerja PT GLI ora nganggur metekur, Perusahaan secara bergiliran nugaske sebagian karyawan ,, ngrawat,, terowongan tambang  sing dowone meh sekilo iku.

Dlalah kersane gusti Allah , dina   senen ( 04/07)  Katno,Sugeng , Setiawan lan imron kerjo rutin mlebu trowongan sing perlune ngrawat kondisi trowongan tambang pada titik 550 meter.

Badrul Amali SH.MH  dan Patner kerjanya Imam Bajuri SH.

Ananging Nahas, kira kiro bar bedug / sekitar jam 13.15 wib Katno ( 40 ) sing wektu kui  istirahat ,  enak enak lungguh pinggir trowongan ujug ujug enek watu gede duwur sirah ambrol.

Watu gede sekitar sak tomblok iku maeng nibani tengkuk mburi , alhasil Katno ninggal seketika ana njero terowongan , pada titik 550 meter.

Badrul uga mbantah yen korban 4 , sing bener korban meninggal siji , sing luka ringan 1 sing jenenge Sugeng.

Sugeng kepencelatan watu sikile, kondisi sugeng muk abuh sikile , ora nganti tugel koyo sing diberitakne masyarakat , sementara Setiawan lan Imron slamet ora kenek opo opo.

Sementara atas kedadean iki, Badrul memastikan korban entuk santunan saka Perusahaan lan tunjangan Jamsostek, kabeh sing urus GLI pokok'e.

Pengacara Kondang Pacitan iku uga memastikan , tim PPK  Jawa Timur bakal mudun menyang desa Kluwih  memeriksa kondisi tambang lan peralatan kerja , sebagai bentuk investigasi lapangan.

Sementara Ketua DPRD Roni Wahyono melu prihatin enek karyawan tambang sing kecelakaan  maneh nganti meninggal dunia  .

Rony Wahyono  menghimbau, antara Perusahaan lan Karyawan saling bersinergi menciptakan keselamatan kerja bersama , kabeh aturan lan regulasi pertambangan kudu dipatuhi , ben slamet kabeh.

Pada karo Ketua DPRD, Komisi 4 DPRD sing diwakili Hariawan ST uga rumangsa prihatin anane Kecekaan Kerja sing mateni pekerja.

 Jare Hariawan, Komisi 4 bakal mudun ana lokasi Tambang sebagai bentuk ispeksi.

Engko umpama ditemokne hal hal sing ora sesuai aturan , kabeh pimpinan Mabagement PT GLI dijalukki keterangan ana kantor Dewan  , tapi emoh aku yen sing teka perwakilan , kudu bose dewe , pungkas Hariawan.,tegas..

Sebagai Lawyer PT GLI , siap sewaktu waktu dijalukki keterangan pihak endi wae, klebu DPRD Pacitan ....,( Gustik)

Senin, 04 Juli 2022

WAHIDIN. Omah ning Ngadirojo disenengi wong Tegalombo.

WAHIDIN. Omah ning Ngadirojo disenengi wong Tegalombo.

Wahidin tokoh Ngadirojo dicintai warga Arjosari - Tegalombo.

Pacitan, 04.07.022.
Nek ngomong keberhasilan dadi anggota Dewan  (khususe)  Dewan Pacitan  ,  kadang unik dibahas.

Edisi Pacitan Post rong dina kepungkur, membahas bab Anggota Dewan sing  terpilih paling murah biaya Nyaleg.

Pacitan Post Edisi dina iki , membahas Anggota Dewan sing nekad nyalonke anggota Dewan  dudu asli daerah pemilihan tapi berhasil  , bahkan bola bali terpilih.

Tokoh istimewa kui ora ana maneh Kecuali Wahidin , tokoh Asli Ngadirojo sing bola bali terpilih ana Dapil ll Arjosari-Tegalombo.
Tokoh kelahiran 06 April 1973 asal Ngadirojo iki terpilih nganti ping 3 mulai tahun 2009 nganti 2024.

Miturut Wahidin , resep wong gelem milih karo ora gelem milih iku tergantung performa tokoh sing dipilih ,  kabul chajate nyaleg ndisik kepiye...?  nek bar kepilih trus lali karo sing milih , dipastikan nek nyaleg maneh ora bakal kepilih.

Wahidin Anggota DPRD Pacitan membantu pembayaran Pajak Bumi dan Bangunan warga dusun salam desa Kasihan Kecamatan Tegalombo.

Mulo aku pisan pisan ora bakal nglalekne konstituanku , aku berjuang semaksimal mungkin demi kemakmuran lan kesejahteraan warga  ( khususe) warga daerah Kecamatan  Arjosari -Tegalombo daerah pemilihanku, jare Wahidin ditemui Media Pacitan Post ana kantore DPRD Pacitan.

Bukti Wahidin disenengi warga Kecamatan Arjosari-Tegalombo ora mung sekedar ,, ngecap ,,  utawa Pencitraan, tapi bener bener dilakoni , koyo to wingi ana dusun Salam  warga kesulitan nglunasi Biaya PBB , Seketika Wahidin mbantu biaya pelunasan PBB warga dusun Salam Desa Kasihan Tegalombo.

Wahidin sadar , bantuan sing diwenehne sebagian warga , urung iso njangkau daerah liyane , tapi minimal wis iso ngentaske sebagian persoalan warga sing lagi kesulitan.

Aksi nyata Wahidin ana daerah pemilihan Arjosari Tegalombo diapresiasi warga setempat . Edi Tokoh setempat ngakoni  Wahidin masiho dudu asli Tegalombo, ananging kiprahe lan baktine ngluwihi tokoh lokal Tegalombo , teruskan pak Wahidin.

 DPC Partai Demokrat Pacitan sebagai induk Partai Wahidin bahkan mengapresiasi sikap lan kegiatan Wahidin selama dadi Anggota Dewan 3 periode .
Apresiasi iki disampaikan langsung Ketua DPC Demokrat Pacitan H.Indartato.

Jare Mantan Bupati Pacitan rong periode , pak Wahidin tiyangipun kalem , cermat ugi mboten katah ndamel masalah..milo saben saben Pemilu pak Wahidin selalu terpilih , ungkap pak In kalem  .( Gustik)







PEKERJA TAMBANG KLUWIH DIDUGA TEWAS DI TEROWONGAN HARI INI.

PEKERJA TAMBANG KLUWIH DIDUGA TEWAS DI TEROWONGAN HARI INI.


Pacitan,04.07.022.
Diduga tertimbun terowongan tambang di desa Kluwih Tulakan  seorang pekerja PT GLI Pagotan Arjosari Tewas ,sedang lainya luka luka 

Korban yang saat ini sedang dievakuasi oleh tim dan Warga setempat belum diketahui identitasnya dan belum bisa diduga penyebab detailnya 

Menurut Kapolsek Tulakan  Umaryono yang dihubungi rekan media membenarkan kejadian tersebut , namun belum bisa menyampaikan secara detail kejadian karena Pihak Kepolisian sedang menuju lokasi kejadian di desa Kkuwih tempat terowongan itu berada.

Mohon maaf saya belum bisa Pers relis , karena masih evakuasi dan perlu pendalaman lebih lanjut , nanti Relis media akan dilakukan bapak Kapolres Pacitan.

Perlu diketahui , PT GLI sudah bertahun tahun melakukan eksplorasi penambangan CU benih  ( tembaga) dilokasi Tambang Desa Kluwih Kecamatan Tulakan Pacitan.

Sekalipun dalam sejarahnya PT GLI dalam proses penambangan  sering konflik dengan warga setempat, namun kegiatan penambangan masih tetap berjalan ..( gustik)
BERAT BERAT...!  CAH ENOM PILIH GAME TIMBANG OLAH RAGA...

BERAT BERAT...! CAH ENOM PILIH GAME TIMBANG OLAH RAGA...


Pacitan Ppos.04.07.022.
Ojo madoni , ojo maido lan ojo nyalahke' sapa sapa terkait Prestasi Kontingen Kabupaten Pacitan ana gelaran Porprov Jember ,,mbepok ,, 

Nganti akhir Event Porprov tanggal 3 urutan /  peringkat kontingen Kabupaten Pacitan panggah no 32  saka 38 Kabupaten/ Kota sak Jawa Timur , ora adoh karo prestai  porprov tahun tahun ndisik.

Miturut Wahyu  anggota DPRD Pacitan  setuju kegagalan Kontingen Pacitan ana Porprov Jember tahun 2022 ora perlu nyalahke sapa sapa , merga masalahe terlalu komplek , utamane pergeseran moral anak anak / remaja sing seneng nyekel  HP ketimbang Olah Raga.

Contoh Fakta , Saben Desa akeh lapangan bulu tangkis  tur yo apik apik , ananging lapangan iku justru muk di enggo penyaluran hobi perangkat  desa lan wong tuwek tuwek , sedang bocah enom/ remaja babar blas ora gelem nyekel raket.

Kondisi kaya mengkana iku umum sak Pacitan bahkan sak Indonesia . Umpomo toh  atlit atlit Bulu Tangkis enek sing dadi juara dunia iku muncule ora saka bakat alami pedesaan, ananging muncul saka Club sing suduweni Pengusaha.

Wahyu Pujiono  menehi saran! Lapangan Bulu Tangkis sing ,, mblader ,, ana desa desa kui mbok digunakan maksimal , bocah bocah tingkat SD/ SMP dikongkon latihan seolah digawe Club , nek wis ketok bakat lan  prestasine rutin di adu karo Desa liyane, insya Allah bakal muncul atlit atlit berbakat saka ndeso , lapangan ojo muk digawe seneng seneng perangkat lan wong tuwek  wae  brow ..jare Tokoh Gemaharjo iku guyon.

Sementara Kepala Dinas Pariwisata Budaya dan olah Raga Turmudi sarujuk karo sing diomongke Wahyu Pujiono saka Dewan , Prestasi kontingen Pacitan wis apik sesuai target Koni Pacitan , bahkan cenderung enek peningkatan utamane Cabor angkat Besi lan Menembak.

Tapi Turmudi uga setuju , kedepan Cabang Cabang olah raga perlu dievaluasi , perlu pembinaan sing terkonsep lan diawasi tenanan .

Cabor Cabor bergengsi kaya Voli Ball , Bulu Tangkis , Tenis meja , Sepak Bola lan Atletik   Preoritas yg perlu dibenahi.

Jare Turmudi , ora merga cabor Cabor kui maeng  ,, mbepok ,, ana palagan Porprov,  ananging  semata mata fakta lapangan , Bal Balan ora melu , Bulu tangkis ora melu , Voli Putri ora melu , Catur sing biasane juara  iki dino melu melu mbepok.!.

Perlu dimangerteni , Kontingen Atlit Pacitan sing bar berlaga ana even Proprov Jember tahun 2022 wis bar.
Peringkat Kontingen Kabupaten Pacitan  panggah nomer 30 medun saka 38 daerah Kabupaten / kora se Jawa Timur...ora enek sing perlu disalahne , Kecuali Evaluasi..
( Gustik)







Minggu, 03 Juli 2022

PERTAMA: Temu Kangen Alumni SMA 271 di Musium SBY.

PERTAMA: Temu Kangen Alumni SMA 271 di Musium SBY.

Musium Ke Presidenan SBY-Ani di Pacitan.

Pacitan Ppos .03.07.022.
Mungkin saking cintane  pak SBY marang alumnine SMA 271 Pacitan (  masiha ) sejatine Gedung Ke Presidenan / Musium & Galery SBY-ANI urung di Resmikan,, khusus  ,, alumni 271 Pacitan dikecualikan.

Menurut ketua harian Alumni SMA271 Pacitan Bambang Widiarsa , rencana temu kangen bakal dilaksanaake tanggal 10 Juli 2022 srana dihadiri Presiden RI ke 6 Susilo Bambang Yudhoyono & Keluarga.


Foto gabungan alumni SMA271 & SMPI Pacitan Tahun alumni 75/79 .

Peserta sing diundang kabeh alumni SMA 271 Pacitan sing mendaftar nganti teka tanggal 4 Juli 2022. 
Bambang uga nambahake , peserta temu kangen oleh gawa  pasangan / bojone dewe dewe.

Penghormatan pak SBY menyang alumnine SMA 271 Pacitan, diapresiasi  alumni sak Indonesia , rata rata saka luar kota sing antusias melu daftar Acara temu kangen tanggal 10 juli 2022.
Acara dipastikan rame merga bebarengan liburan sekolah..

Gedung SMAN I Pacitan dulu SMAN 271

Klebu mantan Dirjen, mantan Jendral lan Pengusaha sukses  Jakarta wis menyatakan hadir  misale Suroyo ( mantan Dirjen Kemenhub) Sutarto Ali Musa , Jendran Purn Rubani lan liya liyane.

Reuni sing digagas langsung SBY lan konco koncone alumni  iku bakal diwiwiti sekitar bakda isa , Dijaluk  kabeh peserta  Up Date  menghubungi tahun angkatan alumni dewe dewe.. ( gustik)






Sabtu, 02 Juli 2022

PANGAT. Urung rejekine Emas Ilang.

PANGAT. Urung rejekine Emas Ilang.


Pacitan Ppos .02.07.022.
Cabor  bergengsi Voli Ball putra Kabupaten Pacitan akhire ora entuk Medali Emas ananging  isih  lumayan entuk medali perunggu.

Menurut  Pangat , Pelatih Voli Putra Pacitan secata teknis permainan anak anak ora enek masalah , yo muk urung rejekine wae , kalah 3-2 karo tim Surabaya sing kekuatane imbang.

Terkait suara sumbang Tim Voli Putra Pacitan seneng ngremehke lawan nek posisi unggul , Pelatih sing uga guru SD Wonokarto iku  ,, membantah ,, anak anak tetep semangat , soal kalah menang kui biasa, jare Pangat.

Sementara ketua Ivop Pacitan H.Sugiharyanto mengaku kaget krungu Voli Putra Pacitan kalah , akhire opo sing tak kawatirke' dadi kenyataan , misale  kalah karo Sidoarjo lumrah tapi kudune karo Surabaya menang , tapi yo piye maneh yo..?

Kepala Dinas Pariwisata Pacitan Turmudi sing ndelok langsung lewat HP pertandingan Tim Voli Putra Pacitan lawan Surabaya uga rumongso getun , wong wis unggul 2:1 lho ..kok yo kalah ,jare Turmudi didampingi pengurus koni Pacitan Burhanudin.

Turmudi sing ditemoni Media ditengah acara pertandingan Voli Pantai ana Pancer Door ora iso nyalahke tim Voli Pacitan , mungkin anak anak capek , utawa faktor liyane , oke iki nggo evaluasi lan pembelajaran kabeh terkait pelaksanaan Porprov tahun 2022 , muga muga tahun 2025 Pacitan menjadi lebih baik , ungkapnya.

Perlu dimangerteni, Gelaran Porprov Jatim tahun 2022 sesuk wis bar , harapan Cabor bergensi Voli Ball Putra Pacitan rebut medani emas kandas, tapi isih beruntung sabet medali Perunggu  , sak bubare ngalahke' tim Voli Bal Banyuwangi 3-0.( gustik)


.




Jumat, 01 Juli 2022

RIRIN SUBIANTI PECAHKAN REKOR ! DADI DEWAN PALING MURAH.

RIRIN SUBIANTI PECAHKAN REKOR ! DADI DEWAN PALING MURAH.

    Hj. Ririn Subianti Anggota DPRD Pacitan

Pacitan Ppos, 01.06.022.
99 % anggota DPRD Pacitan saben saben Pemilu ,, Pasti ,, ngentekne  duit paling sithik  1 Milyar .  Bahkan nek ning  kutho kutho gede' biaya  dewan terpilih iso nganti diatas 2 Milyar.

Ananging sopo ngiro! ,  Hj Ririn Subianti anggota DPRD  Pacitan   pemilu tahun 2019   cuma ngentekne' duwit kurang luwih 187 Jt.

Mungkin nek digunggung  sak Indonesia ,  anggota Dewan terpilih  pemilu tahun 2019 ,, iso uga ,, Ririn Subianti sing biaya  anggarane dibawah 200 juta / liyane  yo enek  ning ora pati akeh.

Ririn Subianti ketika tinjau jurang Duduhan Mentoro yg mulai menhawatirkan terkikis sungai Grindulu.

Pengakuan Ririn Subianti  pancen layak diacungi jempol . Sebab ! Wayah pemilu , ora wayah Pemilu kader PKS iku rajin mbangun komunitas pengajian ibu ibu , rajin nekani arisan , rajin menehi sesuluh bab ilmu agama ,kesehatan , ekonomi lan kesejahteraan sosial .

Model Ririn golek simpati massa mestine  ditiru calon anggota liyane , kejaba ora pati ngentekne' ragat uga entuk berkahe gusti Allah , sebab  silaturahim  pitutur bab agama lan kebecik'an  iku pancen dianjurkan agama.

Ririn Subianti bersama Majelis Pengajian Al Hidayah Mentoro Pacitan.

Saiki rata rata anggota Dewan liyane model pendekatan menyang warga instan,  gelem silaturahim nek arep wayah pemilu , biting dituku srana geden  gedenan udhu.
 Nek  tepak ale ngenggonke udhu ( duit) mungkin ora popo , tapi  nek ora
 tepak iku sing repot , duit kadung.. klutur.. biting akeh sing ilang ora sesuai harapan.

Wis dudu rahasia umum , Kondisi Demokrasi di Indonesia 10 tahun terakhir memang nggegirisi , kabeh dibarter srana duit ,nyalon Bupati duit , Nyalon Kades Duit, Nyalon Kasun duit , opo neh Nyalon Dewan kudu duwe duit matikel tikel.

Umpomo muk duwe duit dibawah 1 milyar, mending ora usah nyalonke dewan , timbang guprat entek alas entek omah.Tapi biasane  , sang Calon emosional kegeden rumangsan....,,,(Ditulis oleh Gustik sebagai analisis Redaksi )

Ririn Subianti bersama anak Cucu di kediamanya dusun Ngampel Ploso.




























Rabu, 29 Juni 2022

HANDOYO AJI:  Ragukan cesar murni atau Permainan...dokter .!

HANDOYO AJI: Ragukan cesar murni atau Permainan...dokter .!


Pacitan Ppos.29.06.022.
Operasi Caesar jaman saiki wis biasa, rata rata kabeh wong meteng sing dioperasi caesar nurut  atas saran dokter , tapi Operasi caesar atas permintaan sing meteng yo akeh .
Wong wedok  sing milih operasi Caesar rsta rata  ora kuat lara utawa  sengaja lahir golek  tanggal sing dianggep apik / unik.

Ananging  sing prihatin , praktik operasi caesar jaman saiki  ,, ditengarahi ,, permainan dokter kandungan sing moduse meden medeni pasien.

Biasane alesan klasik sing disampaikan menyang pasien , pinggang terlalu kecil ,  duwe penyakit tertentu, lanjut usia  lan alesan alesan medis sing gawe wedi ibu hamil.

Menurut Handoyo Aji, sedulure saka Donorojo arep nglairke ana salah sijning rumah sakit Swasta ana Pacitan, ananging ditunggu suwe  ora nglair nglairke', sementara pasen  wis ora kuat nahan lara, wektu kui perawat ngomong ,, pripun nggih pak pun kulo sukani perangsang kok mboten wonten reksinipun ? Nopo ceasar nopo pripun ?

Gandeng pasien wong mlarat arep operasi carsar wedi merga biaya operasi caesar sekitar 15 juta- 20 jt tergantung kondisi Pasien.

Handaya Aji lan sedulure nekad njaluk pindah ana RSD Darsono Pacitan sing peralatane saiki  saya canggih lan lengkap.

Kecapo !! bareng pasien diperiksa , perawat RSD langsung menehi obat perangsang ....tiba tiba ora let suwe...broool ..klutur..cenge'r..cenger bayine lahir..alhamdulillah.

Tentu wae Vokalis DPRD Pacitan iku langsung ,, ndememeng ,, yoh .titenono..suk Kadinas Dinkes Pacitan tak takoni opo sebab'e kok saben lahiran akeh sing dijaluk  operasi Caesar.

Bayangno Brow !  Tahun 2021 wong lahiran jumlahe 5994 uwong , mosok sing operasi caesar nganti wong 1748 kan aneh,  berarti petugas petugas pendamping Ibu Hamil Dinkes lan BKKBN kerjane muk turu tok , padahal  anggaran sing ditokne pemerintah milyaran rupiah wisan  , jare Handoyo sewot .

Handoyo curiga , kejadian lahiran srana operasi Caesar ,, Patut diduga,, permainan/ konspirasi antar perawat lan dokter kandungan.

Sementara  salah sijining pengurus LSM Bhineka Bangsa Pacitan ,  ( Onkitus ) ngaku prihatin wong meteng ana Pacitan soyo akeh sing operasi  Caesar , mbuh kui dibleloni dokter utawa njaluk dewe' , rata rata nek njaluk dewe merga mung ben tetep ketok prawan.
 
LSM Bhineka Bangsa uga gelo / menyayangja pernyataan buru buru Kadinas Kesehatan Pacitan Hendra purwaka menyang sebuah media yen Operasi Caesar pyur  atas pertimbangan medis lan ora enek unsur disengaja , jare okkitus kudune masukan/ kritikan pak Handoyo diselidiki sik , ora gek lansung mbantah .

Sementara nganti berita iki ditulis , Redaksi Pacitan Post ora iso hubungi kepala Dinas Kesehatan Pacitan Hendra Purwaka, Hp ne tulalit terus...( Gustik)










Selasa, 28 Juni 2022

PUTRI ALM PIPING REBUT EMAS MENEMBAK...

PUTRI ALM PIPING REBUT EMAS MENEMBAK...

Pacitan Ppos, 29.06.022.
Umpama almarhum Imam Zahro Hambali ( piping ) isih sugeng / hidup mungkin bangga ngerti putrine sing  jenenge  Zalfa Nurohmah Agustina sabet medali Emas ana Event Porprof Jember tahun 2022.

Kepastian Zalfa merebut Emas di Cabang olah Raga menembak  disampaikan menyang pelatihe Aryanto. Tokoh arjosari iki ngomong yen Zalfa medun ning Klas bergengsi  10 meter sing biasa dipertandingke ana Olympiade lan Kejuaraan dunia liyane (international Shooting Sport Federation).

Tentu wae  Prestasi Zalfa sing nota bene yatim Piatu gawe bangga wong sak Pacitan, utamane Alumni SMAN Punung , sing lagi wae ' uga nglairke  Luluk  Diana juara dunia  atlit angkat Besi .

Zalfa Nurahmah sing dihubungi Media , ngaku bangga entuk Medali emas ana Porprov Jember , Medali Emas niki kulo hadiah aken alm bapak kulo ( Piping) ingkang seda dereng patos dangu ,, Ayah berkat doamu Zalfa dapet Emas,trima kasih Ayah ,ungkap Zalfa sesenggukan.

Zalfa Nurahmah Agustina , putri ke 4 alm Piping iki dino nempuh kuliah ana Universitas Veteran Surabaya tahun pertama.

sementara Ketua Koni Pacitan Dyah Mentari Putri , mengaku ikut bangga atas Prestasi Zalfa sing iso Sabet Medali emas, insya Allah Koni bakal nyiapne bonus bagi atlit peraih medali.

Sementara Komandan Kodim 0801 Pacitan Letkol Kav Ibnu Khazim sing nota bene Pembina Olah Raga menembak uga bersyukur atlit binaanya akhire sumbang medali Emas, alhamdulillah tegas Dandim Bangga.

Nganti berita iki ditulis , Kontingen Porprov Pacitan entuk medali Emas 9.Perak 2 Perunggu 2....( Gustik)

Zalfa Nurahmah Agustina putri Alm Piping peraih medali Emas cabang bergengsi Menembak



NEK ORA DUWE DUIT 1 MILYAR OJO WANI WANI NYALONKE DEWAN..TIMBANG EDAN TENAN..!

NEK ORA DUWE DUIT 1 MILYAR OJO WANI WANI NYALONKE DEWAN..TIMBANG EDAN TENAN..!

Pacitan Ppos, 29.06.022.
Ojo muk ngejebne mantan Kepala Dinas , ojo muk banggakne mantan Kades lan ojo muk sombong merga purnawirawan TNI /Polri.

Kabeh jabatan kui ora bakal  ngaruh opo opo yen arep nyalonke anggota DPRD Pacitan , sebab sesuai pengalaman tahun tahun kepungkur rata rata sing dadi anggota DPRD Pacitan entek'e biaya sekitar 1 Milyar bulat.
.
Rudi Hartoyo sing rong periode dadi dewan  , ngaku entek 1 milyar kanggo golek suara.
Menurut Rudi , duit sing sak ho..hah.. kimaeng kejaba nggo bantu berbagai sarana prasarana penduduk - klebu kanggo uang saku konstituan.

Omongane' Rudi Ompong diamini Bagus Surya Pratikna sing ngaku ngentekne duit 1, 2 Milyar kanggo berbagai keperluan pencalonan, mulai gawe umbul umbul partai , kaos , konsumsi , Baleho sing cacahe ewon lan keperluan liyane.

Malah Sediono wanti wanti ! Nek mung duwe duit 700  juta , mending ora usah nyalonke , timbang blu..tut..entek omah entek alas , mending ggo tuku sawah, sebab jaman saiki iki kabeh sing penting duit.

Gagarin dan Ronny Wahyono yang sudah merasakan pahit getirnya kompetisi di Pileg selama 20 tahun.

Tokoh saka Arjosari  mengilustrasikan, saiki coba gatekno endi mantan Kepala Dinas Pacitan sing kepilih dadi Dewan , padahal wis enek wong 20 puluh sing pernah nyalonke.

Umpama toh duwe duit luwih  1 Milayar , nek podo ora gelem udu sak milyar, tetep ora dadi , tapi yo enek sing wis ngetokne duit luwih saka sak milyar ,dlalah salah milih tim  gagal ,   aku yo mesakne karo konco konco pejabat maeng jane', tambah Diono ambi guya guyu.

Enek tokoh populer Ansori , Marwan, Suyatno, M.Zaini. Sutrisno , Sutopo , Rianto  Lan liya liyane , kabeh Zong ora kepilih dadi Dewan , sekalipun muk Dewan Kabupaten , mungkin iso wae dudu persoalan dana , tapi iso uga mesin partai ora jalan, utawa tokoh iki maeng nyalonke muk sebagai penarik masa lan sebab sebab liyane , terang  Diono kader Gerindra.

Perlu dimangerteni , Pemilu tahun 2024 sruing sruing alias kabar manuk akeh mantan kepala Dinas Pacitan arep nyalonke anggota DPRD/ Propinsi.

Sah sah wae mantan Birokrasi, TNI/Polri nyalonke anggota Dewan merga dijamin undang undang , tapi nek muk kegeden rumangsa merga sakdurunge duwe jabatan  duwur , yakin hasile dijamin Zong alias nul puthul .Kecuali mantan Pejabat maeng duwe duit luwih saka 1 Milyar.

Jare Novita saka ( PCW )  njaluk Mantan Tokoh Pejabat Pacitan sing tekad'e  muk ngandelke karisma lan kegeden rumangsa, luwih becik ora nyalonke , timbang babak belur, timbang  bar barane ngenes merga numpuk utang ,  luwih becik pensiun momong putu , ..beres...( Gustik)















Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done