PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 05 Oktober 2022

GOLKAR BANGUN GEDUNG MEWAH 4 M

GOLKAR BANGUN GEDUNG MEWAH 4 M


Pacitan.05.10.022.
Dewan Pimpinan Daerah Partai Golkar Pacitan iki dina lagi nedeng nedenge bangun Gedung Mewah sing nilaine fantastis kanggo ukuran Pacitan.

Gedung  lantai loro sing dibangun ana Jl Cokroaminoto Pucangsewu Pacitan iku tilas Kantor DPD Golkar lawas hibah Pemerintahan Orde Baru.

Miturut Sunarko anggota DPRD Pacitan, rencana Gedung rong lantai iku tetep bakal difungsikan kanggo  kantor DPD Partai Golkar , sebab kantor DPD lawas wis ora layak dienggo Kegiatan kepartaian.

Kader Partai Golkar saka desa Karangnongko Kebonagung iku uga omong yen Gedung anyar sing lagi dibangun bakal nelan biaya sekitar 3 M - 4 M, tapi Insya Allah iso ditekan ora nganti sakmono, sing penting bagunan apik, jare narko ditemui media ana Kantor DPRD Pacitan.

Semua Kader Golkar gotong Royong ikut kerja bhakti pengerjaan gedung DPD.

Terkait Sumber dana Pembangunan Gedung , miturut Sri Widowati sing kebetulan lungguh ana sampinge Narko omong !  yen sebagian besar sumber dana saka Kas Partai Golkar ditambah urunan ( 9 )anggota)  Fraksi Partai Golkar DPRD Pacitan.
Rata rata per anggota  urun sekitar 25 jt , dicicil nganti sak dadine Gedung, jare tokoh wedok sing dijuluki Srikandi Golkar Pacitan.

Perlu dimangerteni, bareng kendali Partai Golkar Pacitan dicekel  Gagarin sing uga njabat Wakil Bupati Pacitan, gerak laju Partai Golkar Pacitan tergolong  dinamis lan Maju pesat.

Minimal gaung Partai warisan Orde Baru iku ketok gregete.
Kejaba saka iku , Partai Golkar melu kiprah ana Pemerintahan secara langsung sebab sosok Gagarin jabat Wakil Bupati.

Pendapat masyarakat , duet Indrata Nur Bayu Aji ( PD) - Gagarin ( PG) sebagai pasangan Bupati- Wakil Bupati Pacitan terbukti kompak / saling melengkapi.

Kekompakan Bupati  Aji lan Wakil Bupati Gagarin sing sempet diisukan renggang, terbukti  ijik kompak .
Bahkan iso dipastikan , keberhasilan pembangunan Pacitan ora lepas saka wong loro , golkar maju Pacitan Maju...tegas Lancur Susanto  Sekretaris  DPD Partai  Golkar Pacitan..(gustik)

Sunarko Anggota DPRD Pacitan Fraksi Partai Golkar.




Selasa, 04 Oktober 2022

SING DIJALUK DUDU DALAN ODOG TAPI DALAN PRAH OTTO.

SING DIJALUK DUDU DALAN ODOG TAPI DALAN PRAH OTTO.



Pacitan Post, 05.10.022.
Gara gara udan deres sewengi deg, kreteg Gandu Wonodadi Kulon pedot, sing nyebabne desa sembowo, Klepu lan Wonodadi Kulon terisolir.

Ngerti kreteg pedot , Pemerintah Kabupaten Pacitan age age gawe dalan darurat sing kenek dilewati odog / sepeda motor.

Sayang ! dalan darurat sing digawe Pemkab Pacitan ora menyelesaikan masalah , perekonomian warga terganggu merga jembatan darurat muk iso dilewati odog.

Padahal rata rata penduduk daerah Nodadi Lan Sembowo petani cengkeh sing distribusine nganggo ban papat alias Prah Otto.

Kejaba saka iku , dalan darurat sing  ambane ora enek sak meter  nek udan  sepeda motor igal igul  , buktine'  bojone kades Sembowo tibo  kedusur merga uduk'e keclurut clurut.

Hariawan ST anggota DPRD Pacitan,  lewat media iki , njaluk Pemkab Pacitan gek gawe jembatan darurat sing iso dilewati Prah Otto , warga sing uripe saka hasil bumi ben ora rugi terus menerus.
Umpama kesuwen , warga selak mothah , tur guru guru selak ora iso mulang,merga rata rata omahe saka daerah liyo , jare anggota Komisi 4 DPRD Pacitan.

Alat Berat PU Pacitan di Lokasi Jembatan Gandu Nodadi yg putus.

Sementara Kepala Dinas PU Pacitan Suparlan ST MM lewat Sekdin Yudho Tri Kuncoro omong  !yen sementara iki lagi iso gawe kreteg darurat sing dilewati Odog/  sepeda motor.

Soal tuntutan warga sing njaluk jembatan darurat sing iso dilewati Prah Oto , Yudho urung iso janjekne , merga keputusan iku ning tangan Bupati , sementara Bupati isih ning tanah Suci , sabar nunggu beliau kundur saking Mekah , jare Yudho .

Perlu dimangeteni , Kota Pacitan saben dino persasat udan deres terus menerus , nganti Petani pada bingung arep nandur opo .

Jare Mahmud petani Lombok Saka Desa Mentoro , udan ora mandeg mandeg ana musim ketiga pancen mbingungke wong tani , arep nandur pari wedi udane mandeg , arep nandur polowijo wedi udane terus terusan , yo enek' e muk pasrah , jare Mahmud  karo gligak gligik ( Gustik)




Senin, 03 Oktober 2022

ETHOK..ETHOK GRATIS, JEBUL SING DIKONGKON KOMITE..

ETHOK..ETHOK GRATIS, JEBUL SING DIKONGKON KOMITE..

Foto dok :  anak sekolah Dasar.

Pacitan Ppos .03.10.022.
Slogan sekolah gratis wis kumandang ana ngendi endi kawit 10 tahun kepungkur, SPP dibusak , utamane SPP  Sekolah Dasar lan Lanjutan Pertama / SMP.

Ananging masiha SPP dibusak, ternyata wali murid ijik keberatan , sebab tarikan komite sekolah justru luweh edan adanan.

Komite  Sekolah sing nota bene kepanjangan Wali Murid sing kudune melu ngringanke biaya sekolah, tapi kadang  justru pasang performa ,, nyemugih,,

Akibate wali murid sing uripe pas pasan, rumangsa kabotan bayar cicilan sing jumlahe sak hohah.

Lewat komite , acap kali wali murid dibebani bayar pengembangan fasilitas sekolah , bayari guru guru Honorer , bayari lomba lomba siswa lan mbayar mbayari program nyleneh liyane.

Mulo ora gumun pirang minggu kepungkur SMAN I Pacitan diberitakne elek menyang media , merga tarikan sekolah alumni SBY iku wis ngluwihi batas kemampuan Wali Murid .

Padahal kejaba tarikan Komite , wali murid uga isih dibebani kebijakan pengurus OSIS terkait  Tamasya Siswa sing biasane tamasya luar kota , Bali , Bandung, Jakarta lan kutho gede  liyane.

Miturut  Cahyo wali Murid salah sijining sekolah , tarikan sekolah ana Pacitan tergolong gede , bahkan koyo koyo ngluwihi cah Kuliah , bayangno Wedusku 3 wis kadol kabeh , gara gara nglunasi biaya sekolah anak , jare cahyo mbrebes mili.

Mantan Pekerja PT Waskita Karya Devisi 2 ana Paoua  iku ngedumel , jare sekolah gratis,, kok saben saben tarikan .
Jare Cahyo !  lha po negara sing jembare sakmene kui wis mlarat tenan , ora iso bayari guru sukwan , ora iso ndandani gendeng bocor, kok saben saben  njaluk urunan wali murid..,yo ..ngalah.

Sementara  Noval saka Pacitan Couruption Watch ( PCW) njaluk marang Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji sidak menyang sekolah sekolah, utamane terkait jumlah tarikan komite  sekolah sing mungut Wali Murid omblang omblangan , koyo to SMAN I Pacitan lan sekolah liya liyane.

Kabar manuk , enek sekolah Lanjutan Tingkat Pertama / SMP Favorit Pacitan Sing uga mungut biaya Wali Murid sing klebu omblang omblangan.
Sakjane wali murid pada njengat , tapi ora wani protes.

Sementara Kepala Diknas Pacitan lan PLT Bupati Pacitan Gagarin Sumrambah nganti berita iki ditulis isih urung iso dihubungi , loro lorone Hp ne tulalit...( Gustik)









Minggu, 02 Oktober 2022

SING MATI WIS MEH 180 UWONG, TERBURUK DIDUNIA KE DUA..

SING MATI WIS MEH 180 UWONG, TERBURUK DIDUNIA KE DUA..

Para Suporter rusuh di tengah lapangan kanjuruan Malang tadi malam.

Pacitan 02.10.022.
Nganti jam 13.00 wib , kerusuhan sepak Bola Stadion Kanjuruan Malang wis nganti teka 174 penonton mati.

Dimungkinkan jumlah korban mati  isih terus bertambah , ngelingi sing cidera berat isih akeh , tersebar berbagai rumah sakit lan Klinik.

Saking akehe sing mati, diperkirakne Musibah Persepak bolaan Indonesia dadi peristiwa paling ,, BURUK DUNIA NO DUA,, sak ngisore Peru sing jumlahe 328 penonton mati.

Tapi indonesia dadi sing paling buruk sak dunia sak bare tahun 1970, sementara kasus Tragedi Peru tahun 1964.

Presiden Indonesia Ir.Joko Widodo ngaku prihatin lan bela sungkawa atas tragedi stadion Kanjuruan.

Miturut keterangan Presiden, kedadean memilukan iki ojo nganti dibaleni, aku njaluk iki sing terakhir , ucap Joko Widodo Presiden Republik Indonesia ke 7.

Gubernur Jawa Timur Hj Kofifah Indar Parawangsa uga ngaku jengkel perilaku penontol Bal Balan ana wilayah Jawa Timur sing lekat rusuh.

Gubernur mendorong , tragedi memilukan diusut tuntas , sapa wae sing salah kudu dihukum, urai Gubernur mbrebes mili.

Perlu dimangerteni , tragedi pertandingan sepak bola antara Persebaya vs Arema berakhir rusuh lan gawa korban 174 penonton mati.

Padahal Penonton Persebaya ora entuk nonton sebagai bentuk antisipasi tawuran.eh malah luwih parah.

Awale penonton hur hura mlebu lapangan bola , ora jelas tawuran opo masalah liyan, ananging ujug ujug Polisi nyemprotne gas air mata  justru ning arah tribun.

Alhasil merga panik. Penonton tribun kocar kacir nahan perih mlaku ora ngerti arah, akhire  penonton justru tibo kedusur dusur , diduga mati kepidak pidak ,enek sing omong pintu stadion ditutup ...( gustik)






Sabtu, 01 Oktober 2022

GUSTI ALLAH..BAL BALAN OPO PERANG 13O  PENONTON MATI KONYOL.

GUSTI ALLAH..BAL BALAN OPO PERANG 13O PENONTON MATI KONYOL.

Sekitar 130 penonton sepak bola mati sia sia ana Malang

Malang 31.09.022.
Dikapak kapakne olah raga sepak bola Indonesia kudu mandeg, prestasi ora enek , tawuran digedekne.

130 penonton Malang mati konyol merga tawuran bal balan  Persebaya - Arema Malang  ana Stadion Kanjuruan Malang mambengi ( 31/09 ), infone sing cidera 5000 penonton .

Umpama peristiwa tawuran bal balan , PSSI  ora gek di bekukan Pemerintah , dipastikan FIFA bakal menghukum PSSI ora entuk ngenekne bal balan.

Merga antara Persebaya vs  Arema Malang  seolah koyo mungsuh bebuyutan ,  Panitia  sak jane wis gawe skema  ,yo kui Bonex Persebaya ora entuk nonton , tapi justru ora enek bonex  malah situasi rada brutal karepe dewe, sing mati wong sekitar 130 rata rata penonton Arema dewe.

Penonton akeh sing mlebu lapangan , tawur tawur karepe dewe ora enek sing njalari .
Mungkin saking akehe penonton sing mlebu lapangan Polisi nyemprotne gas air mata.

Sayang penggunaan gas Air mata Polisi diduga Polisi berlebihan ,  tragise Peraturan FiFa penggunaan gas Air mata ora entuk dienggo antisipasi hura hura penonton bal balan.

Kedadean Kasus Malang sing dianggep paling brutal sedunia , FiFa bener bener ngamuk , informasine  saka FIFA bakal menyangsi PSSI , kemungkinan besar dibekukan 20 tahun, ora entuk gelar sepak Bola.

Media dunia rame rame  uga kecam Indonesia sing dianggep ora becus nangani Sepak Bola...parah pol ..brow , prestasi nol , tawuran pol..

Ulah penonton pancen gegirisi , gara gara Arema kalah , penonton nyerbu nyang tengah lapangan , ngamuk ora karu karuan , pemain diuber uber koyo pitik , Polisi dianggep mungsuh , mobil kabeh dibong koyo perang antar geng...parah parah.. 

Diduga salah Polisi.
Tapi ojo salah , enek info peristiwa mambengi diduga salah personnel pengamanan sing nyemprotne gas air mata ke arah tribun , akibate moto perih mlayu korat karit ,ora ngerti dalan , napas sesak , akhire mati lemes , panik kepidak pidak penonton liyo.

Informasi anyar , sak jane tawuran iku ora ana , malah sing pada mati justru dudu penonton sing mlebu lapangan, tapi justru penonton tribun merga semprotan bapak bapak Polisi , haduh ..duh .duh .( Gustik)







Senin, 26 September 2022

GEGARA NGAWUR GAWE BUK, SITHIK SITHIK BANJIR, SOYO SUWE PACITAN KLELEP

GEGARA NGAWUR GAWE BUK, SITHIK SITHIK BANJIR, SOYO SUWE PACITAN KLELEP

Pacitan Ppos, 26.09.022.
Perlu dimangerteni, saben saben udan sedilit ana wilayah Kota Pacitan mesti banjir.

Rutinitas banjir Pacitan ,, dipastikan ,, ora bakal iso diatasi ,, Ibarate',,  lha mbok Bupati arep ganti ping satus , Kepala PU arep ganti ping sewu , Kepala Pengairan arep duwe Pangkat sak meter , Kota Pacitan dipastikan bakal banjir terus, Kecuali.

Kecuali ' buk ( jembatan) sing ngluwihi saka batas toleransi ( 5 meter) ning duwur kalen dibongkar kabeh , gara gara buk kedawan kabeh resak nyangsang ana njeru buk sing dibangun ugal ugalan.

Merga resak / sampah  akeh sing kesangsang ana njeru buk,   aliran banyu kalen/ saluran  terganggu , akibate banyu mili / meluap  menyang dalan gede , persawahan  lan pekarangan penduduk.

Ibu Ibu Pns cincing cincing rok merga banjir ( ft Dok GW)

Gara gara akeh warga sing gawe buk kedawan, petugas PU  sing arep ngresiki kalen  kesulitan , sedimen / endapan tanah sing soyo akeh ora iso dikeruk Kobeco.

Pancen etika wong urip kadang ora gagas lingkungan, wis ngerti yen saluran iku sing duwe Pemerintah , saben omah sing pinggir dalan persasat meh kabeh gawe buk.

Mungkin nek sebatas 5 meter ijik enek toleransi , tapi fakta lapangan enek sing gawe Buk  ugal ugalan  dawane nganti 40 meter , seolah saluran tak ane dewe.

Padahal nek dirunut secara hukum 
 pelanggaran gawe buk kedawan klebu korupsi merga nyolong fasilitas Negara . 
Umpama Didelok saka Aqidah pun, gawe buk kedawan iku klebu nyolong sing dosane klebu gede.

Saiki kabeh wis Kadung kedadean, opo aturan arep ditegakne , sopo wani bongkar buk buk sing dawane  10-w
40 meter.

Sing repot maneh , Pemberi ijin koyo njublek seolah dianggep hal biasa, enek wong gawe buk kedawanpun meneng wae..ethok ethok ora weruh , boro boro diwenehi sangsi.

DPRD sing reprentasi Rakyat pun melu melu mingkem ora berkutik .
Mungkin, mingkeme Dewan merga ndelok Saluran saluran dalam kotapun uga ditutup kabeh.

Jare Rudi Hartoyo anggota komisi 4 DPRD Pacitan , piye ale arep elik elik warga , wong pemerintah dewe wae kabeh saluran ditutup ..he..he.

Sementara Ketua Komisi 4 DPRD Pacitan Pujo Setyo Hadi omong , khusus pengusaha gede , yen pancen ora rumangsa duwe lemah nggo parkir , minimal yo golek ijinlah , ojo sak karepe dewe , nek trus sthik sithik banjir merga resak kabeh nyangkut ning sor buk ngene ki piye jal , ...nah lho ( Gustik)





.



Minggu, 25 September 2022

NIKITA MIRZANI SEOLAH BANGGA SERANG JURNALIS, MULUT NGABLAK SEMAUNYA ,SEOLAH KEBAL HUKUM..

NIKITA MIRZANI SEOLAH BANGGA SERANG JURNALIS, MULUT NGABLAK SEMAUNYA ,SEOLAH KEBAL HUKUM..

Nikita Mirzani bangga hantam orang,tapi luput dari hukum.

Nasional Pacitan Post.
Semua orang barangkali bingung, kenapa seorang Nikita Mirzani yang hampir setiap hari nyenggol sana nyenggol sini dengan mulut kotornya,tetep saja aman.

Artis kontroversial itu seolah tidak takut dosa , tidak kenal adab dan tidak mencerminkan sama sekali sebagai orang indonesia yang penuh kedamaian antar sesama.

Hebatnya , Artis yang dinarasikan disalah satu yutube sebagai ,, kata kata  jijik  ,, itu tidak gentar sama sekali terhadap siapapun yang diserang.

Terakhir Jurnalis senior Najwa Sihab, dihabisi , Nana seolah ditelanjangi habis habisan, sampai ibarat  seorang wanita tanpa baju.

Saya sebagai seorang Jurnalis bertanya, Sedemikian parahkah aparat hukum di Indonesia  sampai sampai  dibuat tidak berdaya hanya seorang Nikita Mirzani.

Seperti kita semua tahu, ketika Nikita di jemput paksa polisi ( Serang  Banten ) dalam kasus yang menjeratnya , waktu itu semua Jurnalis yang meliput Nikita  akan ditahan, tapi faktanya Nikita dilepas.

Drama pelepasan Nikita oleh polres Serang Banten , seolah Polisi dipermalukan dan seolah Polisi dibawah ketiak seorang Artis Nikita Mirzani.

Jumlah laporan Nikita Mirzani yang lainpun banyak, salah satunya oleh Bos MS Glow , tapi lagi lagi kasusnya hingga kini belum ada kelanjutan dan banyak lagi kasus kasus Nikita yang lain.

Saya sebagai seorang Wartawan, sekalipun tidak sehebat Najwa Sihab , merasa sakit hati , merasa trenyuh dan marah terhadap ulah Nikita Mirzani, yang begitu bebasnya menelanjangi jurnalis perempuan, yang nota bene anak seorang mantan menteri Agama yang dihormati , KH Qurais Sihab.

Saya tidak bisa membayangkan , bagaimana hati perihnya Seorang Mantan Mentri Agama , seorang tokoh besar NU ,seorang ulama Besar Indonesia  , melihat putrinya dihabisi tanpa perlindungan aparat,sekalipun Nana menyandang seorag Jurnalis .

Atau mungkin KH DR Qurais Sihab , meminta pada Putrinya untuk bersabar,karena pak kiai yakin Allah punya perhitungan sendiri bagi orang seperti Nikita Mirzani.

Perlu diketahui , Awalnya Najwa Sihab dalam sebuah acara mengkritik Oknum Polisi yang suka hidup Hedon atau bergelimang harta yang dipamer pamerkan.

Sebenarnya kritik Jurnalis ( Nana) itu tidak ada yang salah dari sisi jurnalistik , karena sifatnya himbauan yang ditujukan pada Polisi , agar Polisi semakin disegani dan semakin bermartabat.

Tapi sayang , kritikan Nana  terhadap Polisi tiba tiba dilawan seorang Artis Nikita Mirzani yang sama sekali tidak dikenal  oleh Nana sebelumnya.

Aksi Nikita tiba tiba bela Polisi, tujuan sebenarnya  semua orang tahu , karena Perkara Nikita di Kepolisian itu numpuk,dilaporkan sana sini dengan berbagai macam kasus, makanya Nikita cari muka pada Polisi biar kasusnya mandeg.

Namun demikian , jika benar Polisi sengaja melindungi Nikita Mirzani , bagaimana dengan Wartawan..? apakah akan bernasib sama dengan mbak Nana.jika suatu saat melakukan kerja jurnalistik dan kebetulan berbeda visi dengan Polisi.

Masih bolehkah wartawan mengkritik Polisi atau oknum polisi yang tidak bekerja sesuai marwah Aparat Hukum, Jika tidak! ..mohon maaf Wartawan akan selalu ketakutan jika sudah menyangkut Kepolisian.

Padahal hubungan selama ini antara wartawan dan Polisi adalah sebagai Mitra kerja dan saling menghormati satu sama yang lain...

Mudah mudahan , rekan kami Jurnalis Senior Najwa Sihab segera mendapat perlindungan dari Aparat hukum dari perlakuan buruk dan kejam dari seorang Nikita Murzani , si Ratu Nyinyir...
( Tulisan ini sebagai bentuk dukungan sesama wartawan yang mendapat perlakuan buruk dari seorang Nikita Mirzani yang seolah diberi perlindungan aparat hukum, ditulis oleh Pemimpin Redaksi Pacitan Post)













Jumat, 23 September 2022

SLAMAN SLUMUN SLAMET, SITHIK SITHIK NJALUK PEGAT ...Alesane Wis Ora Cocok..

SLAMAN SLUMUN SLAMET, SITHIK SITHIK NJALUK PEGAT ...Alesane Wis Ora Cocok..


Pacitan Post Group.
Slaman Slumun Slamet,  sekitar  2000 pasangan (suami-istri) saben tahun  ngajokne Pegatan / cerai ana Pengadilan Agama Pacitan .

Sing megelke silit  , rata rata alesan  Pegatan ,, mayoritas ,, wis ora Enek kecocok 'an.

Alesan nomor loro , didominasi kasus selingkuh , Ekonomi , KDRT.lan alesan alesan liyane.

Tapi sing menarik alesan ,, wis ora enek kecocokan ,, dadi alesan klasik lan populer sak Indonesia  lan dianggep alesan sing paling  gampang diputus Hakim.

Beda nek alesan KDRT, kudu ana Visum ,  laporan Polisi , saksi kedadean KDRT  lan sak piturute.

Pengacara Muda Badrul Amali ,SH.MH.C.L.A. C.M.L.C. C.Me.

Selingkuh yo ngono, kudu enek saksi saksi perbuatan mesum , bukti bukti perselingkuhan lan sak piturute.

Miturut Pengacara Kondang Pacitan Badrul Amali SH.MH C.L.A. C.M..L.C.C.Me. Ketidak cocokkan pasangan suami istri sing nglaerke keributan , pertengkaran secara terus menerus &  salah satu pihak ngajukne  gugatan cerai ana Pengadilan
Agama, Hakim berhak memutus sebuah perkawinan.

Dasar Putusan Hakim , merujuk  UU No 1 tahun 1974 tentang Perkawinan & Peraturan Pemerintah No 9 tahun 1975.

intine jare Badrul ! , Undang Undang & Peraturan Pemerintah sing ditulis ana duwur iku , salah sijining pasangan Suami / Istri  Prinsip iso ngajokne Pegatan/ Cerai .

Ananging sakjane'   berdasarkan  akidah,  Pegatan iku suatu Perbuatan sing paling dibenci Allah SWT.

Opo maneh  pasangan Suami/istri rata rata alesan  Pegatan ,, wis ora ana Kecocokan ,,
Padahal pasal ,, Ora Cocok ,,   iku ning Buku Nikah ora enek.

Sing tercantum ana buku Nikah 
1.
Nglarani Jasmani.
2.
Ora nate menehi nafkah lahir batin
3.
Lunga tanpa kabar.

Wong pegatan pancen ora mengenal wong mlarat lan wong sugih, ora mengenal wong cilik lan wong pangkat, Artis , Anggota DPR,Mentri , Kepala Daerah dsb.

Ananging khusus Daerah Pacitan, kasus Pegatan/Perceraian didominasi wong wong cilik lan wong mlarat, mbuh kui alesan Pegate  ,,ORA ENEK KECOCOKAN,, utawa alesan liyane,  Hakim Pengadilan Agama PALUNE mesti ,,TOk,, 

Nganti seprene urung ngerti wong Pegatan menyang Hakim diputus ,, Baul,, kecuali  sidang Mediasi sing digelar sak durunge sidang Formil sebagai upaya perdamaian/ ngakurke maneh ben rasido pegatan....( gustik)





























 





Selasa, 20 September 2022

PENDUKUNG KECELE ! GAGARIN URUNG KEPIKIRAN NYABUB,JIK PINGIN  NERUSKE LAKON...

PENDUKUNG KECELE ! GAGARIN URUNG KEPIKIRAN NYABUB,JIK PINGIN NERUSKE LAKON...

Gagarin Sumrambah Wakil Bupati Pacitan

Pacitan Ppos.20.09.022.
Wakil Bupati Pacitan Gagarin Sumrambah, ora nyalahke pendukunge sing menggebu nggebu  ngongkon  pisah karo Bupati   Indrata Nur Bayu Aji , suk  ana Pilkada 2024.

Gagarin omong menyang media, yen ora duwe watak tinggal glanggang colong playu / urung mikir bab babagan pilkada tahun 2024 , tugasku saiki ngawal Mas Aji sebagai Bupati/ wakil Bupati Pacitan nganti rampung , ujar Gagarin via telpon.

Pernyataan Gagarin !  sekaligus , menepis isu liar yen  Ketua DPD Golkar Pacitan iku ora akur karo Indrata Nur Bayu Aji sebagai Bupati Pacitan.

Terkait musim Pemilu tahun 2024 , Gagarin uga omong yen durung mikir Nyaleg opo ora , sing pasti Gagarin omong tetep pingin  ngentekne jabatane sebagai wakil Bupati Pacitan jelang akhir tahun 2024.

Perlu dimangerteni , Pilkada serentak Gubernur / Bupati/ Walikota sesuai  jadwal KPU digelar  sekitar dina Jumat tanggal 27 November tahun 2024.

Sementara Pilihan Presiden RI ,  Anggota DPR RI .DPD RI  , DPRD Provinsi lan DPRD Kabupaten Kota  digelar dina Rabu tanggal 14 Pebruari tahun 2024.

Didelok saka jadwal antara Pileg lan Pilkada serentak disik pileg ( terpaut 8 sasi) invosible Gagarin nyalon Dewan , merga jabatan sebagai Wakil Bupati pacitan urung bar/ kecuali sak durunge Pileg Gagarin mundur saka Jabatan Wabub.

Memang delematis, pendukunge semangat Gagarin Nyalon Bupati dewe,ananging Gagarin isih urung mikir babagan pilkada 2024.

Wakil Bupati sing uga pengusaha Daging Sapi iku njaluk marang pendukunge ora sah kesusu bab pilkada tahun 2024  isih adoh dipikir engko wae,  jare Wabub.santai.

Bupati & Wakil Bupati Kompak dlm sebuah kegiatan.

Pola pikir kader &  Pendukung iku kadang  kladuk lan sok weruh..
Bupati  - Wakil Bupati akur  diwarah conkrah.
Wakil Bupati difungsikan , diwarah ban serep.
Opo opo digawe baper , padahal muk kabar manuk ...jenenge wae manuk..asal muni...( Gustik)
Nek iki enak tenan, dudu kabar manuk...enak tenan bebek gustik.





















Minggu, 18 September 2022

WARTAWAN KELANGAN PAYUNG , AZZRA MULIH.....diduga  kene`k Covid.

WARTAWAN KELANGAN PAYUNG , AZZRA MULIH.....diduga kene`k Covid.

Prof Azzumardi Azzra ketua Dewan Pers
Meninggal.

Pacitan Post Group 
Ketua Dewan Pers periode 2022-2025 Prof Azzumardi Azzra dina iki  ( 19/09 ) ninggal  ana Rumah Sakit Kerajaan Malaysia.

Informasi sing berkembang , Almarhum sesak nafas pas numpak pesawat jurusan Jakarta - Malaysia , diduga Ketua Dewan Pers iku terpapar Covid 19 .

Bojone sing melu dampingi Azzumardi lungo nyang Malaysia panik ndelok bojone menggeh menggeh ora iso ambegan , untung Crew Pesawat cekatan (dibantu oksigen milik Maskapai).

Bareng Pesawat mudun , almarhum sing uga Guru Besar IAIN Syarif Hidayatullah Jakarta iku langsung dilebokne ICCU khusus pasien Covid 19.

Tapi sayang wis garise  Gusti Allah , Pejuang Pers lan Cendikia Agama Islam iku napase mandeg ..Innalillahi Wa Inna Illaihi Rojiun sugeng kundur ingkang husnul Khatimah komandanku...bung Azzra...Pers berduka ! 

Warga Bingung kok , Covid jik ganas.
 Warga masyarakat sejatine bingung, masker wis entuk dicupot , cuci tangan seolah wis ora dibutuhne, kluyar kluyur lungo bebas, jebul Corona ijik ganas.

Terbukti Ketua Dewan Pers  Azzumardi Azzra ninggal merga diduga terpapar Covid 19 , ora mung Azzumardi , penyanyi Cilik  Farel Prayoga (kesayangan ) Presiden Joko widodopun rong minggu kepungkur uga terpapar Covid 19.

E.. ladalah..Corona ijik enek.....gene wong ewuh jik blader ning ndi ndi gon , cangkem podo nglowos ora nganggo masker , cipika cipiki wis biasa maneh ...piye jal....! ( Gustik)

Sugeng kundur Bung Azzra..! mugi kundur ingkang Husnul Khatimah...





Jumat, 16 September 2022

Pendukung : TAHUN 2024  GAGARIN DIJALUK NYABUB DEWE , WAJIB   PISAH KARO DEMOKRAT.

Pendukung : TAHUN 2024 GAGARIN DIJALUK NYABUB DEWE , WAJIB PISAH KARO DEMOKRAT.

Gagarin Sumrambah disela kegiatan dengan ibu ibu...

Pacitan Ppos 11.09.022.
Rumangsa dadi Wakil Bupati muk kaya Ban serep , sebagian besar Pendukunge ora trimo.

Miturut Sugiyanto , eman eman pengalaman pak Gararin sing sak abreg nek saben dinane muk klontang klantung dadi ban serep.

Mulo soko iku , pendukung setia Gagarin sing dikomandani Sugiyanto ,, Duwe Tekat tahun 2024 Pak Gagarin wajib nyalon Bupati dewe, ora tandem jago saka Partai Demokrat, wis pisan iki wae gandeng , jare Sugianto menggebu gebu.

Pengusaha sing duwe massa ora setitik iku yakin Gagarin bakal menang yen Nyabub dewe , Partai Golkar partai tuwek penuh pengalaman sing ora diduweni Partai liyo.

  Gagarin & Ibu dalam rangka hari Santri.

Ora mung Sugiyanto, masa sing dikendalekne Aziz  Buhari  optimis Partai Golkar bakal duwe Calon dewe ana pemilu tahun 2024, umpama' o gandeng Partai liya ojo pisan pisan maneh karo Partai Demokrat , sebab ora mungkin  Demokrat arep ngalah ana Posisi AE 2 , mesti njaluk AE 1..., mending nyalon dewe..yakin menang , jare Aziz optimis.

Perlu dimangerteni , isu antara Bupati lan Wakil Bupati Pacitan ora akur , kabeh wong Pacitan  persasat meh ngerti kabeh, info sing berkembang,  Gagarin ora pati difungsikan.

Sementara  Gagarin , secara pribadi ngaku yen tugas tugas Pemerintahan sebagai Wakil Bupati memang terbatas , ora koyo Bupati meh kabeh diayahi .

Tapi Masiho ngono, hubungan antara aku lan pak Bupati  tetep apik , ora bener nek enek sing ngarani  aku ora Harmonis , iku muk ulah nitizen wae , jare Gagarin diplomatis.

Nganti berita iki ditulis , media urung iso hubungi Bupati Pacitan,,
 Indrata Nur Bayu Aji.', mungkin merga kesibukan hpne urung  nyender...(gustik)

BEBEK ..BEBEK ..MONGGO LUR.......



















Rabu, 14 September 2022

 23 KURSI ..! TARGET DEMOKRAT, HANURA , PDIP  MUDUN &  NASDEM...?

23 KURSI ..! TARGET DEMOKRAT, HANURA , PDIP MUDUN & NASDEM...?

Arib Setyo Budi  yakin Demokrat bakal lampui target 23 kursi.

Pacitan Ppos 11.09.022.
Pemilihan Umum  ijik sekitar rong tahun maneh, ananging tokoh tokoh sing duwe niat arep nyalonke Dewan tahun 2024  iki dina  !  wis pada pating blulung mloka mlaku mrono mrene.

Tokoh lan Pejabat desa pada dicedak'i , tebar pesona wis diwiwiti , wong elek berlagak apik , ora dwe udhu  ngaku sugih , ora terkenal ngaku Populer.

Perilaku wong golek bithing pancen maneka warna. Enek sing ngandalke pesona mantan pejabat , ketokohan masyarakat  lan  banda donyo.

Kejaba saka iku , diperkirakne Pemilu tahun 2024   ( 90% )  Dewan incomben  bakal nyaleg maneh , sekalipun iki dina  isih pada sambat ,, the'le'- the'le' ,, urung duwe' duit.

Miturut Sekretaris Demokrat Kabupaten Pacitan Arif Setyo Budi, Kondisi Pemilu tahun 2024 beda karo tahun tahun sak durunge, regulasi lan suasanane  dipastikan  enek perubahan merga bareng karo pilihan Presiden , Bupat lan Gubernur.



Pacitan Post & Arib Setyo Budi dalam sebuah wawancara.

Ananging Partai Demokrat Pacitan, masiha suasana bakal ana perubahan Arif Ngaku tetep optimis target 23 kursi tercapai.

Ketua Fraksi Partai Demokrat DPRD Pacitan iku omong !  yen dina iki Partai Demokrat kebanjiran tokoh tokoh populer sing pingin maju dewan saka Demokrat , mulo DPC duwe target saben dapil minimal kudu entuk 4 kursi , wajib kuwi jare Tokoh PSHT Pacitan ambi guya guyu.

Kabar manuk' , 2 tokoh populer asal Kecamatan Nawangan Willy lan Bagus Surya Pratikna pemilu 2024 bakal merapat nyang Partai Demokrat.
Bagus Surya Pratikna sing saiki dadi anggota Dewan saka Hanura  pemilu 2019 duet bareng sak dapil karo bapakne,  Sutikno.

Nek kabar kui bener, Hanura dipastikan kelangan sak kursi,kecuali enek tokoh liyane sing potensi meraih kursi .
Isune Nur Sigit Effendy arep maju maneh,
Nur Sigit Effendy Pemilu 2019 gagal melu tanding Pileg jalur DPR RI.

Selentingan , DPC Partai Demokrat Pacitan uga bakal didaftari sohib setia Bupati Pacitan Kades Arjowinangun Bagong / Wiwit.

Tokoh sing uga sedulur cedak Wakil Walikota Salatiga M.Haris lan Hamid Nor Yasin anggota DPR RI  saka PKS diprediksi gampang golek suara/ biting merga blater kabeh dikumpuli.

Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan Pacitan ,,  kabar manuk,, Pemilu tahun 2024 kurang solid , merga faktor internal sing rada umeg ditambah Faktor kesehatan Ketua DPC Eko Setyo Ranu sing akhir akhir iki rada terganggu.

Partai sing abot  nambah suara lan kursi, diperkirakne Nasdem ,  PAN,Hanura,Gerindra,PKS  lan PPP.

Sementara PKB Pacitan diarani solid yo ora, diarani stabil yo ora , diarani morat marit yo ora , merga partai Nahdiyin iku wartawan kesulitan akses dapur PKB, Ketua DPC Febi Irawan kurang luwes kekancan karo wartawan, mbuh wis mulai lali , opo ethok ethok lali.

Bocoran PKB tetep solid malah saka anggota DPRD Pacitan Wahyu Pujiono, PKB insya Allah bakal nambah kursi mas, kemungkinan Dapil Tulakan Kebonagung, nuwun sewu  PKB  bakal geser kursi Partai liyane., Jare puji diplomatis.

Tokoh Populer asal Gemaharjo Tegalombo Pacitan sing diperkirakne isih kepilih maneh ana pemilu 2024 ngaku optimis PKB Siap & solid.!

Wahyu Pujiono  (Foto dok TImes Indonesia)

Kondisi kesiapan Pemilu tahun 2024 Partai Gerindra, PKS.PPP, Nasdem lan PAN wartawan nganti saiki urung sempat iso diakses  , muk krungu kabar Hariawan saka Nasdem berjuang sengle ana dapil V Ngadirojo Sudimoro, Hariawan dipastikan kelangan tandem wedok ( bojone Hartanto Motor)  sing melu Pemilu 2019.

Hariawan ngaku optimis ! , Bakal kepilih maneh pemilu serentak tahun 2024 ,  masiho berjuang dewe, peluang biting akeh nda, tenang wae...dadi...dadi...! ( Gustik)




























Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done