PACITANPOST
News Update
Loading...

Selasa, 08 November 2022

EFEK RUWAT JAGAD KONSER DENNY CAKNAN .....! Sound elek..

EFEK RUWAT JAGAD KONSER DENNY CAKNAN .....! Sound elek..

Konser Denny Caknan penonton Ora pati akeh  tapi  konser slamet.

Pacitan Ppos .08.11.022.
Mungkin gara gara Acara Ruwat Jagad  , kontroversial ,  utawa mungkin diluar Stadion  ngrecih / udan terus , konser Penyanyi asal Ngawi Denny Caknan ora maksimal.

Gemar gembor karcis 10.000 wis entek koyo koyo ora mungkin , mbuh nek merga udan penonton ora budal, jare Agus penonton asal mentoro.

Agus sing uga oknum media omong, aku arep pesen sing rega 20.000 tapi golek ning Sastro sak piturute wis entek , pun telas pak 10.000 tiket pun ludes , jare agus nerokne tim lokal  acara Denny Caknan.

Siaran langsung Media , lokasi ngarep  panggung sing regane karcis 75.000 jumlah penonton kira kira  muk 30 % , area mburi sing regane karcis 20.000 malah muk kisen sekitar 40 % padahal diperkirakan bakal mbludak.

Agus ditakoni kira kira jumlah penonton..? Agung njawab ,  Soal   prakiraan jumlah penonton pirang ewu , agus ora gelem njawab ben dikira kira pembaca wae, jare agus klecam klecem.

Ketidak sempurnaan Konser Deni Caknan ditambah persoalan Sound Sytem sing ora maksimal , mungkin sing cedak panggung enak dirungokne, tapi penonton ning  tribun lan mburi muk krungu jedak jeduk vokal Denny lirih..

Tapi perlu dimangerteni , secara umum konser Denny Caknan sing digelar ana Stadion Kucur Pacitan aman , lancar lan sukses.
Bahkan Denny acungi jempol penonton Pacitan sing dinilai Deni sangat tertib blas ora onok keributan.

Kepala Dinas Pariwisata Pacitan Turmudi wis Lega atine , sebab sak durunge konser atine Arek Arjosari iku ibarate  kari sak menir , merga jagad sing kadang ora bersahabat , opo meneh Turmudi pirang dino sakdurunge katut dibully  entek ngamek kurang golek,gara gara acara Ruwat Jagad berujung banjir.

Sementara Kepala Dinas Kominfo Pacitan Bambang Mahendrawan ugo melu rumangsa seneng ,Konser Denny Caknas sing ditunggu Masyarakat sukses , utamane bab Keamanan , soal stadion penonton ora kebak , bambang omong iku urusane EO , Pemkab Pacitan bersyukur merga Konser Deni Caknan Sukses .

Pacar Heppy Asmara iku, nyanyi sekitar 12 lagu  sing biasa dirakam ana youtube lan liya liyane .

Konser mandeg lan bubar ditandai Pidato singkat Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji srana ngajak penonton nyanyi lagu wajib Indonesia Raya.

Sing lucu muk siji , kabeh Kursi VIP sing ana Tribune kulon , kosong blong ora enek sing lungguhi , pejabat pilih klesotan ana undak undakan ngisor bahkan akeh sing melu njoget ning arep panggung

 ( Gustik)









Minggu, 06 November 2022

KABAR MANUK: Panitia Konser DENI CAKNAN  atine kari sak menir....

KABAR MANUK: Panitia Konser DENI CAKNAN atine kari sak menir....


Pacitan 06.11.022.
Arep arepane' masyarakat , terkait acara Ruwat Jagat muk kari siji , yo kui konser penyanyi Top Denny Cak Nan.

Acara  Ruwat Jagat sak durunge (05/11) iso diarani ,, gagal total ,, merga  banjir lan udan nggejibrah .

Meh kabeh penari sing  rencana tampil bengi bar isak ,,  bubruk ,, merga dalan dalan sing digunakan panggung terbuka kebak banyu alias  kebanjiran.

Informasine , kanggo menghibur diri ben penari  ora pati gelo , panitia ngenekke panggung dadakan ning Gasibu lan aula SMP N  2 Pacitan.

Tapi enek juga sing nekad lenggang lenggok ana dalan , masiha udan deres , halah mas arep piye meneh lehku latihan wis sesasi mbetetet , jare ria sing klambine teles kebes.

Bupati medun saka bancik 29 ana tugu Lipen Penceng Pacitan , dlm  prosesi Ruwat  Jagat.

Siji sijine acara sing diarep arep warga masyarakat , yo kui muk Konser Denny Cak Nan sing rencanane digelar tanggal 08/11/022 bakda Isa'.

Pantia Konser Deni Cak Nan sing sak durunge dadi polemik merga persoalan Pembiayaan, iki dina  iso diarani atine kari sak menir.
Merga opo ! Kondisi alam sing ora menentu.

Umpama jagad Pacitan sore / bengi udan ,  masiha ora  udan deres , dipastikan bakal mempengaruhi jumlah penonton.

Padahal untung / Rugi acara Denny Cak Nan ana Pacitan tergantung hasil penjualan tiket , sing regane antara 20.000 - 75.000.

Konon Denny Cak Nan gelem manggung ning Pacitan dibayar 135.000.000 resik / lagis , ora jelas piro entek'e biaya biaya liyane.

Miturut Kadis Pariwisata Pacitan Turmudi S.Sos , Konser Denny Cak Nan digelar ana Stadion Kucur Pacitan , insya Allah kabeh wis siap, kari nunggu tekane Artis jare Turmudi optimis...( Gustik)

















Sabtu, 05 November 2022

BUPATI DISARANKE OJO GAMPANG NURUTI PEMBISIK....

BUPATI DISARANKE OJO GAMPANG NURUTI PEMBISIK....

Bupati Pacitan Indrata NBA,membo membo macak Sunan Kalijogo.

Pacitan 06.11 022.
Gara gara acara Ruwat Jagat Gagal Total , Pejabat Pacitan utamane Bupati dibully warga entek ngamek kurang golek.

Menurut kabar manuk ,Bupati  dianggep  sering nuruti karepe para pembisik sing infone  kerep blusak blusuk ning Hallking.

Akibat para pembisik , Bupati  lan pejabat liyane diduga sering diwenehi saran , tapi sayang saran sing diwenehke Bupati sering kontroversi lan ora produktif.

Umpama info iku bener , Handaya aji secara tegas , njaluk para pembisik tahu diri , ojo mentingke keperluan sesaat, tapi nyengsarakan masyarakat.

Handaya njaluk marang Bupati, memberdayakan kepala Dinas sing enek, ben kabeh tumoto ,transparan dan sah secara aturan.

Ananging Nek saben saben bupati muk nuruti karo karepe  pembisik , iso iso bupati terus keblondrong  , jere Handaya Aji via telpon.

sebagai anggota Dewan Handaya Aji curiga menyang Bupati lan Kepalana dinas sak Pacitan,ojo ojo Ruwat Jagad Sing gagal Total  iki muk kanggo Nyedod duit .SPJ ..
,Jare Handoyo Aji anggota DPRD Pacitan Asal PKS. 
Timbang nggo acara penuh ke syirikan, mbok nggo bangun dalan,saluran lan proyek proyek sing bermanfaat, tambah Handaya.

Sementara Kepala Dinas Kominfo Pacitan Bambang Mahendrawan membantah keras tudingan orang kalau Bupati menjalankan program atas bisikan oknum oknum.

Pancen pak Bupati kancane akeh, jenenge wae cah enom,tapi bukan berarti beliau manut karo konco koncone , kalau itu saya bantah keras,ungkap Mahendra.

Sedang Turmudi kepala Dinas Pariwisata Pacitan njaluk marang masyarakat menhentikan polemik acara Ruwat Jagad.
Leading sektornya Pariwisata , dan aku bertanggung Jawab, ojo nyalahne Bupati..tegas Turmudi .. ( gustik)
.







DITAKSIR KERUGIAN SEKOLAH LAN DESA ATUSAN JUTA GARA GARA RUWAT JAGAT.

DITAKSIR KERUGIAN SEKOLAH LAN DESA ATUSAN JUTA GARA GARA RUWAT JAGAT.

Suasana Ruwat Jagat di Pendopo Agung Pacitan.

Pacitan Ppos,05.11.022.
Iki ndisik sing duwe ide Ruwat Jagat yo sopo to cah cah , gara gara Acara Ruwat Jagat desa lan sekolahan rugi berat  ora sido tampil merga udan nggejibrah koyo pinusus.

Miturut guru guru sekolah ning Pacitan, biaya tari per siswa 35.000 X 30 penari , urung biaya persiapan lan property , rata rata per sekolah kanggo acara ruwat jagat minimal 3-4 juta.

Desa lan Kelurahan nasibe yo podo karo sekolah , rata rata biaya sing ditokne kanggo acara ruwat Jagad antara 4-5 juta per desa, sak iki pingno pirang desa sak pacitan,  trus ngene ki piye jal , jare kades salah sijining desa sing ora gelem disebut.

Estimasi kotor , kerugian desa ,sekolah lan istansi kanggo biaya Ruwat Jagat diperkirakne nganti 2 Milyart rupiah.

Memang pas pembukaan Jagat urung udan sekalipun mendung ireng gemantung ana langit ,  sebagian acara isih iso digelar,tapi menjelang magrib , udan koyo disokne , acara kabeh bubruk , sing arep nari baul , tumpeng tumpeng mubazir , bakul bakul cilik melu bubruk merga modale dodol ditambah.

Sing dadi guyon , dukun sembarang kalir ditekakne ,  komat kamit nyebul dupa,  sesajen ting tlecek ning endi endi nggon, seolah koyo  dukun sing kuasa..

Pawang udan dadi andalan , seolah koyo malaikat sing iso nyirep jagad, faktane udan raiso dibendung...

Ananging iki kabeh kenek nggo pengalaman, ide ide sing berbau syirik luwih becik dihindari , kejaba ora berkah uga nglanggar tumraping agama.

Nasi sudah menjadi bubur , Acara Ruwat Jagat Gagal Total , Wali murid nanggung rugi , Sekolah sekolah nanggung rugi , desa desa mbrebes mili merga mikirke biaya sing muk diguwak brung...

Sing urung iso diprediksi sikap para Pejabat, Kepala Dinas sak piturute , kiro kiro isin opo ora ..? Opo malah blas ora gagas , wallahu alam muga muga kabeh slamet...( Ditulis Gustik sebagai bagian kritik yang membangun )



Jumat, 04 November 2022

APBD DICUPOT,  KONSER DENY CAKNAN TETEP BAYAR.

APBD DICUPOT, KONSER DENY CAKNAN TETEP BAYAR.

      Deny Setiawan / Denny Cak Nan 

Pacitan PPOS.04.11.022. 
Wedi  ndadekne masalah , Pemkab Pacitan akhire  nyupot anggaran Konser Deny Caknan sing sumbere saka APBD.

Miturut Kepala Dinas Pariwisata Pacitan Turmudi S.Sos, Konser Deny Cak Nan murni  dibiayai saka Tim lan Pihak swasta sing sifate  bisnis to bisnis..

Merga Konser Artis papan atas Jawa Timur iku klebu larang (mahal) ,  tim njupuk kebijakan ,, Nonton konser Deny Cak Nan Tetep Bayar.

Informasi terkini , rega karcis ana rong jenis 
1 .
Harga Rp.20.000  ( khusus penonton ) sing manggon rada adoh saka panggung.
2.
Harga Rp.75.000 ,- ( khusus Penonton)  sing paling cedak saka Panggung , ngarep lan  samping  kanan kiri panggung.

Jenenge wong akeh , lambe muk asal muni , negosiasi Panitia Pacitan  nekakne Deny Cak Nan dianggep urung pengalaman seluk beluk dunia Bintang ( intertain)

Diduga kontrak Denny Cak Nan terlalu Mahal , Memang Deni lagi Populer tapi aslinya kontrak Deni muk sekitar 80 juta , dene Tim Pacitan wani rega 135 jt lagis ..hebat..jare  Erni Alumni SMA Pacitan.

Istilah lagis , bayaran Deni Cak Nan 135 juta bersih , Artis wis ora mikir Sound , Panggung , orkes Pengiring lan uga rampe liyane ...! Pantesan ana berita berita online ditulis  Deni Cak Nan entuk Rejeki Nomplok konser ning Pacitan ..

Terkait omongan  wong akeh ,  estimasi  Promotor Lokal Konser Deni Cak Nan bakal buntung , Turmudi omong ora masalah  , sing penting Konser tetep mlaku apik, ora enek keributan, warga puas.

Sementara animo masyarakat Pacitan krungu konser Artis sing uga pacare Heppy Asmara iku tetep Bayar , meh kabeh warga sing di takoni media gelo , paling duit karcis kingko yo ra beres , jare lukman mbresengut.

Sementara Ketua Harian Pacitan Couruption Warch Noval rumangsa bersyukur, Pemkab Pacitan ora sida nganggo dana APBD , apresiasi kagem pak mas Aji yg bertindak hati hati...dalam penggunaan anggaran...urai Noval via Telpon ( gustik)






















Kamis, 03 November 2022

KONSER DENNY CAKNAN TIDAK MEMAKAI DANA APBD...! PANITIA MOLAH MALIH...

KONSER DENNY CAKNAN TIDAK MEMAKAI DANA APBD...! PANITIA MOLAH MALIH...


Pacitan Ppos. 04.11.022.
Wartawan keheranan atas informasi yang simpang siur  acara Ruwat Jagad yang sedianya diadakan tanggal 05-11-022 sampai tanggal 13.11.022.

Kesimpang siuran tersebut utamanya soal pendanaan Acara Ruwat Jagad ,  tidak dijelaskan secara gamblang pos pos mana saja yang didanai APBD dan Pos mana saja yang tidak dibiayai APBD.

Usut punya usut , ternyata diantara panitia sendiri saling tidak mengerti sumber pendanaan dan konsep acara.

Tragisnya diantara Pejabatpun sering terjadi silang pendapat diantara satu sama yang lain.

Ketidak kompakan Panitia akhirnya menyebabkan kebuntuan informasi yang dialami Kuli tinta yang jumlahnya lebih dari 50 orang tersebut.

Pernah suatu saat wartawan  yang jumlahnya 50 orang tersebut dikumpulkan di sebuah ruangan Kantor Sekda , sayang sekali media tidak mendapatkan informasi secara utuh mulai dari konsep acara dan sumber anggaran.

Contohnya acara Konser Denny Cak Nan , sebagian panitia ternyata tidak tahu sumber pendanaan atas konser tersebut , ada yang bilang dibiayai APBD , yang lain bilang dibiayai EO dan bahkan terakhir media memperoleh informasi bahwa Konser Deni dibiayai patungan Tokoh Tokoh tertentu.
Bagi media  ,informasi itu penting , namun demikian jika wartawan mendapat informasi ,, molah malih,,  tentu akan mengakibatkan blunder / dis informasi di masyarakat.

Itulah akibat jika informasi media tersumbat , bukan barang baru kalau kepala dinas di Pacitan cenderung lari atau menhindar jika dicari wartawan.

Kepala dinas di Pacitan cenderung memerintahkan staffnya untul berbohong jika dimintai keterangan Awak Media , kalau tidak rapat keluar  ya pergi keluar kota , padahal  aslinya delik di balik kursi empuknya.

Perilaku Kepala Dinas di Pacitan yang suka ndelik jika dicari wartawan , jika diterus teruskan, maka rawan fitnah yang akan  justru dialami pejabat itu sendiri,mereka lupa bahwa Nama Bupati taruhanya..

Bupati bisa dibilang tidak becus , hanya akibat para bawahanya tidak pandai mengelola informasi , contohnya soal Konser Deny Can Nan yang sumber dananya simpang siur...

Tulisan ini sebagai kritik soal pengelolaan informasi di lingkungan Pemkab Pacitan yang cenderung amburadul ( gustik)


TIKET DENI CAKNAN DIPENDING..ORA SIDO BAYAR...?

TIKET DENI CAKNAN DIPENDING..ORA SIDO BAYAR...?


Pacitan Post, 3/11/022.
Rawan nyalahi aturan, Konser Deny Cak Nan sing awale bayar Rp.20.000 akhire Bupati Sepakat dipending.

Menurut  Eno Sekdin Kominfo Pacitan , sekalipun urung seratus persen bener, kemungkinan  penjualan tiket konser deny cak Nan dibatalkan alias gratis 

Alasane Regulasi Hukum Konser Artis sing dibiayai APBD isih multi tapsir , ketimbang tembe mburine enek masalah hukum ,luwih becik ora ditarik.
Umpomo ditarik /,  pembiayaan Konser ora saka duit APBD tapi saka pihak EO , jare PNS asli Papua iku.

Terlepas kui kabeh, pancen konser deni Can Nan sing kabare dibayar 135 jt sing dijupukne saka duit APBD penuh kontroversi.

Enek sing omong nglebar  duit rakyat , penak'en EO nompo mateng ora modal , rawan dimanipulasi hasil penjualan karcis dsb.

Para penari Tetek Melek song Peri desa Sukoharjo Pacitan gladi bersih ana kampung mataraman Jogjakarta.

Nek kabar Sekdin Kominfo saka Panitia iku bener , Warga pacitan bersyukur banget, iso nyekseni kabeh tahapan ruwat jagat ora bayar , mosok ndelok dangdut biayane saka negara , ditarik karcis 20 ribu , jare Lardi bungah.

Bahasa ...Kersane Ngalah , njaluk difasihkan Kersane Allah.
Uro Uro pembuka penari lanang Thetek Melek enek sing kudu diluruske yo kui bait / bahasa......Kersane' Ngalah kudu difasihkan dadi ....Kersane Allah.

Miturut salah sijining penonton asal Jogja sing kebetulan ndelok Gladi ning Kampung Mataraman Bantul DIY Omong yen Lafal ...kersane ngalah...iku iso multi tafsir.
1. Iso diartikan....Kersane Gusti Allah.
2.Iso diartikan...biarkan kalah...

Miturut Pak Edi guru saka Kampung Berbah Bantul omong ! luwih apik langsung disebut ...kersane Allah....dudu kersane ngalah..

Edi sing pesen marang media iki,wanti wanti konkon nyampekne pak Bupati sing awan kui melu ndelok gladi tarian Tetek Melek song Peri Desa Sukoharjo...ana Kampung Mataraman Bantul DIY..( GUSTIK)
bebek gustik ojo lali, nikmat dan murah





Selasa, 01 November 2022

RONDO  DUWE ANAK WEDOK,  ATI ATI NEK  KAWIN MANEH,BOJOMU SOYO SUWE ISO NGLIRIK ANAKMU WEDOK ...

RONDO DUWE ANAK WEDOK, ATI ATI NEK KAWIN MANEH,BOJOMU SOYO SUWE ISO NGLIRIK ANAKMU WEDOK ...


Pacitan Ppos.01.11.022.
Nek dadi rondo  duwe anak wedok ,  ojo asal golek wong lanang , minimal didelok kelakuane saben dinane , ojo asal ganteng utawa sugih, sebab kabeh ora jaminan.

Jaman saiki akeh kedadean , anak kwalon ( tiri) diembat bapak tirine merga nafsu sing wis ora terkontrol , opo neh anak kwalone luwih mincris dibanding mbokne..

Kaya kedadean dina iki , Polres Pacitan mbekuk  wong lanang jenenge Kumbang 38 ( nama Samaran,) merga diduga mencabuli anak tirine sing jenenge Kembang  15 ( nama samaran) .

Tragise Kumbang ora mung ngencup Kembang , tapi adik'e sing jenenge Mawar (14) melu katut dicabuli menyang bapak tirine sing kelakuane bejat.

Miturut Kembang  , aksi bejat bapak tirine sing sering dilakukan  pas pinuju  ibune ora ning  omah , nyikep , ngambung lan grayang grayang meh saben dino dilakukan.

Kembang lan mawar awale ora wani brontak , tapi soyo suwe merga ra tahan crito nyang gurune , kulo mboten tahan pak ,  bapak kulo berbuat kados kewan, kulo.mesak aken ibu kulo, jare Mawar ambi mbrebes.

Polres Pacitan entuk laporan warga, langsung bergerak cepat nangkep si bapak kwalon  bejat ,warga lingkungan Barehan Kelurahan Ploso Pacitan iku langsung menyerah.

Kapolsek  Kota Pacitan  sing populer diceluk Sugeng Ambon , bakal mroses Bapak tiri bejat nganggo pasal berlapis lapis , utamane Undang Undang Perlindungan Anak sing ukumane maksimal iso seumur hidup.

Hasil pemeriksaan awal ( si Kumbang Nakal  asal Barehan ) ngembat anak tirine  wis sekitar setahun , ternyata Si kumbang ngaku, ora sekedar grayang grayang anak kwalone,tapi perawan Kembangpun wis diencup ping pirang pirang.

Merga saking ratahan penderitaan, Kembang sing isih sekolah SMP kui brontak. Tapi diancam arep diusir saka omahe , merga ibune muk numpang omahe bapak tirine .

Akhire Kembang lan Mawar diwanek wanekne crito nyang gurune lan akhire Kumbang Bejat dilaporne nyang polisi.

Pengakun sementara ,  si ayah bejat iku diprekso polisi ngaku yen bojone wis ora menak ale nglayani ning nduwur kasur.

Kulo wongsal wangsul ngertos anak kwalon kulo ngangge wedak sing ambune wangi , soyo dangu kulo gudo kok rade manut , gek kulo kesengsem.. jare si Kumbang Bejat...( Nama korban sesuai Undang Undang Pers disamarkan) gustik












Sabtu, 29 Oktober 2022

AREP DIRUWAT JAGAD PACITAN TERANG  BENDERANG , PANITIA NEKAD.. KORUPSI...!

AREP DIRUWAT JAGAD PACITAN TERANG BENDERANG , PANITIA NEKAD.. KORUPSI...!

Rapat Media penjelasan tentang Acara Ruwat Jagad.

Pacitan Ppos, 30.10.022.
Gusti Allah , koyo koyo nglej`ek menungsa, utamane Panitia Ruwat Jagad , pirang pirang dina iki jagad Pacitan diparingi hawa terang benderang alias panas tanpo udan.

Padahal wis pirang pirang sasi iki ( Kota Pacitan) persasat saben dina udan deres sing nyebabne banyu udan mluntak ana endi endi.

Alun alun , dalan dalan lan persawahan kelem kebak banyu banjir ,  sejene ngono wong tani pada bubruk , ora panen , rugi geden  nangis ndlolo.

Padahal nek digagas gagas , miturut etungan BMKG  kudune  isih mangsa Ketigo ( musim Kemarau) ananging faktane jaman saiki , ternyata udan ora mengenal mongso / musim.

Mbuh piye crita awale , ujug ujug enek suara Kota Pacitan arep diruwat , tentu wae wong podo kaget / setengah ora percoyo.

Guyone masyarakat ,  pencetus Acara Ruwat Jagat opo pas klebon demit opo piye yo ( tik enek acara nyleneh ) jare Handaya guyu  keklek...cah cah wetengku nganti lara krungu Jagad Arep diruwat.

Jumlah biaya Ngruwat Jagad ora transparan...?

Terkait jumlah anggaran Pemerintah sing dienggo Acara Ngruwat Jagad nganti dino iki wartawan urung entuk informasi piro jumlahe sing digunakan acara kontroversial Ruwat Jagad.

Bagus Sing Ngaku Pejabat Kominfo reka rekane ngumpulke kabeh Wartawan ana Kantor / Ruang Rapat  Sekda , awale  wartawan seneng , tapi soyo suwe rapat  ora jelas.

Kominfo sing arep memplokamirkan diri sebagai pusat data informasi kegiatan pemkab Pacitan , bareng diuber wartawan terkait informasi seputar Acara Ruwat Jagat , eh  ternyata babar blas ora duwe data , acara Gubernur nyang Pacitan yo ra menehi info  ,wis parah..parah .jare Agus  salah sijining wartawan Media Online.

Siji sijine  informasi sing diinfokan Kabid Bagus  menyang media muk omong ,  Denny  Cak Nan dibayar Pemkab Pacitan 135 jt ,  Karcis Konser Deny Can Nan Rp.20.000 , konsere ono Stadion,wis muk kui...

Kepala Dinas Pariwisata Pacitan Turmudi sing direkomendasikan  Kominfo sebagai Begawan Ruwat Jagad, diuber wartawan terkait jumlah APBD kanggo Ruwat Jagad, Tirmudi asli Arjosari iku  ibarat mlayu kepontit pontit , di WA ora gelem mbales , ngerti wartawan endo /mblirit.

Ruwat Jagad Rawan Korupsi...!
Merga Pemkab Pacitan  dianggep ora transparan , opo neh kabeh Pejabat  gawe gerakan mingkem  , LSM  Pacitan Couruption Watch ( PCW) curiga , enek opo...?

Miturut Noval  (PCW) , anggaran Acara Ruwat Jagat Pacitan rawan di Korupsi lan Manipulatif.
Saka pendapatan Karcis  Konser Deny Cak Nan wae diperkirakan bocor owos owos , 
Blanja property Ruwat Jagad diduga akan dimanipulatif lan sak teruse.

Tapi sing dadi pitakonan Warga , umpomo Jagad Pacitan  ale udan wis mari , opo yo Jagad Pacitan  tetep arep diruwat...? Opo ora mubazir ..? 

Mulo PCW njaluk marang Aparat Penegak hukum  mbuh kui Kepolisian Pacitan utawa Kejaksaan melu ngawasi  Pelaku Acara Ruwat Jagat sing diduga Korupsi ,  umpama Korupsi kudu  (dikeler) nyang mah kidul alias Kejaksaan , saperlu dimintai pertanggung jawaban...( Gustik)













Rabu, 26 Oktober 2022

Ruwat Jagad : ANTARA MANCING BENCANA Lan BUDAYA.

Ruwat Jagad : ANTARA MANCING BENCANA Lan BUDAYA.

Foto , sebuah kegiatan Karya  Seni 

Pacitan Ppos.26.10.022.
Tanggal limo Nopember tahun 2022
ana Kabupaten Pacitan bakal dienekne acara  ,, Ruwat Jagad ,,.

Didelok saka judul Acara , Ruwat Jagad seolah nunjuk'ake sifat sombong lan congkak'e menangsa urip.

Kondisi Bumi seolah koyo enek sing salah, koyo enek sing urung trapsila lan seolah bumi koyo enek sing  ,, onggr`eh  onggr`eh ,, utawa  ganggu.

Acara  Ruwat Jagat , sakjane gara garane muk siji  yo kuwi :   Jagad seolah salah mangsa -  mestine  mangsa ketiga tapi kondisi saiki   koyo  rendeng.
Udan deres saben jam , banjir bandang  persasat rong dina pisan.

Mbuh merga panik, utawa pancen  doyan klenik..?
 Acara Ruwat Jagad ana Pacitan tanggal 05/10.022  bakal nemoni kontroversi.

Pancen nek di delok saka aqidah Islam : Acara Ruwat Jagad sing koyo mengkonono kui klebu perbuatan syirik..

 Sebab  apa kok syirik..?
Seolah olah jagad  kondisine gonjang ganjing.
Seolah jagad koyo arep di caplok buto.  Seolah menungsa luwih sekti ketimbang Gusti Allah .
Padahal kabeh ngerti ! 
Bumi,  langit lan isine  sing  duwe Gusti Allah.

Merga perbuatan syirik  dilarang Gusti Allah , Acara Ruwatan Jagad klebu perbuatan syirik  ,kiro kiro nek Gusti Allah tambah nesu kepiye..?

Amit amit Iki muk misale...!.
Bar acara Ruwatan Jagad  dilaksanak' ake' , ndalah kersane Gusti Allah Malah kedadean Banjir Bandang hebat  , kedadean genpa bumi sing gede  , kedadean tsunami  sing dahyat...?

Jal ..kira kira ...Bupati arep ndelik ning ndi..?
Pak Sekda ....arep mlayu ning endi......?
Anggota DPRD ..arep ngantor ning endi..? Merga kantore kelem banyu..misale.

Paling paling Pencetus Acara Ruwat Jagad isane muk nangis ndlolo  , wis kedosan gede - iso iso ruwat jagad muk mancing bencana.

RUWAT JAGAT DIANGGEP SENI & BUDAYA.
Pancen nek omong soal cah Seni cen  kadang  Angel tuturane'.
Nguri uri danyang dianggep budaya.
Larung Samudra dianggep budaya.
Sedeqah laut dianggep budaya.
Nyadran dianggep budaya.
Terakhir Ruwat Jagat dianggep Seni & Budaya.

Pelaku seni pancen butuh Ekpresi , karya seni butuh ditonton , butuh dinikmati lan butuh diuri uri , alesane  merga merupakan Karya Seni.

Jangankan  Larung samudra , Awak dirajah Tato sak awak bleg pun dianggep seni.
Ojo kaget Ning Eropa ! 
Masiho  rajah Tato awale muk sebuah Seni ,  tapi saiki  wong Tatoan wis membudaya mungguhing wong Eropa.

 Ora enek critane.. pemain bal balan Eropa ora tatoan.
Ora enek Critane... seorang petinju ora tatoan.
Bahkan Ora enek Critane...seorang Artis Eropa ora tatoan.

Dadi bab seni awale pancen saka budaya.
Larung samudra ,  awale saka  kegiatan wong njaring / nelayan.
Nguri uri danyang , awale saka wong nyadran.

Ojo ..ojo...!
Gara gara muk  Pacitan sering udan deres , sering banjir lan sering kedadean tanah longsor ana  mangsa ketigo  ,, dianggep sebuah kuthukan ,, merga kuthukan kudu diruwat....

Syukur Acara Ruwat Jagat  Kabupaten Pacitan sing rencanane arep dienekne tanggal 5 Nopember 2022 , hanyalah sebuah karya Seni dan sebuah ekpresi pelaku seni .

Muga muga ora enek warga lan Pejabat Pacitan nganggep Acara Ruwatan Jagat suk tanggal lima sebuah mitos , sebuah kebutuhan dan sebuah keharusan atau kewajiban.

Sebab cetho welo welo ..!
Menungsa diuji marang  Gusti Allah  iku wis dadi takdire ..
Gusti Allah Dawuh..!
Dan Kami pasti akan menguji kamu dengan sedikit ketakutan , kelaparan , kekurangan harta , jiwa dan buah buahan.
Dan sampaikan kabar gembira bagi orang orang yang sabar...( Qs . Al Baqarah Ayat 155 )

Tulisan ini bagian dari Karya Tulis Redaksi sebagai bentuk himbauan dan peringatan, terutama untuk pelaku seni dan Pejabat Pacitan atas sebuah kegiatan yang mengandung unsur dosa besar  jika tdk dilaksanakan dengan penuh hati hati..
Bumi dan isinya jelas dan pasti atas kuasa Penciptanya , tidak seorangpun yang bisa mendekte atas Kuasa tersebut....ditulis oleh Gustik Pemimpin Redaksi Pacitan Post Group , Ketua Ikatan Wartawan Republik Indonesia ( IWARI PACITAN)




















.







Jumat, 21 Oktober 2022

WONG PACITAN KAGET PAK MUL Mantan Sekda  sida MLEBU PENJARA

WONG PACITAN KAGET PAK MUL Mantan Sekda sida MLEBU PENJARA


Pacitan Ppos.22.10.022.
Jare wong wong , kasus mantan Sekda Pacitan ir Mulyono wis dikondisikan, sruing sruing ijik di ndegne karo Kejaksaan Tinggi Sby , tapi kok ujug ujug wis ditahan, bahkan wis mulai di Sidang, mulo do kaget.

 Sekda jaman Bupati Suyono iku  menurut berita , ditahan ana Rutan klas I Kejaksaan Tinggi Surabaya , ora jelas kapan ale jemput tokoh Sekda sing cukup flamboyan, ora isonan , murah senyum lan cerdas.

Tapi pancen  ' nasibe menungsa memang ora enek sing ngerti, kadang ning nduwur kadang ning ngisor , titah wong urip pancen mung sak dremo.

Perlu dimangerteni , terdakwa Ir Mulyono mulo bukane di penjara gara gara Bupati Sujono ketamon tamu pejabat lan investor saka Jakarta .

Pejabat tinggi Jakarta lan investor  ngebang bang  Pemkab Pacitan arep gawe produksi Batu Tambang ( Marmer) ana daerah Tulakan Pacitan.
 
Pejabat lan Investor,  wektu kui meyakinkan Bupati lan DPRD yen bakal mroduksi marmer geden gedenan , bahkan sak Indonesia watu Tambang Marmer Pacitan klebu sing paling gede lan hasil produk'e bakal di eksport nyang luar negri.

Saking kepencut'e Bupati  , Dewan lan Pejabat liyane  marang Investor , kabeh podo gedandapan gawe Regulasi sing iso kanggo garap tambang tambang Pacitan.

Salah sijining program Pemkab Pacitan kudu gawe Perusahaan Daerah sing dijenengke Aneka Usaha.

Sayang seribu sayang , Investor sing jarene arep ngedekne Pabrik ana Pacitan iki maeng ternyata muk ngedobos , ora ono kabul wusanane.

Menteri lan Pejabat Tinggi saka Jakarta sing wektu kui gawa Investor  mlebu Pacitan , usut punya usut muk ABS nyang Presiden sing wektu kui dijabat pak SBY sing asli Pacitan..

Tragise kabeh Regulasi sing diciptakne Pemkab lan Dewan dianggep salah kaprah marang penegak hukum.

Resikone kabeh pejabat kunci Pacitan sing melu gulo wenthah Perusda Pacitan dibidik Kejaksaan , bahkan Kabag Keuangan  (Mar ) sruing sruing  uga bakal dadi tersangka nyusul Sekda Pacitan Ir.Mulyono sing iki dina wis mulai disidang.

Perlu di mangerteni , inti pokok perkara terkait Perusda Aneka Usaha Pacitan berawal saka Identifikasi Bantuan Hibah  2 M sekitar tahun 2007 sing disuntikne menyang Perusda Pacitan .

Kocapo..!
Bareng Bantuan Hibah wis dicairke sekalipun muk lagi 1 M , Ternyata belakangan , Penegak Hukum Pacitan ( Kejaksaan) menyelidiki Kasus Penggelontoran dana Hibah Perusda.

Rekomendasi BPKP Jawa Timur , dana Hibah ora entuk disuntikne menyang Perusda secara murni , kudune jenis bantuane dudu Hibah Tapi penyertaan modal , opo meneh wektu kui Perusda ora duwe duit alias ora duwe modal.

Ndilalah dasar wis arep apes , Pengelolaan Perusda Pacitan terkesan asal asalan , diisi wong sing rung nate nyekel perusahaan , wektu kui diisi pegawai pegawai Pemkab sing diduga  salah sijining oknum  justru melakukan Korupsi , tapi justru lolos saka jeratan hukum .

Sing kujur lan apes , Sekda , Dirut Perusda sing ora duwe kewenangan mutuske jenis bantuan justru mlebu penjara, wis ora mangan duite tapi kenek pulute .

Sing menak panggah Staf Perusda sing gimblah  ngunggahne rega bahan baku , ethok ethok  kluyar kluyur nyang lapangan dengan alasan tugas , sing penting entuk transport , masiho sakjane muk nengkreng ning omah , srupat sruput ambi ngombe kopi.

Sakjane nek arep jujur , Perkara Perusda kudune kabeh pengambil keputusan dihukum , mulai saka Bupati , Pimpinan /anggota Dewan , sebab gara gara identifikasi bentuk bantuan Hibah kliru,kabeh dadi kliru..

Pacitan Couruption Watch ( PCW) sing wektu kui melu cawe cawe lan ngawasi mlakune Perusda saka awal nompo duwit hibah , mundur teratur merga wektu kui salah sijining oknum penegak hukum omong '.......( Ditulis Sutikno Ketua Pacitan Couroption Watch lan Pimpinan Redaksi Pacitan Post Group ).















Senin, 17 Oktober 2022

BENTUK SANDAL ROSULULLAH ANTIK LAN MODEREN

BENTUK SANDAL ROSULULLAH ANTIK LAN MODEREN

.Kerajaan Arab Saudi bikin Replika Sendal Rosulullah.

Pacitan Ppos, 17.10.022.
Masiha muk tiruan , bentuk Sendal Nabi Muhammad gawe kaum muslimin kaget, ora ngira babar blas nek bentuk'e Sendal Rosulullah sepintas  koyo sendale wong wedok model  kekinian.

Replika Sendal Rosulullah resmi diluncurkan Kerajaan Arab Saudi mulai tangal 30 juni 2022 nganti 9 wulan suwene , pindah satu kota ke kota liyane (pendek  kata ) pemeran mubeng seluruh Negeri Arab.

Informasi saka Kerjaan Arab Saudi , pembuatan Replika Sendal Nabi disesuaikan model Asli Sendal Rosullullah ana musium musium peninggalan tokoh tokoh panutan , klebu kehidupan Nabi, Pembesar Kerajaan lan tokoh tokoh liyane.

Bentuk ngarepe sendal Nabi lincip , srampat / japitan  ngarep double , bentuk mburi  / tlasah  sendal Rosul  umum koyo jaman saiki ,cuma pas tungkak digawe rada vareatif ( istilah saiki ).

Perlu dimangerteni Replika sendal Rosulullah digawe perajin saka Andalusia disesuaikan data data saat Rosulullah Hijrah ,antara kota Mekah lan Madinah.

Bayangan / Bentuk sendal Rosulullah koyo tlumpah karet  ternyata salah,  Relis  Replika Sendal Nabi diumumke Kerajaan Arab Saudi,  bentuk'e lancip koyo model saiki.
Diperkirakan replika Sendal Rosulullah bakal ditiru perajin perajin lokal sing nyadong untung  manfaatke trend Kehidupan Rosulullah ..ditunggu wae (ditulis ulang saka Sumber Resmi Kerajaan Arab )
.






Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done