PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 05 Maret 2023

JIP mBAH ..MISNO .NJUNGKEL, 2 Meningal.

JIP mBAH ..MISNO .NJUNGKEL, 2 Meningal.


Sudimoro Ppos.05.03.023.
Ora enek meneh  wong Pacitan sing duwe jip Hartop Abang kecuali mbah Misno mantan Kades Ndadapan.

Saking trisnane karo Jip Hartope ,mbah Misno sing uga para normal iku , ndisik nate omong,  yen ora bakal di dol nganti mobil iku ora kenek dienggo.

Mbuh kebeneran opo ora , iki dina   minggu (6/3) Mobil kebanggaan mbah misno Remuk merga njegur njurang ana daerah  Pathok Telu Sudimoro Pacitan.

Ora mung mobil kesayangane , mbah Misnopun uga seda ana TKP klebu Nano  biro jasa surat surat kendaraan asal Ngadirejan. pringkuku .
Korban liyane , Jumali lan sijine sing urung weruh jenenge slamet, infone warga Bengkal Tanjungsari.

Paranormal Misno mantan Kades Dadapan

Miturut Crita sing beredar  , mbah Misno dkk, lunga menyang Sudimoro nekani undangan Tayub  ana acara ning Sudimoro.

Kabar manuk , ana acara  Hajatan  kabeh penayup omben omben ciu , klebu rombongan mbah Misno.
Bar tayub mbah Misno dkk arep mulih menyang ndadapan , Naas lagi teka Pathok Telu Sudimoro Mobil sing disetiri  suyatno / Nano ,  ujug ujug oling lan akhire njegur jurang.

Nganti berita iki ditulis , Jenazah Mbah Misno lan Nano ijik ning Puskesmas Sudimoro. Pacitan.

Kadis Ndadapan Ismono, mbenerake yen wargane sekaligus tokoh Dadapan Misno seda ana Pathok Telu ,( cagak Telu) Sudimoro, iki aku lagi arep koordinasi , Jare Ismono...( Gustik,)




Jumat, 03 Maret 2023

ISU TUNDA PEMILU WIS SUWe' ..APA IKI BUKTINe' ...?

ISU TUNDA PEMILU WIS SUWe' ..APA IKI BUKTINe' ...?


Nasional Ppos.03.03.023.
Kabeh masyarakat Indonesia persasat wis krungu  kabeh , isu jabatan presiden njaluk diperpanjang.

Masiha Presiden Jokowi kereh kereh ora gelem , faktane kelompok tertentu tetep gaungke Pemilu ditunda , alasane maneka warna.

Ndlalah ...! Mbuh kebeneran utawa ora , minggu wingi Pengadilan Negeri Jakarta Pusat gawe putusan Kontroversial , Mengabulkan Gugatan Partai Prima seluruhnya, yo kui  mrintah ake'  KPU RI menunda sisa tahapan Pemilu tahun 2024.

Alesane..! Partai Prima dirugekne KPU soal Verifikasi Administrasi , Partai Prima dinyatakan KPU ora lolos Verifikasi  , lan ora entuk melu dadi peserta Pemilu tahun 2024.

Tentu wae Putusan PN Jakarta Pusat , sing kendel ,mutusne ,, penundaan sisa tahapan Pemilu  tahun 2024 dadi isu liar  sing  seru dikomen.

Menteri Koordinator Hukum dan Ham Prof Mahfud MD,  omong ! yen Majelis Hakim Pengadilan Negeri Jakarta Pusat diisi wong ora jedak hukum.

Lukman Hakim Anggota DPR RI menduga kekuatan global  pengaruhi putusan Hakim.

Anggota DPR RI Lukman Hakim bahkan nuduh , yen putusan Hakim PN Pusat dipengaruhi agen Asing sing pingin NKRI runtuh. Alesane '  Umpama Pemilu ditunda harapan tokoh Global ( Asing) rakyat Indonesia Brontak , harapane  NKRI runtuh.

Terlepas komentar tokoh tokoh kui maeng bener opo ora , sing pasti Rakyat Indonesia cukup was was,  sing dikawatirke muk siji stabilitas Negara goyah .

Sebagian kelompok pasti nuduh, Penundaan Pemilu ber effek perpanjangan masa jabatan Presiden .

Yen wis teka isu perpanjangan massa jabatan Presiden , akibat muk merga Partai Prima menang gugatan , dikawatirkan , perang antar pendukung pro perpanjangan massa Jabatan Presiden lan sing anti perpanjangan jabatan Presiden pasti runyam.

Ananging isu  teka nyangkut perpanjangan massa jabatan Presiden muk gara gara putusan PN Jakarta Pusat , sakjane terlalu adoh ...koyo koyo ora mungkin ..walahu alam, jare Imran Kader Partai Ummat..(tim)









Rabu, 01 Maret 2023

DPRD :  TAWAR MENAWAR KADER.. MULAI UMYEK..KADER DEMOKRAT PALING DIMINATI...

DPRD : TAWAR MENAWAR KADER.. MULAI UMYEK..KADER DEMOKRAT PALING DIMINATI...


Pacitan Ppos 28.02.023.
Sistim Pilihan Anggota Dewan tahun 2024 urung enek kabar , Proporsional Terbuka opo tertutup.

Ananging nada nada  systim Tertutup mulai ketok lan rame dijagong ana gedung Dewan sak Indonesia ( klebu Pacitan).

Pantauan Media , Tokoh tokoh DPRD Pacitan  sing saiki lungguh ana Gedung Dewan wis mulai usrek , masiha seolah guyon , Wakil Wakil saka PKB.PKS.Gerindra Nasdem,Hanura lan PPP wis mulai ngiming imingi nomer urut partaine dewe dewe.

Repote'.... , sing diiming imingi kon pindah partai ,  yo kui kader kader Demokrat lan Golkar sing diperkirakne  bakal ora entuk nomer dadi.

Masiha suasanane,  ambi guyon cekakak'an koyo ning Pasar Pon, tapi ketok jelas !  sebagian anggota Dewan wajahe  mulai nglangut lan panik..

Rudi Hartoyo ngobrol bareng karo Ketua Fraksi Partai Demokrat Arif Setyo Budi.

Kader Partai Hanura , Nasdem,Gerindra lan PKS ana gedung Dewan sing paling antusias wira wiri , ngrayu kancane anggota Dewan saka Partai Demokrat lan Golkar .

Miturut Rudi Hartoyo , suasa batin konco konco Dewan sing jik lungguh  ,  utamane konco konco Demokrat,  lan Golkar  rada bingung iku hal wajar, merga systim pilihan ,, terbuka po tertutup,, nganti seprene urung pati jelas .

Ompomo sido  nganggo Proporsional tertutup ,  iki pancen momen sing paling tepat nggo ngrayu konco konco ben gelem pindah partai , jare rudi ambi gligak gligik..

Sementara Sediono saka Gerndra , ora kalah ale wira wiri nawarke no urut siji menyang kader partai liyo, wis to sesuk sistime Tertutup , ayo gek meluo aku wae..nyalon lewat Gerindra , ucap Diono serius.

Hariawan Anggota Dewan saka Nasdem , sing biasane renyah ngobrol bab pemilu, dina  iku ora pati gelem melu guyon. 
Usut punya usut , Hariawan dina kui lagi lara untu, sory mas aku no coment , ungkapnya.

Arif Setyo Budi, tokoh Muda sekaligus Sekretaris DPC Partai Demokrat Pacitan ngaku  ora pati kawatir, bah kui Terbuka opo tertutup , Partai Demokrat tetep solid, PD duwe puluhan Kader Potensial sing iso nambah suara , ora terlalu gusar aku..., Ucapnya.

Perlu dimangerteni , nganti seprene urung enek trontong trontonge' Pileg tahun 2024 terbuka opo tertutup , Surat Putusan MK isih urung  enek mas , jare Ketua KPUD Pacitan , via telpon..( gustik)






KOMISI 2 WARNING PANITIA LELANG..PISAN MENEH GAWE SALAH ...!

KOMISI 2 WARNING PANITIA LELANG..PISAN MENEH GAWE SALAH ...!

Rudi Handoko Ketua Komisi 2 DPRD Pacitan.

Pacitan Ppos, 28.02.023.
Ketua Komisi 2 DPRD Pacitan Rudi Handoko, rumangsa isin karo masyarakat,  terkait  Panitia  Lelang Pengadaan Barang dan Jasa Kabupaten Pacitan sing bola bali nglolosne Kontraktor abal abal.

Komisi 2  DPRD Pacitan kecewa , merga sing dadi korban mesti proyek Proyek  Rumah Sakit, Pasar  sing nilai kontrak'e Milyaran Rupiah.

Iki nek Bupati Ora turun tangan langsung, dikawatirke lelang tahun 2023 bakal bermasalah maneh, jare Rudi ditemoni wartawan ana ruang kerjane.

Perlu dimangerteni , gara gara proyek Rumah Sakit bola bali mangkrak, lan bermasalah , Panitia Lelang Pemkab Pacitan dituding ora profesional lan dadi berita Nasional , meh kabeh Media online beritakne.

Sementara Bupati Pacitan , diwakili Kepala Dinas Kominfo Pacitan Bambang Mahendrawan , ngaku wis koordinasi kabeh Dinas sing bakal mengelola kegiatan pengadaan barang dan jasa tahun 2023.

Intine kabeh berita sing direalis Media terkait Proyek proyek Rumah Sakit lan Proyek proyek liyane sing bermasalah, wis dadi perhatian Bupati , tegas Mahendra ..( gustik)



Selasa, 28 Februari 2023

HARI JADI PACITAN 278 DIJADIKAN MOMEN KKN UAD BERBAKTI..

HARI JADI PACITAN 278 DIJADIKAN MOMEN KKN UAD BERBAKTI..


Pacitan Ppos .28.02.023.
Kebetulan Kabupaten Pacitan sedang merayakan hari jadi ke 278.Dan moment tersebut digunakan oleh sejumlah Mahasiswa KKN Universitas Ahmad Dahlan untuk mengenal lebih jauh tentang Pacitan.

Menurut Sohibul Fafa Tajul  Arifin , kelompoknya  ditempatkan KKN di dusun Padangan Desa Banjarsari , dalam kegiatan sehari hari  , Mahasiswa ikut program kegiatan warga , seperti pengajian , memberantas sarang nyamuk .

KKN UAD ikut Memeriahkan Hari Jadi Pacitan ke 278 dengan mengadakan kegiatan mlaku Bareng bersama Warga .

Tidak lupa Mahasiswa UAD  juga ikut memeriahkan kegiatan Hari Jadi Kota Pacitan ke 278,  dengan menggelar acara Mlaku Bareng KKN UAD.

Kegiatan Mlaku Bareng dengan KKN UAD kami bekerja sama dengan Karang Taruna dan  Warga dusun Padangan Desa Banjarsari, alhamdulillah acaranya cukup sukses , terangnya.

Sohibul Fafa Tajul Arifin Mahasiswa UAD jurusan BK bertandang ke Redaksi Pacitan Post.

Ditanya Wartawan,  kesan kesannya  selama KKN di Pacitan , Fafa bilang bahwa Pacitan obyek  wisatanya banyak sekali, dan bagus bagus , ada Goa Gong ,Pantai Klayar , Watu Karung ,  air panas, situs situs sejarah Purbakala ,Musium SBY dan sebagainya.

Namun yang paling berkesan menurutnya , adalah Pacitan punya Pesantren besar dan tua yaitu Pondok Termas , saya bahkan sempat berziarah  ke  makam salah satu pendiri Pondok Termas yang ada  didesa Semanten.
Kemudian saya 
juga sempat  berziarah ke Tokoh  pendiri kota pacitan , yakni  Kanjeng Jimat di  Komplek pemakaman Giri Sampurna , tambah  Fafa mahasiswa UAD dari  jurusan Bimbingan Konseling / BK.

Kegiatan KKN UAD dilaksanakan selama satu bulan penuh , dan akan berakhir tanggal 1 Maret 2023 , mendapat apresiasi luar biasa  oleh warga ,  perangkat desa dan  Kepala Desa Banjarsari Gatot Purwadi , Gatot bilang anak anak Mahasiswa punya nilai positif selama di desa Banjarsari , minimal bisa menjadi contoh generasi muda yang ada di desa tersebut .

Selamat jalan adik adik Mahasiswa, mohon maaf jika ada warga kami  yang kurang berkenan dan semoga ilmu yang didapat dari desa kami  ,dapat bisa berguna di kemudian hari, tegas Kades Gatot.

Perlu diketahui , sejak 1 Pebruari tahun 2023 Perguruan Tinggi Universitas Ahmad Dahlan Jogjakarta menempatkan mahasiswanya angkatan ke 101 untuk KKN di Pacitan dengan jumlah 189  orang yang tersebar di 6 Desa di Pacitan.

Diantaranya Desa Mentoro.Tambak Rejo, Semanten , Purworejo,Banjarsari, Kayen dan Sukoharjo.
Dosen Pembimbing Lapangan yaitu DR Ema Nurmaya SE.M.M...( TIM)








TRUK NYLURUT MLEBU JURANG PENGKOLAN WORAWARI...Diduga rem blong..

TRUK NYLURUT MLEBU JURANG PENGKOLAN WORAWARI...Diduga rem blong..


Pacitan Ppos.28.02.023.
Handoko (66) sopir truk (L 9679 UM asal Boyolali mati ning nggon,  kegencet  mobil  truk'e sing disopiri ,  kondisi truk dadi peyek merga nylurut ning jurang Pengkolan Worawari JLS Tulakan.

Menurut Pihak Kepolisian Polres Pacitan Akp Yani , Truk budal saka Madiun ngangkut bata arep digawa menyang lorok Pacitan.

Sayang lagi teka tanjakan pengkolan wora wari  Tulakan Truk ora kuat nanjak , age age Handoko midak rem , munkin saking abote muatan , rem panas ndadekne blong.

Tentu wae truk sing sarat muatan iku langsung nylurut  mengisor langsung mlebu njurang sing jerone kira kira 15.
 meter.
Truk pengangkut batu bata asal Madiun nyemplung jurang pengkolan worawari Jls.

Nganti iki jam , truk urung iso dijupuk merga ning njero jurang , sementara jenazah Sopir Truk digawa nang rumah sakit Darsono Pacitan.

Enek sing weruh, begitu truk mulai nylurut nyang mburi, sopir asal Boyolali kui ketok arep metu saka cendela kabin arep nyolot, tapi wis keburu truk kejegor jurang, korban ketindihan rongsokan truk...

Kecelakaan truk nylurut merga ora kuat beban , dadi pelajaran pengguna lalu lintas liyane, yen enek truk igut igut  munggah , ojo sok ning ngisore , mending mandeg  sik, menehi kesempatan truk aman, nek ora kanten iso iso enek apese ketiban truk..( tim)



Senin, 27 Februari 2023

Ati Ati sing duwe ,,Thokor Bentet,, Ojo nyang sawah disik, usum penyakit uyuh tikus .. leptospirosis

Ati Ati sing duwe ,,Thokor Bentet,, Ojo nyang sawah disik, usum penyakit uyuh tikus .. leptospirosis

 Uyuh tikus keli banyu udan , gawa korban wong nyang sawah sing mati wis papat.. suspeck wis 112 sing dirawat wis 88.

Pacitan Ppos 28.02.023.
Ati ati sing duwe thokor( dlamak'an ) sikil pecah pecah , sebab rata rata sing kenek upas tikus wong sing thokore pecah pecah.

Nganti dina iki penyakit Leptospirosis sing nyerang warga pacitan  termasuk mbludak, ananging urung dikatagorikan KLB.

Miturut Sekretaris Dinas Kesehatan Pacitan dr Ndaru Mustaka Aji, Leptospirosis  disebabne bakteri Loptospira , perantarane saka urine( uyuh) kewan,  umume tikus.

Gejalane umume , awak panas ndadak,mata abang, lemes ,otot otot pada linu lan pusing.

Tahun 2022 , warga Pacitan sing kenek bakteri Leptospira sekitar wong 496 sing akeh saka desa Bubakan Tulakan 130 korban uyuh tikus.
Tahun 2023, jare ndaru iki lagi meraja lela , suspeck 112 dirawat 88 lan mati 3 .

Pemerintah Kabupaten Pacitan ,  melalui drg. Nur Farida Kabid P2P wis bertindak anane pagebluk penyakit Lestospirosis sing disebabne saka uyuh tikus lan kewan kewan liyane.

Pemkab Pacitan bareng karo BBTKL Surabaya , iki dina lagi nangani lan meneliti Warga Nawangan Pacitan , sing lagi kenek penyakit berbahaya saka uyuh  kewan.

Bupati Pacitan lewat Dinas Kesehatan pesen marang masyarakat kabeh , khususe Petani sing sering menyang sawah utawa lebuh  ati ati nek iso nganggo sepatu , sebab ora tertutup kemungkinan uyuh tikus , uyuh sapi lan kewan liyane membleg dadi siji ana sawah utawa lebuh...

Dr Ndaru nambah ake , sing krasa awake panas ora mari mari,lemes , ngelu sirahe , gek digawa nyang puskesmas , sing duwe luka utawa dlamak'an mrenget nek iso ati ati , nganggo sepatu boat misale .( Gustik)


AJA gumun MARANG uripe ' ARTIS.. sok kaya ,BADUT,, Sok Mesra , sesuk pegatan ..

AJA gumun MARANG uripe ' ARTIS.. sok kaya ,BADUT,, Sok Mesra , sesuk pegatan ..

Pasangan isin isini sok mesra tapi kopong.

Nasional Artis.27.02.023.
Nek nyawang uripe Artis aja Baper nemen nemen , merga sing akeh  Artis iku uripe ana lingkungan Kepalsuan.

Ketok sugih ning asline mlarat , ketok ayu ning asline tembelan ( oplas) ketok mesra ning asline  congkrah.

Contone :
Pasangan Venna Melinda-Verry Irawan , awal awal gayane mesra kaya wong gatelen kabeh , seolah urip kaya ning awang awang , kaya lintang lan rembulan.

Ternyata saiki kaya  wedus berik , sirahe Very Irawan sing plontos di sundangke irunge Venna Melinda nganti godras getih.
Alhasil Verry dijeblosne ning penjara, merga dianggep KDRT.

Ojo diturut...
Sing paling isin isini , Sikap Venna Melinda infone' bakal njaluk duit rokok , duit pulsa lan  duit receh receh liyane sing nate diwenehne Verry ...nek tenan! Sikap Ibune Varrel Brahmanta iku kaya wong ragableg mata duitan.

Padahal sak durunge , sikap Venna Melinda ora bukakke pintu ibune Verry wis entuk hujatan sing pedes saka Netizen , wong wis sepuh arep silaturahim ditolak , ndah dosane...jare sebagian komen  netizen ning medsos.

Berita parah artis ! Uga kasus Artis Indra Bekti digugat cerai bojone'.
Kabar sing iki uga aja ditiru maneh , terkait perkara Indra Bekti Pasca Lara , mungkin Jelita mgerti Presenter Indra Bekti bakal mlebu metu rumah sakit , mulo bojone ancang njaluk pegat.

Ternyata tenan, iki dina bojone Indra Bekti sing jenenge Jelita fix ngajokne pegatan.
Alesane klasik ,  kaya lumrahe wong pegatan, wis ora enek kecocokan.

Tentu wae sikap Bojone Indra Bekti , dinilai konyol , bojone urung pati mari,tega mentala digugat cerai .

Dasar Netizen gabuk , Jelita dihujat sing aneh aneh , jelita wis emoh merga manuk'e Indra wis nglentruk merga efek lara struk , enek sing omong indra Bekti dicerai bojone merga uripe wis mulai mlarat, lan liyo liyane.

Terlepas persoalan tokoh Artis duwur iku, Redaksi ngajak para pembaca pinter manggonke pikir nek moco berita lan ndelok acara Tv.

Ojo tukang sulap lan kepingin urip kaya Artis sing seolah olah menak , padahal sing akeh,  urip dalam kepalsuan nyata..

Koyo koyo Pacaran- padahal muk setingan, ben laris proyek'e . 
Koyo koyo Sugih , padahal kabeh kreditan.
Koyo koyo Harmonis,  ujug  ujug pisahan.
Koyo koyo ayu, padahal temblok'an....
( Ditulis  Redaksi sebagai edukasi dalam mencerna berita dan lakon dalam sebuah drama , banyak pemirsa TV yang larut dalam cerita, seolah sang artis segalanya, lupa mandi,lupa shalat , lupa anak dan lupa lupa yang lain)






omah deretan anggota Dewan Ambles lan Rubuh...perlu di Relokasi..?..

omah deretan anggota Dewan Ambles lan Rubuh...perlu di Relokasi..?..


Nawangan Ppos 27.02.023.
Pancen didelok saka kontur lemah , deretan pasar Nawangan mengulon ora layak didegne bangunan , merga persis ana punggung bukit lancip.

Saking lancipe' punggung bukit , mung ana sekitar lemah 40 meter kiwo tengen sing kenek didegne bangunan, kui pun dalam kondidi kritis nek kenek cuaca ektrim mesti bahaya

Tapi wong  tuwa ndisik ora gagas,  lemah kui bahaya opo ora..sing penting iso ngedekne omah lan bangunan liyane, toko.bengkel , warung lan Pasar.

 deretan omahe anggota Dewan Nawangan sisih mburi pada ambles lan ana sing rubuh.

Kocapo...!
Bareng kenek udan ngedur pirang pirang dino, meh kabeh lemah kui maeng ambles total bahkan akeh omah sing ambruk, persise yo kui deretan omahe anggota Dewan Sutikno , Bagus Sp , bu Pri.
Bahkan omahe bu Pri  sing mburi ale ambles wis pirang purang tahun.

Miturut Marsini ,  udan pirang pirang dino dadi penyebab lemah lan omah pada ambles lan Rubuh , nganti seprene urung enek bantuan utawa tinjauan saka Pemerintah , yo muk bantuan sembako saka Desa , jare Marsini sing uga dulure bu Pri anggota DPRD Pacitan.

Marsini uga omong yen omah ambles lan rubuh ora mung mburi omah,ananging ngarep omahpun uga ambles lan rubuh persise mburi / cedak toko Tofa, malah ngarep SD Nawangan 1 omahe wis dikosongke..ora wani dienggoni.

Marsini uga bingung, enek musibah koyo ngene kok Pemda karo Bupati ora gek mara , sing nilik'i lagi ponak aku Bagus karo Pandu , Bupati lan pejabat liyane urung moro, jare sini memelas tulung undangno Tv om.

Anane musibah tanah ambles ana nawangangan , entuk informasi Bupati urung sempat mrono, merga kesibukan sing padet, media  ngontak hp ne ijik tulalit...( Gustik)







Minggu, 26 Februari 2023

PENIPUAN  An. GAGARIN Ijik  MERAJA LELA ..ATI ATI..

PENIPUAN An. GAGARIN Ijik MERAJA LELA ..ATI ATI..

( Ft. Ilustrasi ) Pembangunan Masjid atau Mushala jadi sasaran Akun Palsu Gagarin...

Pacitan Ppos.26.02.023.
Wakil Bupati Pacitan Gagarin , nganti seprene dadi obyek penipuan oknum penjahat.

Seolah olah Gararin,  arep menehi bantuan Pembangunan Mushala atau Masjid , biasane  Takmir ditelpon (  mesterius) sing ngaku wonge Gagarin..

Ana njero telpon,  seolah olah Wakil Bupati Pacitan arep menehi bantuan, mulo  pantia dikongkon ngirim rekening.

Dasar Bandit , bareng panitia kirim rekening , Gagarin seolah olah wis transfer ( bukti kirim terlampir).

Lucune seolah olah ale Transfer pak Gagarin kluwihan , misale arep kirim 13 juta tapi terkirim 15 juta , ujung ujunge kluwihan transferan maeng kon mbalekne.

Ternyata bareng di Chek ana Bank
Usut punya usut , bukti kirim sing ngaku saka Pak Gagarin iku maeng ,, Palsu,, 

Wakil Bupati Pacitan Gagarin Sumrambah.

Gandeng korban wis akeh, sing mengatas namakan  Wakil Bupati  Pacitan (Gagarin ),  beliau pesen sopo wae penduduk Pacitan sing nompo telpon saka wong liyo terkait bantuan, ojo digembes ,  kui modus penipuan, jare GaGarin .

Paling Gres , aksi percobaan Penipuan atas nama Gagarin ana Desa Mentoro Pacitan , untung salah sijining Wartawan chek langsung marang Wakil Bupati Pacitan Gagarin...ternyata bener ..!Gagarin ora rumangsa arep bantu masjid...

Merga saking okehe warga Pacitan wong keblelon, Gagarin njaluk warga Masyarakat Pacitan, ngati ati ojo gampang percoyo , Gagarin setiap arep bantu Masjid utawa Mushala pasti ditekani pak Gagarin dewe, ora nganggo utusan opo meneh transfer....( Gustik)




Sabtu, 25 Februari 2023

AMANDA MANOPO DIBAPTIS ISYARAT PADONI PACAR ....?

AMANDA MANOPO DIBAPTIS ISYARAT PADONI PACAR ....?

Amanda Manopo Pamer di Baptis merga padoni Pacar..! Sering main tokoh wanita muslimah..?

Hiburan ppos 26.02.023.
Kabeh netizen  wis pada weruh agamane Amanda Manopo Kristen,  Artis Seksi lan mantan pemain ikatan Cinta iku terkenal Artis sing toleran terkait agama , bahkan Amanda diberitakne Artis sing sering nyumbang Masjid.

Artis pranakan Menado kui ana film  , rata rata sering entuk peran wanita Muslimah sing taat , identik nganggo jilbab lan iso moco doa doa islami, koyo sing diperanke ana Sitentron Ikatan Cinta.

Mbuh piye critane ,  sesuai ana berita info Nasional , ujug ujug Amanda Manopo  metu saka  Sinetron Ikatan Cinta  lan milih Nge Host, bareng karo artis artis Ayu Ting Ting , Rafi Ahmad , Ruben Onsu lan liyo liyane.
Sekalipun , ketok nek rada kaku penampilane.

Ora let suwe , Amanda Manopo pamer bar di Baptis  ritual agama kristen kanggo nyuceni dosa.
Wajah  Amanda Manopo saat pembabtisan  ketok seneng banget lan sumringah.

Jenenge wae Netizen, weruh artis kesayangane dibaptis timbul praduga sing ora ora , enek sing omong merga kawit lahir Amanda urung pernah dibabtis .

Ternyata dugaan sing paling nyedak'i bener, Amanda Manopo duwe Pacar Pendeta Jhonatan Lansing, pak pendeta status duda anak loro.

Merga Jhonatan Pendeta, Amanda tahu diri , pingin nunjukne yen imane ora goyah saka kekristenane,masiha sering meranke seorang muslimah.

Isu Jhonatan ora seneng Amanda Manopo sering meranke Tokoh Muslimah ,, sah sah wae,, merga amanda arep dadi bojo seorang pendeta.
Kabeh sing ngerti, muk Amanda Manopo.

Tapi sing jelas' saat ibune amanda manopo seda kenek covid rong tahun kepungkur, salah sijining wasiat ibune Amanda Manopo yen golek bojo kudu seiman  alias podo kristene.

Mulo Sing paling penting, Netizen kudu bijak , ojo baperan nemen nemen , akting seorang Artis iku Palsu / muk nuruti kehendak sutradara ..Ojo ndakik ndakik banget ale mikir  ...,nek ra pingin lara ati..( by transfer .. Gustik)











BUPATI MELU SENENG ..! KKN UAD PADA PINTER NABUH GAMELAN..

BUPATI MELU SENENG ..! KKN UAD PADA PINTER NABUH GAMELAN..


Pacitan Ppos.26.02.023.
Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji lan bojone  Ny.Evi , melok seneng ,  krungu mahasiswa Universitas Ahmad Dahlan ( UAD) Jogjakarta KKN ana Pacitan sing salah sijining kegiatan gelem  melu uri uri budaya lokal , antarane seni karawitan.

Ora mung nguri uri gamelan , ternyata KKN UAD sing ditempatne ana Dusun Karang Asri Desa Banjarsari  Pacitan, akeh sing pinter nabuh gamelan masiha ora mahir banget.

KKN Mahasiswa UAD Jogjakarta gekem Blajar Nabuh Gamelan entuk Apresiasi Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji.

Miturut Fatkul Arifin Kasun Karang Asri : Kejawi lare lare KKN remen nabuh gamelan ,kegiatan Mahasiswa KKN UAD saget kangge inspirasi  pemuda lingkungan dusun Karang Asri Desa Banjarsari , ingkang sak menika  pun awis awis  purun latihan, jare Fatkul nganggo bahasa kromo inggil.

Warga Desa Banjarsari umume,, seneng, Mahasiswa  KKN UAD  ngenekne kabeh kegiatan ana Desane, kejaba dadi tulada generasi muda lingkungan desa Banjarsari, uga bocah bocah KKN menehi ilmu ibu ibu PKK soal babagan agama lan seni budaya.

 Mahasiswa UAD Jogjakarta tekun blajar karawitan ana dusun Karang Asri Desa Banjarsari Kabupaten Pacitan 
Miturut Sholly Bimantara , hal sing paling berkesan KKN ana Desa Banjarsari Pacitan, kejaba warga lingkungan ramah ramah , pertanian ana Desa Banjarsari lumayan subur , kabeh wit witan iso urip.

Pernyataan Sholly dibenerke Ardan Kensanovanto Ketua Group KKN dusun Karang Asri , Mahasiswa KKN UAD sing jumlahe 9 ana dusun Karang Asri rumangsa seneng banget ,  minimal mulih saka KKN Pacitan , iso nabuh gamelan ,sing ana desa asal Mahasiswa urung karuan enek, sebab asal mahasiswa akeh sing saka luar jawa, jare Ardan menyang Media pacitan Post.

Bupati Pacitan dan istri adalah Alumni Perguruan Tinggi Seni, maka tidak heran jika terkait Seni Budaya beliau sangat antusias dan peduli.

Perlu dimangerteni , jumlah Mahasiswa UAD sing KKN ana Pacitan  tahun 2023 kira kira enek 188 sumebar ana  6 desa sak Kabupaten Pacitan .
Informasine awal maret tahun 2023 KKN wis bar.
Khusus ana Desa Banjarsari KKN UAD dipimpin Dosen Lapangan Dr.Ema Nurmaya.SE.M.M

Sebagai Kepala Daerah Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , enek'e muk.matur nuwun iso melu bantu kegiatan ana lingkungan daerah KKN ana Pacitan , salam kanggo adik adik Mahasiswa ..dan selamat berjuang , jare Bambang Mahendrawan Kadis Kominfo makili Bupati Pacitan..( gustik)





Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done