PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 28 Januari 2024

PADA TAKON GEREJA Mirip KAPAL PINGGIR SEGARA...VIDIO ORA PAS..

PADA TAKON GEREJA Mirip KAPAL PINGGIR SEGARA...VIDIO ORA PAS..


Pacitan Ppos.28.01.024.
Ana Medsos , ujug ujug  ana Pacitan njedul vidio Gereja mirip kapal , 
Sayang Vidio sing maksud'e  iklan Blajar agama Katholik , malah dadi blunder.

Pasale warga masyarakat Pacitan,utamane sing urip ning njaban kutho , bola bali telpon sanak sedulure sing ana Pacitan , opo bener Gereja kui ning pinggir laut..?

Kabar enek grejo mirip kapal ana pinggir pantai ,dipastikan hoax , sing bener gereja katolik Franciscus Xaverius sing  lawas dibongkar lan dibangun maneh mirip kapal Laut.
Soal tempat , tetep ning Desa Pucang Sewu ( Jl P.Tendean nomer 9 )  Kecamatan / Kabupaten Pacitan.

Ternyata bareng ditamatne tenan  isi Vidio , kesalahan utama  ana Narasi Vidio  , sing seolah olah Gereja mirip kapal kui ,  panggonane ana sekitar pantai.

Gereja Franciskus Xaverius mirip Kapal sing disoal Warga, terkait alanat.

Mungkin sing gawe vidio ora menyadari yen kui dadi blunder , utawa pancen disengaja , ben heboh lan dadi perhatian masyarakat.

Perlu dimangerteni , ana kota Pacitan enek dua ( 2)  Gereja utama , kabeh panggone ana Desa Pucang Sewu , siji Gereja Katholik Fransiscus Xaverius lan siji Gereja Protestan sing panggone kulon prapatan ( Gerdon ) Desa Pucang Sewu Pacitan.

Kehidupan lan kerukunan antar umat ber agama ana Pacitan terkenal adem ayem , ora enek konflik apapun , jare Thomas toleransi umat beragama ana Pacitan luar biasa apik , tak akui jempol jare Thomas warga desa lingkungn Gantung Pacitan iki.

Sementara Netizen , menghimbau karo pembuat  Vidio ngrubah narasi sing ana vidio , utamane alamat Greja zing sempat dadi  bingunge warga masyarakat..((.tim) 




Rabu, 24 Januari 2024

KELUARGA MBAH DIRO ALL OUT BELA PDIP LAN  GANJAR-MAHFUD

KELUARGA MBAH DIRO ALL OUT BELA PDIP LAN GANJAR-MAHFUD


Pacitan Post.24.01.024.
Sebagian warga Pacitan sempat ngira yen keluarga Ratna Group ( H.Sudiro ) Pemilu tahun 2024  ora pati tenanan.

Ananging miturut Ir Margono ( putro mantu H.Diro  ) kiprah Keluarga Ratna Group   ana Pemilu tahun 2024 All Out ana barisan PDI Perjuangan.

Bukti Keluarga H.Diro serius , persasat kabeh Putra ,Mantu lan putu nyalonke anggota Dewan.

Putro Ragil pak Diro sing jenenge'Edi Kuncoro SE.ST.MM nyalonke anggota DPRD Pacitan budal saka Dapil I ( Pacitan- Pringkuku)

Sementara Adhimas Haryo Seto SE sing tiba bojone  putu , uga nyalonke Anggota Dewan Propinsi  Jawa Timur dapil IX ( Pacitan.Trenggalek,Ngawi.Ponorogo lan Magetan).

Ora mung kui , Bojone Adimas ( anak wedok Bos Grindulu Margono) uga dicalonke Anggota Dewan Pacitan dapil II ( Punung- Donorojo)

Margana penerus Keluarga H.Diro , sing bengi iki ngenekne silaturahim marang awak Media Pacitan , yakin lan optimis putro wayah keluarga H.Diro bakal dipilih marang warga Pacitan , merga labuh lan labete Keluarga H.Diro okeh sing wis dirasakne marang Warga Pacitan, aku yakin pengaruh bapak isih gede,jare Margana mantab.

Ditakoni media terkait dukungan Capres, Bos Media Grindulu FM iku Mantab dukung Capres Nomor 3.

Sebagai bentuk dukungan Capres Nomor 3 ( Ganjar-Mahfud) Rumah Keluarga H.Diro ana Jl Jendral Sudirman Pacitan dienggo pusat pemenangan Paslon nomer 3.

Kanggo Pacitan , pusat pemenangan Ganjar Mahfud paling representatif lan Mewah lan gede , kabeh mubeng didesaint gambar Capres no 3....( Gustik)

Bos Media Grindulu FM Ir.Margono ngeterke putra putrine silaturahim marang awak media Pacitan.






Selasa, 23 Januari 2024

EYANG KOTJO , NATE' DADI GURU  PONDOK TREMAS  PELAJARAN ILMU BERHITUNG LAN SEJARAH.

EYANG KOTJO , NATE' DADI GURU PONDOK TREMAS PELAJARAN ILMU BERHITUNG LAN SEJARAH.




Presiden RI ke 6 SBY Menehi Kuliah Umum ana Pondok Tremas Arjosari Pacitan.

Termas, 24.01.024.
Pondok Tremas Arjosari Pacitan umure 2 abad alias 200 tahun, merga wis rong atus tahun , Pondok Tremas klebu salah sijining  Pondok sing paling tuwek sak Indonesia.

Miturut Pimpinan Pondok Tremas KH.Fuad Habib Dimyati , saking tuwek'e Pondok Tremas , para pendidik akeh sing wis seda, klebu eyang Kotjo sing nalika ngajar didapuk ngajar  ilmu Berhitung lan sejarah.

Kepastian Eyang Kotjo pernah  ngajar ana Pondok Termas disampekne Gus Fuad secara langsung ning ngarepe SBY ana acara  Kuliah Umum SBY  ana  Pondok tremas dina iki (Rabu 24/01).

Presiden ke 6  Suslo Bambang Yudhoyono didampingi Edi Baskara Yodhoyono, Sartono , Bupati / Wabub Pacitan , teka ana Pondok Tremas disambut Gus Fuad , Gus Mamuk, Gus Lukman lan KH.Akib.

SBY Disambut hangat santri cilik Pondok Tremas ,dalam rangka Kuliah umum.

Materi Kuliah Umum sing disampekne pak SBY , yo kui terkait  golek pemimpin ana Pemilu tahun 2024 , muga muga ana Pemilu tahun 2024 lahir Pemimpin sing amanah .

Terkait dugaan Pak SBY teka ning Tremas berbau politik ( Kampanye Demokrat)  ternyata ora terbukti , SBY fokus bahas materi Golek Pemimpin masa depan bangsa sing amanah, babar blas ora nyinggung capres tertentu.

Bahkan SBY sing lahir saka Bumi Tremas, berharap suatu saat , enek alumni Santri saka Pondok Tremas sing dadi Pemimpin Bangsa . Mula saka kui , Pondok Tremas kudu dadi Pondok sing meng Internasionall.

SBY Menehi Kuliah Umum ana Pondok Tremas dina iki bab golek Pemimpin sing amanah.

Saking SBY kepingin Pondok Tremas berkwalitas secara Internasional , bar acara kuliah umum, Putra Tunggal Eyang Kotjo iku  Jagong / diskusi sui  karo Kiai Kiai sing kawogan ana Pondok Termas.

Diskusi terkait Peningkatan mutu Pondok Tremas ,  dilaksanaake , ana sela sela ngresmekne Aula Hamid  Dhimyati sing panggone  samping kulon dalem kesepuhan KH.Habib Dimyati , utawa ngarepe persis daleme Gus Lukman.

Nganti berita iki ditulis , urung enek kabar saka Pondok  bab apa wae Program Pak SBY ,tentang peningkatan mutu Pendidikan menuju go Internasional...( Tim)







WIWID  BAGONG DIPREDIKSI NGUKUP DAPIL SIJI , CALEG DADAL DOWAL KETIR KETIR.

WIWID BAGONG DIPREDIKSI NGUKUP DAPIL SIJI , CALEG DADAL DOWAL KETIR KETIR.


Pacitan Ppos .23.01.024.
Coblosan kurang luwih  kari  20 dina , sapa wae sing nyalonke dewan , sirahe isa diarani cenut cenut , utamane caleg incumben .

Caleg incumben sing pemilu 2019 entuk'e mepet alias sisa suara , dijamin deg deg ser , klebu caleg  incumben sing saiki wis dadal dowal plurune entek.

Kanggo caleg anyar , media Pacitan Post mubeng  ,, tekok tekok ,,  caleg  sing  bakal dipilih ana Pileg 2024.

Hasile ngidap idapi , Rakhman Wijayanto alias  Wiwit Bagong saka  Partai Demokrat,  sing budal saka  Dapil I (  Pacitan-Pringkuku) diprediksi entuk biting paling okeh.
Diperkirakne , Wiwid Bagong minimal bakal entuk suara 7000 .

BEBEK SINJAY  KHAS PACITAN ENAK'E ORA MEKAKAT.

Basis dukungan Wiwit , Desa Arjowinangun sebagai tuan rumah , desa Menadi , Desa Sirnoboyo ,  Desa Mentoro , Desa Tanjungsari lan sakpiturute.

Miturut  salah sijine warga  Pacitan (Sumar ),  Mantan Kades Arjowinangun iku , kejaba diuntungke faktor Partai , plurune kanggo sosialisasi klebu paling top,didelok saka jumlah Baleho pancen Wiwit juarane.
Saben sak jangkah , seolah terpasang Fofone  Wiwid .

Didelok saka Situasi lapangan  obahe Caleg ,khusus dapil I Anung Dwi Ristanto mbuntuti jawara ke dua , disusul antara Gimat lan Joko Susilo.
Partai Demokrat Khusus Dapil I diprediksi entuk 3 Kursi,  paling mujur  sisa suara entuk 4 kursi , tapi ora nganti 5 kursi.

Partai Golkar diprediksi , panggah entuk sak kursi , PDIP sak kursi , PKS sak kursi , sisa kursi rame direbut Gerindra , Hanura.PKB , Nasdem.

Terkait dominasi Rakhman Wijayanto alias Wiwid Bagong ,  sumber suara identik  suarane Bupati Aji sing wis ora macung Dewan ,  lumbung suara desa  Arjowinangun lan  desa menadi.

Terkait suara posisi Arifin sing urung aman, merga basis suara Arifin ana Sirnoboyo kegerus Wiwit Bagong , mula kudu bersaing karo Rudi O , Melida , Bambang Margono .

Sementara perebutan kursi Partai Golkar , cenderung rame , pantauan media Wahyu kimpul bersaing ketat , karo wuri , Wimawan Suharno lan Yulianto , diprediksi sak elel eleke Wahyu kimpul diprediksi suarane ijik lumayan masiha ora koyo Pemilu tahun 2019.

PDI Perjuangan  sak elek elek'e Eko Setyo Ranu , diprediksi isih unggul ketimbang Kuncoro ( Ikun mbah Diro) lan liyo liyane.

Tokoh senior PDIPerjuangan jhon Vera Tampubolon sing melu nyaleg ana dapil I , suarane ijik mesterius , iso iso yen keburuntungan nemplok ning Jhon Vera, ora tertutup kemungkinan malah suarane unggul  ketimbang suarane  ikun lan Eko Setyo Ranu ...( Tim)














Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done